Senin, 02 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (1)


B E B U K A



Seratan ingkang wonten ngarsanipun para nupiksa punika sakawit mujudaken andharan kula ingkang nate kapacak sambung-sinambung wonten ing majalah Panjebar Semangat wiwit nomer 52 tanggal 23 Desember 2000 ngantos dumugi nomer 23 tanggal 7 Juli 2003. (Pamacakipun boten ajeg saben minggu, nanging selang-seling). Ing ngriki, seratan ingkang nate kapacak ing majalah 10 taun kapengker, malah kepara langkung, sengaja kula inggahaken ing blog kula, kanthi pangancas: (1) amrih punapa ingkang nate kula serat boten ical muspra, (2) mbokbilih seratan punika migunani tumrap para guru basa lan sastra Jawi utawi tumrap mahasiswa sastra Jawi.
Wondene ancasing sedya anggen kula damel seratan ingkang kula sukani tenger Icip-icip Kasusastran Jawa punika, awit adrenging manah kepengin tumut nguri-uri warisaning leluhur, mliginipun ing babagan kasusastran.
Jumbuh kaliyan sesirahipun, punapa ingkang kula andharaken ing seratan punika namung bab-bab ingkang kula anggep wos kemawon. Jer ing ngriki kula namung kepengin ngajab ”icip-icip” edi-endahing kasusastran Jawi. Supados anggenipun ”icip-icip” saged ngraosaken saestu, pramila ing sasaged-saged saben babipun kula sukani tuladha ingkang kula pethikaken saking pustaka-pustaka anggitanipun para pujangga utawi para winasis. Ing sarehning ing seratan punika ugi wonten tuladha arupi sekar anggitan kula piyambak, pramila kangge mbentenaken lajeng kula sukani tenger ”(Mul)” ing sawingkinging rumpakan kula kala wau.
Prelu kawuningan, anggen kula ngandharaken bab-bab ingkang pinanggih ing seratan punika kula damel ngangge basa ngoko. Ing ngriki boten ateges kula ngremehaken dhumateng para nupiksa, babar pisan boten. Nanging ing pangangkah namung supados sakeca panampinipun.
”Tak ada gading yang tak retak”, makaten ungeling paribasan Indonesia (kawaosa: Indhonesia). Tegesipun, boten wonten barang ingkang tanpa ceda. Makaten ugi seratan punika. Kula ngrumaosi bilih seratan punika taksih kathah kekiranganipun. Inggih awit saking punika kula sanget ngajeng-ajeng panyeda ingkang asipat mbangun saking para nupiksa, murih sampurnaning seratan punika. Tumrap para nupiksa ingkang badhe paring panyaruwe amrih sampurnaning seratan punika, kula nyumanggakaken panyaruwenipun dipunkintunaken lumantar e-mail kula: mul.pakne.nindi@gmail.com.  


Mulyono Atmosiswartoputra



-------------------------@-------------------------



BAB 1
KASUSASTRAN



Tembung kasusastran asale saka tembung susastra, entuk ater-ater ka- lan panambang -an. Wondene tembung susastra iku asale saka tembung lingga sastra kang entuk wuwuhan wanda su, tegese: linuwih. Miturut Kamus Kawi-Indonesia anggitane S. Wojowasito, tembung sastra (çastra) ditegesi: buku pelajaran; ilmu pengetahuan; naskah; buku-buku suci. Dene susastra lumrah ditegesi piwulang kang linuwih, kawruh kang pinunjul apadene basa kang endah. Dadi, kasusastran yaiku piranti kanggo medharake piwulang kang linuwih, piranti kanggo medharake kawruh kang pinunjul, wohing kajiwan kang kawedharake sarana basa kang endah lan sapanunggalane.
Dinulu saka sarana kang kanggo medharake bab kasebut, dhapuring kasusastran bisa kabedakake dadi rong warna, yaiku:
a.   kasusastran lisan
Kang diarani kasusastran lisan yaiku wohing sastra kang kawedharake sarana basa lisan, kaya ta: dongeng, japa-mantra, donga, lan sapanunggalane;
b.  kasusastran tulis
Kang diarani kasusastran tulis yaiku wohing sastra kang kawedharake sarana tulisan, kaya ta: babad, buku-buku pakem padhalangan, buku-buku dongeng lan sapanunggalane.
Saka pirang-pirang wohing sastra, ana wohing sastra kang kawentar ing bebrayan agung, nanging uga ora sathithik kang ora kondhang. Ana uga wohing sastra kang ora kasumurupan sapa kang yasa, nanging uga akeh sing disumurupi kang yasa, sanadyan wohing sastra mau dianggit pirang-pirang abad kapungkur. Wohing sastra kang ora kasumurupan sapa kang yasa diarani kasusastran para, kaya ta: uran-uran, dongeng lan sapanunggalane; dene wohing sastra kang disumurupi sing yasa diarani kasusastran miji, kaya ta: Serat Wulang Reh anggitan dalem Susuhunan Paku Buwana IV, Serat Wirawiyata anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV, lan sapanunggalane.
Mungguh kang diarani kasusastran Jawa iku kang kepriye? Kang diarani kasusastran Jawa yaiku wohing sastra kang kawedharake sarana basa Jawa. Terus kepriye yen ana sawenehing anggitan kang nganggo basa Jawa, nanging anggitan mau karangane wong manca negara? Sanadyan anggitan mau karangane wong manca, waton nganggo basa Jawa, iya kalebu ewoning kasusastran Jawa.



-------------------------@-------------------------



BAB 2
KAKAWIN, KIDUNG, LAN TEMBANG



Sadurunge ngrembug bab kakawin, kidung, lan tembang, prelu disumurupi manawa basa Jawa iku basa kang urip. Tegese, basa Jawa iku obah-owah manut lakuning jaman. Bisane nyumurupi yen basa Jawa iku ngalami obah-owah, amarga layang-layang kuna tinggalane leluhur kita kang isih bisa kawaca nganti saiki basane nuduhake yen basa Jawa jaman kuna akeh bedane karo basa Jawa jaman saiki. Wondene bab beda-bedane basa Jawa wiwit jaman kuna nganti jaman saiki dening para sarjana sujana dibedakake dadi telu, yaiku:




a.   Basa Jawa Kuna;
b.  Basa Jawa Tengahan; lan
c.   Basa Jawa Anyar.
Manut ancer-ancer saka W.J.S. Poerwadarminta, sawijining parameng basa, kanggone basa Jawa telung warna mau mangkene:
a.  Basa Jawa Kuna, yaiku basa Jawa kang kanggo ing jaman kuna tumeka ing sakiwa tengene taun 1400-an;
b. Basa Jawa Tengahan, kurang luwih kanggo ana ing antarane taun 1400 tekan 1700-an; dene
c.   Basa Jawa Anyar, yaiku basa Jawa kang kalumrah kanggo ing jaman saiki.
Sapisan maneh, apa kang diandharake ing dhuwur iku mung ancer-ancer. Kang mangkono marga obah-owahing basa ora dadakan, nanging mbaka sathithik. Dadi, cetha yen bab obah-owahing basa mau ora bisa diwatesi ing titimangsa kang gumathok, kajaba mung ancer-ancer bae.


A. KAKAWIN

Tembung kakawin asale saka tembung lingga kawi. Kawi tegese juru nganggit tembang. Tembang kang dikarepake ing kene yaiku tembang jaman biyen, tembang kang migunakake basa Jawa Kuna. Iya tembang anggitane para kawi (juru nganggit tembang) kang migunakake basa Jawa Kuna mau kang diarani kakawin[1]).
Ing bab iki S. Wojowasito ing bukune kang asesirah Sedjarah Kebudajaan Indonesia jilid 2 ngandikakake yen kakawin iku tetironing kavya. Kavya yaiku kasusastran tembang ing India (kawaosa: Indhia). Wondene mumbul-mumbule kasusastran kang awujud kakawin yaiku nalika jaman Kediri (kawaosa: Kedhiri).
Apa ta titikaning kakawin? Lumrahe, kakawin duwe titikan mangkene:
a.  saben pada lumrahe dumadi saka patang gatra, sanadyan ana kang dumadi saka telung gatra (diarani rahi-tiga utawa utgata-wisama);
b.  saben gatra cacahing wandane padha, diarani wŗtta;  lan
c.   awewaton guru lan laghu.
Kang diarani guru yaiku wanda kang aswara dawa, abot, gedhe, seru, endah, ngelak-ngeluk. Dawaning swarane yen dietung nganggo kethukan udakara telung kethukan utawa luwih. Dene kang diarani laghu yaiku wanda kang aswara cendhak, entheng utawa kendho. Dawaning swara yen dietung nganggo kethukan udakara mung sakethukan.
Tumraping kakawin, sanadyan cacahing wandane padha nanging yen panggonaning guru lan laghu-ne beda, araning kakawine uga beda. Paugeran papan-panggonaning guru lan laghu ing saben gatra mau diarani matra.
Ana ing aksara Latin, guru diwenehi tenger “corek dawa” (), dene laghu diwenehi tenger “bunderan ditugel” (u).
Kang kalebu guru yaiku:
a.   sakabehing wanda kang wis cetha dawa, yaiku aksara kang mawa tenger:
b.  wanda kang aswara e (taling) utawa ö (ing aksara Jawa wujude:
utawa pepet tarung);
c.   wanda kang mawa wignyan, layar, cecak, pangkon (utawa sesigeg);
d.  wanda ing sangarepe wanda kang mawa cakra (tuladhane: cakra --> ca = guru);
e.  wanda ing sangarepe wanda kang mawa pengkal (tuladhane: dadya --> da = guru);
f.  wanda ing sangarepe wanda kang mawa panjingan “wa” utawa “wa” gembung (tuladhane: rakwa --> ra = guru).
Wondene kang kalebu laghu yaiku sakabehing wanda menga kang ora dawa.
Tumrap wanda pungkasaning gatra, wanda mau bisa guru bisa laghu.
Minangka tuladha, ing ngisor iki dipethikake sawijining kakawin saka kitab Bhāratayuddha.

Çardūlawikrīdita
(Wŗtta-ne ana 19; matra guru lan laghu-ne:
— — — υ υ — υ — υ υ υ — — — υ — — υ υ)           

Lěng-lěng rāmya nikang çaçāngka kuměñar mangrěngga rūm ning purï,
Mangkin tan pasiring halěp ikang umah mās lwir murub ring langit,
Těkwan sarwwa manik tawingnya sinawung sāksāt sěkar ningsuji,
Unggwan Bhānumatï yanāmrěm alangö mwang nātha Duryyodhana.

Kakawin Çardūlawikrīdita pethikan saka kitab Bhāratayuddha kasebut kang lumrah dienggo sulukan dening para dhalang, dening S. Padmosoekotjo ing bukune kang asesirah Suluk Pedhalangan ditegesi mangkene:

Endah anglam-lami (warnanipun) rembulan ingkang sumunar ngrengga memanising puri (=kadhaton), (njalari) saya tanpa timbang (=boten wonten ingkang nyameni) endahipun suyasa kancana (=griya emas) punika, (sorotipun sumunar) pepindhanipun kados murub ing langit, punapa malih tebengipun linapis sesotya maneka warni ingkang pepindhanipun kados sekar rinonce, (ing ngriku) papan padununganipun (Dewi) Bhanumati manawi sare alelangen kaliyan Prabu Duryyodhana.

Jeneng-jenenging kakawin liyane, upamane:
a.   Bhramarawilambita;                  
b.  Bhramarawilaçita;          
c.   Rāgakusuma;                            
d.  Āryā (Udgīti);                         
e.  Wasantatilaka;                     
f.   Çikariņī (Çikhariņī);                  
g.  Praharsinī;                             
h.  Kusumitajanma;                        
i.    Kumaralalita;                          
j.   Kamamala;
k.  Watapatya;
l.    Wibula;
m. Wangçastha;  
n.   Açwalalita;
o.   Halamuka; 
p.  Totaka;
q.   Mŗdhukomala; 
r.   Sragdhara.

Kajaba kakawin padha karo araning tembang, yaiku tembange wong Jawa jaman biyen, buku-buku kang sinawung ing kakawin uga ana kang ngarani buku kakawin, kaya ta: Kakawin Bhāratayuddha, Kakawin Rāmāyana, Kakawin Smaradahana, Kakawin Arjunawiwāha, lan sapanunggalane.


B.  KIDUNG

Kira-kira jaman Majapahit, jamane wong Jawa padha migunakake basa Jawa Tengahan, dhapukaning tembang, ya tembange wong Jawa jaman samono, diarani kidung. Buku-buku kang dirumpaka nganggo kidung uga diarani buku kidung. Tuladhane: Kidung Sundayana, Kidung Subrata, Kidung Ranggalawe, Kidung Sorandaka, lan sapanunggalane.
Miturut S. Wojowasito, kidung sajatine wis ana wiwit sadurunge jaman Majapahit. Bab iki bisa disumurupi saka kitab Pararaton kang nyenggol-nyenggol jenenging kidung, yaiku Kidung Wukir Pamolan kang kaanggit dening Jayakatwang nalika taun 1293. Kajaba kuwi, S. Wojowasito duwe panganggep yen kidung iku kasusastran asli Indonesia (kawaosa: Indhonesia), mligine Jawa. Eman dene kidung lagi wiwit kondhang sawise kakawin ora patia dingreteni dening wong-wong. Kang mangkono marga nalika samono para pujangga kraton luwih ngajeni kasusastran kang kena daya pangaribawane kasusastran India (kawaosa: Indhia), yaiku kakawin, tinimbang kidung.
Titikan kidung beda karo titikan kakawin. Kidung duwe titikan mangkene:
a.   cacahing gatra tartamtu;
b.  cacahing wanda saben sagatra tartamtu; lan
c.   dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra tartamtu.
Telu-telune manut-miturut jenenging kidung.
Ngenani bab kasebut, S. Wojowasito nyebutake yen kidung wujude ana warna loro, yaiku kidung kang awujud macapat lan kidung kang awujud tengahan. Dhedhasare sajatine padha bae. Bedane yaiku kang awujud tengahan luwih dawa tikel pindho tinimbang kang awujud macapat. Mangkono pratelane S. Wojowasito.
Kidung Durma pethikan saka buku Kidung Sundayana ing ngisor iki kena dienggo tuladha.

Durma

Sesek wus den leboni aneng jro pura
kapanggih ken pinatih
strining Hasti Mada
ana ring mathe tengah
tan sah krisira minusti
ikang angepang
pada kagyat awali.
(Kamot ing buku Unsur Religius dalam Sastra Jawa, anggitane Dojosantoso, B.A.)

Pethikan kang mung sapada ing dhuwur, tegese kurang luwih:

Ing jroning kraton wis dileboni, sesak.
Kapanggih (kalawan)
garwane Mahapatih Gajah Mada
ana ing senthong tengah,
(astane) ora ucul (anggone) ngasta keris.
(Wong-wong) kang ngepung
padha kaget, banjur mulih.

Ing kene, kidung Durma duwe titikan mangkene:
a.   cacahing gatra ana 7;
b.  cacahing wanda lan dhong-dhinging swara ing:
    => gatra kapisan          =  12-a;
    => gatra kapindho        =   7-i;
    => gatra kaping telu     =   6-a;
    => gatra kaping pat      =   7-a;
    => gatra kaping lima     =   8-i;
    => gatra kaping nem     =   5-a;
    => gatra kaping pitu     =   7-i.
Wondene jeneng-jenenging kidung liyane, antara liya:
a.    Darmaparita;
b.   Pamijil;
c.    Panjiprakasa;
d.   Sinom;
e.   Wukir.


C.  TEMBANG

Bareng wong Jawa wis ora patia pana karo basa Jawa Tengahan, tembange suwe-suwe uga nganggo basa Jawa Anyar. Tegese, basa Jawa kang wis beda karo basa Jawa Tengahan lan basa Jawa Kuna. Nanging sanadyan basane wis basa Jawa Anyar, ewa samono dhapukaning tembange ana kang memper kakawin lan ana kang memper kidung.
Kang memper kakawin diarani tembang gedhe. Paugerane tembang gedhe yaiku:
a.   cacahing gatra ana 4 saben sapadane; lan
b.  cacahing wanda padha saben sagatrane.
Kang beda yaiku: yen kakawin mawa paugeran dawa cendhaking swara utawa guru lan laghu, nanging yen tembang gedhe wis ninggal guru lan laghu.
Ing tembang gedhe, saben sagatra diarani sapadapala, saben rong padapala diarani sapada-dirga, dene saben patang padapala utawa rong padadirga diarani sapadeswara. Cacahing wanda saben sapadapala diarani lampah utawa laku.
Adhedhasar cacahing wanda ing saben sapadapala kang diarani lampah utawa laku mau, tembang gedhe kaperang dadi patang golongan, yaiku:
a.   salisir, yaiku tembang gedhe kang lampah 1-10 wanda;
b.  siliran, yaiku tembang gedhe kang lampah 11-20 wanda;
c.   rakitan, yaiku tembang gedhe kang lampah 21-30 wanda;
d.  dhendha utawa simparan, yaiku tembang gedhe kang lampah 30 wanda sapandhuwur.
Tembang gedhe iku lumrahe kanggo mbawani gendhing.
Tuladhane:

Retnamulya
Lampah 12 pedhotan 4-4-4

Sukeng driya kadya manggih retna mulya
kang sumewa kawangwang manadukara
dera samya miyat kangjeng nareswara
ngela-ela dhawah ladrang Sriwidada.
(Mbombong Manah jilid 4, anggitane R. Tedjohadisumarto)

Jeneng-jenenging tembang gedhe liyane, kaya ta:
a.   Rerantang;                   
b.  Sundari;                     
c.   Lebdajiwa;                 
d.  Citramengeng;            
e.  Maduretna;    
f.   Kumudasmara;
g.  Pamularsih;
h.  Mintajiwa;
i.    Kusumastuti.
Wondene dhapukaning tembang kang memper kidung ana loro, yaiku:
   
1. Tembang Tengahan

Paugeraning tembang tengahan padha karo paugeraning kidung, yaiku:
a.   cacahing gatrane tartamtu;
b.  cacahing wanda saben sagatrane tartamtu; lan
c.   dhong-dhinging swara uga tartamtu saben sagatrane.
Tuladhane:

Pranasmara

Neng Karangkedhempel leledhang
Kyai Lurah Semar sapranakane
miyat kebon-kebon tegal lan aleren
sami angundhuh tarupala
suka sindhen sesendhonan
sarwyanjoged genti-genti.
(Sendhon Langen Swara, anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)

Jeneng-jenenging tembang tengahan liyane, upamane:
a.   Jurudemung; 
b.  Balabak;                 
c.   Palugon;                  
d.   Wirangrong;
e.   Pangajapsih;
f.   Sarimulat.

2. Tembang Macapat
        
Ora disumurupi apa sababe tembang kang dhapukane padha, yaiku mawa paugeran:
a.   cacahing gatrane tartamtu;
b.  cacahing wanda saben sagatrane tartamtu;
c.   dhong-dhinging swara uga tartamtu saben sagatrane;
d.   padha-padha nganggo basa Jawa Anyar;
ana kang diarani tembang tengahan lan ana kang diarani tembang macapat. Kajaba kuwi, uga ana tembang kang maune dianggep kidung, saiki dadi kalebu tembang macapat, kaya ta: Durma, Pamijil (saiki Mijil), lan Sinom.
Ngenani pira cacahing tembang macapat, ana saweneh ahli kang duwe panganggep yen kang kalumrah kalebu golonganing tembang macapat iku ana 9, yaiku:
a.   Maskumambang;
b.  Pucung;
c.   Mijil;
d.   Kinanthi;
e.   Asmaradana;
f.   Pangkur;
g.   Durma;
h.   Sinom; lan
i.    Dhandhanggula.
Nanging uga ana saweneh ahli kang duwe panganggep yen tembang macapat ana 11, yaiku kaya kang kasebut ing dhuwur diwuwuhi:
j.   Megatruh/Dudukwuluh;  lan
k.  Gambuh.


-------------------------@-------------------------





Ana candhake:




[1])    Sanadyan tembang kang kaya mangkono mau dianggit ing abad XX, waton nganggo basa
          Jawa Kuna lan titikane padha karo tembang kang dirembug iki, iya tetep diarani kakawin.
          Tuladhane: Kakawin Gajah Mada. Kakawin iki dening Partini Sardjono Pradotokusumo
          dingandikakake rampung dianggit (dudu disalin utawa diputrani) ing sasi Pebruari 1961.


Tidak ada komentar :