Kamis, 19 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (11)


BAB 24

                        C  A  N  D  R  A




Candra tegese rembulan, marna, warni (priksanana Kamus Kawi‑Jawa anggitane C.F. Winter Sr.). Tembung nyandra tegese amarna utawa nggambar kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan.
Ing Bab XX disebutake manawa pepindhan iku ukara kang ngemu surasa mirib utawa memper. Kang ditengenake ing pepindhan yaiku dhapukaning ukara kang kudu ngemu surasa memper. Nanging tumrap candra dudu dhapukaning ukara kang ngemu surasa mirib utawa memper kang ditengenake. Dudu kuwi. Pepindhan mau mung kanggo sarana olehe amarna utawa nggambar kaendahan utawa kaananing apa ta apa. Dene kang luwih ditengenake yaiku gegambaraning kaendahan utawa kaanan.
         Kang lumrah dicandra yaiku:
a.   Perangan badaning manungsa utawa prakara kang gega-yutan  karo manungsa;
b.  Kaananing alam;
c.   Candra tumrap liya‑liyane.
Murih cethane, ing ngisor iki diwenehi tuladha bab‑bab kang lumrah dicandra.
      

A.  PERANGAN BADANING MANUNGSA UTAWA PRAKARA KANG GEGAYUTAN KARO MANUNGSA

1. Candra perangan badaning manungsa.
a.   Rema memak ngandhan‑andhan semu wilis.
b.  Asta nggendhewa denta.
c.   Pamulu pindha prada binabar.
d.  Grana rungih pindha kencana pinatar.
e.  Eseme pindha madu pinusthika.
f.   Idepe tumengeng tawang.

Sadurunge ngrembug bab candra luwih dawa, prelu disumurupi yen kang diaturake ing dhuwur iku tuladha candra kang nganggo basa rinengga. Nanging prelu disumurupi uga yen candra iku ora kudu nganggo basa kang dakik‑dakik. Sandayan basa lumrah uga kena dienggo nyandra. Upamane:
a.   Alise nanggal sapisan.
b.  Athi‑athine ngudhup turi.
c.   Bangkekane nawon kemit.
d.  Bathuke nyela cendhani.
e.  Drijine mucuk eri.
f.   Irunge ngudhup turi.
g.  Jogede merak kesimpir.
h.  Kempole ngembang bakung.
i.    Kempole ngembang pudhak.
j.   Lakune kaya macan luwe.
k.  Lambene manggis karengat.
l.    Lambene nggula satemplik.
m. Lembeyane mblarak sempal.
n.   Lengene nggendhewa pinenthang.
o.   Mripate ndamar kanginan.
p.  Pundhake nraju emas.
q.   Pipine nduren sajuring.
r.   Payudarane nyengkir gadhing.
s.   Polatane ruruh jatmika arang ngandika.
t.   Rambute ngembang bakung.
u.   Rambute ngandhan‑andhan.
v.   Swarane ngombak banyu.
w.  Swarane nurut usuk.
x.  Sinome micis wutah.
y.   Untune miji timun.
z.  Uwange nyangkal putung

2. Candrane wong minum


a.   Eka padmasari.
Candrane wong minum sasloki kang agawe sumringahing rai, pepindhane kaya sumringahing kembang trate.
(Padma = kembang trate kang awarna abang. Kembang trate kang awarna putih arane kumuda, dene kang awarna biru arane tunjung).
b.  Dwi amartani.
Candrane wong minum rong sloki kang marakake ora gampang mati.
(Amartani, saka a lan martani. A tegese ora; martani tegese mati. Eling tembung: Amrta).
c.   Tri kawula busana.
Candrane wong minum telung sloki kang wiwit darbe solah kang nganeh‑anehi, pepindhane kaya abdi kang manganggo sacara bendarane.
(Ing jaman biyen, sandhang panganggone manungsa dibedakake manut drajat lan pangkate).
d.  Catur wanara rukem.
Candrane wong minum patang sloki, solahe kaya dene kethek kang methangkrong ing wit rukem, swarane warna‑warna
e.  Panca sura panggah.
Candrane wong minum limang sloki, ora duwe rasa was‑sumelang, keduga yen ta dikona nadhahi gegaman.
f.   Sad guna weweka.
Candrane wong minum nem sloki, ilang pangati-atine lan kaprayitnaning batin.
g.  Sapta kukila warsa.
Candrane wong minum pitung sloki, pepindhane kaya manuk kang kodanan, njedhindhil amarga kringeten.
(Sapta = pitu; kukila = manuk; warsa = udan).
h.  Astha sacara‑cara.
Candrane wong minum wolung sloki kang wis tinggal kasusilan.
i.    Nawa gra lupa.
Candrane wong minum sangang sloki kang awake wis tanpa daya, bebasan wis ilang bebayuning angga.
j.   Dasa yaksa mati (ana kang ngarani: dasa buta mati).
Candrane wong minum sapuluh sloki, pepindhane kaya buta kang wis mati, nglegorong meneng bae, ora obah ora mosik.

3. Candrane wong wis sepuh

Pethikan saka buku Sastra Gita Wicara anggitane Ki Hadiwijana ing ngisor iki isi candrane wong kang wis sepuh.

Nadyan ndungkap surupe,
srengenge sumeh semune,
krana wus akeh labuhe,
para wredha mangkono iku gambare.

4. Candra ing padhalangan, gegambaran candraning manungsa lan kang gegayutan karo manungsa

a.   Candraning wadyabala kang arsa andon yuda

Lah ing kana ta wau, wus laju lampahe para prajurit ing Dwarawati. Untaping wadyabala anglur selur, tinon saking mandrawa lir‑pendah sela blekithi, (sela watu blekithi semut, lir semut lumakweng saluhuring watu, ndalidir)[1] datan ana pedhote. Prajurit sajuru‑juru datan kena carup wor. Kang busana kresna kumpul padha ireng lir‑pendah dhandhang areraton. Kang busana wilis kumpul padha ijo kaya cocak aneba. Kang busana rekta kumpul padha abang, katon abra markata kaya wukir kawelagar. Abra busananing wadya, tinon saking mandrawa kadi  panjrahing puspita.
Kelaping kekandha cawuh lan klebeting bandera lelayu miwah bawat candrane kaya wredu gangga sasra. Wredu lintah, gangga banyu, sasra sewu, kaya lintah sewu aneng banyu bareng kumelap. Swaraning janma mawor lan kropyaking watang gathik krincing kendhali miwah pangriking kuda barung lan swaraning slompret tambur gong beri, umyung mawurahan yayah warsa kinteki. Warsa udan, kinteki pajaten, kadi jawah narajang wana pajaten. Nyarangaping tumbak bedhil miwah dedering bandera lelayu, kadi jati ngarang. Baleduging lampah, peteng angampak‑ampak pindha mendhung.
(Pakem Padhalangan Lampahan Wahyu Purba Sejati, anggitane Ki Siswoharsoyo)

b.  Candrane satriya Pringgadani, Raden Gathutkaca

Lah ing kana ta wau, nata Pringgadani Prabu Anom Gathutkaca arsa ngambah dirgantara ngrasuk busana.
Apa ta busanane Raden Gathutkaca: gelung minangkara cinandhi rengga kinancingan retna sinangga praba. Badhong giwangkara jamang mas tundha tiga kinancingan garudha mungkur utah-utahane kinara wista ing sesotya, anting-anting retna sumping kancana pinindha gegubahan surengpati, sangsangan naga karangrang dawala ngiras tetali, kelat bau naga mangsa gelangkana rangkep salumpringan, kampuh berem pinerem‑mas (pinaremas, Mul.), uncal wastra uncal retna, ngumbar kunca sembulihan numpang curiga. Paningset renda jenar gubeg. Kroncong sarparaja sampat samapta busanane Gathutkaca. Sigra  ngrasuk busana peparinging dewa: kotang antrakusuma kuwasa ngambah dirgantara, caping basunanda kuwasa udan ora kodanan panas ora kapanasan, tlumpah pada kacarma lungsungane Sang Hyang Antaboga, kuwasa ngambah lemah sangar kayu aeng angluhuri kang singit‑singit datan ana prabawane. Kocap kacarita sigra angencengi busananira, cancut taliwanda tinangsulaken sarira. Anetepaken jejamange ngencengi badhonge. Sigra ngulur uncale, nglongsor clanane, tumenga ing akasa, ndedel madal pratiwi, sumusup ing jaladara, kebat kaya kilat, kesit kaya thathit.
(Pedhalangan Jangkep Sadalu Muput Lampahan Purbaningrat, anggitane Ki Slamet Soetarso)

5. Candrane Dewi Ciptarasa

Mijil

1.   Ri sampunnya siram sang dewi
gya salin panganggo
arja sinjang cindhe jo godhonge
kasemekan kang jingga rinukmi
sengkang gumyur adi
penunggul herlaut.

2.  Dhasar ayu karengga sang dewi
busana di kaot
lir hapsari sang ayu citrane
kang wadana lir purnama sasi
riyem‑riyem keksi
apepilis wungu.

3.  Alis ngroning imba netra (n)jait
alindri sumorot
rema panjang tumibeng jengkune
ngandhan‑andhan muyek semu wilis
ukel kinetebing
sekar gandanya rum.

4.  Waja anglir mutyara ing ranggit
renyep‑renyep tinon
kadya manggis karengat lathine
grana rungih talingan amanis
idepnya nglangeni
pan tumengeng luhur.

5.  Sasinome angembang giyanti
micis wutah tinon
pan awelar awijang jajane
kang pembayun anglir cengkir gadhing
mentheg‑mentheg manik
jangga anglung gadhung.

6.  Darijine alus mucuk eri
kalpika bang ijo
mirah inten nila widurine
herbumi munggeng dariji manis
tinon ting karelip
mutyara ngenguwung.

7.  Datan telas winuwus ing tulis
candrane sang sinom
kirang papan alangkung warnane
……………………
            (Raden Kamandaka)


B. KAANANING ALAM

Candra kang gegayutan karo kaananing alam iku akeh  banget cacahe, kaya ta: candraning alam ing padesan, ing pagunungan, ing sagara, ing wayah esuk, ing wayah sore, ing wayah bengi lan sapanunggalane. Nanging apa kang kasebut ing dhuwur ora arep karembug kabeh ing kene, jalaran karoncen yen ta ditulis siji‑siji ana ing buku iki.
Ing ngisor iki tuladha sawatara kang ana gegayutane karo candraning alam.

1. Candrane gapura Kraton Ngastina

.................................................
Marma sang nata kandheg sangajenging gapura, amirsani uparengganing wiwara, kinarya nylimur sungkawaning driya.
Sapinten genging gapura, watara ana sapucuking wukir Mahameru, inggile ngungkuli pucang lan tirisan. Puncaking gapura sinungan maniking warih gengnya sepuh jenggi, rebut sorot lan sunaring bagaskara. Siraping parunggu sari, adeg‑adeg wesi balitung, tebeng tembaga rinaja werdi. Tulundhag akik bang ajejobinan. Korining gapura sinung gambar wewangunan, lamun menga kang kori kadi bedhang lagi semayan, yen minep pindha panganten apepasihan.
Pipining gapura sinungan gupala parunggu sari sakembaran rinambutan kawat binrengosan kawat. Netra kumala, untu jatha salaka menur. Ingilat‑ilatan mas jingga, sami cinepengan gada. Kuping jinara trusing irung, den‑iseni bremara miwah bremari. Marma yen menga minebing kori, geroting lawang brengengenging kombang gereng-gereng pindha yaksa arsa nubruk. Tembene kang uninga, sirna sipating gupala, yayah Cingkarabala Balaupata kang tengga kori sela matangkep.
Plataraning gapura sinebaran mirah nila pakaja hergeni, mila yen kinarya lumampah, kesandhunging pada pating galebyar pating pancurat pindha kartika rebut sasana. Dhasar nagari  Ngastina  papan  gasik  aradin, wonten umbul tinalangan, toyane den‑jogken sajroning pura kinarya padusane para dyah. Saben hari Soma miwah Respati, sabubaring pasewakan, ilining toya gandane arum angambar labet kalun-turan konyohe para bedhaya srimpi ingkang sami adus. Layoning sekar kadi sarah, marma sajroning pura datan ana ganda kang kuciwa.
Saking gunging sesotya nawa retna ingkang kinarya rengganing pura, nganti datan kantenan siyang dalunipun. Yen ratri pindha purnama sidhi, yen rina sangsaya anelahi. Mangkana, sang nata wus tutug dennya mirsani uparengganing gapura gya sasmita dhateng parekan ingkang anjajari kinen atur uninga sri narendra garini.
(Pakem Pedhalangan Lampahan Makutharama, anggitane Ki Siswoharsoyo)

2. Candrane wana Kandhawa


…………………………………………………………
Tri makandheh para Pandhawa kang wus manjing telenging wana Kandhawa. Alas gung liwang‑liwung, wiwit ngare lengkeh‑lengkehing pareden tekan pucuking aldaka, kebekan garumbuling kekayon ageng‑ageng. Pang‑pang anyalanggrang atumpang bebandhungan maewu‑ewu yojana jembare. Godhong ngrenggep ngrembuyung pinulet penjalin cacing, bundhet lan bebondhotaning ri bandhil temah pepet arapet, sacengkang tan ana sela. Jroning wana temah peteng labet tan kasunaran dening Hyang Pratanggapati.
Ampak‑ampak nanggameng ngendhanu dadi ampuhan. Rina wengi sumirat bun lawan udan, katiga rendheng datan prabeda. Yen ta salah mangsa saben‑saben angebda dadi prahara, keh kayon gung sempal kaprapal tanapi sol. Ron-ronan kabur sumawur mbelasah dadi sarah tumpuk matimbun, satirisan kandele, mangka dadi pandhelikaning buron mawa wisa. Datan mokal yen ta resrespoh sabantal‑bantal, betatung sabumbung petung pacete sakadut‑kadut, keh sarpa pating talosor, manyawak anapak‑napak, senuk, sona, bihal adal‑adal pating jranthal, ranggutan pating pethangkrong. Sadhengaha kang kaceblok sakabehing gegremet mubal angebyuk‑ngruyuk, saweneh nyakot, ngentup, anesep rah tapis tan kari satetes. Marma kawentar yen ta wana Kandhawa gawat kaliwat bebasan sato mara mati, janma mara keplayu.
................................................................
(Serat Pakeliran Lampahan Pandhawa Nugraha anggitane Suratno lan Sogi Sukidjo)

3. Candrane mangsa

a.   Sotya murca saking embanan
Candrane mangsa Kasa (22 Juni ‑ 1 Agustus = 41 dina). Ing mangsa iki akeh wit‑witan padha brindhil. Sotya pepindhane gegodhongan, embanan pepindhane wite. Dadi, gegodhongan padha gogrog saka ing wite.
b.  Bantala rengka
Candrane mangsa Karo (2 Agustus ‑ 24 Agustus = 23  dina). Bantala tegese lemah, rengka tegese mlethek, nela. Ing mangsa iki lumrahe lemah padha nela.
c.   Suta manut ing bapa
Candrane mangsa Katelu (25 Agustus – 17 September = 24 dina). Lung‑lungan, kaya ta: uwi, gembili, lan  gadhung wiwit katon padha mrambat, padha nurut lanjaran. Suta pepindhane lung‑lungan, bapa pepindhane rambatan utawa lanjarane.
d.  Waspa kumembeng jroning kalbu
Candrane mangsa Kapat (18  September ‑ 12 Oktober  = 25 dina). Ing mangsa iki tuk‑tuk padha buntet. Lire, wiwit angel banyu. Saupama gawea sumur, bisane nganti  metu banyune iya kudu jero banget. Waspa pepindhane banyu tuk, kumembeng pepindhane ora gampang metu, dene kalbu iku pepindhaning tuke utawa sumbering banyu.
e.  Pancuran emas sumawur ing jagad (ana kang nambahi: raya).
Candrane mangsa Kalima (13 Oktober ‑ 8 Nopember  =  27 dina). Ing mangsa iki udan wiwit tiba. Para kadang tani ngarani mangsa labuh. Iya ing mangsa iki para kadang tani padha wiwit ngolah lemah. Udan kang wiwit tiba iku dipindhakake pancuran emas. Sajake, marga udan isih arang‑arang, dianggep isih larang kaya dene larange emas.
f.   Rasa mulya kasucian.
Candrane mangsa Kanem (9 Nopember ‑ 21 Desember = 42 dina). Ing mangsa iki akeh woh‑wohan kang enak mirasa.
g.  Wisa kentar ing maruta (ana kang ngarani: Wisa kentir ing maruta).
Candrane mangsa Kapitu (22 Desember ‑ 2 Pebruari  = 43 dina). Ing mangsa iki akeh lelara. Mbokmanawa lelara mau disababake saka udan kang nggrejih terus. Wisa pepindhaning wijine lelara, dene kentar ing maruta utawa kabuncang ing angin pepindhaning wijine lelara kang sumebar tekan ing ngendi‑endi.
h.  Anjrah jroning kayun
Candrane mangsa Kawolu (3 Pebruari ‑ 28/29 Pebruari = 26/27 dina). Mangsa iki mangsane kucing padha gandhik.
i.    Wedharing wacana mulya
Candrane mangsa Kasanga (1 Maret ‑ 25 Maret = 25 dina). Ing mangsa iki akeh gareng padha muni, gangsir padha ngenthir. Wedharing tegese wetune, wacana tegese gunem (ing kene karepe: uni), dene mulya tegese luhur utawa linuwih (ing kene karepe: apik).
j.   Gedhong mineb jroning kalbu
Candrane mangsa Kasapuluh (26 Maret ‑ 18 April  = 24 dina). Ing mangsa iki akeh kewan padha meteng, manuk padha ngendhog.
k.   Sotya sinarawedi
Candrane mangsa Dhestha utawa Kasawelas (19 April ‑ 11 Mei = 23 dina). Ing mangsa iki akeh manuk padha ngloloh. Sotya tegese inten, sinarawedi tegese digosok. Sotya pepindhane anak manuk, sinarawedi pepindhane diloloh.
l.    Tirta sah saking sasana
Candrane mangsa Saddha utawa Karolas (12 Mei ‑  21 Juni = 41 dina). Ing mangsa iki prasasat ora ana wong kringeten  marga  lagi  mangsa  bedhidhing.  Kosokbaline,  ing mangsa iki kepara akeh wong kadhemen. Tirta kang ateges banyu pepindhane kringet; sah tegese pedhot, oncat, bundhat, kesah, ora ana; sasana kang ateges papan‑panggonan pepindhane awak.


C. LIYA‑LIYANE

1. Candrane danawa

Anenggih nagari ing pundi ingkang gantya den‑ucapaken, wonten gegempalaning carita, titahing dewa awarni nata yaksa, ajejuluk Prabu Kalawredati, angadhaton ing Giridhasar, nuju miyos sineba ing wadya kuswa, kathah para bupati danawa, lumrah tan pasah tapak paluning pandhe, sisaning gurinda tanapi tedhasing kikir, saweneh mantri yaksa adadar‑dadar, siring pedhang unclang badhama, saweneh ngumbulaken sela ageng samaesa, tibane tinadhahan asta, sami karya pangeram‑eram, sabuk ula lanang sumping pring sadhapur, teka pating jalemprak mungging alun‑alun. Mila kathah jajahan amanca nungkul dhateng nagari Giridhasar, pranyata Prabu Kalawredati ageng ruhur sarira pindha prabata, netra kadya surya kembar, grana kadya canthiking baita, tutuk kadya lenging guwa, yen segu lir galudhug petak apindha gelap, angrasuk busana jamang mas sungsun tiga, kelat bau anting kencana cinawi, gelang kana sinungsun calum-pringan, supe tajug sakembaran, kroncong geng pindha awak sarpa, sangsangan gandhuwara, lur‑ulur  raga karangrangan dawala ngiras tetali, kampuh jingga pinaremas, kiswa den‑ore anumpang wentis, imba sirung matepung, godheg wok asimbar jaja, kumbala capang pindha taru lata kang tepung tepi wiwaraning guwa, kaididan uswa pindha taru katiyup ing maruta kumitir anut panggerenging swara.  
……………………………………………………………
(Jaladara Rabi, anggitane Ki Reditanaya)

2. Tuladha candra liyane

a.   Surake mbata rubuh
Surake wong akeh tur bebarengan, pepindhane kaya swaraning rubuhe tumpukan bata.
b.  Tulisane ngetumbar
Tulisane (karepe: tulisan Jawa) sajak bunder kaya ketumbar.
c.   Tulisane mbata sarimbag
Tulisane (karepe: tulisan Jawa) awangun pesagi‑pesagi kaya wanguning bata ijen‑ijenan.
d.  Tulisane ngeri
Tulisane (karepe: tulisan Jawa) lancip‑lancip kaya eri.
e.  Pasugatane mbanyu mili
Pasugatane kaya banyu mili, ora ana pedhote.
f.   Wangsulane saur manuk
Wangsulane wong akeh kang ora bebarengan, dadi kaya ocehing manuk pirang‑pirang, saur‑sauran.


-------------------------@-------------------------

Ana candhake:





[1])  Tembung‑tembung kang ana ing sajroning kurung wuwuhan saka pangripta.


Tidak ada komentar :