Kamis, 05 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (4)


BAB 9
B A L I S W A R A



Sinom

Kang sepuh Wara Sumbadra
saking Madura nagari
atmaja Sri Basudewa
ing warna ngresepken ati
sumeh kang netra lindri
pasaja ing driya tangguh
semu kurang budaya
awijang dedeg respati
kuning wenes labete amung kapama.
(Serat Candrarini, anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)


       Ing gatra kapindho, ukara kang kudune "saking nagari Madura", ing wacan kasebut dadi "saking Madura nagari". Kang mangkono marga tembang kaiket ing guru lagu. Gatra kapindho tembang Sinom kudu tiba i. Mula, ukara kang  kudune "saking nagari Madura" mau banjur diwalik dadi "saking Madura nagari" supaya pungkasaning gatra kasebut tiba i.
Iya pamaliking ukara ing gatraning tembang saprelu kanggo njumbuhake guru lagu iku kang diarani baliswara.
       Tuladha liyane maneh, priksanana pethikan saka Serat Nalawasa Nalasatya anggitane R. Pandji Soerjawidjaja ing ngisor iki.

Pangkur

Kados leres aturira
Nalasatya enceh punika manggih
tiyang kina darbekipun
wangsul pun Nalawasa
ngaken titip dhateng dhemit kajeng randhu
nalika pametakira
punika emeng ing galih.

Ing wacan kasebut ukara kang diwalik yaiku "tiyang kina darbekipun". Marga guru lagune tiba u, mula ukara kang kudune "darbekipun tiyang kina" mau banjur diwalik.   



-------------------------@-------------------------



BAB 10

TEMBUNG GARBA




Garba, kajaba kang ateges weteng, uga ateges ringkes. Digarba tegese diringkes, digandheng dadi siji. Tembung garba yaiku tembung loro kang diringkes dadi siji. Amarga diringkes, kajaba cacahing wandane dadi suda, swarane uga dadi owah.
Tembung garba uga lumrah diarani tembung sandi. Sandi tegese: (1) samar; (2) repit[1]); (3) wados; (4) nyiluman; lan (5) simpen (Priksanana Kamus Kawi‑Jawa anggitane C.F. Winter Sr.). Jalarane diarani tembung sandi mbokmanawa marga tembung mau samar‑samar, sajak ora ketara yen tembung kasebut sajatine luwih saka siji.
Banjur, ing ngendi tembung garba utawa tembung sandi mau dienggo? Tembung  garba  utawa  tembung  sandi  iku  lumrahe dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang. Geneya? Awit tembang kaiket ing guru wilangan. Iya ing nalika ana ukara ing sawijining gatra tembang kakehen guru wilangane, ing kono pangripta tembang bisa nyuda cacahing wilangan kanthi cara nggarba tembung loro dadi siji kang dumunung ing gatra mau.
Pethikan saka Serat Wirawiyata anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV ing ngisor iki bisa dienggo tuladha.

Sinom

Upama nora punggela
jer nora ngupaya malih
yen wus punggel nadyan sira
semadi ing saben ratri
antuke durung pasthi
tiwas angengecer laku
marma den enget sira
sajrone lumakweng kardi
pangreksamu mring drajat aja sembrana.

Tembung “lumakweng” asale saka tembung “lumaku” lan “ing”. Yen tembung “lumaku” lan “ing”  ing tembang kasebut tetep ditulis “lumaku ing”, mesthi bae wilangane luwih sawanda. Awit saka iku, murih ora nyalahi guru wilangane, tembung “lumaku” lan “ing” mau banjur digarba dadi “lumakweng”.
Ana ing tembung garba, gandhenge tembung siji lan sijine adate ngugemi pathokan kaya ing ngisor iki.
1.      a + a  = a          -> contone: sira + arsa = sirarsa
2.     a + e  = e         -> contone: narpa + endah = narpendah
3.     a + i  = e          -> contone: prapta + ing = prapteng
4.     a + o  = o         -> contone: dadya + ojat = dadyojat
   (tegese: dadya = dadi; ojat = gunem)
5.     a + u  = o         -> contone: wira + utama = wirotama
6.     i + a   = ya       -> contone: dupi + arsa = dupyarsa
7.     i + i    = i         -> contone: siti + inggil = sitinggil
8.     o + a  = wa       -> contone: kebo + alasan = kebwalasan
9.     u + a  = wa       -> contone: nuju + ari = nujwari
10.  u + e  = we       -> contone: jalu + estri = jalwestri
11.   u + i   = we       -> contone: nuju + ing = nujweng

Nanging prelu kawuningan, gandhenge tembung kang awasana u karo tembung kang apurwa i kajaba dadi we, uga ana kang dadi wi. Minangka tuladha, gandhenge tembung “munggu” lan “ing” dadi “munggwing” kaya kang kacetha ing pethikan ngisor iki.

Dhandhanggula

Tan winarna kang kari prihatin
kawuwusa lampahira Sena
tanpa wadya amung dhewe
mung bajra sindhung lesus
ambebener murang ing margi
prahara munggwing ngarsa
gora reh gumuruh
kagyat miris padedesan
ingkang kambah kaparanggul ndhodhok ajrih
andhepes nembah‑nembah.
                          (Bima Suci, impunane R. Tanoyo)

Kaya kang wis diterangake ing dhuwur, tembung “munggwing” iku gandhenge tembung “munggu” lan “ing”. Tembung “munggu” iku dhewe sajatine tembung andhahan. Linggane yaiku “unggu”, entuk seselan ‑um‑. Unggu tegese dunung. Munggu tegese dumunung. Wondene munggu ing utawa munggwing[2]) tegese dumunung ing utawa mapan ing.
Kang lumrah digandheng ing tembung garba pancene tembung kang awasana aksara urip karo tembung kang apurwa aksara urip uga. Ewa samono ana tembung garba kang dumadi saka tembung kang awasana aksara mati, yaiku aksara h, karo tembung kang apurwa aksara urip. Ing sarehning h iku aksara  lemes (Ind.: huruf lemah), mula aksara h ing pungkasaning tembung kang ngarep mau ilang, dianggep kaya ora ana aksarane h[3]).
Tuladhane, kaya ta:  (1) sugih + arta = sugyarta
  (2) taksih + alit = taksyalit.
Samono uga tembung “lunggyeng”, gandhenge tembung “lungguh” lan “ing” kaya kang tinemu ing Serat Arjunasasrabahu jilid V anggitane R. Ng. Sindusastra ngisor iki.

Sinom

Lunggyeng singasana retna
ingayap ing para cethi
akeh wadya kasamaran
tan wruh kalamun apatih
ingkang miyos siniwi
tetep kembar warnanipun
Suwanda lan narendra
mung kaot kawula gusti
kembar rupa kembar solah kembar swara.

Mbaleni pathokan kasebut ing dhuwur. Gandhenge tembung kang maune padha‑padha ora nganggo aksara y ing pungkasaning tembung kang ngarep lan purwaning tembung kang buri kang banjur nuwuhake aksara y, tembung garba mau diarani garba sutraye. Tuladhane: mugi + antuk = mugyantuk. Dene gandhenge tembung kang maune padha‑padha ora nganggo aksara w ing pungkasaning tembung kang ngarep lan purwaning tembung kang buri kang banjur nuwuhake aksara w, tembung garba mau diarani garba sutrawan. Tuladhane: nuju + ing = nujweng.
Manawa ana sawijining tembung kang digandheng dening tembung “maha” lan tembung “maha” mau banjur owah dadi “mah”, tembung garba kasebut diarani garba warga‑ha. Tuladhane, gandhenge tembung “maha” lan “meru” kang banjur owah dadi “Mahmeru” kaya kang kacetha ing pethikan ngisor iki.

Dhandhanggula


Wus linilan kyai patih [u]mijil[4]) 
amematah wadya kang dinuta
wineling laju angkate
datan kawarneng ngenu
sapraptaning Mahmeru wukir
Sang Ajar Windusana
sunya tan pinanggih
mung panggih lawan kang raka
sira Ajar Kuthawindu wus udani
saliring lelampahan.
(Serat Barukalinthing, anggitane  Jagawigata)

“Maha” tegese gedhe, dene “meru” tegese gunung. Dadi “Mahameru” sajatine ateges gunung kang gedhe. Nanging tembung “Mahameru” kang dikarepake ing wacan kasebut yaiku “Mahameru” araning gunung. Gunung Mahameru!
Tuladha garba warga‑ha liyane maneh upamane tembung “Mahraja”, saka tembung “maha” lan “raja”.
Apa tembung garba mligi dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang? Ora! Tembung garba iku mung lumrah dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang. Dudu mligi!
Pethikan pangandikane Resi Bisma marang Prabu Kresna marga Prabu Kresna duka yayah sinipi nalika miyat kasoring yudane Wrekudara lan Arjuna ing ngisor iki uga ana tembunge kang digarba.

Dhuh gusti tetungguling bawana. Sewu begja kamayangan bilih paduka arsa namakaken sanjata Cakra dhateng angganipun pun kaki. Jer yekti badhe kalampahan jiwanipun pun kaki denuntapaken dening sanjata Cakra ingkang kawasa karya leburing tribawana. Lan paduka angger sesekaring bawana ingkang badhe nginggahaken pun kaki dhateng ing karang kadewatan.
Nuwun gusti, punapa pancen makaten garising jawata ingkang linangkung?
Sanadyan pun kaki mangretos sapinten ta duka paduka miyat kasoring yudanipun angger Wrekudara tuwin Arjuna, namung punapa samesthinipun bilih ing dalem Bratayuda punika paduka magut ing ayuda, punapa malih mungkasi karya? Jer Bratayuda punika yudaning darah Barata.
Kados sampun ginaris dening dewa kang linangkung, pilah‑pilahing kuwajiban ing dalem prang tandhingipun darah Barata punika. Lamun paduka sang prawireng jagad kang minangka paramparaning Pandhawa, magut ing prang, sinten baya ingkang kawawa tandhing lawan paduka?
Punapa malih, bilih sanjata Cakra pinarengaken dening dewa kinarya ngrampungi pasulayaning darah Barata, yekti boten badhe wontenipun prang Bratayuda [5]) punika.
Sanadyan pun kaki, suthik lamun karya cupeting lelampahan, mila ugi namung kawawa ngasoraken yudaning Wrekudara lan Arjuna, nanging boten kawasa karya tiwasing para kadang Pandhawa.
Ewadene bilih paduka sang kalokeng rat badhe karya cupeting lelampahan, sumangga kula aturi  nguntapaken Resi Bisma sowan dhateng ngayunaning Hyang Suksma Kawekas.
Wondene  manawi  murih  sirnanipun  pun  kaki, kados angger Sri Bathara Kresna boten badhe kakilapan, bilih pun kaki namung saged denasoraken dening yudanipun prajurit putri. Ing mangke pun kaki rila sumangga karsa.
(Lampahan Bratayuda II ‑ Tawur (Bisma Mukswa), anggitane Kamadjaja lan U.J. Katidjo Wp.)

Tembung prawireng” asale saka tembung “prawira” lan “ing”, dene tembung “kalokeng” asale saka tembung “kaloka” lan “ing”. Prawira tegese kendel, prajurit. Kaloka tegese kondhang, kajuwara, kasub, kombul, kongas, sumbaga, misuwur, kasusra, kalok, kawentar, kaonang‑onang.
Ing ngisor iki tuladha‑tuladha tembung garba liyane.
1.      Aneng : ana + ing
2.     Dadyewuh : dadya (dadi) + ewuh
3.     Dupyantuk : dupi (bareng) + antuk
4.     Jayeng : jaya (unggul) + ing
5.     Kapindra : kapi (kethek) + indra (ratu)
6.     Kawindra : kawi (pujangga) + indra
7.     Lagyantuk : lagi + antuk
8.     Lokeswara : loka (enggon) + iswara (ratu)
9.     Mugyantuk : mugi + antuk
10.  Nateng : nata (ratu) + ing
11.   Nulyarsa : nuli + arsa  (arep)
12.  Parameng : parama (linuwih) + ing
13.  Parameswara : parama + iswara
14.  Prabwanom : prabu + anom
15.  Ratwagung : ratu + agung
16.  Ratwayu : ratu + ayu
17.  Rumekseng : rumeksa + ing
18.  Samyarsa : sami + arsa
19.  Sapantuk : sapa + antuk
20. Sireki : sira + iki
21.  Sarotama : sara (panah) + utama (Sarotama iku panahe Arjuna)
22. Sarwendah : sarwa + endah
23. Sarwyanjoged : sarwi + anjoged
24. Sesotyadi : sesotya (inten) + adi (linuwih)
25. Siniwakeng : siniwaka (diadhep) + ing
26. Sireku : sira + iku
27. Sudireng : sudira (kendel) + ing
28. Tumujweng : tumuju + ing
29. Wadyeki : wadya (prajurit) + iki
30. Yeku : (i)ya + iku.



-------------------------@-------------------------



BAB 11
TEMBUNG PLUTAN



Pluta ateges rangkep. Dipluta tegese dirangkep. Wondene kang diarani tembung plutan yaiku tembung rangkepan. Lire, wanda loro ing sawijining tembung dirangkep, didadekake siji.
Tembung plutan sing sering tinemu ing ukara kang sinawung ing tembang. Olehe tembung plutan iku sering tinemu ing tembang, jalaran tembung plutan iku nggampangake pangriptaning tembang. Ing sarehning ana wandane loro kang didadekake siji, ateges cacahing wandane ing tembung mau dadi suda kehe. Kanthi mangkono, manawa ana sawijining gatra tembang kang turah wilangane bisa disuda kanthi cara dipluta mau.
Amrih cethane, ing ngisor iki diwenehi tuladha tembung plutan kang ngrenggani tembang Kinanthi.

Duk samana kang ginempur
dening motor mabur Wlandi
           lapanganing kapal terbang
Maguwa trus den-ebroki
lajeng sru nyerang Ngayogya
ibukotaning nagari.
(Nayaka Lelana, anggitane Mr. Susanto Tirtoprodjo).

Tembung “Walandi”, tembung kramane “Walanda”, ana ing wacan kasebut didadekake “Wlandi”. Jalaran apa? Marga manawa tembung “Walandi” tetep ditulis “Walandi”, njalari kakehen guru wilangane. Mula murih guru wilangane ora kakehen, tembung “Walandi” mau dipluta dadi “Wlandi”. Wanda Wa” karo wanda “lan” dirangkep, didadekake siji dadi “Wlan”, saengga tembung kang jangkepe “Walandi” mau dadi “Wlandi”.
Samono uga tembung “trus” lan “sru”. Tembung “trus” mujudake plutan saka tembung “terus”, dene tembung “sru” mujudake plutan saka tembung “seru”. Wanda “te” lan wanda “rus” ing tembung “terus” didadekake siji, dadi “trus”. Wanda “se” lan wanda “ru” ing tembung “seru” dirangkep dadi siji, dadi “sru”.
Tuladha liyane maneh upamane tembung:
1.     Baratayuda dadi Bratayuda
2.    Carita dadi crita
3.    Ginelar dadi ginlar
4.    Gumerit dadi gumrit
5.    Karamean dadi kramean
6.    Karaton dadi kraton
7.    Kuwasa dadi kwasa
8.    Kuwajiban dadi kwajiban
9.    Kuwalon dadi kwalon
10.  Maring dadi mring
11.   Murih dadi mrih
12.  Miyarsa dadi myarsa
13.  Nagari dadi nagri
14.  Pangeran dadi Pangran
15.  Para dadi pra
16.  Parameswari dadi prameswari
17.  Salira dadi slira
18.  Sarana dadi srana
19.  Sawiji dadi swiji
20. Semu dadi smu
21.  Serat dadi srat
22. Sinerang dadi sinrang
23. Suwara dadi swara
24. Suwarga dadi swarga
25. Suwargi dadi swargi
26. Telung puluh dadi tlung puluh
27. Terang dadi trang
28. Tinengeran dan tinengran
29. Welas dadi wlas
30. Weruh dadi wruh.

Mangkono tuladha-tuladha tembung plutan sawatara.
Ing dhuwur wis diterangake yen tembung plutan iku kang sering tinemu ing ukara kang sinawung ing tembang. Nanging ora ateges tembung plutan iku mligi dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang. Ora babar pisan! Tembung plutan iku mung lumrah dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang, dudu mligi. Dene ancase yaiku kanggo nyuda cacahing wanda kang turah ing sawijining gatra tembang. Tembung plutan uga sok dienggo ing ukara gancaran kaya kang acetha ing wacan ngisor iki.


                           SULUNG MALEBU ING GENI


     Ana ratu ajejuluk Prabu Durgapati, mbawahake para raja sarta luwih amba jajahaning nagarane.
Anuju ing sawijining dina sang prabu karsa nungkulake para ratu kang durung kareh, banjur utusan amepakake bala ana ing ara-ara amba.
Balane sang prabu tanpa wilangan. Bareng wus pepak banjur katengaranan bodhol. Ratu kang katonjok ing layang mau wus padha pacak baris ngumpul dadi sabarisan. Bareng tempuk ing prang balane Sang Prabu Durgapati banget apese. Saking akehing pepati, nganti kena kabasakake kaya “SULUNG MALEBU ING GENI”. Ing wasana kasaput ing wengi, banjur padha makuwon dhewe-dhewe, esuke tempuh prang maneh.
(Paribasan Katerangake Sarana Dongeng, anggitane Raden Mas Aryasutirta).

Manawa wacan kasebut disemak kanthi premati, sanadyan sinawung ing ukara gancaran, ing wacan kasebut uga tinemu tembung kang dipluta. Bab mau bisa dinulu ing tembung “prang” kang mujudake plutan saka tembung “perang”. Wanda “pe” lan wanda “rang” dirangkep, didadekake siji dadi “prang”.


-------------------------@-------------------------

Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-5.html




[1]) Repit tegese: wewadi; disimpen becik‑becik.

[2]) Sarehning w iku aksara lemes (Ind.: huruf lemah), aksara kang gampang ilange, mula ora jeneng aneh yen tembung kasebut kala‑kala ditulis mungging”, tanpa w. Tuladha liyane maneh kaya ta: wulu (araning sandhangan aksara Jawa) = ulu; wudhar = udhar; wudel = udel; wuninga = uninga (tegese: weruh); wimbuh = imbuh; lwir = lir (tegese: kaya).

[3]) Bukti yen h iku aksara lemes (Ind.: huruf lemah) bisa dinulu ing tuladha liyane maneh, kaya ta: Brahma (asmaning dewa) = Brama (ing pewayangan); rurah = rura (tegese: rusak); ruruh = ruru (tegese: golek. Yen ing dialek Pemalang, luruh = luru ing dialek Banyumas); sembahyang = sembayang.

[4])  Tembang dhandhanggula gatra kapisan guru wilangane kudune 10. Sarehning ing tembang iki gatra kapisan guru wilangane ana 11, mula tembung “umijil” ing gatra mau becike diwaca “mijil” bae. Kanthi mangkono, guru gatrane dadi bener lan ora ngowahi tegese tembung.

[5]) Tembung “prang Bratayuda” sajatine luput. Sabab, tembung “Bratayuda” dhewe tegese: peranging darah Barata. Mesthine, cukup: “Bratayuda” bae, ora susah nganggo tembung “prang” utawa “perang” kaya kang kacetha ing pethikan kasebut. Panunggalane tembung Kembang Wijayakusuma”. Mesthine, cukup: “Wijayakusuma”, ora prelu nganggo tembung “kembang”,  jalaran  tembung  “kusuma”  iku  tegese  uga “kembang”.

Tidak ada komentar :