Selasa, 24 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (13)




BAB 27
P R A L A M B A N G



Pralambang yaiku samubarang kang mengku karep aweh pangreten marang wong liya sarana sinandi. Sarehning sinandi, mula iya ana kang lumantar barang, gambar, warna, basa, patrap utawa solah bawa. Pralambang kala‑kala uga ditem-bungake liya:  pralampita,  lambang, pasemon apadene sasmita.


A. PRALAMBANG KANG AWUJUD BARANG

Tuladha‑tuladhane pralambang iki, kaya ta:
1.   Yen ana wong lara, dening dhukune dikon nambani adas pula waras, iki mratandhani yen sing ditambani bakal waras.
2.  Ana maneh, upamane dikon nambani nganggo pupus gedhang. Iki aweh pralambang yen sing ditambani wis angel marine, mula iya kudu dipupus bae yen sing lara sawektu-wektu ditimbali dening Gusti Allah.
3.  Samono uga yen sing mratamba diwenehi jarit latar putih, iki suka pralambang yen sing lara bakal mati (dibungkus nganggo mori).


B. PRALAMBANG KANG AWUJUD GAMBAR

Tuladha‑tuladhane pralambang iki, kaya ta:
1.   Gambar Garudha kang nyengkerem pita mawa tulisan “Bhinneka Tunggal Ika”. Gambar iki pralambange:
a.     Endhase kang mengo manengen, ngemu teges ngancas pakarti becik.
b.     Tulisan “Bhinneka Tunggal Ika” ngemu teges sanadyan warna‑warna nanging manunggal.
c.     Tameng agodhagan lima pralambange Pancasila.
d.     Gambar lintang lambang Ketuhanan Yang Maha Esa.
e.     Gambar rante kancana lambang Kemanusiaan yang Adil dan Beradab.
f.     Gambar wit wringin lambang Persatuan Indonesia.
g.     Gambar endhas bantheng lambang Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusya-waratan/Perwakilan.
h.     Gambar pari‑kapas lambang Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia.
i.      Wuluning swiwi cacah 17 suka pralambang tanggaling kamardikan.
j.      Wulu buntut cacah wolu suka pralambang sasi Agustus.
k.     Gambar wulu ing gulu lan sanginggiling buntut cacah 45 mralambangi taun kamardikaning nagara kita (karepe: 1945).
l.       Gambar Garudha kang gagah prakosa mralambangi tenaga kang sanggup mbangun praja.
m.    Gambar tameng agaris malang mralambangi kendhit bumi (=garis katulistiwa) minangka dununging nagara kita.
2.  Gambar wayang buta, tangane tengen digendhong, suka pralambang titah kang seneng laku ngiwa.
3.  Gambar wayang pandhita, tangane kiwa digendhong, suka pralambang wong sing seneng nindakake pakarti becik.
4.  Ing dalan‑dalan gedhe, gambar bunderan ing tengahe ana aksara “S” kang dicorek miring, tegese ing papan kono sakabehing tetumpakan  gedhe (bis, trek lan sapanunggalane) ora oleh mandheg.
(Aksara “S” cekakan saka “Stop”, tegese: mandheg. Corek miring mengku karep ora oleh. Priksanana uga rambu‑rambu lalu lintas liyane).
5.  Gambar dara putih, ana ing agama Kristen/Katolik dadi lambange Roh Suci.


C. PRALAMBANG KANG AWUJUD WARNA

Tuladha‑tuladhane pralambang iki, kaya ta:
1.   Warna abang, pralambange wani. Tumrap kabatinan ateges amarah, kamurkan.
2.  Warna putih, pralambange suci. Tumrap kabatinan ateges mutmainah, panggawe becik, tindak adil.
3.  Warna kuning, pralambange kaluhuran. Tumrap kabatinan ateges supiyah, asmara.
4.  Warna biru, pralambange setya‑tuhu. Tumrap kabatinan ateges aluamah.
5.  Warna ijo, pralambange pangarep‑arep. Tumrap kabatinan uga ateges aluamah.
6.  Warna ireng, pralambange langgeng, sungkawa.
7.  Warna wungu (ungu), pralambange martobat, tirakat.


D. PRALAMBANG KANG AWUJUD BASA

Pralambang kang awujud basa akeh banget contone, kaya ta:

1. Lambang Praja
Ana ing pralambang iki kang dipralambangake yaiku ratune, kalebu nagara lan para kawulane. Lambang praja mau yaiku:

a.   Catur rana semune sagara asat
Lambange praja papat, yaiku Jenggala, Kedhiri, Urawan, lan Singasari kang tansah padha paprangan nganti bandha nagara entek.
Catur  = papat;
Rana   = perang;
Sagara       = pepindhaning bandhane nagara;
Asat    = entek.

b.  Ganda kentir semune liman pepeka
Lambange nata Pajajaran kang wekasan, sesilih Prabu Gandakusuma (miturut Primbon Pusaka Jawa Jangka Jayabaya Pranitiwakya anggitane R. Tanoyo) uga sesilih Prabu Sri Pamekas. Marga kurang wewekane, Sang Prabu kasedanan dening putrane dhewe kang aran Siyungwanara sarana dilabuh ing kali.
Ganda
= 
ambu; pralambange Sang Prabu kang uga nganggo asma Ganda, yaiku Gandakusuma.
Kentir
= 
keli.
Pepeka
=
kurang weweka, kurang ngati-ati.

c.    Macan galak semune curiga kethul
Lambange nagara Majapahit. Nagara Majapahit iku nagara gedhe, nanging eman para kawulane padha kethul pangrasane marang kasusastran. Jalarane dilambangi “macan galak” marga ratu ing Majapahit kineringan samaning ratu, dene dilambangi “curiga kethul” marga para kawulane padha kethul pangrasane marang kasusastran.

d.   Lunga perang putung watange
Lambange sultan‑sultan ing Demak. Sultan Demak nelukake para bupati kang durung padha ngrasuk agama Islam kanthi dibiyantu para wali, akeh para wali lan sakabate kang tumekaning pati.
Lunga perang =  nelukakake;
Putung           =  tugel, karepe: mati;
Watang      =  pepindhane para wali lan sakabate.

e.   Alelungan datan kongsi bebasahan, keselak kampuhe bedhah
Lambange Sultan Pajang kang olehe jumeneng nata durung nganti mukti‑wibawa wis keselak seda.
Alelungan
=
pindhane olehe jumeneng nata; 
Datan kongsi bebasahan
=
durung nganti mukti-wibawa;
Keselak kampuhe bedhah 
=
keselak seda.

f.   Sura kalpa semune lintang sinipat
Lambange Panembahan Senapati ing Mataram kang nalika nelukake para adipati kang setya marang Sultan Pajang mung bandha kendel, tanpa ngirid wadyabala akeh. Durung nganti rampung olehe nelukake para adipati, Sang Panembahan wus tumeka ing seda.
Sura 
=
wani;
Kalpa
=
jaman;
Sura kalpa
= 
jaman (Panembahan Senapati lan para wadyabalane) tuwuh kekendelane nglurug perang;
Lintang sinipat    
=
Lintang karainan. Karepe: durung nganti rampung, Sang Panembahan wus tumeka ing seda.

g.   Kembang sempol semune lebe kekethu
Lambange Sultan Seda Krapyak lan Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Mataram. Panjenengane padha dene seneng laku agama, mungkul ing agama Islam.
Kembang sempol
=
kembang tunjung, kembang trate. Kembang iki minangka pepindhane panjenengan nata.
Lebe kekethu
=
kaum utawa lebe kang nganggo kethu, lambange wong kang seneng laku agama.

h.   Kalpa sru semune kanaka putung
Lambange Susuhunan Amangkurat kang seda ing Tegalarum. Panjenengane kagungan panggalih kang sereng, wengis, lan wentalan nganti andel‑andeling praja uga akeh kang kapatrapan ukum pati.
Sru
=
sereng;
Kalpa sru
=
jaman sereng;
Kanaka
=
kuku, minangka lambang andel‑andeling praja;
Putung
=
tugel, karepe: mati.

i.    Layon keli semune satriya brangti
Lambange Susuhunan Amangkurat II kang anggone jumemeng nata ana ing sajroning nandhang sungkawa tur ora ana ing nagara (kraton). Critane duk samono kang ramane (Susuhunan Amangkurat) lolos saka kraton kanthi didherekake dening panjenengane. Ana ing Tegalarum kang ramane seda. Iya nalika ana ing paran iki panje-nengane jumeneng nata ajejuluk Susuhunan Amangkurat II, wekasan yasa nagara piyambak ana ing Kartasura.
Layon keli
=
jisim kentir. Maksude: jisime Susuhunan Amangkurat kang sedane ora ana ing kraton.
Satriya brangti
=
satriya kasmaran, pralambange Susuhunan Amangkurat II kang lagi kesengsem nelukake wewengkon sakiwa tengene (kanggo ngrebut bali negarane kang ramane).

j.    Kembang tepus semune Arjuna celor
Lambange Sunan Mangkurat Mas. Panjenengane kajaba kurang kondhang, uga remen marang wanodya.
Kembang tepus
=
kembang  kang ala  warnane lan ora ngganda, pepindhane Sunan Mangkurat Mas kang ora kawentar asmane.
Arjuna celor
=
Arjuna zinah, pepindhane wong kang seneng marang wanodya.

k.    Gunung Kendheng semune kenya musoni
Lambange Susuhunan Pakubuwana I ing Kartasura. Sanadyan panjenengane wis yuswa sepuh, nanging nalika jumeneng nata isih remen manggalih prakara sepele.
Gunung Kendheng   
= 
gunung kang dawa, pralambang dawane umur.
Kenya musoni
=
prawan kang lagi ngresiki kapuk, pepindhane wong nindakake prakara remeh, prakara sepele.

l.    Lung gadhung semune rara nglikasi
Lambange Sunan Mangkurat putrane Susuhunan Pakubuwana I (ing Primbon Pusaka Jawa Jangka Jayabaya Panitiwakya anggitane R. Tanoyo disebut: Susuhunan Prabu Mangkurat Jawa). Jane mono panjenengane sarwa sembada, sarwa prigel, emane remen tumindak rusuh marang wanodya.
Lung gadhung
=
pupus gadhung, pralambange Sunan Mangkurat kang sarwa sembada lan prigel.
Rara nglikasi
=
prawan kang lagi nglikasi benang. Iki pasemone Sunan Mangkurat kang remen rusuh marang wanodya. Jalarane tembung “rara nglikasi” dienggo pasemon, marga bocah wadon yen nglikasi, yektine rusuh  patraping benang. Iya rusuhing patrape benang kang dienggo pasemon rusuh marang wanodya.

m.    Gajah meta semune tengu lelaken (ana kang ngarani: gajah meta semune tengu saresmi)
Lambange Susuhunan Pakubuwana II. Panjenengane kineringan dening para ratu mancapraja, nanging eman dene nalika ketekan parangmuka utawa mungsuh panggalihe mungkred, banjur mundhut bebantu menyang Pranagari (ana kang ngarani Ponorogo) sarana nggarwa putrane putri sang adipati mau.
Gajah meta
=
gajah ngamuk, pepindhane Susuhunan Pakubuwana II kang kineringan dening para ratu mancapraja.
Tengu lelaken
= 
pepindhane ciliking panggalihe sang prabu kaya dene cilike tengu, kang banjur mundhut bebantu sarana nggarwa putrane putri kang dipundhuti biyantu.

n.   Panji loro semune Pajang‑Mataram
Lambange ratu loro, Susuhunan Pakubuwana III lan  Sultan Hamengkubuwana I. Nalika nagara Surakarta diasta dening Susuhunan Pakubuwana III, nagara banjur dibagi loro, siji ing Surakarta diasta dening Susuhunan Pakubuwana III kang dilambangake Pajang[1]), dene sijine maneh ing Ngayogyakarta kang diasta dening Pangeran Mangkubumi kang banjur jejuluk Sultan Hamengku-buwana I (dilambangake Mataram. Tilas kraton Mataram  Islam mapan ing sakiduling kutha Ngayogyakarta).

o.   Rara ngangsu, randha loro anututi pijer atukar
Lambange Susuhunan Pakubuwana IV ing Surakarta. Panjenengane remen nggeguru ilmu, nanging wekasane ndadekake pasulayane kraton loro, yaiku Ngayogyakarta lan Mangkunagaran (pasemon nalika Pakepung).

p.   Datan kober apepaes tan ngulah kemben sinjang (ana kang ngarani: tan kober apepaes amangun sinjang)
Lambange Susuhunan Pakubuwana V kang ora kober ndandani utawa mranata nagara awit saka akehing prakara utawa reribed. (Ana kang ngarani lambang iki uga kanggo mralambangi Susuhunan Pakubuwana IV. Dadi, ana kang duwe panganggep yen nata Surakarta kang ora kober mranata nagara marga akehing prakara utawa reribed iku ana loro, yaiku Susuhunan Pakubuwana IV lan Susuhunan Pakubuwana V).

q.   Jemparing lumepas semune tanpa gandhewa
Lambange Sultan Hamengkubuwana III ing Nga-yogyakarta kang remen kagungan karsa tanpa waton adat.

r.   Kalabendu semune Semarang lan Tembayat
Lambang perange Pangeran Dipanegara lumawan Kumpeni Walanda. Pangeran Dipanegara dilambangake Tembayat, Kumpeni Walanda dilambangake Semarang. (Nalika samono Walanda manggone ana ing Semarang).

s.   Karoya[2]) sempal semune tanpa gegaman
Lambange nagara Surakarta lan Ngayogyakarta kang kalong utawa suda bawahe (Ind. = wilayahnya) tanpa disababake perang. Nalika samono kang jumeneng nata ing Surakarta yaiku Susuhunan Pakubuwana VII, dene ing Ngayogyakarta yaiku Sultan Hamengkubuwana V.

t.   Jago tarung kalangan jroning kurungan
Lambange Susuhunan Pakubuwana VIII ing Sura-karta lan Sultan Hamengkubuwana VI ing Ngayogyakarta kang nggenteni kalungguhane nata sadurunge. Lambang kasebut mengku karep lamun ing nagara Surakarta lan Ngayogyakarta kang jumeneng nata (Susuhunan Pakubuwana VII lan Sultan Hamengkubuwana V) sanadyan digenteni dening wong kang dudu putrane (Susuhunan Pakubuwana VIII lan Sultan Hamengkubuwana VI) nanging kang nggenteni wong kang padha ana ing sajroning nagara (kraton). (Nanging ana kang ngarani yen Susuhunan Pakubuwana VIII lan Sultan Hamengku-buwana VII nggenteni kalungguhane kang ramane. Dadi, isih turase ratu sadurunge).

u.   Ratu ayu semune tanpa wiraga
Lambange Susuhunan Pakubuwana IX ing Surakarta lan Sultan Hamengkubuwana VI ing Ngayogyakarta kang padha dene bagus rupane nanging kuciwane ngemu sungkawa.

2. Lambang utamaning watak

a.   Ujaring para sepuh, prayogane priya iku ndarbeni: wisma, curiga, kukila, wanita, lan turangga. Tembung-tembung mau duwe karep mangkene:
1)   Wisma, tegese: omah.
Karepe, priya iku kudune nduweni sipat “momot”, lire bisa ngemot samubarang prakara, kaya ta: sugih pangapura, sabar, bisa nampa kabar ala kanthi tawakal lan sapanunggalane.
2)  Curiga, tegese: keris.
Keris iku kalebu gegaman. Gamane para priyagung jaman biyen. Sarehning keris iku gegaman, ateges keris iku landhep. Ing kene priya prayogane duwe budi kang landhep, tanggap ing samubarang.
3)  Kukila, tegese: manuk.
Manuk  kang  dadi  klangenane  para  priyayi  jaman  biyen adate manuk prekutut. Lumrahe, wong ngingu manuk prekutut iku sing diarah beciking swarane utawa anggunge. Samono uga priya. Priya kang becik  yaiku priya kang guneme alus ngresepake. Lire, ora  seneng gawe laraning atine liyan, tur ora mencla-mencle.
4)  Wanita, tegese: wong wadon.
Wanita adate dadi lambang tindak alus. Ing kene priya  prayogane uga duwe solah‑bawa kang alus, sareh, ora grusa‑grusu, ora mung waton tumindak.
5)  Turangga, tegese: jaran.
 Ing jaman biyen, jaran iku dadi tetumpakaning para luhur, kaya ta: kanggo titihan pinuju tindakan adoh. Malah kepara dienggo sarana perang[3]). Ing kene priya diprayogakake duwe tekad kang gedhe lan ora minderan kaya dene gedhening tekad lan kendele jaran, sanadyan diajak perang dening bendarane pisan.

b.  Para sepuh uga paring pamrayoga lamun wong mangun bale wisma iku kudu sikep gegaman “pacul”.
Apa ta tegese pacul? Tembung pacul ing kene kalebu keratabasa, yaiku “papat kang ora kena ucul”. Perangan papat kang tansah gegandhengan yaiku: landhep, tandhing, doran, lan bawak.
1)   Landhep (=perangan landhepe pacul).
Wong bebojoan prayogane loro‑lorone padha dene landhep pikire lan landhep budine. Sakehing pakaryan becik ditindakake sarana petung supaya ora kleru ing tembe burine. Mbudidayaa supaya tanggap ing samubarang kalir.
2)  Tandhing  (=kayu kang kanggo nyingseti doran ana ing kerahing pacul).
Tembung “tandhing” ing kene suka sasmita manawa  wong omah‑omah iku ora becik yen duwe sipat dhemen nandhing‑nandhingake karo liyan. Apa maneh yen kang katandhingake iku prakara asil kayane utawa bandhane karo bandhaning liyan.
3)  Doran (=garaning pacul).
Doran ing kene dikeratabasakake “maido ing Pangeran (= Gusti Allah)”. Lire, dadi wong urip iku aja seneng maido marang Pangeran mung marga wong liya uripe luwih kepenak tinimbang awake dhewe. Ing sabisa‑bisa narimaa ing pandum. Narima ing pandum ora ateges kesed, nanging bisa nampa kanthi rasa seneng apa kang wis diparingake dening Pangeran marang awake dhewe.
4)  Bawak (=jlebering pacul).
Yen dikeratabasakake, bawak mengku teges: tumiba ing awak. Karepe, samubarang iku kudu ditibakake ing awake dhewe, diukura karo keku-wataning awake dhewe. Yen kasile cilik, iya dibudidaya supaya cukup kanggo urip, aja malah gegedhen empyak kurang cagak, pametune luwih gedhe tinimbang asil kayane.

3. Pralambanging gendhing
Kang dikarepake pralambanging gendhing yaiku tetembungan kang dienggo dening dhalang kanggo njaluk sawijining gendhing marang para niyaga, nanging olehe njaluk ora nganggo ukara sawantahe. Tetembungan kang  dienggo kala‑kala padha, kala‑kala mung memper bae, kala‑kala ora padha. Kang ora padha adate bisa dimangreteni yen wis dijarwakake karepe dhisik. Geneya para niyaga  cepet tanggap? Mesthi bae, marga wis kulina utawa saking seringe krungu tetembungan mau.
Ing  ngisor iki tuladha sawatara pralambanging gendhing.

a. Pralambanging gendhing Diradameta
                       
Kocap kacarita, eca anggenipun imbal pangandika Sri Bathara Kresna kalayan sang narpatmaja, ketungka rawuhipun Nata Mandura laju ing sitinggil binaturata, sinawang saking mandrawa pindha dirada meta.
(Pakem Padhalangan Lampahan Wahyu Purba Sejati anggitane Ki Siswoharsojo)

b. Pralambanging gendhing Kedhaton Bentar

Ganti kocapa ora kaya ing paseban jawi, para nayaka pepak ingkang sami kawentar  kasudibyan.
(Padhalangan Jangkep Sedalu Muput Lampahan Purbaningrat anggitane Slamet Soe-trisno)

Kawentar = swara “tar” ing kene padha karo wanda pungkasan araning gendhing kang dijaluk dening dhalang, yaiku gendhing Kedhaton Bentar.

c.  Pralambanging gendhing Ladrang Sekarpepe

Telas wigatining pasewakan. Sri naranata gya paring sasmita, para abdi pangampiling upacara wus tanggap. Sadaya sami nyandhak ampilane wasana regedeg samya samekta nggenira anjajari konduring sang narpati. Sri dayinta Dewi Gendari nulya nyandhak astane kang raka nata nulya kinanthi. Jleg tumapaking gamparan kencana lir panjrahing puspita kasunaring surya.
(Serat Pakeliran Lampahan Pandhawa Nugraha anggitane Suratno lan Sogi Sukidjo)

Puspita kasunaring surya = kembang utawa sekar kang kena soroting srengenge à  sekar pepe à sekarpepe.

4. Pralambang araning tembang (sasmita tembang)
Pralambang araning tembang yaiku tembung utawa tembung‑tembung kang dienggo minangka pituduh araning tembang. Pralambang araning tembang iki uga lumrah diarani sasmita tembang.
Sarehning sasmita tembang wis tau dirembug ing Bab IV, mula ing kene ora prelu dirembug maneh.


E. PRALAMBANG KANG AWUJUD PATRAP UTAWA SOLAH-BAWA
           
Pralambang iki bisa disumurupi ana ing pasrawungan, kaya ta: ngawe tandha nyeluk, gedheg tandha emoh utawa ora, lan manthuk tandha iya utawa sarujuk.
Pralambang iki mesthi bae ora mung telu cacahe, nanging isih akeh tuladha liyane kang sengaja ora disebutake ing kene, marga karoncen yen ta disebutake siji‑siji.




--------------------------@--------------------------




BAB 28
M  A  N  T  R  A




Apa ta mantra kuwi? Miturut L. Sunoto ana ing bukune kang asesirah Istilah‑istilah Sastra Indonesia, kang diarani mantra yaiku kata‑kata yang mengandung hikmat dan kekuatan gaib, diucapkan oleh dukun atau pawang, untuk menandingi kekuatan gaib yang lain. Wondene ing Kamus Bahasa Indonesia anggitane S. Wojowasito,  tembung  mantra[4])  ditegesi kalimat (perkataan) yang diucapkan untuk mendatangkan kesaktian; jampi. Ana ing Kamus Istilah Sastra anggitane Panuti Sudjiman tembung mantra ditegesi susunan kata berunsur puisi seperti rima, irama, yang dianggap mengandung kekuatan gaib, diucapkan oleh dukun atau pawang untuk menandingi kekuatan gaib lainnya. Mantra dapat mengandung tantangan atau kutukan terhadap suatu kekuatan gaib, dan dapat berisi bujukan agar kekuatan gaib tersebut tidak berbuat yang merugikan.
Saka katrangan kasebut bisa dijupuk dudutan yen ta kang diarani mantra yaiku tembung‑tembung utawa ukara kang bisa nekakake-nekakake daya gaib. Daya gaib kasebut lumrahe kanggo nandhingi daya gaib liyane, utawa kanggo nuwuhake kasekten lan liya‑liyane.
Ing ngisor iki diwenehi tuladha sawatara bab mantra.

1. Mantra arep ndhalang

Sun nyebut asmaning Pangeran Kang Maha Murah lan Maha Asih. Dhuh Pangeran, nyuwun sih piwelas Paduka, kaparingana tulus rahayu anggen kula pangkat andhalang, saking dunung kula ing kampung .................. (dhusunipun ki dhalang), dumugi panggenan kula ing kampong ................ (dhusunipun ingkang kagungan karsa), kalisa ing sambekala, cinepakna ing basuki raharja. Amin, amin, amin!
(Ungkapan Tradisional sebagai Sumber Informasi Kebudayaan Daerah Jawa Tengah)
                                       
2. Mantra timbul lembu sakilan

Bismillaahir‑rahmaanirrahiim
Dzat  sifatullah, tinumbak tuna, sinuduk  luput, Allah ora katon.
Dene lakune: nindakake mutih pitung dina, terus pati geni sadina sawengi.
(Buku Primbon Jawi Jangkep, anggitane Ki Sura)

3. Mantra padusan (kanggo ngedusi wong kang diruwat) [5])

Aum, tirta sarining tunjung mili mring sendhang nirmala telaga madirda, kang padha adus ruwata sakaliring dur. Umayi kang ngedusi, Parwati kang ngosoki. Wisnu kang ngentas. (Ingkang adus lajeng dipunwisik). Elinga  sira  Kala,  sira  muliha  marang  Kahyangan Jati, asale saka ora, sira muliha marang ora, asalira saka ing jati, sira muliha marang jati. Ingsun iki sajatining Wasesa, saka Kang Maha Kawasa, wus paring panguwasa. Aum, awignam astu nama siddham.
(Mantra Pangudang). Hong, anakku maya‑maya  byong, golong‑golong melompong. Byang byang byung, gulung‑gulung gung malumpung. Hong Hyang  Siwah Maha Swah Hah.
(Pakem Ped(h)alangan Lampahan Wayang Purwa  Jilid I, anggitane S. Probohardjono)



Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-14.html



[1]) Desa Pajang kang dianggep tilas kratone Sultan Hadiwijaya (nata ing Pajang) saiki kalebu wewengkon Surakarta.

[2])  Sajake kang dikarepake ing kene yaiku "kroya". Tembung "kroya" ana ing Kamus Kawi Jawa anggitane C.F. Winter Sr. Ditegesi waringin. Waringin, lumrahe dienggo pralambanging pangayoman, kaya dene kraton kang uga dadi papan panga-yomaning para kawula.

[3])  Eling anane paribasan "Belo melu seton". Ing jaman biyen, saben dina Setu ing alun‑alun lor (kraton Surakarta lan Ngayogyakarta?) dianakake gegladhen perang‑perangan nganggo titihan jaran. Mulane wong kang anut grubyug diparibasakake kaya dene "Belo melu seton". Belo utawa anak jaran kang ora ngreti apa‑apa, melu‑melu gegladhen perang‑perangan ing dina Setu (Seton).

[4]) Ana ing kamus kasebut ditulis: mantera.
[5]) Jinis‑jinising mantra kang kanggo ruwatan bisa dinulu ing Pakem Ped(h)alangan Lampahan Wayang Purwa jilid 1 anggitane S. Probohardjono, lan Ruwatan di Daerah Surakarta anggitane Soetarno.

Tidak ada komentar :