Senin, 09 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (6)


BAB 15
D A S A N A M A

        

Tembung dasanama asale saka tembung dasa lan nama. Dasa tegese sapuluh, dene nama tegese jeneng utawa aran. Dadi, kang diarani dasanama miturut pangreten kasebut yaiku sawijining tembung kang nduweni jeneng utawa aran liya cacah sapuluh. Nanging apa iya bener mangkono? Pranyata ora! Jalaran, sanadyan tembung mau nduweni jeneng utawa aran liya kang cacahe luwih utawa kurang saka sapuluh, arane iya tetep dasanama.
Hla, banjur apa ta kang diarani dasanama kang sakira luwih mathis? Kang diarani dasanama yaiku tembung-tembung kang nduweni teges kang padha utawa kang dianggep ndhuweni teges kang padha antarane tembung siji lan sijine. Tembung “pandhita” upamane, tembung mau dianggep nduweni teges kang padha karo tembung: dwija, dwijawara, suyati, resi, wasistha, lan ajar.
Miturut Serat Dasanama Jarwa anggitane Raden Tumenggung Sastranagara, iya R.Ng. Yasadipura II nalika isih apangkat kliwon, tembung-tembung mau ditegesi mangkene:


-> pandhita, tegesipun pepundhen, dene pinundhi-pundhi
sarerehan wewengkonipun;
->  dwija, tegesipun angesthi terus lair batos;
-> dwijawara, tegesipun  muruk seja  kalih prakawis,
sapisan: angastuti dewa, kaping kalih: amrih karahayon;
->   suyati, tegesipun amesu cipta, wijangipun: suya = amesu,
ti =  cipta;
-> resi, tegesipun suci, dene anetepi panggalih asuci;
-> wasistha, tegesipun  langkung  awas, kados  ta: sumerep
saderengipun winarah; dene
 -> ajar, tegesipun wajib memulang.

Sarehning tembung-tembung mau dianggep nduweni teges kang padha, mula tembung-tembung mau iya banjur diarani dasanamane tembung “pandhita”.
Tumrap sapa bae kang duwe sedya nggilut kasusastran Jawa, sugih kawruh dasanama iku pawitan utama. Tanpa sugih kawruh dasanama, bakal kacipuhan yen ta gawe reriptan kang sinawung ing tembang.
Ing ngisor iki dasanamane tembung-tembung sawatara kang sinawung ing tembang Asmaradana. Amrih pilah-pilahing tembung kang diandharake dasanamane bisa disumurupi, wiwitaning tembung mau katulis nganggo aksara gedhe. Kanggo njumbuhake guru wilangane apadene guru lagu, ing kene ana sawatara tembung kang ora kapetung dasanama, yaiku tembung-tembung kang ana ing sajroning kurung.

Asmaradana

1.     RATU nata narapati
naranata naradipa
katong pamasa pamase
narpa narpati narendra
naradipati raja
nareswara aji dhatu
NOM taruna timur mudha.

2.    AKU kula amba mami
ulun ingsun ingong ingwang
kawula manira (dene)
KOWE sira panjenengan
jengandika sampeyan
pakenira dika (lamun)
KANCA kanthi rewang rowang.

3.    IBU biyung rena wibi
BAPA rama (tuwin) yayah
sudarma (uga tunggale)
IRENG cemeng langking kresna
GUNUNG wukir ancala
arga giri ardi meru
redi prawata aldaka.

4.    KEMBANG padma puspa sari
puspita kusuma sekar
KETHEK kapi palwaga wre
wanara kenyung rewanda
ORA boten tan datan
LANANG jaler priya jalu
ABANG abrit jingga rekta.

5.    KUNING jenar punar jening
dinar jene pita blengah
PUTIH pethak seta pinge
UDAN jawah riris warsa
KANDHA sabda wicara
wacana ling ujar wuwus
MACAN harimong sardula.

6.    OBONG tunu wlagar basmi
REMBULAN (ya) sasadhara
sasi wulan sitengsu lek
sitaresmi candra badra
YEN yan bilih manawa
manawi lamun kalamun
ASOR nistha dama papa.

7.     SRENGENGE pratanggapati
bagaspati bagaskara
pratanggakara radite
raditya radiktya surya
diwangkara baskara
rawi aruna (tan kantun)
diwasasri (lawan) arka.

8.     DHUWIT arta yatra picis
IWAK ulam mina matswa
AGENG agung gora gedhe
BUTA yaksa yaksi ditya
wil danawa danuja
raseksa raseksi diyu
asura (klebu) kalana.

9.     LEMAH bantala pratiwi
bumi kisma basundara
basundari pratala (yen)
PINTER wasis lebda limpad
wignya guna widagda
widura nimpuna putus
KALI bengawan narmada.

10.  ANAK putra sunu siwi
atmaja tanaya suta
GENDERA panji (myang) rontek
umbul-umbul dwaja dludag
ARAN asma peparab
jeneng kekasih jejuluk
wewangi (lan) panengeran.

11.   PANAH warastra jemparing
astra bana (miwah) sara
TURU nendra guling sare
BANGKE kuwanda kunarpa
KARATON dhatulaya
puri kadhatwan kadhatun
pura kadhaton kadhatyan.

12.  BODHO kumprung punggung pingging
pengung jugul mudha dama
MALIH maning muwah maneh
METENG mbobot ngandhut wawrat
GODHONG ron dhaon patra
SLAMET raharja rahayu
basuki yuwana swasta.

13.  ATI nala kalbu galih
prana driya wardaya tyas
CANTRIK[1]) uluguntung cekel
geluntung manguyu janggan
wasi puthut (manawa)
ENDHANG bidhang (malihipun)
mayang mentrik dungik sontrang.

14.    BANYU toya jala warih
ranu sindu jahning tirta
udaka we lodaka her
ANGIN samirana barat
sindhung bajra pawana
pancaroba lesus bayu
maruta (uga) prahara.

15.    MALING (padha karo) curi
weri pandung duratmaka
TUNJUNG pakaja terate
kumuda saroparuka
saroja sarasidya
KERIS suduk dhuwung dhuhung
katga curiga wangkingan.

16.    DHAUP (iku) ijab kawin
palakrami palakrama
JURANG trebis trejung rejeng
SOROT sunar cahya praba
sirat sunu ujwala
WENGI bengi ratri dalu
TATU kanin labet brana.

17.  GERAH rapuh roga agring
wikara (tegese) lara
ENGGAL aglis agya age
gya tumulya nulya tandya
tandwa gupuh saksana
TUWA sepuh wredha jimbun
MOKAL nglengkara ndupara.

18.   KAYA kados kadya kadi
anglir yayah lir (lan) pendah
lir-pendah pindha (jangkepe)
LANGIT wiyati awiyat
jumantara akasa
antariksa gegana (trus)
widik-widik wiyat tawang.

19.   MATI lampus lena lalis
layon ngemasi pralaya
laya layu (apadene)
palastra padhem antaka
WONG janma jalma tiyang
manusya manusa manus
manuswa manungsa jana.

20.  KABEH sadaya sakalir
sadarum samanta sanggya
sagung salir salwir sakeh
sakweh (atanapi) kapwa
SUMAPUT (ya) kantaka
kapidhara klenger kantu
CELENG waraha sukara.

21.  JARAN kapal aswa wajik
titihan turangga kuda
MAS kancana rukmi jene
rukma kanaka suwarna
GAJAH liman matangga
asti esthi brajamuthu
dirada (tuwin) dwipangga.

22. KALAH katitih kelindhih
kawon kasor kandhah kandhap
ULA sarpa naga (lyane)
bujangga ardawalika
NDELENG ndelok ngeksi (myang)
miyat anon mulat ndulu
NAPAS uswasa usyasa.

23. WETU wiyos wedal wijil
wuryan wahya (sarta) wimba
BEN kareben murih dimen
amrih supados supaya
AWAN siyang raina
RAME atri umyang umyung
gumuruh ramya gurnita.

24. DUKA muntab kridha muring
bendu nepsu (karo) mangkrak
UTUSAN caraka gandhek
duta cundhaka prajaka
KONDHANG kasub kawentar
kombul kaloka misuwur
kongas kasusra sumbaga.

25. WEDHUS menda domba kambing
THATHIT kilat lidhah kedhap
kelap widyuta caleret
LEMBU andini andaka
sapi pirdos andana
ENDAH respati raras-rum
asri peni alep listya.  (Mul).


Katrangan:

Ing basa Jawa, sawijining tembung bisa nduweni teges luwih saka siji. Mula iya ora aneh yen ing tembang Asmaradana kasebut ana sawijining tembung kang dienggo dasanamane tembung kang beda.



-------------------------@-------------------------



 BAB 16
S A N E P A



Sadurunge ngrembug bab apa ta kang diarani sanepa kuwi, ing ngisor iki dipethikake dongeng mula bukane trenggiling yen ana bebaya banjur ngringkel. Dongeng mau kapethik saka buku Njamikan (kawaosa: Nyamikan) jilid 1, buku wacane murid-murid pamulangan andhap (yen saiki padha karo: Sekolah Dasar) jaman biyen, anggitane M. Mardjana lan M. Samoed Sastrowardojo.

Gambuh

1. Trenggiling mlayu-mlayu
kepapag lan mitrane satuhu
iya iku si luwing ana ing tegil
luwing sajak rada gumun
nulya sigra dennya takon

2. “Yagene iku mau
 ambekanmu teka ngangsur-angsur
 karenggosan kaya dioyak ing janmi”
Sigra trenggiling sumaur
“Mau kapregok ing uwong”.

3. Luwing calathu ngguguk
sajak ngece marang kancanipun
“Kebangeten kowe kuwi heh trenggiling
weruh uwong bae gugup
playumu alonjong botor”.

4. Trenggiling rada nepsu
nanging sareh amangsuli wuwus
“Lah kok aneh kowe kuwi heh si luwing
aku kokpenging lumayu
kalamun kepapag nguwong.

5. Lah kepriye polahku
yen cinekel tan wurung ingingu
kinurungan tan mardika rina wengi
nadyan pangan ngombe cukup
datan bisa kloyang-kloyong.

6. Apa seneng atiku
anak bojo datan bisa weruh?”
Mitrane si luwing anyauri aris
“Gampang bae pratikelku
kalamun ginepok ing wong.

7. Awakku nuli mlengkung
amalungker andhelik sirahku
datan kongsi bisa kecandhak ing janmi
kinira aku wis lampus
satemah binuwang adoh”.

8. Trenggiling amituhu
mring welinge mitranira mau
mula saben-saben kepapag ing janmi
ora ngoncati pakewuh
malah ngringkel api layon.

Ing pada kaping telu gatra pungkasan ana unen-unen, “playumu alonjong botor”. Tembung “lonjong” (ater-ater a- ing wacan kasebut mung kanggo nggenepi guru wilangan bae), manut jinising tembung kalebu tembung watak utawa kaanan, dene tembung “botor” kalebu tembung aran. Botor iku kalebu barang kang bunder. Ewa samono diarani lonjong. Iki mratandhani playune trenggiling banter banget. Saking bantere, nganti trenggiling kang awake dawa iku katon bunder. Botor kang bunder bae isih kungkulan bundere. Awit saka iku botor mau diarani lonjong, marga kungkulan bunder dening kaanane trenggiling nalika mlayu.
Iya unen-unen kang tegese mbangetake, kadadean saka tembung kaanan lan tembung aran nanging kosok-balen iku  kang  diarani sanepa. Kang disanepakake (ing tuladha kasebut: playune trenggiling) kaanane ngungkuli utawa ngluwihi kaanane barang kang kasebut ing wekasane ukara sanepa (ing tuladha kasebut: botor). Utawa, botor kang sajatine bunder iku dianggep kosok baline, yaiku lonjong, yen katandhing karo bundering kaanane trenggiling nalika mlayu.
Sanepa, panganggone tarkadhang uga ana kang disaroja. Upamane, sanepa “renggang gula” kang padha karo sanepa “kumepyur pulut”, kanggo mbangetake surasa, sanepa loro mau banjur dienggo bebarengan dadi ”renggang gula, kumepyur pulut”. Sanepa “renggang gula”  iku sanepane wong kang raket sesrawungane. Samono uga sanepa “kumepyur pulut”. Janturan kirab kanarendran ing upacara pawiwahan ngisor iki bisa dienggo tuladha.


................................................................................................
Kebayak landhung langking warnane ugi tan kari sinulam  ing benang rukma, kaistha  sekar tunjung seta,  tuhu  endah tuhu edi, mila  panganten  putri datan siwah sekaring kedhaton. Sangsangan mas sinangling carub wor sangsangan sekar mlathi ginubah, kumlawer maripit ing jaja lir naga taksaka marepeg angalon lampah. Sida asih nyampinge, kembar kalawan nyampinge panganten kakung. Kang mangkono asung pralambang manawa panganten kakung lan putri kembar tresnane, kembar bibit, bebet, lan bobote. Raket supeket akekanthen asta, tan ginggang sarikma, yen ta densanepakake: renggang gula kumepyur pulut.
................................................................................................
(Upacara Panganten (Tatacara Kajawen), dhapukane R. Danang Sutawijaya lan R.M.A. Sudi Yatmana, kaowahan sawatara)

Gula, ing kene karepe: gula Jawa, kang kacithak ing bumbung utawa cithakan liyane, iku ora ana renggange. Ewa samono isih diarani renggang yen ta katandhing karo astane panganten sakaloron kang tansah akekanthen iku. Samono uga pulut. Ora ana pulut kang kumepyur, awit pulut iku pliket. Kang kumepyur iku barang kang ora pliket. Ewa samono puluh isih diarani kumepyur yen ta katandhing karo puleting astane panganten sakaliyan kang ora gelem ginggang sarambut iku, kaya-kaya astane panganten kakung lan putri iku ana pulute saengga kelet. Kanthi tembung liya: gula kang sajatine rapet iku dianggep kosok baline, yaiku renggang, yen katandhing karo rapeting astane panganten kakung lan putri kang lagi gegandhengan iku. Samono uga pulut kang sajatine pliket iku dianggep kosok baline, yaiku kumepyur, yen katandhing karo astane panganten sakaliyan kang kaya-kaya ora bisa dipisahake marga saking plikete.
Unen-unen liyane kang kalebu sanepa, kaya ta:
1.      Abang dluwang          -> cahyane
2.     Abot kapuk              -> bobote
3.     Agal glepung             -> wujude
4.     Anteng kitiran          -> polahe (rongeh banget)
5.     Arang wulu kucing     -> kehing utange
6.     Arang kranjang         -> tatune
7.     Arum jamban            -> gandane
8.     Atos debog               -> balunge (ora duwe kasekten)
9.     Bening leri                -> cahyane
10.  Benjo tampah            -> wujude
11.   Dhuwur kencur         -> dedege
12.  Jero tapak meri       -> kawruhe
13.  Lonjong mimis           -> playune
14.  Legi bratawali          -> rasane
15.  Pait madu                 -> eseme, swarane, omongane
16.  Pait kilang                -> eseme, swarane, omongane
17.  Pered beton              -> rembuge
18.  Resik paceren           -> tembunge (olehe ngunen-uneni)
19.  Sigar semangka         -> pamore.



-------------------------@-------------------------


[1])  Cantrik iku reh pandhita lanang. Yen reh pandhita wadon jenenge endhang.

Tidak ada komentar :