Jumat, 13 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (8)


 BAB 19
PARIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA



Paribasan, bebasan, lan saloka, telu-telune unen-unene wis gumathok. Lire, tembung-tembunge ora ana kang kena diowahi. Saliyane kuwi, paribasan, bebasan, lan saloka uga kalebu golongane tembung entar, yaiku unen-unen kang ora kena ditegesi sawantahe bae, kajaba mung paribasan kang kala-kala duwe teges wantah.
Sarehning telu-telune nduweni titikan kang padha, kajaba paribasan kang kala-kala duwe teges wantah, mula ora jeneng aneh yen ta ing paguneman padinan bab kasebut mung katelah paribasan bae. Bab iki jumbuh kalawan apa kang dingan-dikakake dening Dalil Prawirodiharjo ing bukune kang asesirah Paribasan. Sanadyan sesirahe mung Paribasan, nanging isine kajaba paribasan, uga ana bebasan, saloka, sanepa, lan pepindhan kaya kang diterangake ing bebukaning buku mau. Kanthi mangkono, miturut Dalil Prawirodihardjo ora mung winates ing paribasan, bebasan, lan saloka bae kang lumrah diarani paribasan ing paguneman padinan, nanging uga sanepa lan pepindhan.
Kaya bukune Dalil Prawirodihardjo, bukune Raden Mas Aryasutirta kang asesirah Paribasan Katerangake Sarana Dongeng uga ora mung mligi ngemot paribasan bae.
Pethikan piwulange S. Siswasudiro ing bukune kang asesirah Retna Ginubah (Dhidhikan Budipekerti) ngisor iki uga nuduhake yen tembung “paribasan” pancen lumrah kanggo ngarani bebasan utawa saloka ing paguneman padinan.

“Durung mesthi yen panemu bener iku metu saka wong kang pinter, kang kawasa utawa kang sarwa brengga rowa. Elinga anane paribasan: ’Giri lusi, janma tan kena ingina’, uga ‘Nyolong pethek’, lan ‘Bathok bolu isi madu’”.

Apa unen-unen “Giri lusi, janma tan kena ingina”, “Nyolong pethek”, lan “Bathok bolu isi madu” iku kabeh kalebu paribasan? Pranyata ora! Saka buku-buku kang ngemot bab paribasan, bebasan, lan saloka bisa disumurupi manawa unen-unen “Giri lusi, janma tan kena ingina” lan “Nyolong pethek”  pancene kalebu paribasan, nanging unen-unen “Bathok bolu isi madu”  kalebu saloka.
Kepriye beda-bedane paribasan, bebasan, lan saloka? Ngenani bab kasebut, Dalil Prawirodihardjo nerangake mangkene:

-> Paribasan punika ungel-ungelan ingkang ajeg panganggenipun,
ateges wantah kemawon, boten ngemu suraos pepindhan;
-> Bebasan punika ungel-ungelan ingkang ajeg panganggenipun, isi
suraos pepindhan tumrap kawontenaning tiyang, tarkadhang tindak-tandukipun;
-> Saloka punika ungel-ungelan ingkang ajeg panganggenipun, isi
suraos pepindhan tumrap tiyangipun, mesthi kemawon kaliyan kawontenanipun.

Wondene S. Padmosoekotjo ing bukune kang asesirah Ngengrengan Kasusastran Djawa jilid I ngandikakake mangkene:

-> Paribasan; unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges
entar, ora ngemu surasa pepindhan;
-> Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong (utawa barang);
-> Saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan nanging kang dipindhakake wonge.

Apa kang dingandikakake dening Dalil Prawirodihardjo lan S. Padmosoekotjo kabeh wose padha bae, kajaba paribasan. Miturut Dalil Prawirodihardjo, paribasan ateges wantah bae, nanging miturut S. Padmosoekotjo mawa teges entar. Ing babagan iki, manut panemune kang nulis buku iki, loro-lorone padha benere. Apa sababe? Kaya kang wis diaturake ing dhuwur, sabab paribasan kajaba kalebu golongane tembung entar, uga ana kang ateges wantah bae.
Murih bisa entuk gambaran bab beda-bedane paribasan, bebasan, lan saloka, ing ngisor iki diwenehi tuladha-tuladha sawatara.

A. PARIBASAN

1.  Ana catur mungkur.
Nyingkiri rerasan ala.
2.  Anak molah bapa kepradhah.
Wong tuwa nemu pakewuh marga saka tindake anake.
3.  Blilu tau, pinter durung nglakoni.
Sanadyan bodho, sarehning wis sering nindakake, mula iya luwih prigel tinimbang karo kang luwih pinter nanging durung tau nindakake.
4.  Busuk ketekuk, pinter keblinger.
Wong kang bodho lan kang pinter padha dene nemu cilaka. Kang bodho marga ora ngretine, dene kang pinter marga saka kurang wewekane.
5.  Ciri wanci, lelahi (lelewa) ginawa mati.
Cacad utawa padatan ala kang ora bisa ilang nganti wong kang kadunungan padatan ala mau tumekaning pati.
6.  Cobolo mangan teki.
Wong bodho iku pantese mangan teki. Ora pantes yen ta mangana sega.
(Katrangan: Panemu kaya mangkene saiki wis ora njamani).
7.  Criwis cawis.
Yen diprentah sajak wegah, malah kepara madoni, nanging ing kasunyatan gelem tumandang.
8.  Dahwen ati open.
Nacad apa ta apa, nanging anggone nacad duwe karep arep ngalap kang dicacad mau.
9.  Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan.
Dudu sadulur, nanging yen nganti nandhang ora kepenak melu ngrasakake.
10.  Durung ilang pupuk lempuyange.
Dianggep kaya dene bocah cilik.
11.   Durung pecus kaselak besus.
Durung sembada nanging wis duwe panjangkah kang ora-ora.
12.  Dhemit ora ndulit, setan ora doyan.
Tansah rahayu; ora tau kena alangan.
13.  Gemblung jinurung, edan kuwarisan.
Tumindake ndhugal lan ugal-ugalan, naging ora tau ketanggor.
14.  Giri lusi, janma tan kena ingina.
Ora kena ngina marang sadhengah wong. Salagine cacing bae bisa tekan ing pucuking gunung, apa maneh manungsa, saya ora kena diina.
15.  Jumambak manak, jumebeng meteng.
Wanita kang kerep banget duwe anak.
16.  Kadang konang.
Kang diaku sadulur mung wong kang sugih utawa duwe kalungguhan.
17.  Kalah cacak menang cacak.
Samubarang pangangkah, bisa kaleksanan utawa orane prelu dinyatakake dhisik.
18.  Kendel ngringkel, dhadhag godhag.
Ngakune kendel, bareng kepengkok ing pancabaya jebul jirih.
19.  Keplok ora tombok.
Melu seneng-seneng ora melu ngetokake ragad.
20. Ketula-ketula ketali.
Tansah nandhang reribed.
21.  Kineban lawang tobat.
Wis ora oleh pangapura saka Pangeran.
22. Kongsi jambul wanen.
Nganti tuwa banget.
23. Kuncung nganti gelung.
Wiwit cilik nganti diwasa.
24. Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok.
Nalika ditari supaya omah-omah ora gelem, tansah lengkak-lengkok, wusanane gelem, malah nganti duwe anak barang.
25. Mbidhung api rowang.
Jane mono karepe arep maeka, nanging ethok-ethok dadi kanca.
26. Nyolong pethek.
Samubarang kang adoh sungsate karo wujude; luput saka pangira-ira. Upamane: katone bodho, jebul pinter.
27. Obah ngarep kobet buri.
Yen wong kang dadi pangarep gelem tumindak, wong kang ana burine (utawa andhahane) adate bakal melu tumindak.
28. Sadumuk bathuk sanyari bumi.
Padudon prakara lemah utawa wanita lumrahe ditohi pati.
29. Saksi rumembe.
Saksi susulan. Upamane: sakawit kandha mung duwe saksi siji, nanging ing pamburine kandha yen isih duwe saksi maneh.
30. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem.
Kang sinedya muga bisaa kaleksanan saka pujine wong akeh.
31.  Tulung menthung.
Aweh pitulungan nanging malah gawe rekasane wong kang ditulungi.
32. Tuna sathak bathi sanak.
Tuna sathithik ora apa-apa waton bathi sadulur.
33. Tunggal welad.
Sadulur tunggal bapa biyung.
34. Tut wuti ndayani (ing lambang Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan dadi: Tut Wuri Handayani).
Ngetutake ing buri kanthi aweh pitutur lan pituduh.
35. Ulat madhep ati karep.
Dhasare pancen wis cocog, tur wis suwe olehe kepengin.


B. BEBASAN

1.     Beras wutah arang mulih marang takere.
Samubarang kang owah saka asale arang-arang bisa pulih kaya maune.
2.    Dicuthat kaya cacing.
Ditundhung kanthi cara kang siya-kaniaya.
3.    Dikena iwake, aja buthek banyune.
Bisaa kena kang sinedya, nanging aja nganti gawe gendra.
4.    Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Wis diwenehi kalonggaran isih durung trima.
5.    Dudu beras ditempurake.
Nyambung utawa udhu rembug kang ora cocog karo undheraning rembug.
6.    Emban cindhe emban siladan.
Pilih kasih; ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine.
7.    Idu didilat maneh.
Janji kang wis dikandhakake, dijabel.
8.    Katon cepaka sawakul.
Disenengi dening wong akeh.
9.    Kelacak kepathak.
Ora bisa suwala marga kabukten luput.
10. Kegedhen empyak kurang cagak.
Kegedhen pepenginan, kurang ragad.
11.  Kerot tanpa untu.
Duwe ada-ada utawa pepenginan, nanging ora duwe ragad.
12. Madu balung tanpa isi.
Padudon utawa regejegan marga barang kang remeh.
13. Lambe satumang kari samerang.
Olehe mituturi wis bola-bali, nanging kang dipituturi ora tau nggugu.
14. Lanang kemangi.
Wong lanang kang jirihan.
15. Nabok nyilih tangan.
Namakake panggawe ala sarana kongkonan.
16. Ngubak-ubak banyu bening.
Gawe rerusuh ing panggonan kang tentrem.
17. Nguthik-uthik macan dhedhe.
Ngganggu gawe marang wong kang lagi bae lilih nepsune.
18. Ora tembung ora lawung.
Nyilih baranging liyan tanpa kandha.
19. Ora uwur ora sembur.
Ora menehi pawitan bandha apa dene aweh pitutur.
20.Pandengan karo srengenge.
Lelawanan karo wong kang duwe panguwasa.


C. SALOKA

1.      Asu belang kalung wang.
Wong asor nanging sugih.
2.     Asu munggah papahan.
Nrabeni tilas bojone sadulur tuwa.
(Papahan = paga).
3.     Bathok bolu isi madu.
Wong asor, nanging sugih kapinteran.
(Bathok bolu = bathok wadon).
4.     Bebek mungsuh mliwis.
Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging kang siji kalah ubed.
5.     Belo melu seton.
Anut grubyug.
(Seton = gegladhen perang-perangan ing dina Setu sarana numpak jaran).
6.     Cengkir ketindhihan kiring.
Wong kang kalah prabawa marga kalah tuwa.
7.     Dudutan lan anculan.
Wong loro kang wis padha kekethikan.
(Dudutan = talining anculan; anculan = memeden ing sawah).
8.     Emprit abuntut bedhug.
Prakara sepele wekasane dadi ngambra-ambra.
9.     Gajah ngidak rapah.
Wong kang nerak marang wewalere dhewe.
10.  Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah.
Wong gedhe pasulayan, wong cilik kang dadi korban.
11.   Gong lumaku tinabuh.
Wong kang kepengin banget ditakoni ing liyan.
12.  Jati ketlusuban ruyung.
Gegolongane wong apik, klebon wong kang ala wewa-tekane. Utawa: klebon telik sandi.
(Ruyung = araning kayu).
13.  Kebo mulih ing kandhange.
Samubarang kang wis ilang suwe, wasana bali maneh. Utawa: wong kang wis suwe ninggalake desa klairane, wasana mulih lan manggon ing desa klairane maneh.
14.  Kebo nusu gudel.
Wong tuwa kang njaluk wuruk marang wong enom.
15.  Kemladheyan ngajak sempal.
Nunut, nanging malah ngajak rusak marang wong kang menehi tunutan.
16.  Kutuk marani sunduk.
Wong kang njarag marani bebaya.
17.  Lahang marani manis.
Wis bagus (utawa ayu) rupane, isih kawuwuhan luhur bebudene.
(Lahang = legen)
18.  Sumur lumaku tinimba.
Wong kang kumudu-kudu dijaluki warah.
19.  Timun wungkuk jaga imbuh.
Wong bodho, kanggone mung yen ana kekurangan wong bae.
20. Tigan kaapit ing sela.
Wong ringkih (utawa sekeng) memungsuhan karo wong santosa (utawa sugih) tur dikrubut loro.

Ing dhuwur wis diterangake yen paribasan, bebasan, lan saloka tembung-tembunge ora ana kang kena diowahi. Pancene iya mangkono! Nanging kang mangkono yen ora dumunung ing ukara kang sinawung ing tembang. Yen paribasan, bebasan utawa saloka mau dumunung ing ukara kang sinawung ing tembang, marga kaiket ing guru lagu lan guru wilangan, paugeraning paribasan, bebasan, lan saloka kudu dikalahake dening paugeraning tembang. Geneya? Awit paribasan, bebasan, lan salokane kang kanggo ngrenggani tembang, dudu tembange kang kanggo ngrenggani paribasan, bebasan utawa saloka.
Pethikan saka Serat Wedhatama anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV ing ngisor iki kena dienggo tuladha.

           Pucung

Durung pecus kesusu keselak besus
amaknani rapal
kaya sayid weton Mesir
pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.

Ing gatra kapisan, paribasan kang kudune: “Durung pecus keselak besus”, ing wacan kasebut dadi: “Durung pecus kesusu keselak besus”. Geneya? Supaya guru wilangan ing gatra kasebut bisa jumbuh kalawan paugeraning tembang Pucung. Wuwuhan tembung “kesusu” ing kene mung kanggo njangkepi wilangane bae. Jalaran, guru wilangan ing gatra kapisan tembang Pucung iku ana 12 wanda.
Samono uga pethikan saka Serat Kebokananga ing ingsor iki.

           Gambuh

Cebol anggayuh tengsu
          jroning tengsu ana rupa wujud
iya wujud rupa kaananireki
tegese pangrasa iku
ya cahyanira ing kono.

Ing pethikan kasebut, saloka kang kudune: “Cebol nggayuh lintang”, dadi: “Cebol anggayuh tengsu”. Tembung “lintang” ing wacan kasebut diganti tembung liya kang tegese padha, yaiku “tengsu”. Geneya? Awit yen tembung “lintang” tetep ditulis “lintang” mesthi bae nyalahi pathokaning tembang, utamane guru lagu. Marga apa? Jalaran tembang Gambuh gatra kapisan guru lagune ora ana kang tiba a. Coba priksanana maneh katrangan kang tinemu ing Bab III. Nah, sarehning tembang Gambuh kang dienggo ing wacan kasebut tembang Gambuh kang kaping pat, mesthi bae guru wilangan lan guru lagune kudu: 7-u. Mula, supaya babagan kasebut jumbuh kalawan paugeraning tembang, tembung “lintang” banjur diganti tembung liya kang tegese padha, yaiku: “tengsu”. Kanthi mangkono, ateges ora nyalahi pathokaning tembang.
Wondene tembung “nggayuh” dadi “anggayuh”, iki uga bisa dimangreteni. Sapisan, panulising Serat Kebokananga nganggo aksara Jawa. Yen ta tembung “nggayuh” ditulis ing aksara Jawa, panulise rak
ta? Kapindho, sanadyan yen kapeksa kena ditulis
(kalebu dayasastra), nanging ater-ater
ing wacan kasebut pancen dibutuhake tenan. Kanggo ngapa? Kanggo njangkepi guru wilangan! Mula iya ora aneh yen ditulis mawa ater-ater
Jangkepe:



-------------------------@-------------------------


  
BAB 20
PEPINDHAN



......................................................................
Mila jejuluk Sri Bathara Kresna, nata cemeng sarirane trusing balung sungsum daging prapteng ludirane. Manawa ayam, ayam ireng cemani kena kinarya sarana. Sanadyan Sri Arimurti uga dadya sarana jayaning Pandhawa ing Bratayuda.
Arimurti, luwih dening padhang, sayekti weruh sadurunge winarah. Padmanaba, wadhah linuwih, dene kawawa dadi wadhahing sekar Wijayakusuma panguripane wong sabumi. Wasudewa, titising dewa, marma kawawa hangasrepi jagad. Kesawa, panah linuwih, dene kalamun tiwikrama bisa asipat brahala sakalamrecu gedhene. Narayana, prajurit linuwih, mila dadi sarayaning dewa. Danardana, dene sadina-dina tansah adedana, lumintu lir ilining toya narmada. Janardana, wong sugih, apa kang cinipta dadi kang sinedya kena. Wisnumurti, Wisnu sawantah, marma wus datan samar saolah kridhaning jagad.
......................................................................
 (Padhalangan Jangkep Sadalu Muput Lampahan Purbaningrat, anggitane Ki Slamet Soetarso)

Ing pethikan janturaning dhalang kasebut ing dhuwur ana ukara kang unine: “Danardana, dene sadina-dina tansah adedana, lumintu lir ilining toya narmada”. Karepe, Prabu Kresna anggone dedana ora tau kendhat, prasasat kaya ilining banyu kali kang ora ana pedhote. Iya ukara kang kaya mangkono kang diarani pepindhan.
Tembung pepindhan asale saka tembung lingga pindha kang karangkep purwane lan kawuwuhan panambang –an. Pindha tegese kaya. Dasanamane yaiku anglir, lir, lir-pendah, pendah, kadi, kadya, kados, yayah.
Kang diarani pepindhan yaiku ukara kang ngemu surasa mirib utawa memper. Mulane dhapukaning ukarane akeh kang mawa tembung “pindha” utawa dasanamane. Nanging apa kudu mawa tembung “pindha” utawa dasanamane? Ora! Sanadyan ora mawa tembung “pindha” utawa dasanamane, uga kena diarani pepindhan waton ukarane ngemu surasa mirib utawa memper. Adate, pepindhan kang ora mawa tembung “pindha” utawa dasanamane iku mawa tembung andhahan. Utawa maneh, sanadyan mung tembung lingga, nanging tembung mau wis ngemu surasa mirib utawa memper.
Ing ngisor iki tuladha-tuladha pepindhan.

1.  Pepindhan kang mawa tembung “pindha” utawa dasa-namane.

…………………………………………………………
Gantos kacariyos, wonten ahli gambar saklangkung misuwur kasagedanipun, damelipun lelana ngalaya bumi, mider-mider pados kaelokaning jagad. Dumugi nagarinipun Prabu Suryakantha, taken punapa kaelokanipun ing nagari ngriku. Wangsulanipun tiyang ing dipuntakeni, “Lah gampang mawon. Sing elok sang prabu niku. Le boten elok mawon pripun, wong boten ebah panggalihe sanadyan ting tremplek para putri sing adi-adi sing kados bulan purnama rupane, puguh boten karsa krama. Teng wanita kidih-kidih”.
…………………………………………………………
(Prabu Suryakantha Dewi Ananggaraga, jarwanipun L. Mardiwarsito).

Ing pethikan kasebut, para putri kang adi-adi utawa para putri kang ayu-ayu rupane dipindhakake rembulan purnama, yaiku rembulan kang pinuju nyunari jagad ing tanggal 15.
Sanadyan pethikan ing dhuwur ora nganggo basa rinengga, nanging tetep diarani pepindhan. Jer pepindhan ora kudu nganggo basa pacakan. Kang wigati yaiku dhapukaning ukarane ngemu surasa mirib utawa memper.

2.  Pepindhan kang mawa tembung andhahan kang ngemu surasa “pindha”.

                                            ANJANI

Anjani tapa nyanthuka, ndhepepes ana ing dhampenge tlaga Madirda. Ora mangan yen ora ana kleyang tiba ing pangkone. Ora ngombe, yen ora ana ebun tumetes ing lambene.
Tapane Anjani nganti pirang-pirang taun, salirane nggagang aking.
Kocap Bathara Guru pinuju nganglang jagad, tindake nitih Nandini ngambah jumantara, liwat ing sadhuwure tlaga Madirda. Bareng priksa wanudya kang lagi mratapa ana ing dhampenge tlaga, Bathara Guru banget kamiwelasen. Sang Bathara ngupaya sinom (godhong asem kang isih enom), diuncalake menyang tlaga Madirda, tiba ing pangkone Anjani. Sinom binukti dening Anjani. Amarga mbukti sinom peparinge Bathara Guru, Anjani nggarbini, wasanane mbabar putra priya awarna wanara.
Ujaring kandha, sarehning kang njalari Anjani nggarbini amarga mbukti “sinom”, putrane banjur sinung peparab Anoman.
(Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita jilid I, anggitane S. Padmosoekotjo)


Tembung “tapa nyanthuka” tegese tapa ndhepepes kaya canthuka (=kodhok). Sanadyan ukara kang ana tembunge “tapa nyanthuka” mau ora nganggo tembung “pindha” utawa dasanamane, nanging ukara mau tetep diarani pepindhan. Kang mangkono marga tembung “nyanthuka” wis ngemu teges “kaya”. Kaya apa? Kaya canthuka, kaya kodhok!
Samono uga ukara, “Tapane Anjani nganti pirang-pirang taun, salirane nggagang aking”. Sanadyan ing ukara mau ora ana tembunge “pindha” utawa dasanamane, nanging ukara kasebut iya kalebu pepindhan. Jalaran apa? Awit tembung “nggagang aking” wis ngemu teges “kaya”, yaiku kaya gagang kang wis aking. Karepe, salirane Anjani kuru banget prasasat kari lunglit, kari balung karo kulit.

3.  Pepindhan kang ora mawa tembung “pindha” utawa dasanamane apadene tembung andhahan, nanging wis ngemu surasa “pindha”.

             Sinom

              Kudanira Jeng Nabi Muham(m)ad
tur nate ingagem jurit
gung agung tandanging raga
             pada wadanane ngenting
amawi nama sami
pan Mashur ulese dhawuk
tutul pan kaduk kresna
malih kudane Jeng Nabi
kang satunggal gula geseng ran Majujah.
(Menak Lakat jilid I).

Sanadyan tembung “gula geseng” ing kene ora mawa wuwuhan ater-ater utawa panambang, apa maneh mawa tembung “pindha” utawa dasanamane, nanging iya kena diarani pepindhan. Awit, jarane Kanjeng Nabi Muhammad kang aran Majujah iku cetha jaran kang awarna abang semu ireng kaya warnane gula (Jawa) kang geseng. Rak iya ngono ta?

Tuladha-tuladha liyane maneh upamane:
1.      Tandange kaya bantheng ketaton.
2.     Rukune kaya mimi lan mintuna.
3.     Kuning pindha mas sinangling.
4.     Mbranyake kadya Raden Samba.
5.     Santosane kaya janget kinatelon.
6.     Kekejera kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak angin, daksaut daksabetake prabatang, sirna ilang kuwandhamu.
7.     Kesit kadya thathit, cukat kadya kilat.
8.     Lakune kaya macan luwe.
9.     Lembeyane mblarak sempal.
10.  Brengose nglaler mencok.
11.   Suweke nyangkem kodhok.
12.  Salake medhi.
13.  Kerise Pangeran Dipanagara awrangka gayaman.
(Wrangka gayaman = wrangka kang wangune kaya wohing gayam).
14.  Jaran kembang duren kae jarane Diran.
(Jaran kembang duren = jaran kang warnane kuning semu putih, kaya warnaning kembang duren).
15.  Temboke arep dakcet sawo mateng.
(Karepe, kaya warnaning sawo kang wis mateng).
16.  Kucing kembang asem ingon-ingone Paiman mati keplindhes trek.
(Kucing kembang asem = kucing kang warnane abang semu putih, kaya warnaning kembang asem).
17.  Warunge Sudar wangun gedhang salirang.
(Karepe, wanguning warung kang mawa empyak siji, sakane papat. Dadi kaya gedhang salirang).


-------------------------@-------------------------
Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-9.html

Tidak ada komentar :