Senin, 16 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (9)


BAB 21
PURWAKANTHI



Tembung purwakanthi asale saka tembung purwa lan kanthi. Purwa tegese wiwitan, dene kanthi  tegese gandheng. Purwakanthi nelakake apa-apa kang wis kasebut ing perangan purwa utawa ngarep, dikanthi, digandheng, utawa dibaleni maneh saengga dadi katon runtut.
Bangsa Jawa kalebu bangsa kang seneng marang tetembungan kang dhapukane mawa purwakanthi. Ora mung ing tembang bab purwakanthi iku dienggo. Dalasan ing paguneman padinan uga tinemu purwakanthi. Samono uga ing wangsalan, paribasan, bebasan, saloka lan liya-liyane maneh.
Coba setitekna tuladha-tuladha ing ngisor iki.

1.    Ing jaman biyen, ing karang padesan, yen pinuju wulan purnama bocah-bocah sok padha dedolanan ana ing latar utawa dalan gedhe. Adate, bocah kang metu saka ngomah dhisik dhewe banjur celuk-celuk kanca-kancane kang isih padha ana ngomah, mangkene:

Padhange kaya rina
sing dolan ora ana
bocah dolan renea.

Bocah-bocah  kang isih padha ana ngomah banjur wangsulan, “Guyub!”. Karepe, ora kabotan yen ta mara ing papane bocah kang celuk-celuk mau.
Saiki coba ayo dirasakake bebarengan. Apane kang endah ing tetembungane bocah kang lagi celuk-celuk kanca-kancane supaya padha mara ing papan kasebut?
Kang marakake endah rak marga swarane runtut ta?! Kepriye olehe ora endah, hla wong ing andhegan kapisan, kapindho, lan kaping telu kabeh mawa swara “a”. Rak ya endah ta?
Nah, tetembungan utawa ukara kang runtut swarane mau diarani  purwakanthi guru swara. Tegese, purwakanthi kang adhedhasar swara.

2.  Kajaba kang runtut swarane, uga ana kang runtut aksarane. Kang runtut aksarane diarani purwakanthi guru sastra. Tegese, purwakanthi kang adhedhasar sastra utawa aksara.
Ukara ing ngisor iki bisa dienggo tuladha purwakanthi guru sastra.

“Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling”.

Ing tuladha kasebut, aksara
  ing tembung “kala” dibaleni maneh ing saben tembung kang 
     mapan ing burine. Bab mau bakal luwih cetha yen ditulis ing aksara Jawa kaya ing 
     ngisor iki.

 
3.   Ana maneh kang dibaleni ora mung swara lan aksarane bae, nanging malah tembunge, sanadyan ta kala-kala presis kala-kala ora. Kang kaya mangkono diarani purwakanthi lumaksita. Jalaran, tembung kang wis kasebut ing perangan ngarep lumaksita, utawa mlaku, kang banjur  mapan ing perangan buri. Purwakanthi lumaksita uga ana kang ngarani purwakanthi basa. Tuladhane, upamane purwakanthi lumaksita kang tinemu ing wangsalan ngisor iki.

Ragu putra, putra Madrim ri Nakula[1])
Nora krama, yen tan antuk sihing dewa.

Ing tuladha kasebut katon, tembung “putra” ing perangan ngarep (Ragu putra) lumaksita, utawa mlaku, ing perangan burine (putra Madrim ri Nakula).

Saka tuladha-tuladha ing dhuwur bisa disumurupi manawa purwakanthi ana telung warna, yaiku:
a.   purwakanthi guru swara;
b.   purwakanthi guru sastra; lan
c.   purwakanthi lumaksita utawa purwakantha basa.
Ing ngisor iki diwenehi tuladha-tuladha purwakanthi kasebut kaya kang tinemu ing paguneman padinan, paribasan, bebasan, saloka lan sapanunggalane.


A. PURWAKANTHI GURU SWARA

1. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing paguneman padinan.
Tuladhane:
a.    Suta watake pancen kaku kaya alu;
b.    Naya kae, hla wong wis ditulung malah menthung;
c.    Sajeg jumleg lagi pisan iki aku weruh kraton Sala.

2. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing paribasan, bebasan, lan saloka.
Tuladhane:        
a.    Ana catur mungkur.
Tegese: ora  gelem ngrungokake utawa rerasan ala.
b.    Dahwen ati open.
Tegese: nacad, nanging sajatine duwe melik amrih barang kang dicacad mau dadi darbeke.
c.    Dikena iwake, aja buthek banyune.
Tegese: dibisa kena kang diarah, nanging aja gawe gendra.
d.    Kocak tandha lukak
Tegese: wong kang sugih omong adate durung akeh kawruhe. (Lukak = ora kebak).
e.    Asu belang kalung wang.
Tegese: wong asor nanging sugih.
f.    Gajah ngidak rapah.
Tegese: wong kang nglanggar marang wewalere dhewe.

3. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing lelagon
Tuladhane:

LELAGON WITING KLAPA

1.   Witing klapa jawata ing marcapada
salugune wong wanita
dhasar nyata sampun nate njajah praja
ing Ngayogya Surakarta.

2.  Mila akeh wong ayu dhasar priyayi
nanging datan klebu ngati
adhuh Gusti sun rewangi patigeni
pitung dina pitung bengi.

Lelagon kang lumrah dienggo tetembangan dening bocah-bocah sekolah jaman biyen iki coba priksanana saben larike. Ing pada kapisan, saben pungkasaning larik tiba swara a. Wondene ing pada kapindhone, saben pungkasaning larik tiba swara i. Rak runtut tenan ta?

4. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing tembang
Tuladhane:

Asmaradana

Rina wengi puji dhikir
sahadat salat lan jakat   
puwasa kaji tandhane
yeku pikukuhing Islam
sayektyantuk ganjaran
nora aweh anggeguru
takon marang wong sarjana.
(Serat Bayanullah, anggitane Raden Panji Natarata)

Samono uga:

Sinom

Maninge kawruhana
yeku kang luwih wigati
kajaba kawahyeng ngarsa
ugering jalu linuwih
mengku maring pawestri
ing sabisa-bisa kudu
ambeg patang prakara
wewaler‚ pepager tuwin
atetaler pangamer-amer wanodya.
(Serat Susila Krama, anggitane M. Yasaharjana)

Katrangan:
Ø Wewaler, tegese: ing sabarang wewadi mesthi wine-dharake marang wanodya.
Ø Pepager, tegese: den prayitna ing batin marang solahe bojone.
Ø Tetaler, tegese: aja kurang tetenger marang pawestri. Samubarang panganggone kudu disumurupi.
Ø Pangamer-amer, tegese: nengenaken tembung manis, luwes yen micara, marang garwa merak ati.

5. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing wangsalan
Tuladhane:
     
Carang wreksa, wreksa kang pinetha janma[2])
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang.

6. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing parikan
Tuladhane:   
                    
Golek watu menyang kali
Dhasar ayu merak ati.

7. Purwakanthi guru swara kang tinemu ing japa-mantra, donga lan sapiturute
Tuladhane:

DONGA KANGGO ADUS ING WAYAH ESUK, KASIYATE BISA SLAMET LAN KUWAT

Bismillahirrahmanirrakhim, niyat ingsun  adus banyu sirullah, angedusi bumi kang suci, rupa sirna kari rasa, rasa sirna kari cahya, cahya sirna kari suksma, suksma waluya jatining suksma, ya hu, ya hu, ya hu.
(Kapethik saka Almanak Primbon Djawa 1959).

Katrangan:
Ana ing pethikan kasebut malah ora mung tinemu purwakanthi guru swara bae, nanging uga ana purwakanthi guru sastra lan purwakanthi lumaksitane. Coba golekana endi kang kalebu purwakanthi guru sastra lan purwakanthi lumaksita.


B. PURWAKANTHI GURU SASTRA

1. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing paguneman padinan
Tuladhane:
a.   Darti pancen kalebu wanita sing rigen, tegen, lan mugen[3])
b.  Apa bener wong jejodhoan ing jaman saiki wis  akeh sing ninggal pamrayoga bibit, bebet, lan bobot?[4])

2. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing paribasan, bebasan, lan saloka
Tuladhane:
a. Adigang, adigung, adiguna. Tegese:  ngendelake kakuwat-ane, kaluhurane, lan kapinterane;
b.  Criwis cawis. Tegese: yen pinuju diprentah sajak wegah, madoni, nanging batine gelem nindakake lan ya tumindak temenan;
c.   Ngubak-ubak banyu bening. Tegese: gawe rerusuh ing papan kang tentrem;
d.    Kelacak kepathak. Tegese: ora bisa  suwala amarga kabukten luput;
e .  Tumbu oleh tutup. Tegese: oleh jodho kang padha aten-atene;
f. Thathit ngima unthit. Tegese:  panggedhe ngatonake panguwasane.  (Teges sawantahe: thathit ana ing mega mobat-mabit).

3. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing tembang
Tuladhane:
                    
Pucung

Tansah untung nora kapitunan petung
tumrah kongsi turah
pinangan saanak rabi
bibit brana beranahan ngambra-ambra.
(Tambangprana, anggitane R.M.Ng. Wirya-kusuma)

4. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing wangsalan
Tuladhane:

Tepi wastra, narendra nagri Ngayodya[5])
mumpung mudha, becik ngudi basa Jawa.

5. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing parikan
Tuladhane:

Kembang cengkeh, ganda sedhep warna aneh
Yen ta sumeh, kancane bakale akeh.

6. Purwakanthi guru sastra kang tinemu ing cangkriman
Tuladhane:

Gunung gugur sagara bedhah.
(Batangane: wong angi. Segane dipindhakake gunung, kukuse dipindhakake sagara).


C. PURWAKANTHI LUMAKSITA

1. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing paguneman padinan
Tuladhane: 

a.     Sarehning Paiman wis utang wirang, mula bakal daksaur wirang.
b.     Dikandhani sakecap‚ wangsulan sakecap.

2. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing paribasan, bebasan, lan saloka
Tuladhane:

a.     Kalah cacak‚ menang cacak. Tegese: sabarang gawe becik dinyatakake;
b.  Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan. Tegese:  sanadyan dudu sadulur nanging yen nandhang ora kapenak melu ngrasakake;
c.     Gawe luwangan ngurugi luwangan. Tegese: utang kanggo nyaur utang.
d.     Ora tembung ora lawung. Tegese: njupuk duweking liyan ora nganggo nembung lan ora kongkonan nembung;
e.   Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane. Tegese: samubarang kang nyalawadi;
f.     Tunggak jarak  mrajak, tunggak jati  mati. Tegese: turuning wong cilik padha dadi priyayi, turuning wong luhur padha ora entuk kamulyan.

3. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing tembang
Tuladhane:
 
Sinom
                        
Enengena pamunggangan[6])
gantos kocap regol masjid
regol katon njiglag ngegla
dhasar regol ageng inggil
sinawang saking tebih
asri resep tur semrawung
gilang-gilang acetha
kalingan uwit waringin
suprandene taksih cetha wela-wela.
 (Serat Salokapatra)

Samono uga:

Megatruh

1. Sajatine ingkang aran guru iku
dudu guru muruk ngaji
dudu guru muruk ngidung
dudu guru muruk tulis
dudu guru muruk kedhot

2. dudu guru muruk kasekten puniku
dudu guru muruk dikir
paguron arane iku
dene guru kang sayekti
kang amejang ngelmu jatos.
(Serat Suluk Wali Sana, anggitane Sunan Giri II)

4. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing wangsalan
Tuladhane:

Mamet tirta, tirta jawah jro katiga[7])
Suka lila, lebur luluh labuh praja.

5. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing parikan
Tuladhane:

Pitik walik, pitik kate,
lirak-lirik, ana sire.

6. Purwakanthi lumaksita kang tinemu ing cangkriman
Tuladhane:
Ana ci, nunggang ci, tuku ci, menyang ci.
(Batangane: Ana Cina, nunggang cikar, tuku cita, menyang Cilacap).



-------------------------@-------------------------

Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-10.html




[1]) Ragu putra = Rama;  putra Madrim ri Nakula = Sadewa.

[2]) Carang wreksa = pang; wreksa kang pinetha janma = golek.
[3]) Ana ing Bausastra Jawa-Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo, tembung rigen ditegesi ‘pandai mencari akal, cekatan’; tegen ditegesi ‘tabah hati, tekun, sampai hati’; dene mugen diteges ‘tekun, selalu ada di rumah; tidak royal’.

[4])  Tetembungan bibit, bebet, bobot ing kene karepe timbang lan orane ngenani calon jodhone, kaya ta: turune sapa, sugih apa ora lan sapanunggalane. Ing Bausastra Jawa-Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo tetembungan mau diwalik dadi bobot, bibit, bebet.

[5]) Tepi wastra = kumudha; narendra nagri Ngayodya = Prabu Ramawijaya.
[6]) Pamunggangan = araning bangsal ing Kraton Ngayogyakarta.
[7]) Mamet tirta = ngangsu; tirta jawah jro katiga = mangsa labuh.

Tidak ada komentar :