Jumat, 06 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (5)


BAB 12
TEMBUNG YOGYASWARA



Tembung yogyaswara asale saka yogya lan swara. Yogya ateges prayoga, pakantuk, pantes, becik, apik; dene swara ateges uni. Dadi, yogyaswara ateges swara kang becik, swara kang kapenak yen ta dirungokake.
Kang diarani tembung yogyaswara yaiku tembung loro kang meh padha pakecapane (utawa tulisane, tumrap basa tinulis) lan dienggo bebarengan kang tembung siji lan sijine duwe teges lanang lan wadon. Bedane tembung siji lan sijine mau dumunuung ing swara (utawa tulisan, tumrap basa tinulis) a lan i  ing wanda pungkasane, iya kang mbedakake lanang lan wadon.
Tuladhane, upamane tembung “rareksa raseksi” kaya kang kacetha ing pethikan ngisor iki.

Asmaradana

Ing mangke ganti winarni
madyaning wana Lodhaya
wonten kang dhedhengka kono
apan ta mung roro sanak
kalih sami martapa
raseksa raseksi iku
ni raseksi ika ngucap.
(Serat Babad Majapahit, Demak, sarta Pajang, weton Paheman Radyapustaka).

Tembung “raseksa” tegese buta lanang, dene “raseksi” tegese buta wadon. Iya tembung-tembung kaya kang kacetha ing dhuwur iku kang diarani tembung yogyaswara.
Tembung yogyaswara iku ora akeh cacahe, kaya ta:
-> Dewa – dewi
-> Bathara – bathari
-> Widadara – widadari
-> Hapsara – hapsari
-> Yaksa – yaksi
-> Gandarwa – gandarwi
-> Parameswara – parameswari
-> Nareswara – nareswari
-> Dewata – dewati
-> Brahmana – brahmani.
 Apa tembung “putra putri” uga kalebu tembung yogyaswara? Ora! Awit tembung “putra” ateges anak, dene “putri” ateges wadon. Dadi, tembung “putra-putri” ing basa Jawa duwe teges: anak wadon.
Ing jaman saiki, marga kena daya pangaribawaning basa Indonesia (kawaosa: Indhonesia) ora sathithik wong kang duwe panganggep yen tembung “putra putri” iku tembung yogyaswara. Lire, tembung “putra” dianggep duwe teges lanang, dene “putri” dianggep duwe teges wadon. Nganti tumekaning wartawan Putra Sala uga duwe panganggep yen tembung “putra putri” iku tegese: (anak) lanang (lan) wadon. Ing ngisor iki seratane wartawan Putra Sala, “Wasiyate Ibu KRAy. Soemoharyomo: ‘Sing Padha Rukun Sapungkurku’”, kapacak ing Mekar Sari tanggal 15 Agustus 1988.

DR. IBNU HARTOMO, salah sijine putrane almarhumah ngandika nalika mbeber riwayate KRAy. Soemoharyomo, “Sadurunge seda almarhumah dhawuh mangkene: ‘Sawuse aku mati, sing padha tetepa rukun kaya dhek nalika aku isih urip’. Wasiyat mau dingandikakake sawatara dina sadurunge seda kang katojokake marang putra putrine”.

Pancene iya bener manawa tembung “putra putri” mau kanggo ing basa Indonesia (kawaosa: Indhonesia). Nanging kepriye yen tembung mau kanggo ing basa Jawa? Kang mangkono cetha luput! Jalaran, kaya kang wis disebutake ing dhuwur, tembung “putra” duwe teges anak, dene “putri” duwe teges wadon (Priksanana Kamus Kawi-Jawa, C.F. Winter Sr.). Banjur kepriye yen kang dikarepake ing wacan kasebut “anak lanang lan wadon”? Mesthine, cukup: “putra-putrane”. Jalaran apa? Marga tembung “putra-putrane” wis nyakup sakabehing putrane, embuh lanang embuh wadon. Utawa, “putra-putra kang ngadhep ana ngarsane Ibu KRAy. Soemoharyomo”, sanadyan ora jangkep. Dene tembung kang ngemu teges lanang lan wadon yaiku “kakung” lan putri” (krama inggil), utawa “jaler” lan “estri”  (krama).
Coba rasakena bedane karo pethikan lelagon ESUK-ESUK ngisor iki, lelagone murid-murid pamulangan andhap jaman biyen kang saiki wis ora tau keprungu.

                              ESUK-ESUK

           Esuk-esuk srengengene uwis metu, sibu
nywun[1]) pangestu kang putra badhe sinau, sibu

          Nyangking etas njerone  isine sabak, bapak
grip lan sada wis cumepak aneng kothak, bapak

Bedhug-bedhug srengengene aneng tengah, simbah
bungah-bungah kang wayah mulih sekolah, simbah

Putra putri emoh gelang emoh kalung, biyung
putra kakung mbangun turut bapa biyung, biyung.

Saka cathetan lelagon ESUK-ESUK ing dhuwur bisa disumurupi yen tembung “putra putri” ateges: anak wadon, dudu: lanang (lan) wadon. Luwih cetha maneh yen tembung “putra putri” iku tegese: anak wadon, marga ing gatra ngisore ana tembung “putra kakung” kang ateges: anak lanang, minangka tandhinge anak wadon! Dadi cetha yen tembung “putra putri” ing basa Jawa ora kalebu golonganing tembung yogyaswara.

Peling!

1.    Sanadyan wanda pungkasaning tembung aswara a lan i, nanging yen tembung mau ora ateges lanang lan wadon, kaya ta: prapta-prapti, sarwa-sarwi, pangaksama-pangaksami lan sapanunggalane, iya ora kalebu golonganing tembung yogyaswara.
2.   Sanadyan ateges lanang lan wadon, kaya ta: kakung-putri, yayah-rena, jaka-rara lan sapanunggalane, nanging sarehning tembung mau wanda pungkasan pakecapane ora a lan i, iya ora kalebu golonganing tembung yogyaswara,
3.    Sanadyan wanda pungkasan pakecapane a lan i, kaya ta: Warsana-Warsini, Sugina-Sugini, Mulyanta-Mulyanti lan sapanunggalane, nanging sarehning tembung mau jenenging wong, mula iya ora kalebu golonganing tembung yogyaswara.



-------------------------@-------------------------


BAB 13
TEMBUNG SAROJA



………………………………………………………………
Midhanget pangungrumipun Prabu Santanu ingkang apait kilang wau sang pinunjul ing warni nenggih pangejawantahipun Dewi Gangga lajeng kengetan kasagahanipun dhateng para wasu wolu nalika wonten ing margi bidhalipun saking kaswargan, pramila sang dewi lajeng matur sarwi manembah. Unjukipun: “Dhuh dhuh sinuhun[2]), susuhunaning bawana batharaning jagad sesem-bahaning sagung dumadi, boten pisan-pisan yen ta amba badhe kamipurun mbadal ingkang dados karsa paduka sri narendra. Dhuh nata kinawasa kekasihing jawata linuhung. Sinten malih sanesipun ingkang pantes dados sesembahan amba kajawi paduka jeng sri narendra. Samangke pun amba namung pasrah jiwa raga ing saandhap pada padukendra. Namung kemawon mugi kaparenga amba gadhah panyuwun ing paduka sang prabu, ing salaminipun amba wonten ing asta paduka, sampun ngantos paduka sinuwun karsa anyaruwe punapa dene angreboni dhateng amba, nadyan silih upaminipun amba tumindak ingkang boten ndadosaken sarjuning panggalih paduka prabu, punapa dene paduka jeng sri narapati sampun ngantos angandika ingkang ateges damel seriking manah amba. Samangsa paduka sinuwun ngantos boten anetepi ingkang dados bebana amba wau temtu lajeng amba tilar, awit niyat amba boten sanes kajawi namung mamrih dhateng kamulyaning panjenengan nata.
………………………………………………………………
(Mahabarata Kawedhar, Angka I, Tahun I, April 1938)

Kaya kang bisa dinulu bebarengan, ing wacan kasebut ana tembung “sri narendra” lan “sri narapati”. Tembung-tembung mau wis cetha tembung loro, yaiku “sri” karo “narendra” lan “sri” karo “narapati”.
Tembung “sri”, ana ing Kamus Kawi-Jawa anggitane C.F. Winter Sr. ditegesi: pantes, ratu, asri, pangan, lan ayu; dene ing bausastrane S. Prawiroatmojo ditegesi: sorot, endah banget, ratu, lan panyebut kang ateges “ingkang minulya”.
Tembung “narendra”, asale saka tembung “nara” lan “indra”. “Nara” tegese: wong, dene “indra” ing kene duwe teges: ratu. Dadi, tembung “narendra” tegese: ratuning wong.
Tembung “narapati”, uga ateges: ratuning wong. Jalaran, tembung mau asale saka tembung “nara” lan “pati”. “Nara”  tegese: wong, dene “pati” tegese: ratu.
Saka katrangan kasebut bisa disumurupi yen tembung “sri” karo “narendra” lan “sri” karo “narapati” sajatine tembung loro kang nduweni teges kang padha, yaiku: ratu.
Iya tembung kang padha utawa meh padha tegese lan dienggo bebarengan iku kang diarani tembung saroja. Pamrihe, supaya tembung mau katon luwih bregas.
Tuladha liyane maneh upamane:

1.
Adi-luhung
61.
Mudha-punggung

2.
Amrik-minging
62.
Mukti-wibawa

3.
Andhap-asor
63.
Mula-buka

4.
Angkara-murka
64.
Mulang-muruk

5.
Angkat-junjung
65.
Murub-mubyar

6.
Arum-wangi
66.
Nenes-kenes

7.
Babak-bundhas
67.
Nila-widuri

8.
Babak-bunyak
68.
Nistha-dama

9.
Bala-koswa
69.
Nistha-papa

10.
Bala-tantra
70.
Nungsang-njempalik

11.
Baya-pakewuh
71.
Pasang-rakit

12.
Bayu-bajra
72.
Papa-cintraka

13.
Budi-pakarti
73.
Perang-pupuh

14.
Bujana-andrawina
74.
Pringga-baya

15.
Bobot-timbang
75.
Puji-pandonga

16.
Bot-repot
76.
Rame-gumuruh

17.
Campur-adhuk
77.
Rahayu-slamet

18.
Candhak-cekel
78.
Sabar-drana

19.
Ciri-wanci
79.
Salang-tunjang

20.
Colong-jupuk
80.
Sampar-sandhung

21.
Dhedhep-tidhem
81.
Sri-nata (srinata)

22.
Dhawuh-timbalan
82.
Sanak-kadang

23.
Duga-prayoga
83.
Sarat-masrut

24.
Edi-endah
84.
Sarat-sarana

25.
Edi-peni
85.
Sato-kewan

26.
Enak-kapenak
86.
Sayuk-rukun

27.
Endah-peni
87.
Setya-tuhu

28.
Gagah-prakosa
88.
Sih-wilasa
29.
Galap-gangsul
89.
Sih-tresna
30.
Gandes-luwes
90.
Sindhung-aliwawar
31.
Gandheng-ceneng
91.
Sindhung-riwut
32.
Gendhon-rukon
92.
Solah-bawa
33.
Gepok-senggol
93.
Sotya-retna
34.
Geter-pater
94.
Suba-sita
35.
Gilir-gumanti
95.
Suka-rena
36.
Glogok-sok
96.
Sumbang-surung
37.
Godha-rencana
97.
Tanem-tuwuh
38.
Guna-kasantikan
98.
Tandang-grayang
39.
Guntur-ketug
99.
Tambal-sulam
40.
Iguh-pratikel
100.
Tapak-tilas
41.
Japa-mantra
101.
Tata-krama
42.
Jarah-rayah
102.
Tata-trapsila
43.
Jebat-kasturi
103.
Teguh-santosa
44.
Jubriya-kibir
104.
Tepa-palupi
45.
Jugul-mudha
105.
Tepa-tuladha
46.
Jungkir-walik
106.
Tindak-tanduk
47.
Kapok-kawus
107.
Tingkah-laku
48.
Kajen-keringan
108.
Tumpang-tindhih
49.
Kasep-lalu
109.
Tumpuk-undhung
50.
Kepalu-kepenthung
110.
Tuna-dungkap
51.
Krama-niti
111.
Tri-gumuruh
52.
Kukuh-bakuh
112.
Umyung-gumuruh
53.
Lagak-lagu
113.
Undha-usuk
54.
Lagu-lageyan
114.
Utang-selang
55.
Lalu-langse
115.
Wandu-wandawa
56.
Lara-lapa
116.
Was-sumelang
57.
Lir-pendah
117.
Watak-wantu
58.
Malang-megung
118.
Wirang-isin
59.
Mobah-mosik
119.
Wulang-wuruk
60.
Mudha-pingging




Pranyata, ora ngemungake tembung bae kang disaroja. Ukara uga sok dirangkep panganggone, kaya kang kacetha ing pethikan Serat Centhini[3]) ngisor iki.

Mijil

Nora nyana nora ngira[4]) mami
yen dadi prang popor
sadurunge kalakon mangkene
akeh-akeh manira nuturi
teka tan ginati
minggu datan muwus.

Malah ora mung kuwi, nganti tekan jenenge wong uga ana kang nganggo tembung saroja, kaya ta:
1.   Slamet Raharja                     6.  Gunasentika
2.  Padmapuspita                        7.  Sindutirta
3.  Sutaatmaja                           8.  Puspasari
4.  Puspakusuma                         9.  Puspitasari
5.  Padmakusuma

Tembung saroja kang akeh-akeh padha ngemu surasa: banget utawa keluwih-luwih.



-------------------------@-------------------------



BAB 14
TEMBUNG ENTAR



Tembung entar tegese tembung silihan. Amarga sawijining tembung disilih lan ditrapake ing tembung kang dudu trepe, mula tembung mau ora kena ditegesi sawantahe bae. 
Tuladhane:

Sinom


Ujaring para nimpuna

ajining dhiri puniki
saka lathinya priyangga
kalamun guneme becik
laku goroh dendohi
sinuyudan mitra karuh
beda lawan janma kang
lunyu ilate wus mesthi
ora bakal pinracaya ing wong liya. (Mul).

Tembung “lunyu”, adate dienggo nyebut barang kang gelem mrucut dhewe yen dicekel, utawa papan kang bisa gawe keplarake wong kang ngambah papan mau. Ewa samono tembung “lunyu” uga sok disilih lan ditrapake ing tembung “ilat”, kaya kang kacetha ing tembung “lunyu ilate” ing wacan dhuwur.
Tembung “lunyu ilate” ora ateges ilate lunyu yen ta dicekel, utawa ilate bisa gawe keplarake wong kang ngambah (hara ta, apa bisa wong ngambah ilat?). Dudu kuwi karepe. Nanging kang dikarepake “lunyu ilate” yaiku guneme mencla-mencle, ora tau padha antarane kang diucapake ing wektu kepungkur karo kang lagi bae diucapake. Cekak cukupe: guneme ora kena diugemi.
Iya tembung kang kaya mangkono kang diarani tembung entar. Tegese, tembung kang ora kena ditegesi sawantahe bae. Basa Indonesiane (kawaosa: Indhonesiane) diarani kiasan.
Panunggalane:
1.
Adus kringet        
=
nyambut gawe abot.
2.
Dawa tangane
=
seneng njejupuk darbeking liyan tanpa nembung.
3.
Entheng tangane   
=
cengkiling, seneng milara.
4.
Gedhe endhase
=
sumangkeyan, angkuh.
5.
Jembar sagarane
=
sugih pangapura.
(Tembung “sugih pangapura” uga tembung entar).
6.
Kanggo cagak lek
=
kanggo sarana supaya betah melek utawa ora cepet ngantuk.
7.
Kelepetan ala
=
katut melu ala.
8.
Kethul pikire        
=
bodho.
9.
Lobok atine
=
sabar, ora gampang nesu.
10.
Manis eseme         
=
eseme ngresepake, eseme gawe kumenyuting ati.
11.
Mata dhuwiten
=
petung banget marang dhuwit.
12.
Mbalang liring
=
nglirik, ngujiwat.
13.
Mbukak wadi
=
ngandhakake wewadi.
14.
Mbuwang tilas
=
api-api nindakake apa-apa kanggo nutupi tumindak ala kang lagi bae ditindakake.
15.
Metani luputing liyan
=
nggoleki luputing wong liya.
16.
Ndhedher kautaman
=
gawe kabecikan marang liyan.
17.
Ngangsu kawruh
=
maguru, sinau.
18.
Ngatonake siyunge
=
nuduhake kuwasane utawa panguwasane.
19.
Nggedhekake puluk
=
nengenake bab pangan, kurang prihatin utawa ora prihatin.
20.
Ngendhaleni hawa napsu
=
nyegah kekarepan ala.
21.
Ngrabekake sikut
=
wong lanang kang njarag senggolan karo wong wadon utawa kosok baline.
22.
Ora katon dhadhane
=
ora wani adu arep.
23.
Pingget atine        
=
serik, jengkel.
24.
Tipis lambene       
=
seneng nyatur liyan, seneng memisuh.
25.
Udan tangis
=
akeh wong padha nangis.



-------------------------@-------------------------

Ana candhake:




[1])  Kang dikarepake yaiku “nyuwun”. Tembung kang kaya mangkono kalebu tembung plutan.
[2])  Sinuhun = sinuwun. Sinuhun tegese kang disuhun, dijunjung ing dhuwuring sirah

[3]) Manut katrangane Poerbatjaraka, Serat Centhini sajatine anggitane wong akeh. Lire, dudu anggitane pujangga siji thok. Kang ngimpun yaiku Yasadipura II lan Ranggatresna. Dene ditulise Serat Centhini awit saka dhawuh-timbalan dalem Susuhunan Pakubuwana V ing Surakarta.

[4])  Nora (ora) nyana = nora (ora) ngira.

Tidak ada komentar :