Selasa, 03 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (2)


BAB 3
GURU GATRA, GURU WILANGAN, LAN GURU LAGU TEMBANG MACAPAT



Ing Bab 2 wis diterangake yen tembang macapat mawa paugeran:
a.   cacahing gatra tartamtu;
b.  cacahing wanda saben sagatrane tartamtu; lan
c.   dhong-dhinging swara uga tartamtu saben sagatrane.
Iya paugeran mau kang banjur katelah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Cethane, guru gatra yaiku wewaton cacahing gatra saben sapadane, guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda ing saben gatrane, dene guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinging swara ing saben wekasaning gatra.
Tembang Maskumambang upamane, tembang mau apathokan mangkene:
a.   saben sapadane ana patang gatra;
b.  gatra  kapisan  cacahing  wandane  ana  12,  dhong-dhinging swara tiba i;
c.   gatra kapindho cacahing wandane ana 6, dhong-dhinging swara tiba a;
d.   gatra kaping telu cacahing wandane ana 8, dhong-dhinging swara tiba i; lan
e.   gatra kaping pat cacahing wandane ana 8, dhong-dhinging swara tiba a.
Amrih cethane, ing ngisor iki diwenehi tuladha pathokaning tembang Maskumambang kang kapethik saka Serat Bratayuda anggitane R.Ng. Yasadipura I.

Gatra
1.  
Para ratu kang mati neng rata maksih
= 12-i

2. 
sabusananira
= 6-a


3.
miwah gandhewa sinandhing
= 8-i


4.  
tan ana kang sudi karya
= 8-a

 (Kamot ing Almanak Dewi Sri 1979)

Ing Bab 2 uga wis diterangake yen cacahing tembang macapat ana kang ngarani 9, nanging uga ana kang nganggep 11. Eman nganti saprene durung ana pasarujukan pira cacahing tembang macapat iku kang bener. Malah S. Padmosoekotjo lan R. Hardjowirogo kang merang utawa mbagi tembang macapat dadi 9 kepara isih muwuhi katrangan yen tembang tengahan: Jurudemung, Wirangrong, Balabak, Gambuh, Dudukwuluh utawa Megatruh, lan tembang gedhe: Girisa[1]), uga lumrah  ditunggalake tembang macapat.
Sanadyan panganggep ngenani cacahing tembang macapat isih ngalor ngidul, ewa samono wuwuhan saka S. Padmosoekotjo lan R. Hardjowirogo kaya kang kasebut ing dhuwur bakal diaturake ing kene, prelune kanggo tambah-tambah sesurupan. Apa maneh yen ngelingi manawa tembang Wirangrong lan Girisa uga tinemu ing Serat Wulang Reh, buku kang lumrah dianggep ditulis nganggo tembang macapat.
Wondene guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat lan tembang-tembang kang kalumrah ditunggalake tembang macapat kaya kang kasebut ing dhuwur, mangkene:

Jenenging tembang
Gatra ka-[2])
Guru wilangan
Guru lagu

I.    Maskumambang


1
2
3
4

12
6
8
8

i
a
i
a

II.   Pucung[3])



1
2
3
4

12
6
8
12

u
a
i
a

III.  Mijil

1
2
3
4
5
6

10
6
10
10
6
6

i
o
e
i
i
u

IV.  Kinanthi


1
2
3
4
5
6

8
8
8
8
8
8

u
i
a
i
a
i

V.    Asmaradana[4])

1
2
3
4
5
6
7

8
8
8
8
7
8
8

i
a
e (o)
a
a
u
a

VI.   Pangkur

1
2
3
4
5
6
7

8
11
8
7
12
8
8

a
i
u
a
u
a
i

VII.  Durma


1
2
3
4
5
6
7

12
7
6
7
8
5
7

a
i
a
a
i
a
i

VIII. Sinom

1
2
3
4
5
6
7
8
9

8
8
8
8
7
8
7
8
12

a
i
a
i
i
u
a
i
a

IX.   Dhandhanggula[5])




1
2
3
4
5
6
7
8
9
10

10
10
8
7
9
7
6
8
12
7

i
a
e
u
i
a
u
a
i
a

X.    Megatruh/Dudukwuluh

1
2
3
4
5

12
8
8
8
8

u
i
u
i
o

XI.   Gambuh[6])

1
2
3
4
5

7
10
12
8
8

u
u
i
u
o

XII.  Wirangrong




1
2
3
4
5
6

8
8
10
6
7
8

i
o
u
i
a
a

XIII.  Balabak

1
2
3
4
5
6

12
3
12
3
12
3

a
e
a
e
a
e

XIV.  Jurudemung

1
2
3
4
5
6
7

8
8
8
8
8
8
8

a
u
u
a
u
a
u

XV.   Girisa

1
2
3
4
5
6
7
8

8
8
8
8
8
8
8
8

a
a
a
a
a
a
a
a



-------------------------@-------------------------



BAB 4
SASMITA TEMBANG LAN WATAKING TEMBANG




A.  SASMITA TEMBANG

Anggitan-anggitan kang sinawung ing tembang tinggalane para leluhur akeh kang katone jenenging tembange ora disebutake. Kang mangkono marga jenenging tembange ora disebutake kanthi trewaca, nanging sinamun ing tembung utawa tembung-tembung kang kalebu isining layang mau. Jumbuh kalawan kaanane, bab mau lumrah diarani sasmita tembang. Sasmita tegese pasemon. Sasmita tembang yaiku sawijining pasemon awujud tembung utawa tembung-tembung ing sawijining pada tembang kang dienggo minangka pituduh jenenging tembang.
Adhedhasar dununge, sasmita tembang bisa kaperang dadi rong warna, yaiku:
a. sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh, isi pituduh jenenging pupuh kasebut; lan
b. sasmita tembang kang dumunung ing pungkasaning pupuh, isi pituduh jenenging pupuh candhake.
Sadurunge ngrembug bab sasmita tembang, prelu disumurupi luwih dhisik apa kang diarani pupuh kuwi. Kang diarani pupuh yaiku kumpulaning tembang sajenis kang surasaning cakepane siji lan sijine ana gegayutane. Kang luwih cilik saka pupuh yaiku pada. Pada yaiku kumpulaning gatra saben satembangan; dene gatra yaiku tembung utawa kumpulaning tembung saben sapadalingsa ana ing tembang.
Mbaleni bab sasmita tembang. Sasmita tembang adate mawa titikan mangkene:

a. nganggo tembung kang padha karo jenenging tembange.
Tuladhane:
..... kinanthi salaminya”, minangka sasmitaning tembang Kinanthi.

b.nganggo tembung kang wandane ana kang padha karo wandaning jenenge tembang.
Tuladhane:
Ing pungkur sapa kang duta, ....., minangka sasmitaning tembang Pangkur. Kang pada yaiku wanda “kur”.

c.  nganggo tembung andhahan kang linggane padha karo jenenging tembange utawa wandaning jenenge tembang mau.
Tuladhane:
..... nalesep pepucungan”, minangka sasmitaning tembang Pucung.

d. nganggo tembung kang tegese padha karo jenenging tembange utawa wandaning jenenge tembang mau.
Tuladhane:
1) “Sumping sekar roning kamal, .....”, minangka samitaning tembang Sinom. Roning kamal utawa godhonging asem iku jenenge sinom.
2)..... brangtaa ing ngelmu”, minangka sasmitaning tembang Asmaradana. Tembung “brangtaa” asale saka tembung lingga “brangta”. Brangta tegese asmara. Tembung “asmara” wanda-wandane padha karo saperangan jenenging tembang, yaiku telung wanda ngarep jenenging tembang macapat “Asmaradana”. Iya awit saka iku tembung “brangtaa” kang asale saka tembung lingga “brangta” ing dhuwur dienggo minangka sasmitaning tembang Asmaradana.

e. nganggo tembung kang ateges rasaning barang kaya kang kasebut ing wandaning jenenge tembang utawa duwe rasa kaya rasaning wandane tembang.
1) Memanise tyas resep migati, .....”, minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula. Tembung “memanise” asale saka tembung lingga “manis”. Manis iku rasaning gula. Saka tembung gula”, tembung memanise” dienggo minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula.
2)“Lir mangingsep maduning kang sari, .....”, minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula. Madu iku rasane legi. Legi iku uga rasaning gula. Awit saka iku tembung “maduning” kang asale saka tembung lingga “madu” dienggo minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula.

f.  nganggo arane lagu sawijining tembang utawa dasanamane, embuh tembung mau wis oleh wuwuhan (ater-ater, seselan utawa panambang) embuh durung. 
Tuladhane:
..... sang dyah ayu miyosken rarasing driya”, minangka sasmitaning tembang Mijil. Geneya tembung “rarasing driya” dienggo minangka sasmita tembang Mijil? Sadurunge ngrembug bab sasmita tembang kang tinemu ing tembung “rarasing driya”, prelu disumurupi luwih dhisik yen tembang Mijil lagune warna-warna. Wondene araning lagune tembang Mijil yaiku: Mijil Wantah, Mijil Gagatan, Mijil Dhadhapan, Mijil Pamular, Mijil Larasati (Rarasati), lan Mijil Sulastri. Terus apa sambung-rapete karo tembung “rarasing driya”? Sambung-rapete wis cetha, marga tembung “rarasing driya” asale saka tembung “rarasing” lan “driya”. Tembung “rarasing” asale saka tembung lingga “raras”, dene tembung “driya” tegese ati. Sanadyan tembung kang dienggo sasmita tembang mau ana kang wis nganggo wuwuhan, yaiku tembung “rarasing”, nanging sasmita tembang mau isih bisa didumuk yen kang dikarepake yaiku tembang Mijil. Geneya? Marga tembang Mijil duwe lagu kang arane Mijil Rarasati (asale saka “raras” lan “ati” ).

Ing dhuwur wis diterangake, adhedhasar dununge, sasmita tembang bisa kaperang dadi rong warna, yaiku sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh lan sasmita tembang kang dumunung ing pungkasaning pupuh. Ing ngisor iki tuladha sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh lan pungkasaning pupuh.

1.  Sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh, isi pituduh jenenge pupuh.

Gantya girisa Jeng Pangran
Arya Mataram gumantya
kaprabon rama narendra
ajejuluk Kangjeng Sunan
Amangkurat Senapatya
Ing Ngalaga Ngabdulrahman
Sayidin Panatagama
angrenggani nungsa Jawa.
(Serat Rerenggan Kraton).

Tembung “girisa” ing gatra kapisan nuduhake yen tembang mau jenenge Girisa. Kanthi mangkono jenenging pupuh mau uga Girisa.

2. Sasmita tembang kang dumunung ing pungkasaning pupuh, isi pituduh jenenge pupuh candhake.

Kinanthi

Awya kalimput ing kalbu
bubuhaning janma luwih
ngawikani ing sabarang
atering paningal kadi
prabaning Hyang Ondakara
gumebyar kadya mas kentir.
(Nitiwasita, anggitane Raden Mas Tumenggung Kusumawardaya).

Tembung “mas kentir” ing kene nuduhake yen tembang candhake jenenge Maskumambang. Kentir tegese keli. Adate barang kang keli iku kumambang ing banyu, sanadyan ora kabeh mangkono. Dadi, mas kentir = mas kumambang --> Maskumambang.

Tuladha-tuladhane sasmita tembang liyane, kaya ta:

1. sasmita tembang Maskumambang
a.    Timbuling salam ngong mring putra mami, .....
b.    “Kawedharing sabda lir mas kentir, .....
c.    ..... alam uluhiyah lir timbuling retna”.

2. sasmita tembang Pucung
a.     “Salin kidung pucung tumrap ingkang tembung, .....”.
b.     ..... tur wus manggon pamucunge mring makripat”.
c.     ..... buntute ngacucung panjang”.
d.     ..... nora niyat pepucungan”.

3. sasmita tembang Mijil
a.     Wijiling kang pangripta murwani, .....”.
b.     “Wus amiyos sang dewi aririh, .....”.
c.     ..... prabawa wijiling tapa”.
d.     ..... nyimpen wadi ywa kawijil.
e.     ..... saking dalem wus umijil”.

4. sasmita tembang Kinanthi
a.     “Mangka kanthining tumuwuh, .....”.
b.     “Srat kanthi pangestunipun, .....”.
c.     Kinanthi laguning kidung, .....”.
d.     ..... mrih dadya kanthi, ngladosi mring kakung”.
e.     ..... kinanthi salaminya”.
f.     ..... dadya kanthining narendra”.
g.     ..... dadia kanthinira”.
h.     ..... anganthi tuwan kumendhan”.
i.      ..... raden putra umesem nganthi kang garwa”.
j.      ..... yen ta durung anganthi titis Sirmendhang”.

5. sasmita tembang Asmaradana
a.     Kasmaran ingkang ningali, .....”.
b.     ..... Sumendha brangta kingkin”.
c.     ..... nora weruh inguncalan ron asmara”.
d.     ..... bebasan kang ngasmarani”.
e.     ..... ing tyas runtik esmu kingkin”.
f.     ..... mayor esmu kasmaran”.

6. sasmita tembang Pangkur
a.     “Kang pungkur praptaning bala, .....”.
b.     Mingkar-mingkur ing angkara, .....”.
c.     “Kang sekar pangkur winarna, .....”.
d.     Angungkurken pambitingan, .....”.
e.     Yuda kanaka[7]) winarna, .....”.
f.     ..... kuneng kang kawuntat”.
g.     ..... marang ing dalem wingking”.
h.     ..... yen wus mati kapungkur ing ngalam donya”.
i.      ..... krodha ayuda kanaka”.
j.      ..... mangsah tan tolih wuri”.
k.     ..... Suryakethu kawuri”.
l.       ..... sigra medal Sakisar dhateng pungkuran”.
m.    ..... mungkur Prastha sandika”.

7. sasmita tembang Durma
a.     “Sigra mundur Subali lawan Sumandha, .....”.
b.     Saundure Sasraboja akasukan, .....”.
c.     ..... Wrekudara tan mengeng amrih mundur”.
d.     ..... ambek pati ing prang tan nedya mundura”.

8. sasmita tembang Sinom
a.     Srinata[8]) dera makirtya, ......
b.      Sasinome ngantya-antya, .....”.
c.     “Wong anom manjing ing pura, .....”.
d.     ..... inggih kalilan sang sinom”.
e.     ..... mung srinata kang kaesthi”.
f.     ..... ywa nganggo budi nonoman[9]).
g.     ..... matur sandika sang anom”.
h.     ..... Anoman aturireki”.

9. sasmita tembang Dhandhanggula
a.     “Sampun miyos jeng sri murtining manis, .....”.
b.     “Warayagnya wedharing palupi, pinandhara macapat sarkara, .....”.
c.     “Peksi dhandhang munya galik-galik, .....”.
d.     “Pan lir-pendah madumangsa manis, .....”.
e.     “Songsong gora candraning hartati, .....”.
f.     ..... lampahe akudhandhangan”.
g.     ..... gya binuka tembunge lir guladrawa”.
h.     ..... inep lawang dhandhanggula”.
i.      ..... manis Sang Dewa Ruci”.
j.      ..... ganas kejem andhandhangi”.

10.   sasmita tembang Megatruh/Dudukwuluh
a.      Megat maring rarasing reh kang sinerung, .....”.
b.     “Lir anduduk dadakan denira ngidung, .....”.
c.      ..... iku ingkang megat kardi”.
d.     ..... dudukwuluhe atampa”.

11.   sasmita tembang Gambuh
a.      “Sekar gambuh ping catur, .....”.
b.     ..... tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa”.
c.      ..... wruhanira yen sira tambuh maring wang”.
d.     ..... wus mantuk gegambuhan”.
e.     ..... lembat kasar ginambuh neng kekembangan”.

12.   sasmita tembang Wirangrong
a.      Wirangrongan dennya nganggit, .....”.
b.     ..... wirangronge gumanti”.

13.   sasmita tembang Balabak
a.      “Lir kablabak neng madyaning kabungahan, .....”.
b.     ..... lir kabalabak, solahira met silib”.

14.   sasmita tembang Jurudemung
a.     “Ki Juru dennya manitra, .....”.
b.    Mung memindha kang wus wignya, .....”.

15.   sasmita tembang Girisa
a.      “Maweh girising pangrasa, .....”.
b.     ..... sinom asalin girisa atampa”.


B.  WATAKING TEMBANG

Kajaba jenenging tembang kala-kala ora disebutake kanthi melok, wong gawe karangan apa ta apa sarana tembang uga migatekake wataking tembang. Ora ngemungake wong bae kang duwe watak, sanadyan tembang uga duwe watak dhewe-dhewe. Dadi, wong gawe karangan apa ta apa sarana tembang ora mung waton nganggit, nanging uga migatekake sesambungan antarane isi lan tembange. Yen isine nyaritakake bab kang nalangsa upamane, tembange uga dijumbuhake karo isining karangan mau, yaiku tembang kang duwe watak nalangsa.
Wondene wataking tembang 15 warna mau kaya ing ngisor iki.
1.   Maskumambang, watake: susah, nalangsa, prihatin.
Tembang iki mathuke kanggo medharake rasa susah, nalangsa utawa prihatin.
2.   Pucung, watake: kendho, sakepenake.
Tembang iki mathuke kanggo medharake apa ta apa kang ngemu surasa sembranan, carita kang lucu utawa cangkriman.
3.   Mijil, watake: wedharing rasa.
Tembang iki kena kanggo medharake pitutur lan rasa gandrung.
4.   Kinanthi, watake: seneng, asih, tresna.
Tembang iki mathuke kanggo medharake piwulang, carita kang isi bab rasa sih, tresna, lan asmara.
5. Asmaradana, watake: sengsem, susah utawa prihatin kang disababake kataman lara brangta.
Tembang iki mathuke kanggo medharake carita kang isi lara brangta utawa lara asmara.
6.   Pangkur, watake: sereng.
Tembang iki mathuke kanggo medharake rasa apa ta apa kang sajak gregeten. Upama pitutura iya pitutur kang sajak gregeten utawa sereng.
7.   Durma, watake: galak, nesu.
Tembang iki mathuke kanggo medharake rasa nepsu, cocog kanggo ngandharake carita kang isi bab perang.
8.   Sinom, watake: grapyak.
Tembang iki mathuke kanggo sesorah utawa andharan kang isi pitutur.
9.   Dhandhanggula, watake: luwes.
Tembang iki sarwa mathuk kanggo ngandharake apa bae. Kanggo bebukaning carita iya mathuk, kanggo piwulang iya mathuk, kanggo carita kang ngandharake bab gandrung iya kena, kanggo panutuping carita iya ora apa-apa.
10.   Megatruh/Dudukwuluh, watake: susah, getun.
Tembang iki mathuke kanggo medharake rasa susah utawa getun.
11.   Gambuh, watake: rumaket, kulina, wanuh-wani.
Tembang iki mathuke kanggo medharake apa ta apa kang sajak wis kulina.
12.   Wirangrong, watake: mrabu, mrabawa.
Tembang iki cocog kanggo medharake rasa sengsem nanging sengsem marang kabecikan lan kaluhuran.
13.   Balabak, watake: sembrana parikena.
Tembang iki mathuke kanggo medharake rasa kang sajak mung sakepenake bae.
14.   Jurudemung, watake: prenes.
Tembang iki mathuke kanggo medharake carita kang isi peprenesan.
15.   Girisa, watake: wanti-wanti.
Tembang iki mathuke kanggo medharake pitutur kang ngemu surasa wanti-wanti banget marang kang dipituturi.


-------------------------@-------------------------

Ana candhake:




[1])  Yen dinulu saka cacahing gatra, mesthine tembang Girisa ora kalebu golonganing tembang gedhe.
        Marga apa? Marga tembang Girisa cacahing gatrane ana 8, ora 4 kaya lumrahe tembang gedhe
        liyane.

[2])Angka pungkasan iku guru gatrane tembang kang karembug. Tuladhane, Maskumambang guru
        gatrane  ana 4. Gatra = tembung utawa kumpulaning tembung saben sapadalingsa ana ing tembang.
        Kanggo gampange, gatra = larik.

[3])  Tembang Pucung kang becik yaiku tembang Pucung kang gatra kapisane:
    patang wanda kang ngarep tiba u lan wolung wanda kang buri 
    tiba u uga. Awit saka iku ana kang ngarani yen tembang Pucung 
    ana limang gatra, marga gatra kapisan kaya kaperang dadi loro, 
  yaiku gatra kapisan 4-u lan gatra kapindho 8-u (Priksanana 
  tuladha ing Bab 7 kang gatra kapisane muni: “Bune Kuncung 
  apa kowe mau njupuk”. Patang wanda kang ngarep tiba u
  wolung wanda sing buri uga tiba u).

[4])  Tembang Asmaradana gatra katelu kajaba aguru lagu e, uga lumrah aguru lagu o.

[5]Mbokmanawa marga tembang Asmaradana gatra katelune diwe-nangake aguru lagu o, mula
         ana saweneh tembang Dhandhanggula kang gatra katelune uga aguru lagu o. Nanging kang
  mangkono sajatine ora lumrah lan kena diarani luput.

[6]Saka cathetan kang sumimpen ing pangripta, tembang Gambuh iku ana
   pitung warna kang siji lan sijine akeh bedane ing bab guru wilangan 
   lan guru lagune, malah kepara ana kang beda guru gatrane barang. 
   Wondene guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang Gambuh 
   pitung warna mau, adhedhasar cathetan saka R.Ng. Ranggawarsita, 
   mangkene:
     I    (1)  8-i; (2)  8-o; (3) 7-a; (4) 10-a; (5) 10-a; (6) 8-a;

     II   (1)  8-u; (2) 8-u; (3) 12-a; (4) 8-i; (5) 8-o;

     III  (1)  8-i; (2) 8-o; (3) 12-u; (4) 6-a; (5) 7-a; (6) 7-a;

     IV  (1) 7-u; (2) 10-u; (3) 12-i;  (4) 8-u; (5)  8-o;

     V   (1) 12-u; (2) 6-a; (3) 8-i; (4) 8-u; (5) 8-i; (6) 8-u; (7) 8-o;

     VI  (1) 8-u; (2) 8-a; (3) 9-i; (4) 8-u; (5) 12-e;

     VII (1) 8-u; (2) 8-u; (3) 12-i; (4) 8-u; (5)  8-o.

  Beda karo panemune R.Ng. Ranggawarsita, miturut M.Ng. Mangunwijaya
  kaya kang kacetha ing bukune kang asesirah Serat Purwakanthi, saka
  tembang Gambuh pitung warna mau, tembang Gambuh kang angka II, III,
  VI, lan VII guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune mangkene:

   II  (1) 12-u; (2) 8-i; (3) 8-u; (4) 8-u; (5) 8-a; (6) 8-i; (7) 9-u; (8) 8-i; (9) 8-a; (10) 12-a;

   III  (1) 8-i; (2) 8-o; (3) 7-a; (4) 4-o; (5) 6-i; (6) 6-u; (7) 8-a;

   VI  (1) 8-i; (2) 8-e; (3) 8-o; (4) 9-i;

   VII (1) 8-u; (2) 7-u; (3) 12-i; (4) 8-u; (5)  8-o.

  Saka tembang Gambuh pitung warna kaya kang kasebut ing dhuwur,
  tembang Gambuh kang kerep dhewe diprangguli ing layang-layang
  kasusastran yaiku tembang Gambuh kang angka IV. Awit saka iku
  tembang Gambuh kang angka IV ing buku iki guru gatra, guru
  wilangan, lan guru lagune dienggo tuladha paugeraning tembang
Gambuh, dene liyane mung dienggo kawruh bae.

[7]) Yuda kanaka tegese perang kuku. Kang dikarepake perang kuku ing kene yaiku kukur-kukur. Saka wanda ”kur” iki bisa dimangerteni yen tembang kang dikarepake yaiku Pangkur, marga padha-padha nganggo wanda ”kur”.

[8]) Ana ing Kamus Kawi-Jawa anggitane C.F. Winter Sr., tembung srinata ditegesi ratu; dene ing Bausastra Jawa-Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo tembung srinata ditegesi tembang Sinom. Pangira kang sakira tinemu nalar geneya tembung srinata dienggo minangka sasmita tembang Sinom kurang luwih mangkene. Srinata tegese ratu. Tembung ratu, dasanamane yaiku prabu, nata, naranata, narapati, naradipati, naradipa, nareswara, narendra, narpa, narpati, katong, pamasa, pamase, raja, aji, lan dhatu. Saka pirang-pirang tembung kang lumrah kanggo nyebut ratu, tembung “prabu” kala-kala uga kanggo nyebut Pangeran Pati utawa Pangeran Adipati (Ind.: Putra Mahkota), yaiku “Prabu Anom”. Sajake saka tembung “Prabu Anom” iki tembung “srinata” dienggo minangka sasmita tembang Sinom, marga tembung mau nduweni wanda kang padha, yaiku “nom”.

[9]) Apa bedane “nonoman” karo “nom-noman”? Yen “nonoman” iku wong kang isih enom, dene “nom-noman” iku tandhing-tandhingan enom.

Tidak ada komentar :