Senin, 23 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (12)


BAB 25
GUGON ‑ TUHON



Apa ta sajatine gugon‑tuhon iku? Ing bab iki, tembung gugon‑tuhon kena ditegesi warna loro.
Kapisan, yen kapirid saka tembung watak, gugon‑tuhon tegese wewatekan kang gampang nggugu lan mituhu marang guneman utawa dedongengan kang pancene mono ora prelu digugu lan dipituhu.
Kapindho, yen kapirid saka tembung aran, gugon‑tuhon yaiku guneman utawa dedongengan kang dening wong kang nggugu lan mituhu dianggep nduweni daya. Yen ta nganti ora  digugu sarta ora ditindakake, wong iku bakal nandhang rekasa utawa ora kapenak uripe.
Mangkono kang diarani gugon‑tuhon, kapirid saka tembung watak lan tembung aran. Dene miturut jinise, gugon‑tuhon bisa kabedakake dadi telung warna, yaiku:
a.   Gugon‑tuhon kang salugu;
b.  Gugon‑tuhon kang isi wasita sinandi; lan
c.   Gugon‑tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler.
Kanggo nyumurupi luwih adoh ing bab mau, ing ngisor iki diwenehi tuladha‑tuladhane.


A. GUGON‑TUHON KANG SALUGU

Manut kaprecayan Jawa, bocah‑bocah kang kagolong bocah sukreta lan wong kang kalebu panganyam‑anyam iku dadi mangsane Batara Kala. Iya kaprecayan kang kaya mangkono kang diarani gugon‑tuhon kang salugu.
Wondene bocah‑bocah kang kalebu bocah sukreta yaiku:
1.
Ontang‑anting     
:
anak lanang siji thok.
2.
Unting‑unting      
:
anak wadon siji thok.
3.
Kedhana‑kedhini  

:
anak loro, lanang siji wadon siji. Yen wadone pambarep, diarani:  kedhini‑kedhana.
4.
Kembang sapasang
:
anak loro wadon kabeh.
5.
Uger‑uger lawang
:
anak loro lanang kabeh.
6.
Kembar       
:
anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang kabeh utawa wadon kabeh.
7.
Dhampit  
:
anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang lan wadon.
8.
Pancuran kapit sendhang          
:
anak telu, wadon-lanang-wadon.
9.
Sendhang kapit pancuran     
:
anak telu, lanang-wadon-lanang.
10.
Cucuk dulit         
:
anak telu lanang kabeh.
11.
Gotong mayid
:
anak telu wadon kabeh.
12.
Sarimpi
:
anak papat wadon kabeh.
13.
Saramba
:
anak papat lanang kabeh.
14.
Pandhawa
:
anak lima lanang kabeh.
15.
Pancagati
:
anak lima wadon kabeh
16.
Ipil‑ipil utawa Pipilan
:
anak lima lanange mung siji.
17.
Padangan
:
anak lima wadone mung siji.
18.
Sapasar
:
anak lima lanang wadon, ora mesthi cacahe.
19.
Pandhawa nyandhangi
:
anak nem lanange lima, ragile wadon.
20.
Gilir kacang 

:
anak akeh, laire ajeg genti-genten: lanang-wadon-lanang lan sateruse, utawa wadon-lanang-wadon lan sateruse.
21.
Lumpat kidang

:
anak akeh kang laire ora ajeg kaya kang kasebut ing angka 20.
22.
Garendhel
:
anak akeh ragile seje dhewe (lanang utawa wadon).
23.
Gendhong
:
anak akeh, wadone mung siji dumunung ing tengah.
24.
Pathok
:
anak akeh, lanange mung siji dumunung ing tengah.
25.
Sumarak
:
Anak akeh, lanange utawa wadone mung siji.
26.
Gondhang kasih
:
anak loro pakulitane siji bule siji ireng.
27.
Tawang gantungan

:
anak kembar utawa dhampit, nanging laire ora nunggal sadina.
28.
Bungkus
:
anak kang nalika laire kebuntel ing kendhangan.
29.
Karendha
:
anak kang lair loro nunggal bungkus.
30.
Sumala
:
anak kang cacad wiwit lair.
31.
Jempina      

:
anak kang lair durung wayahe, upamane lagi wolung sasi.
32.
Margana
:
anak kang laire mbeneri lelungan utawa ana ing dalan.
33.
Wahana
:
anak kang laire mbeneri ana ing pasamuwan.
 34.
Wuyungan
:
anak kang laire mbeneri ana geger.
35.
Julung sarab
:
anak kang laire ing wektu srengenge meh surup.
36.
Julung sungsang
:
anak kang laire mbeneri tengange.
 37.
Julung caplok
:
anak kang laire mbeneri srengenge surup.
 38.
Julung kembang
:
anak kang laire mbeneri pletheking srengenge.
 39.
Cemani
:
anak kang pakulitane ireng.
 40.
Bule (wungle)
:
anak kang pakulitane putih.
 41.
Tiba sampir

:
anak kang nalika laire kalung usus, yen wis gedhe sarwa luwes.
42.
Tiba ungker

:
anak kang nalika laire ginubel utawa ginubed usus ing anggane.
43.
Wungkul
:
anak kang nalika laire tanpa ari‑ari.
44.
Slewah
:
anak kang raine abang lan pingul.
45.
Thok‑thing (thothok kathing)
:
anak kang asirah cilik.

Wondene kang kalebu panganyam‑anyam yaiku:
1.
Omah maga‑sesa
:
gawe omah wis dipayu, nanging tanpa tutup keyong.
2.
Keyong mlompong
  
:
gawe omah lagi dipayu saperengan wis mandheg, ora diterusake.
3.
Omah bubrah
:
gawe omah durung rampung wasana ambruk.
4.
Pasangan putung

:
wong nggaru utawa mluku, wasana pasangane putung utawa tugel.
5.
Nugelake gandhik
:
wong memipis nganti gandhike tugel.
6.
Dandang rubuh
:
wong adang nganti ngrubuhake dandang.
 

B.   GUGON‑TUHON KANG ISI WASITA SINANDI

Wasita sinandi tegese pitutur sinamun, pitutur kang ora dikandhakake kanthi melok. Dene kang diarani gugon‑tuhon kang isi wasita sinandi yaiku gugon‑tuhon kang ngemu surasa pitutur, nanging anggone nglairake ora dikandhakake kanthi melok. Lumrahe dikantheni tembung “ora ilok”, utawa malah tembung kang medeni. Gugon‑tuhon iki uga lumrah diarani aradan.
Upamane: “Aja lungguh ing bantal, ora ilok. Mundhak wudunen!”. Pancene iya ora ilok, saru! Coba ta dipanggalih. Bantal rak kanggo dhasaring sirah, teka dilungguhi. Rak ya saru tenan ta?! Dene tembung “mundhak wudunen” iku mung kanggo medeni thok.
Samono uga gugon‑tuhon ing ngisor iki. Kajaba kalebu wasita sinandi, uga sering dikandhakake ora ilok. Apa sababe ora ilok? Mangga dipanggalih piyambak!
1.         Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene.
2.        Ngandhut tampah. Karepe: wong ngandhut utawa meteng, nglungguhi tampah.
3.        Pawuhan celak wisma.
4.        Kekudhung kukusan.
5.        Mangan ngore. Karepe: mangan karo ngore rambut.
6.        Pawon mangetan. Karepe: pawon kang adege madhep mangetan.
7.        Uncal uwuh. Karepe: mbuwang uwuh metu ing jendhela.
8.      Lumah pipisan. Karepe: arep memipis, durung nyadhiyakake barang kang arep dipipis wis nglumahake pipisan.
9.    Kureb ajang. Karepe: bakda memangan, ajange terus dikurebake tanpa diasahi luwih dhisik.
10.      Jendhela menga. Karepe: srengenge wis surup, jendhelane durung ditutup.
11.       Uwuh longan. Karepe: mbuwang uwuh ana ing ngisor longan.
12.      Buwang tuma. Karepe: metani, oleh‑olehane tuma ora dipateni, mung dibuwang thok.
13.      Turu waton. Karepe: turu ana ing watoning amben.
14.      Mangan sangga ajang.
15.      Mangan panas. Karepe: memangan panganan kang isih panas.
16.      Mangan paturon. Karepe: mangan ana ing paturon.
17.      Mangan mlaku. Karepe: memangan panganan karo mlaku.
18.      Sumur ing ngajengan.
19.      Nggites ngenggon. Karepe: metani, tumane digites ing sirah bae.
20.     Nyapu dalu. Karepe: nyapu ing wayah bengi.
21.      Wanita lungguh jegang.
22.     Kandhang kebo ing jero omah.
23.     Ngethoki kuku wayah bengi.
24.     Lumbung tanpa dhedhasar.
25.     Kasur tanpa pramada. Karepe: kasur tanpa seprei.
26.     Lungguh ing tengah lawang.
27.     Supatanan. Karepe: sithik‑sithik supata (sumpah).
28.     Turu ing wayah sandyakala.
29.     Sanggar cungkup. Karepe: gawe omah ragangane kecampuran ragangan tilas cungkup.
30.     Weweh dijaluk bali, mundhak gondhoken.
                  

C. GUGON‑TUGON KANG KALEBU PEPALI UTAWA WEWALER

Gugon‑tuhon iki asale saka sabdaning leluhur utawa wong kang cikal‑bakal ing panggonan kono. Iya marga dheweke wis tau ngalami lelakon kang ora kepenak utawa cilaka, mula banjur paring wewaler marang tedhak‑turune utawa para kawulane supaya aja nindakake pakaryan kaya kang marakake ora kepenak utawa cilaka mau.
Tuladhane gugon‑tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler, upamane:
1.    Wong‑wong Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Paing. Marga apa? Iya marga Sang Adipati Wirasaba mang-gih cilaka ana ing dina Setu Paing, banjur panjenengane, sadurunge seda, paring wewaler: “Anak‑putuku lan kawulaku kabeh, dakwewaleri, ora kena lelungan ana ing dina Setu Paing”.
2.  Tedhak‑turune Panembahan Senapati, samangsa mangsah jurit, ora kepareng nitih titihan bathilan, yaiku titihan kang wulune ing surine utawa buntute dikethok. Apa jalarane? Jalarane yaiku nalika mangsah jurit nglawan Arya  Panangsang, durung nganti adu atosing balung wuleding kulit dumadakan titihane Panembahan Senapati mbandhang kang agawe lingseme Sang Panembahan lan meh gawe cilakaning panjenengane. Wondene titihan kang dititihi nalika samono jaran bathilan kang aran Gagakrimang.



-------------------------@-------------------------



BAB 26

S  U  L  U  K




Suluk, kajaba duwe sambung‑rapet karo tontonan wayang, uga duwe sambung‑rapet karo ngelmu kabatinan.


A.  SULUK KANG ANA SAMBUNG‑RAPETE KARO TONTONAN WAYANG

Suluk kang ana sambung‑rapete karo tontonan wayang utawa suluk padhalangan, miturut Soenarto Timoer, yaiku lelagoning dhalang kanggo nggambarake swasananing rasa sarta swasananing kaanan ing sela‑selaning adegan sajroning pakeliran. Miturut S. Padmosoekotjo, suluk kang ana sambung-rapete karo tontonan wayang utawa suluk padhalangan iki asale saka tembung çloka, tegese: puisi utawa tembang. Isih miturut S. Padmosoekotjo, suluk padhalangan iku ana pepilahane, yaiku:
1.     suluk jugag, yaiku suluk kang dicekak;
2.    ada‑ada, yaiku suluk kang sereng;
3.    ada‑ada greget saut, yaiku suluk kang sereng banget;
4.    sendhon, yaiku  suluk  kang  rasane  kendho,  mengeng, tidha‑tidha; lan;
5. sendhonan utawa sesendhonan, yaiku tetembangan macapat utawa lelagon dolanan (Dhandhanggula, Pucung, Gambang Suling, Witing Klapa lan sapanunggalane).


     Suluk utawa sulukan, cakepane ana kang dipethik saka kakawin, ana kang saka tembang gedhe, ana kang saka tembang tengahan, malah kepara ana kang saka tembang macapat lan lelagon kaya kang kasebut ing dhuwur. Kang kapethik saka kakawin cakepane akeh kang wis ora cocog karo cakepan kang ana ing buku kang kapethik. Wondene kang kapethik saka tembang gedhe, tembang tengahan lan tembang macapat lumrahe mawa owah‑owahan sawatara, kaya ta disuda utawa diwuwuhi. Coba priksanana suluk ing ngisor iki kang kapethik saka Serat Pedhalangan Lampahan Dewa Ruci anggitane Soedarno.

Suluk Pathet Manyura Jugag

1    1   1   1   1   1   1   1   1   1   1
Jahning yahning ta‑la‑ga   ka‑di   la‑ngit
3..2   2   2    2    2   2   2   2    2    2  1.2.
mambang tang pas  wu‑lan  u‑  pa‑ ma‑ ni‑ ka
3.21.216  1   1   1  1   1  1   1  1  1  1  6.1.
O......... lintang tulya  ku‑su‑ma ya su‑ma‑wur
2.16.5.3
O........

Cakepan kang kapethik saka Kakawin Ramayana iku miturut S. Padmosoekotjo ing bukune kang asesirah Suluk Pedhalangan, asline arupa Kakawin Bhramarawilasita, tegese: kombang ora tentrem. Isine nyandra kaananing Suwelagiri, pasanggrahane Prabu Ramawijaya sawadyabalane nalika ngrabasa nagari Lengka (Ngalengka). Dene cakepane kang asli mangkene:

Jahni yahning talaga kadi langit,
mambang tang pas wulan upama nika,
wintang tulya ng kusuma ya sumawur,
lumra pwekang sari kadi jalada.

Nah, sulukan kasebut wis ora cocog karo asline ta? Kanggo nambahi sesurupan, ing ngisor iki diwenehi jarwane pethikan kakawin kasebut kang kacuplik saka buku Suluk Pedhalangan anggitane S. Padmosoekotjo.

Toyanipun (tlaga ing Suwelagiri) bening, (jembaripun) tlaga (ngilak‑ilak) kados langit, bulusipun kumambang, (bundering badanipun bulus punika) pepindhanipun kados rembulan. Lintang‑lintang (ingkang anjrah ing langit) pepindhanipun kados sekar‑sekar ingkang sumawur, sari‑sarinipun sekar (Indonesia: tepung sari) sumebar kados mega.

Iku kang methik saka kakawin. Wondene kang methik saka tembang gedhe yaiku suluk ada‑ada greget saut sanga kang kapethik saka Pakem Padhalangan Lampahan Wahyu Purba Sejati anggitane Ki Siswoharsoyo ing ngisor iki.

2  2  2  2  2   2  2 2 2   2‑1 1‑2  1  1  1  1  1  1 
Buta Pandhawa tata gati   wi-sa-ya  indri yaksa sara
1  1  6  5 2    1 1  1  1 ‑ 6 5   1  1  1  1  1  1
maruta  e..….  bana margana,    panca bayu  wara‑
1‑6   2  2  2  2  2 2 2  2  2  2  2‑2 6   1
yang trining rana wisikan gulingan lima    O….

Yen sulukan kasebut kapethik saka tembang gedhe, banjur apa araning tembang gedhe mau? Ana ing bukune kang asesirah Katrangan Candrasangkala (kang dening T.K.W. Hadisoeprapto dijarwakake ing basa Indonesia [kawaosa: Indhonesia] dadi Keterangan Candrasangkala), Raden Bratakesawa uga nyebutake tembang kang uga lumrah kanggo sulukan kasebut. Arane tembang mau yaiku tembang gedhe utawa sekar ageng Kusumawicitra. Mung bae, ing sulukan kasebut ana tembung kang disuda lan diwuwuhi. Tembang kang tembung‑tembunge nduweni watak wilangan marga lumrah kanggo sangkalan (priksanana Bab 29) iku cakepane mangkene.

Sekar Ageng Kusumawicitra  (lampah 12)

Buta Pandhawa tata gati wisaya
indri yaksa sara maruta pawana
bana margana samirana warayang
panca bayu wisikan gulingan lima.

Ing ngisor iki tuladha suluk padhalangan kang kapethik saka tembang macapat. Suluk ada‑ada pathet nem jugag (cekak) laras Slendro iki kapethik saka Serat Pakeliran Lampahan Pandhawa Nugraha anggitane Suratno lan Sogi Sukidjo.

                 1    1   1   1   1    1    1    1
                 Tan sa‑mar pa‑mor‑ing suk‑ma
                 2   2    2   2    2   2   2    2   2
                 si‑nuk‑ma‑ya    wi‑nah‑ya   jro‑ning
                 1.6  6  2.1.2..3
                 a‑   ti  O.….....

Hla, apa ana tembang macapat kang cekake samono? Kaya kang disebutake ing dhuwur, sulukan kang kapethik saka tembang macapat lumrahe disuda utawa diwuwuhi. Kebeneran ing tuladha kasebut cakepane disuda lan diwuwuhi. Tembang kang asline kapethik saka Serat Wedhatama anggitane K.G.P.A.A. Mangkunagara IV iku jangkepe mangkene.

Pangkur

Tan samar pamoring sukma
sinukmaya winahya ing asepi
sinimpen telenging kalbu
pambukane warana
tarlen saking liyep layaping aluyut
pindha pesating supena
sumusup ing rasa jati.


B. SULUK KANG ANA SAMBUNG‑RAPETE KARO NGELMU KABATINAN

Suluk kang ana sambung‑rapete karo ngelmu kabatinan, miturut R.S. Subalidinata, yaiku araning jinise karya sastra kang  ngemot bab kapitayan utawa filsafat. Karya sastra utawa buku-buku kang kaya mangkono, miturut Harun Hadiwijono, akeh-akeh diterangake sarana guneman antarane guru lan murid. Buku‑buku mau sesirahe lumrahe uga nganggo jeneng suluk, kaya ta: Suluk Sukarsa lan Suluk Wujil anggitane Sunan Bonang, Suluk Malang‑Sumirang anggitane Sunan Panggung, Serat Suluk Wali Sana anggitane Sunan Giri II, Suluk Linglung Sunan Kalijaga (Seh Malaya) anggitane Imam Anom lan sapanunggalane. Ewa samono ora ateges kabeh buku kang ana sambung‑rapete karo ngelmu kabatinan nganggo sesirah suluk. Ing bab iki bisa disumurupi saka ngandikane H. Karkono Kamajaya Partokusumo ing bukune kang asesirah Kebudayaan Jawa: Perpaduannya dengan Islam  kaya ing ngisor iki

“Di sepanjang tepi pantai utara ada seorang ulama yang menulis kitab Suluk dalam bahasa Jawa berbentuk tembang.  ......................
Salah satu Serat Suluk yang terkenal ialah Serat Cebolek, karangan pujangga R.Ng.Yasadipura I.  ......”

Saka katrangan kasebut cetha yen Serat Cebolek, miturut H. Karkono Kamajaya Partokusumo, uga kalebu serat suluk. Lire, buku kang uga ngemot bab ngelmu kabatinan.
Pethikan pituture Prabu Ramawijaya marang Wibisana ing ngisor iki dening S. Padmosoekotjo uga digolongake suluk.

Mijil

Damar kraton aywa mati
sadege kaprabon
aywa kandheg madhangi jagade
mangka panariking reh sayekti
ing pati pinanggih
kautameng Prabu.

Saperengan tembung kang ana ing pethikan kasebut dening S. Padmosoekotjo ditegesi mangkene.
-> Damar kraton (damaring praja), maksude: kang minangka pepadhanging awak, yaiku 
      ati lan pikiran. (Pikir itu pelita hati)
-> Sadege kaprabon = salawase madeg ratu, maksude: salawase urip.
-> Awya kandheg madhangi jagade = kudu tansah ulah kabe-cikan.
-> Mangka panariking reh sayekti = minangka pambudidaya, minangka laku.
-> Ing pati pinanggih kautameng Prabu = manawa mati, nyawane antuk kamulyan.

Tidak ada komentar :