Jumat, 27 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (14)


 BAB 28
S A N G K A L A N
  



Tembung sangkalan[1]) (asring kawaos: sengkalan) asale saka tembung sangkala lan panambang –an. Wondene tembung sangkala, miturut Darusuprapta, kira-kira asale saka:

1.   Arane Jaka Sangkala, iya Aji Saka, Prabu Saka utawa Prabu Isaka kang kalah perang lan kapracondhang saka nagarane, yaiku India terus ngajawa. Tekane ing tanah Jawa dipengeti angka taun 1.
2.  Tembung sakakala kang diungkret, banjur diwuwuhi aksara irung ng. Dadi asale saka sakakala --> sakala --> sangkala. Sakakala tegese petungan wektu miturut Saka, yaiku aran sawijining trah ing India (kawaosa: Indhia). Taun Saka 1 diwiwiti taun 78 Masehi, ing jroning panguwasane Prabu Salivahana.
3.  Tembung sang lan kala. Sang kalebu tembung pakurmatan, dene kala tegese wektu. Dadi sang kala tegese Sang Wektu. Karepe, petungan taun utawa tembung-tembung kang ngemu surasa angka taun.
Nanging yen ndulu sejarah, sadurunge agama Islam teka ing tanah Jawa, wong Jawa wis nganggo pananggalan bareng karo ngrembakane agama Hindhu, yaiku taun Saka, sajake pangira-irane Darusuprapta kang angka 1 lan 2 luwih tinemu nalar.
Mbokmanawa marga araning taun kang dienggo dening wong-wong Jawa nalika samono iku taun Saka, mula pengetan etunging taun kang kawujudake sarana tetembungan utawa ukara diarani sangkalan.


A. JINISING SANGKALAN

Yen ing dhuwur wis disumurupi manawa sangkalan iku pengetan etunging taun kang ora katerangake nganggo angka nanging sarana tetembungan, banjur kepriye carane nerangake?
Para leluhur kita anggone nerangake etunging taun kasebut ana rong warna, yaiku:
1.   sarana tetembungan kang ngemu surasa etunging taun lan diarani sangkalan lamba; lan
2. nganggo gambar utawa barang-barang utawa wewangunan kang uga mengku karep etunging taun, diarani sangkalan memet. Geneya memet, marga supaya bisa mangreteni etunging taun pira kang kacetha ing gambar, barang-barang utawa wewangunan kasebut, kudu digoleki kaping pindho. Sapisan, gambar utawa barang-barang utawa wewangunan kasebut kudu kawaca utawa kadadekake tetembungan dhisik. Kapindho, sawise dadi tetembungan, tetembungan mau kudu digoleki tegese supaya dadi etungan taun.
Sangkalan kang tinemu ing “Serat Iber Dhumateng Kanjeng Pangeran Arya Hangabehi” kang kamot ing Serat-serat Anggitan Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Aria Mangkunagara IV ing ngisor iki kalebu sangkalan lamba.

Mijil

Titi ingkang macapat Pamijil
ing Akad Kaliwon
ping nembelas Saban ing sasine
taun Ehe sangkala kang warsi
cinatur luhuring
sarira sang prabu.

Tetembungan “cinatur luhuring sarira sang prabu” ing pethikan kasebut nduweni watak wilangan:
=>  cinatur              = 4;
=> luhuring             = 0;
 => sarira               = 8;
=> sang prabu        = 1.
Sawise tembung-tembung mau dimangreteni watak wilangane, banjur kepriye carane ndadekake etungan taun? Carane yaiku urutan angka-angka kasebut diwalik. Jalaran apa, awit urutan-urutan mau saka kang paling ngarep yaiku ekan, dasan, atusan, lan ewon. Dadi layang kiriman utawa serat iber saka K.G.P.A.A. Mangkunagara IV marang K.P.A. Hangabehi ditulis ing taun 1804 Jawa (=1875 Masehi).
Banjur kaya ngapa wujude sangkalan memet? Salah sawijining tuladha bisa dinulu ing kraton Surakarta. Ing sadhuwuring panggung sangareping kraton Surakarta ana gambar naga ditumpaki wong. Gambar iki pigunane kanggo nuduhake arah angin. Nanging apa mung kuwi thok kareping gambar mau? Pranyata ora! Gambar mau uga duwe karep minangka pepenget digawene panggung kasebut. Gambar naga kang ditumpaki wong mau ngemu karep “naga muluk tinitihan janma”. Ukara kasebut nduweni teges etungan taun 1708 Jawa (=1781 Masehi), iya taun digawene wewangunan kasebut.


B.  CANDRASANGKALA LAN SURYASANGKALA

Kaya kang wis kita mangreteni bebarengan, taun-taun kang tau dienggo dening wong-wong utawa bebrayan Jawa yaiku taun Saka, taun Hijrah, taun Jawa, lan taun Masehi. Taun Saka yaiku taun kang dienggo dening bebrayan Jawa nalika agama Hindhu ngrembaka ing tanah Jawa. Taun Hijrah yaiku taun kang dienggo dening wong-wong kang ngrasuk agama Islam. Taun Jawa yaiku taun yasane Sultan Agung Hanyakrakusuma kang mujudake gabungan antarane taun Saka lan taun Hijrah. Wondene taun Masehi yaiku taun kang lumrah dienggo minangka pananggalan dening bebrayan agung nagara kita.
Adhedhasar petungan wektu, taun Saka lan taun Masehi kalebu taun-taun kang adhedhasar ubenging srengenge (karepe: lakuning bumi ngubengi srengenge), dene taun Hijrah lan taun Jawa kalebu taun-taun kang adhedhasar ubenging rembulan (karepe: lakuning rembulan ngubengi bumi). Iya awit saka iku, yen maune pengetan etunging taun kang kawujudake sarana tetembungan utawa ukara diarani sangkalan, banjur tuwuh sesebutan kang luwih ciyut maneh, yaiku candrasangkala lan suryasangkala. Candrasangkala yaiku sangkalan kang adhedhasar taun kang migunakake petungan ubenging rembulan, dene suryasangkala yaiku sangkalan kang adhedhasar taun kang migunakake petungan ubenging srengenge. Minangka tuladha, manawa olehe gawe sangkalan mau didhasarake taun Jawa, mula sangkalan kasebut diarani candrasangkala. Wondene anggone gawe sangkalan didhasarake taun Masehi upamane, mula sangkalan mau diarani suryasangkala.
Prelu kawuningan, pananggalan kang migunakake dhasar ubenging srengenge (kaya ta: taun Saka lan taun Masehi), suwening wektune beda kalawan pananggalan kang migunakake dhasar ubenging rembulan (kaya ta: taun Hijrah lan taun Jawa). Kang disebutake pisanan jroning sataun lawase ana 365 utawa 366 dina, dene kang kapindho jroning sataun lawase ana 355 dina.


C.  TEMBUNG KANG NDUWENI WATAK ANGKA

Kaya kang wis disebutake ing ngarep, carane ndadekake etungan taun tumraping tembung-tembung kang ana ing sangkalan yaiku diwiwiti saka buri banjur mangarep. Kang dadi paran pitakonan yaiku: tembung apa bae kang nduweni watak wilangan?
Tembung-tembung kang nduweni watak wilangan, kanggo gampanging rembug, yaiku:

=> Kang awatak 1

:

barang kang anane ing donya iki mung siji kaya ta: bumi lan srengenge. Mangkono uga peranganing awak kang cacahe mung siji; barang kang wangune bunder; manungsa.
=> Kang awatak 2

:
barang kang cacahe lumrahe ana loro, kaya ta: mripat, tangan, kuping lan sapanunggalane.
=> Kang awatak 3

:

Geni utawa barang-barang kang ngetokake geni.
=> Kang awatak 4 


:
Banyu utawa barang-barang kang ngemu banyu; tembung-tembung kang nduweni teges “gawe”.
=> Kang awatak 5 
:
buta; panah; angin.
=>Kang awatak 6 
:
araning rasa; tembung-tembung kang nduweni teges “obah”, tembung-tembung kang nduweni teges “kayu”; araning kewan asikil nem.
=> Kang awatak 7
:
gunung; pandhita; munggah; jaran.
=> Kang awatak 8
:
gajah; kewan rumangkang.
=> Kang awatak 9

:

dewa; barang-barang kang dianggep bolong.
=> Kang awatak 10 utawa 0
:
tembung-tembung kang nduweni teges “ora ana”; kang ateges langit utawa dhuwur.


D.PANGRIMBAGING TEMBUNG KANG KANGGO SANG-KALAN

Sawise mangreteni sawetara tembung kang nduweni watak wilangan, banjur kepriye carane ngrimbag tembung kasebut supaya dadi tembung kang nduweni watak wilangan?
Miturut para ahli, ana wolung cara ngrimbag tembung utawa tembung-tembung supaya nduweni watak wilangan, yaiku adhedhasar:
a.   guru dasanama, yaiku yen sawijining tembung nduweni teges kang padha utawa meh padha, tembung-tembung mau dianggep padha watak wilangane. Tuladhane: gunung, ancala, prawata, ardi, lan arga kalebu tembung kang tegese padha, mula tembung-tembung mau dianggep padha watak wilangane, yaiku 7;
b.  guru sastra, yaiku tembung kang tulisane padha, dianggep padha watak wilangane. Kaya ta: tembung esthi” kang ateges gajah lan esthi” kang ateges cipta, karsa. Tembung mau padha-padha nduweni watak wilangan 8.
c.   guru wanda, yaiku tembung kang pakecapane meh padha utawa wandane ana kang padha, dianggep nduweni watak wilangan kang padha. Upamane tembung “waudadi (=sagara) lan dadi”. Sarehning pakecapane meh padha, marga padha-padha ana pakecapan “dadi”, mula tembung mau dianggep nduweni watak wilangan kang padha, yaiku 4.
d.  guru warga, yaiku tembung kang kaanggep nunggal bangsa, tembung mau kaanggep nduweni watak wilangan kang padha. Tuladhane: srengenge, rembulan, lan lintang kalebu tembung kang nunggal bangsa, yaiku jinising planet, mula tembung-tembung mau dianggep nduweni watak wilangan kang padha, yaiku 1.
e.  guru karya, yaiku tembung kang nuduhake pakartining salah sawijining barang, tembung mau kaanggep padha watak wilangane karo watak wilangane barang mau. Tembung tangan upamane, nduweni watak wilangan 2. Awit saka iku, tembung nabok kang mujudake pakartining tangan, uga kaanggep nduweni watak wilangan 2.
f.   guru sarana, yaiku tembung kang nuduhake sarana kang kanggo nindakake sawijining pakaryan, kaanggep nduweni watak wilangan kang padha karo pakaryan mau. Tuladhane tembung panah. Tembung iki dianggep nduweni watak wilangan 5 marga panah minangka salah sawijining sarana pancakara ‘perang’ kang nduweni watak wilangan 5.
g.  guru darwa, yaiku tembung kaanan kaanggep nduweni watak wilangan kang padha karo tembung kang kadunungan kaanan mau. Panas upamane, kalebu kaananing geni. Awit saka iku panas nduweni watak wilangan kang padha karo geni, yaiku 3.
h.  guru jarwa, yaiku tembung kang nduweni teges padha utawa memper karo tembung kang nduweni watak wilangan, kaanggep padha wataking wilangane. Tuladhane tembung raos karo tembung raras. Tembung-tembung mau dianggep nduweni watak wilangan kang padha, yaiku 6.

Kanggo apalan, ing ngisor iki diwenehi tuladha tembung-tembung kang nduweni watak wilangan kang dipethikake saka buku Katrangan Candrasangkala anggitane Raden Bratakesawa kang dening T.W.K. Hadisoeprapta dijarwakake dadi Keterangan Candrasengkala, kang kaiket ing tembang dhandhanggula. Tembung-tembung ing sisih kiwa kalebu cakepane, dene tembung-tembung ing sisih tengen tegese tembung-tembung ing sisih kiwa mau. Wondene angka-angka kang kasebut ing ngisor iki nuduhake gatrane tembang dhandhanggula.

WATAK WILANGAN SIJI

1.
Tunggal       
:
awor, siji

gusti           
:
ratu, Allah

sujanma       
:
tiyang linangkung

semedi
:
manekung, jubur
2.
Badan          
:
awak

nabi  
:
nabiullah, wudel     

rupa  
:
warni

maha
:
langkung, sanget, njarag

buddha        
:
Sang Gotama, budi
3.
Niyata        
:
yektos, nyata

luwih
:
langkung, linangkung

pamase
:
ratu
4.
Wong
:
tiyang

buweng
:
bunderan

rat
:
jagad

lek    
:
tanggal, rembulan

iku    
:
punika, buntut
5.
Surya
:
srengenge

candra
:
praceka, rembulan

kartika
:
lintang

bumi
:
siti
6.
Wiji
:
winih, sawiji

urip
:
gesang

ron
:
godhong

eka   
:
siji
7.
Prabu
:
patut, sembada, ratu

kenya          
:
prawan

nekung        
:
ndhingkluk, semedi
8.
Raja  
:
ratu

putra
:
anak

sasa
:
lintang, banter

dhara
:
lintang, prawan, weteng
9.
Peksi
:
manuk

dara  
:
manuk dara, weteng

tyas  
:
ati

wungkul
:
wetah

sudira
:
kendel

budi
:
pikir
10.
Wani
:
purun, kendel

hyang
:
dewa, Allah

jagad
:
buwana, donya

nata
:
ratu.

WATAK WILANGAN LORO

1.
Asta 
:
tangan, cepeng

kalih
:
loro

ro
:
kalih

nembah
:
nyembah

ngabekti
:
nyembah
2.
Netra
:
mripat

kembar
:
sami

myat
:
ningali

mandeng
:
ningali

nayana
:
ulat, mripat
3.
Swiwi
:
elar

lar
:
wulu, swiwi, indhak

sikara         
:
aru biru, tangan

gandheng
:
kanthet
4.
Paksa
:
kedah, sisi, bau

apasang
:
masang, sapasang

sungu
:
singat
5.
Athi-athi    
:
athi-athi

talingan
:
kuping

dresthi       
:
alis, cidra
6.
Carana
:
athi-athi, rerenggan

tangan
:
tangan

karna
:
kuping
7.
Bau
:
lengen

suku  
:
sikil

caksuh        
:
teluh, mripat
8.
Mata
:
mripat

paningal
:
pandeleng, mripat

locana
:
mripat, luh
9.
Ama
:
pasu, weri, meksa

nebah         
:
nebih, nebak, ngelud

karnan
:
remen, kuping

ngrengga
:
ndandosi

panganten
:
panganten

dwi
:
kalih
10.
Kanthi
:
mawi, gandheng

buja  
:
bau, tedha

bujana                   
:
sesegah.

WATAK WILANGAN TELU

1.
Bahni
:
latu

tiga
:
telu

ujwala
:
cahya, urub

kaeksi         
:
katingalan
2.
Katon
:
katingalan

murub
:
murub

dahana
:
latu

payudan
:
paprangan
3.
Katingalan
:
katon

kaya  
:
kados, pamedal

benter        
:
panas
4.
Nala
:
manah, latu

uninga
:
sumerep, obor?

kawruh
:
kasagedan
5.
Lir    
:
kados

wrin  
:
sumerep

weda 
:
pakem, wulang, kawruh

naut  
:
nyaut, mangsuli

nauti
:
cacing, mangsuli
6.
Teken
:
teken

siking         
:
upet, teken

pawaka
:
latu
7.
Kukus
:
kebul

api
:
latu

apyu  
:
latu
8.
Brama         
:
latu

rana  
:
paprangan, aling-aling, estri

rananggana
:
paprangan
9.
Utawaka     
:
latu

uta
:
lintah

ujel   
:
welut

kobar          
:
kabesmi

agni   
:
latu
10.
Wignya       
:
saged

guna  
:
linangkung, saged, paeka, paedah

tri    
:
tiga

jatha 
:
gimbal, siyung, wadhah.

WATAK WILANGAN PAPAT

1.
Catur
:
canten, sakawan

warna
:
rumpaka, toya, bangsa

wahana
:
tumpakan, wedhar, teges

pat
:
sakawan

warih
:
toya
2.
Waudadi
:
saganten

dadya
:
dados

keblat         
:
keblat

papat
:
sakawan
3.
Toya  
:
banyu

suci   
:
resik

udaka          
:
toya

we     
:
toya
4.
Woh
:
woh, jawah

nadi
:
lepen, saganten

jladri
:
saganten

sindu
:
toya
5.
Yoga  
:
anak, prayogi, jaman

gawe
:
damel

tlaga
:
tlaga

her
:
toya

wening
:
bening
6.
Udan
:
jawah

bun   
:
bun, awun-awun

tirta
:
toya

marta
:
bening, asrep
7.
Karya
:
damel

sumber
:
sumber, belik

sumur
:
sumber
8.
Masuh         
:
ngumbah

marna
:
ngucap, ngrumpaka

karti
:
damel

karta
:
raharja
9.
Jalaniddhi
:
saganten

samodra      
:
saganten

udaya
:
saganten

tasik 
:
pupur, saganten
10.
Tawa
:
wantah, tawar, tawi

sagara
:
saganten

wedang       
:
toya dipunlatoni.

WATAK WILANGAN LIMA

1.
Pandhawa
:
putraning Pandhu

lima   
:
gangsal

wisikan
:
bisikan, gulingan

gati   
:
tata, prelu, ulah
2.
Indri
:
angin silir-silir

indriya
:
manah, pancadriya

warastra
:
lelandhep, jemparing

wrayang
:
jemparing
3.
Astra
:
dedamel, jemparing

lungid          
:
landhep, lancip

sara  
:
dedamel, jemparing

sare  
:
tilem
4.
Guling         
:
tilem, glundhung

raksasa
:
danawa

diyu   
:
danawa
5.
Buta
:
danawa

galak
:
galak

wil     
:
danawa enem

yaksa          
:
danawa

yaksi 
:
danawa estri
6.
Saya
:
langkung, paeka, pirantos

wisaya         
:
paeka, pirantos

bana  
:
wana, jemparing
7.
Jemparing
:
panah

cakra          
:
jemparing bunder, cipta

hru    
:
jemparing
8.
Tata
:
trap, angin

nata  
:
ngewrat

bayu
:
otot, angin

bajra 
:
dedamel, angin
9.
Samirana     
:
angin

pawaka
:
angin

maruta
:
angin

angin 
:
barat
10.
Panca
:
gangsal

marga
:
margi

margana      
:
jemparing, Arjuna.

WATAK WILANGAN NEM

1.
Rasa
:
raos, pangraos

nenem
:
nenem

rinaras
:
dipunpatut, dipunraos

artati
:
legi, dhandhanggendhis
2.
Lona
:
pedhes

tikta
:
pait

madura 
:
legi

sarkara
:
gendhis, legi
3.
Amla
:
kecut

kayasa        
:
sepet

karaseng
:
kraos ing
4.
Oyag
:
ebah

obah
:
ebah

nem   
:
nenem

kayu  
:
kajeng, wit
5.
Wreksa      
:
kajeng, wit

glinggang    
:
kajeng tinegor

prabatang
:
kajeng rebah

oyig            
:
oyag, ebah
6.
Sad
:
nenem

anggas        
:
walang, glinggang

anggang-anggang
:
anggang-anggang
7.
Mangsa       
:
wektu, panedhanipun kewan galak

naya  
:
ulat, mangsa kanem

retu  
:
pait, geger
8.
Wayang       
:
ringgit, ebah

winayang
:
dipuncara ringgit, dipunebahaken

anggana
:
ijen, tawon
9.
Ilat   
:
lidhah cleret, lidhah lesan

kilat           
:
cleret

lidhah         
:
ilat, kilat

lindhu          
:
siti ebah

carem               
:
campuhing sih, marem

manis
:
legi, sae, estri
10.
Tahen
:
kayu, ngampet, nandhang

osik   
:
ebah, ebahing manah

karengya     
:
kapireng, dipunrengoni.

WATAK WILANGAN PITU

1.
Sapta         
:
pitu, doya

prawata
:
redi

acala
:
redi

giri
:
redi, linangkung
2.
Ardi
:
redi

gora  
:
tawon gung, ageng, redi

prabata
:
redi

himawan      
:
redi, namaning redi
3.
Pandhita
:
tiyang tapa

pitu   
:
pitu

kaswareng
:
kasebut, kajuwara
4.
Resi
:
tiyang suci, pandhita

sogata
:
segah, guru, pandhita

wiku  
:
pandhita
5.
Yogi  
:
prayogi, pandhita

swara          
:
swanten, ungel

dwija
:
guru, pandhita

suyati         
:
pandhita linangkung
6.
Wulang
:
pitutur

weling         
:
wekas

wasita                   
:
pitutur, piwulang
7.
Tunggang
:
tumpak

turangga
:
kapal

gung  
:
ageng
8.
Swa
:
kapal

aswa  
:
kapal

titihan        
:
tumpakan

kuda  
:
kapal
9.
Ajar
:
pandhita, piwulang

arga  
:
redi, regi

sabda          
:
wicanten, swanten

nabda          
:
wicanten, nyuwanten

angsa
:
banyak, tedhak, ndarung

muni  
:
mungel, wicanten, pandhita
10.
Suka
:
bingah, aweh

biksu          
:
lembu, pandhita

biksuka
:
lembu, pandhita.

WATAK WILANGAN WOLU

1.
Astha
:
wolu

basu  
:
tekek, sawer, dewa wolu

anggusthi    
:
ngginem, ngrembag

basuki         
:
wilujeng, ratuning sawer
2.
Slira 
:
badan, menyawak

murti
:
sanget, linangkung, nyata, cecak

bujangga     
:
pujangga, naga

manggala
:
pangajeng, pangageng, liman
3.
Taksaka      
:
sawer

menyawak
:
kawuk, nyambik

tekek
:
tekek
4.
Dwipa         
:
liman

dwipangga   
:
liman

bajul           
:
baya
5.
Gajah          
:
liman

liman 
:
gajah

dirada         
:
liman

esthi          
:
cipta, sedya, raos, liman
6.
Estha
:
sedya, cipta, pindha

matengga    
:
ngentosi, liman

brahma       
:
latu, brahmana
7.
Brahmana    
:
pandhita sabrang

wewolu        
:
wolu
8.
Baya  
:
pakewed, bajul, mbokmanawi, janji

bebaya
:
pakewed

kunjara
:
gedhong pasakitan, liman
9.
Tanu  
:
bunglon

sarpa
:
sawer

samaja        
:
liman

madya         
:
tengah, cekapan, bangkekan

mangesthi
:
nedya, nyipta
10.
Panagan       
:
panggenan naga, petangan lampahing naga

ula     
:
sawer

naga
:
sawer ageng.
   
WATAK WILANGAN SANGA

1.
Bolong
:
butul

nawa           
:
sanga, nawar

dwara
:
kori, gapura

pintu 
:
kori

kori   
:
lawang
2.
Bedhah       
:
belah, sigar

lawang         
:
kori

wiwara        
:
leng, kori

gapura        
:
kori ageng
3.
Rong
:
bolong, growong

song  
:
bolongan, rong

wilasita
:
leng, leng kombang

angleng       
:
cetha ing pamireng, mlebet ing leng
4.
Trustha      
:
bingah, bolong terus

trusthi
:
bolong terus

trus  
:
kabul, totos, bablas, butul

butul           
:
bolong, terus
5.
Dewa
:
jawata

sanga          
:
sanga

jawata
:
dewa

manjing       
:
mlebet
6.
Arum
:
wangi, manis, estri

ganda               
:
ambet, wangi

kusuma        
:
sekar, estri utami
7.
Muka
:
rai, ngajeng, pangajeng

rudra
:
galak, nepsu, jejulukipun Bathara Guru

masuk         
:
mlebet
8.
Rago
:
guwa, alangan

angrong       
:
mlebet ing rong

guwa           
:
growongan

menga
:
kebuka, kebikak
9.
Babahan      
:
bolongan, gangsiran

leng   
:
bolongan alit

ambuka       
:
mbikak, ngengakaken

gatra          
:
warni, gambar, pepethan

anggangsir  
:
mbabah
10.
Nanda
:
wicanten, nywara, mangsa kasanga

wangi
:
arum

wadana        
:
rai, pangageng.

WATAK WILANGAN DAS

1.
Bomya         
:
awang-awang

musna
:
ical, sirna

nis              
:
ical, kesah

mletik
:
menculat, nyiprat

langit
:
awang-uwung
2.
Sirna
:
ical, telas

ilang  
:
ical

kombul        
:
kondhang, manginggil

awang-awang
:
udara, langit
3.
Mesat         
:
kesah, oncat

muluk
:
mumbul

gegana
:
awang-awang, langit

ngles 
:
oncat
4.
Tumenga     
:
mandeng manginggil

nenga                
:
mandeng manginggil

luhur 
:
inggil, nginggil
5.
Suwung       
:
suweng, sepen

sonya
:
suweng, pertapan

muksa         
:
musna, ical saraganipun

doh   
:
adoh, tebih

tebih
:
adoh
6.
Swarga
:
kadewatan, swargi

tanpa          
:
boten ngangge

barakan      
:
kewan colongan, kanca, mitra, pantaran
7.
Tan
:
boten

rusak          
:
risak, bibrah

brastha      
:
risak, sirna lebur

swuh 
:
risak, sirna, lebur
8.
Walang       
:
iber-iberan, sumelang

kos    
:
akasa, sumorot

pejah
:
mati

akasa
:
awang-awang, langit
9.
Tawang       
:
awang-awang, langit

wiyat          
:
awang-awang, langit

oncat
:
kesah, minggah

windu
:
windu mangsa, windu sumur

widik-widik 
:
awang-awang, langit, raos-raos
10.
Nir   
:
ical, risak, telas

wuk             
:
risak, wurung

sat             
:
sat, garing

surud
:
suda, tilar, tilar donya

sempal
:
rampal, sebit, tugel.


-------------------------@-------------------------

Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-15.html





[1]) Mligi ngenani andharan bab “Sangkalan” iki, kapethik saka andharane pangripta kang asesirah “Sekelumit tentang Sangkalan” kang kapacak ing Buletin Pembinaan Penghayat Kepercayaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa, Edisi 27, Taun V, Desember 1995, diwuwuhi tembung-tembung apalan kang lumrah kanggo sangkalan.

Tidak ada komentar :