Selasa, 10 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (7)


BAB 17
W A N G S A L A N



Wangsalan iku tetembungan saemper cangkriman nanging mawa batangan, lan batangan mau kala-kala awujud tembung wutuh kala-kala awujud wancahan bae. Batangan mau dumunung ing saburining wangsalan.
Upamane, Roning mlinjo mas, sampun sayah nyuwun ngaso”.
Roning mlinjo utawa godhonging mlinjo iku so. Tetem-bungan “roning mlinjo” mau diarani wangsalan. Sarehning “roning mlinjo” iku “so”, mula batangane iya kudu tembung kang ana wandane “so”. Ing tuladha kasebut wanda “so” mau dumunung ing tembung “ngaso”.
Tuladha liyane maneh upamane: “Ah, mrica kecut! Wis ben sakarepe olehe muni”.
Kang dikarepake “mrica kecut” ing kene yaiku wowohan kang gedhene samrica lan wujude uga  mirip mrica, nanging rasane kecut. Wowohan mau arane “wuni”. Sarehning kang dikarepake “mrica kecut” ing kene iku “wuni” mula wangsalan mau batangane mesthi bae “muni”. Geneya mangkono? Jalaran tembung “wuni” lan “muni” padha dene duwe wanda kang  padha, yaiku wanda “ni”.
Yen kapirid saka wujude, wangsalan bisa kabedakake dadi wolung warna, yaiku:

1.  Wangsalan Lamba
Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan siji. Unen-unene mung saukara, dumadi saka rong gatra. Gatra kapisan isi wangsalan, dene gatra kapindhone isi batangane.
Tuladhane:
a.   “Sarung jagung (klobot), abot entheng daklakonane” .
b.  “Jenang gula (glali), aja lali karo aku lo?!”

2.  Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang isi batangan luwih saka siji. Unen-unene kadadean saka rong ukara, saben saukara dumadi saka rong gatra. Ukara kapisan isi wangsalan, dene ukara kapindhone isi batangane.
Tuladhane:
a.     “Jenang sela (apu), wader kalen sesondheran (sepat)
Apuranta, yen wonten lepat kawula”.
b.    “Godhong mlinjo (so), ngantuk suwe (turu) siji pindho (loro)
Aja ngoso, mengko turu uwong loro”.

3.  Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang anggone nggoleki batangane sarana ngonceki maksuding tetem-bungane ambal kaping loro.
Tuladhane:
a.   “Sowan kula mriki badhe ngebun-ebun enjang njejawah sonten” .
1)    Oncek-oncekan kapisan: 
-> Ebun ing wanci enjang utawa wayah esuk, jenenge: awun-awun. 
->  Jawah ing wanci sonten utawa wayah sore, jenenge: rarabi.
2)    Oncek-oncekan kapindho:
Tembung “awun-awun” lan “rarabi” mau kaanggep wangsalane “nyuwun rabi”. Sarehning anake (utawa malah kepara awake dhewe) nyuwun rabi, mulane banjur nglamar. Dadi, wangsalan mau karepe: nglamar.
b.  Uler kambang, yen trima alon-alonan”
1)    Oncek-oncekan kapisan:
Kang dikarepake “uler kambang” yaiku kewan kang wujude kaya uler, nanging kumambang ing banyu. Kewan  mau, yaiku: lintah.
2)   Oncek-oncekan kapindho:
Wanda “tah” ing tembung  “lintah” mau dianggep wancahane tembung “satitahe”. Tembung “satitahe” duwe teges: ora ngaya, ora nyengka, mung tumindak sakepenake bae. Kanthi mangkono ateges: alon-alonan!
  
4. Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang lumrah kanggo pacelathon sadina-dina. Manut panganggone, wangsalan iki ana kang nyebutake batangane, nanging uga ana  kang ora nyebutake batangane marga kang diajak guneman dianggep wis mangreteni karepe.
Tuladhane:
a.  Kang nyebutake batangane:
1)  “Anggonmu ngrokok cendhak, banget neges-neges kuwi duwe karep apa?”
(Rokok cendhak = tegesan; ngrokok cendhak = neges-neges)
2) “Bareng macak sandhangan Jawa, Tuti mandhan rawa, manglingi!”
(Pandhan rawa = wlingi; mandhan rawa = manglingi)
b. Kang ora nyebutake batangane:
1)   Njanur gunung, esuk-esuk wis tekan kene”.
     (Janur kang ana ing gunung = aren. Karepe: kadi-ngaren).
2)“Wingi, nalika Endah liwat kene, Sarman olehe nggentha dara tanpa kedhep”.
(Gentha dara = sawangan. Nggentha dara = nyawang)

5. Wangsalan Edi-peni
Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan kang dirumpaka mawa basa kang endah. Ing ukara kang isi wangsalan, tembung ing pungkasaning gatra kang ngarep padha karo tembung ing wiwitaning gatra candhake.
Tuladhane:
a.    “Carang WREKSA (pang), WREKSA kang pinetha janma (golek)
   Ora gampang, golek kawruh mrih kaonang”.
b.    “Dikir BUDA (puja), BUDA manis yen jinarwa (Rebo Legi)
   Amemuja, mbeboleh marganing mulya”.

6. Wangsalan kang Mawa Paugeran Tartamtu
Wangsalan kang mawa paugeran tartamtu yaiku wangsalan kang pinathok dening paugeran tartamtu. Wangsalan iki kena kaperang dadi rong warna, yaiku:
a.   Mawa paugeran patang wanda lan wolung wanda
     Tuladhane:
1)   “Sekar pucang (mayang), sewu begja kemayangan”.
2)  Kapi jarwa (kethek), dakpethek mangsa luputa”.
b.   Mawa paugeran patang wanda lan wolung wanda kaping loro
Tuladhane:
1)    “Wohing tanjung (kecik), wanara Anjani putra (Anoman)
Becik apa, wong anom lumuh ing karya”.
2)    “Gayung sumur (timba), gung luhur granane dawa (esthi)
Aja kemba, ngesthi kawruh mumpung mudha”.

7.Wangsalan kang Sinawung ing Tembang
Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku wangsalan kang karumpaka ing tembang. Sarehning tembang kaiket dening guru lagu lan guru wilangan, mula wangsalan kang ana ing tembang mau iya kudu manut-miturut paugeraning tembang.
Tuladhane:

Dhandhanggula

Lali-lali datan bisa lali
suwe-suwe saya wela-wela
buron gung mawa telale (gajah)
kemangi gagange wulung (telasih)
nadyan pejah isih tan lali
mina kang mindha ula (welut)
yayi mbok ya lulut
sihing Widhi mring kawula
paribasan jenang gula (glali) aja lali
yen lali dadi ala.
        (Sejarah Kutha Sala, Kraton Sala, Bengawan Sala, Gunung Lawu, 
        anggitane R.M.Ng. Tiknopranoto lan R. Mardisuwignya)

8. Wangsalan ing Lelagon Gendhing
Wangsalan ing lelagon gendhing yaiku wangsalan kang tinemu ing, upamane: umpak-umpaking gendhing, gerong utawa senggakan.
Tuladhane:

a.     Parabe Sang Marabangun (Priyembada)
sepat domba kali Oya (grameh)
aja dolan lan wong priya
gerameh nora pasaja.

b.  Garwa Sang Sindura prabu (Waitakambang)
wicara mawa karana (tarka)
aja dolan lan wanita
tan nyata asring katarka.

c.   Sembung langu munggwing gunung (godhong senggugu)
kunir wisma kembang rekta (puspa cidra)
aja nggugu ujarira
wong lanang sok asring cidra.

d.   Gentha geng kang munggwing panggung (jam)
jawata pindha Arjuna (Kamajaya)
jaman mengko kawruhana
wong wadon keh ngamandaka.

e.  Kramane sawaleng kayun (padu)
ayam kuncung sabeng wana (merak)
padune cuwa ing karsa
wuwuse tan merak driya.

f.   Burat pada (bobok)‚ brekutut[1]) gung (drekuku)
sujanma misaya mina (wong njala)
mbok iku denturutana
dhokohe asor wong njala.

g.   Gatrane kang kembang randhu  (karuk)
wogan alit tumbal wisma  (akar bakar)
kemaruk nekaken karsa
tan kena mengeng sadhela.
(Serat Sekar-sekaran, anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)

Apa ana paugeran tartamtu carane ngrumpaka utawa ngarang wangsalan? Bab paugeran tartamtu carane ngrumpaka wangsalan kaya-kaya ora ana.  Kang wigati tumrap wong kang kepengin ngarang wangsalan yaiku sugih kawruh basa. Kajaba kuwi, uga ana kang prelu dielingi, yaiku:
1.     wangsalan kang becik, yen wangsalane luwih saka siji, batangane kudu urut. Wangsalan kapisan kudu dibatang luwih dhisik tinimbang wangsalan kapindho lan sapirute;
2.    manawa batangane awujud wancahaning tembung, wan-cahan  mau becike wancahaning tembung asale, dudu ater-atere utawa panambange.
Tuladhane:
Kawi alas (wana), putrane Sri Mahapunggung (Sadana)
Waspadakna sadurunge sira luput.

Iki  luput!  Geneya? Marga panambang lan ater-atere kang dienggo mbatang. Panambang –na ing  tembung “waspadakna”   dienggo mbatang wangsalan “kawi alas”, yaiku: wana. Samono  uga  ing  gatra candhake. Ater-ater sa- ing tembung “sadurunge” dienggo mbatang wangsalan “putrane Sri Mahapunggung”, yaiku: Sadana.

Wondene wangsalan kang becik, kaya ta:
Kawi angin (pawana), tirta mijil saka tutuk (idu)
Waspadakna, sadurunge sira luput.       

Wanda “pa” ing tembung “waspadakna” kang asale saka tembung lingga “waspada”, dienggo mbatang wangsalan “kawi angin”, yaiku: pawana. Samono uga wanda “du” ing tembung sadurunge” kang asale saka tembung lingga “durung”, dienggo mbatang wangsalan “tirta mijil saka tutuk”, yaiku: idu;

3. sabisa-bisa batangane aja ing sangareping wangsalane. Jalaran, yen ta bab mau diupamakake wong cecangkriman, rak ora ana batangan kang dikandhakake luwih dhisik sadurunge ana cangkrimane ta? Mesthine rak sabubare dicangkrimi, lagi mbatang! Rak ya ngono ta?!

Omongane Bancak lan Dhoyok ing ngisor iki, kang kapacak ing waosan wulanan Puspawara, Angka 5, Mei 1955 uga akeh  wangsalane. Endi kang kalebu wangsalan lan apa batangane? 

BANCAK DHOYOK

B.   
:
Dhoyok, Dhoyok! Njanur gunung, kadingaren anggonmu sowan teka[2]) rada kawanen.
Dh. 
:
Hem, kyai! Jenang sela wader kalen sesondheran. Apuranta yen wonten lepat kawula.
B.   
:
Iya Dhoyok, bada-bada wis benere padha apura ingapura.
Dh. 
:
Hem, ulun caos atur, kyai! [3])
B
:
Arep kotibakake gendhing Montro, Dhoyok?
Dh. 
:

Hem, ora! Menyan seta, setane argula sasra. Katiwasan, wartane kurang prayoga, kyai.
B. 
:

Lo, babal bunder manglung kali[4]). Ana kabar apa Dhoyok, apa omahmu kebanjiran?
Dh.
:
Ora, kyai!
B. 
:
Dom jala, mbok coba, kandhakna sing terang.
Dh.
:
Hem, aku mentas dadi anake wong akeh, kyai!
B. 

:
O......., genahe kowe kuwi mentas rabi maneh, Dhoyok?
Dh.

:
Ati-daya, kyai! Bremara wismeng bantala, tak-matur nanging kelor  wana, aja eru, kyai!
B.   
:
Ora, Dhoyok!
Dh. 
:
Hem, kyai! Mau esuk kesuwen olehku ongkang-ongkang, pacitane jadah jenang.
B. 
:
Ongkang-ongkang kathik nganggo pacitan barang.
Dh.
:
Sing ongkang-ongkang lambeku, kyai!
B. 
:
O…… wedangan, Dhoyok?
Dh.
:
Iya, kyai!
B.
:
Mina galak neng samodra, bacutna Dhoyok, kandhamu!
Dh.

:
Iya, kyai! Sarehne wis awan, dhuwet alit rerentengan. Sowanku mlayu-mlayu, kyai! Tujune ana becak.
B
:
E…, kowe duwe samben, Dhoyok?
Dh.
:
Ora, kyai! Aku ora mbecak! Nunggang becak, kyai!
B.
:
Wah, saiba anggonmu ngedhangkrang. Teruse kepriye, Dhoyok?
Dh.
:
Ya kuwi, kyai! Bareng tekan ngarep pasar, becake rangkulan karo kancane. Pring dhempet, tanpa kandha-kandha aku diutahake, glogok!
B.
:
O……  memelas! Kowe tiba, Dhoyok?
Dh.

:
Hem, kyai! Aku meh nyungkemi ibu pretiwi. Wong sapirang-pirang petis manis, ngucap bebarengan: “anakku, ngger?!”.

Kanggo mbiyantu nggoleki tembung-tembung kang kalebu wangsalan lan batangane, ing ngisor iki diwenehi katrangan sawatara.

1.       Njanur gunung = kadingaren 
(Janur kang ana ing gunung iku arane = aren)
2.      Jenang sela = enjet (ngoko), apu (krama)
3.      Wader kalen sesondheran = iwak sepat
4.      Menyan seta utawa menyan putih, karepe = tawas.
5.      Setane argula sasra = kembang mawar
6.      Babal bunder manglung kali = lo, elo
7.      Dom jala utawa dom kang kanggo jala, arane = coba.
8.      Bremareng wismeng bantala = tawon tutur.
9.      Kelor wana = wit weru.
10.   Mina galak neng samodra = iwak cucut.
11.    Dhuwet alit rerentengan = woh kilayu.
12.   Pring dhempet = andha
13.   Petis manis = kecap.



-------------------------@-------------------------



BAB 18
P A R I K A N



Parikan yaiku unen-unen kang dhapukane mawa purwa-kanthi guru swara, lan unen-unen mau dumadi saka pambuka lan wos utawa isi. Pambuka lan wos utawa isi mau ana kang rinacik dadi rong gatra, nanging uga ana kang rinacik dadi patang gatra. Kang rinacik dadi rong gatra, saben pungkasaning gatra (pambuka lan wose) kudu awasana swara kang padha. Nanging kang rinacik dadi patang gatra, pungkasaning gatra kang kudu padha yaiku: gatra kapisan kudu padha karo gatra kaping telu, dene gatra kapindho kudu padha karo gatra kaping pat.
Tuladhane:

1.     Abang-abang, ora legi        -> pambuka
Tiwas nantang, ora wani   -> wos utawa isi

2.    Sega punar lawuh empal      -> pambuka
segane panganten anyar     -> pambuka
Dadi murid aja nakal          -> wos utawa isi
kudu sopan ati jembar      -> wos utawa isi

Apa ta guna paedahe pambuka? Guna paedahe yaiku kanggo narik kawigatene wong kang diajak guneman. Pamrihe, supaya wong kang diajak guneman nggatekake apa kang dadi wosing rembug.
Manut cacahing wandane, parikan dumadi saka pirang-pirang warna, kaya ta:

1.   Parikan kang kadadean saka patang wanda lan patang wanda pindho, kaya ta:
Sambel yuyu, kanggo lawuh
Dhasar ayu, sugih kawruh

2.    Parikan kang kadadean saka patang wanda lan nem wanda pindho, kaya ta:
Bisa nggambang, ora bisa nyuling
Bisa nyawang, ora bisa nyandhing

3.  Parikan kang kadadean saka patang wanda lan wolung wanda pindho, kaya ta:
Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi
Watak putri, kudu gemi lan nastiti

4.  Parikan kang kadadean saka telung wanda lan limang wanda pindho, kaya ta:
Bayeme, wis kuning-kuning
Ayeme, yen wis kesandhing

5.  Parikan kang kadadean saka wolung wanda lan wolung wanda pindho, kaya ta:
Esuk-esuk numpak prau
Nabrak ombak mingar-minger
Di padha sregep sinau
Supaya dadi wong pinter

Apa kang disebutake ing dhuwur iku pancene parikan kang becik. Lire, parikan kang cacahing wandane padha antarane kang dumunung ing pambuka lan wose. Nanging kajaba parikan kaya kang kasebut ing dhuwur, uga ana parikan kang ora mesthi cacahing wandane, upamane parikan kang kanggo nggerongi lelagon gendhing kaya kang kacetha ing ngisor iki.

Suwe ora jamu, jamu godhong tela
Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela.

Sawise mangreteni bab parikan, saiki banjur tuwuh pitakon: kepriye carane wong gawe parikan?
Carane yaiku gawe wose dhisik. Sawise wose digawe, banjur gawe pambukane. Marga apa? Marga wose iku kang diprelokake, dudu pambukane. Pambukane mung kanggo narik kawigaten bae.
Tuladhane, upamane arep kandha: “Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen”. Sarehning patang wanda kang ngarep (aja dahwen) awasana swara ”en”, lan wolung wanda kang buri (yen kowe kepengin kajen) uga awasana swara “en”, mula pambukane uga kudu golek tembung kang awasana swara “en” kabeh. Upamane: patang wanda kang ngarep muni “kembang duren”, dene wolung wanda kang buri muni “tibane kecemplung kalen”. Kanthi mangkono parikan mau jangkape dadi muni:

Kembang duren, tibane kecemplung kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen.


-------------------------@-------------------------

Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-8.html



[1]) Brekutut = manuk  prekutut.

[2]) Tembung “teka” kang kalebu tembung pangungun (Ind. = kata seru), pamacane yaiku: “kok”. Iki yen tumrap ukara gancaran. Nanging yen tumrap tembang tetep kudu kawaca “teka”, marga yen kawaca “kok” bakal nyuda cacahing wilangan ing gatra kasebut.

[3]) Ulun caos atur” iku bebukaning cakepane sekar ageng Tepikawuri kang lumrahe dienggo mbawani gendhing Montro.

[4]) Wangsalan iki kalebu kurang becik, marga batangane dikandhakake luwih dhisik tinimbang cangkrimane. (Priksanana katrangan angka 3 ing dhuwur lan katrangan ing ngisor iki).

Tidak ada komentar :