Senin, 30 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (15)



BAB 30
PANGARANG LAN ANGGITANE
SARTA KASUSASTRAN PARA



Kaya kang wis disebutake ing Bab I, dhapuring kasusastran bisa kabedakake dadi rong warna, yaiku kasusastran lisan lan kasusastran tulis. Tumraping kasusastran tulis, kajaba ana kang disumurupi sing yasa, diarani kasusastran miji, uga ana kang ora disumurupi kang nganggit, diarani kasusastran para.
Yen disetitekake, sebutan kang dienggo ngarani para pangripta sastra Jawa pranyata beda-beda. Nalika wohing sastra ditulis nganggo basa Jawa Kuna lan Jawa Tengahan, utawa nalika jaman Hindu lan Buda, para pangripta mau dening wong-wong jaman saiki lumrahe diarani Mpu, kaya ta: Mpu Kanwa, Mpu Panuluh, Mpu Prapanca lan sapanunggalane. Wondene nalika jaman Islam, para pangripta mau lumrah diarani pujangga, kaya ta: pujangga R.Ng. Yasadipura, pujangga R.Ng. Ranggawarsita lan panunggalane. Sanadyan mangkono, ora ateges para pangripta sastra Jawa jaman Hindu lan Buda ora bisa diarani pujangga, babar pisan ora. Para pangripta mau uga bisa lan lumrah disebut pujangga, marga tembung “Mpu” (kawaosa: empu) kajaba duwe teges “ahli gawe keris” uga “sebutan pujangga” lan "wong kang ahli” (Priksanana Kamus Bahasa Indonesia-ne S. Wojowasito). Ing jaman saiki para pangripta sastra Jawa cukup diarani pangripta utawa pangarang bae. Dudu Mpu, dudu pujangga.
Wondene asmane para Mpu, pujangga, lan pangripta sastra Jawa dalasan anggitan-anggitane bisa disumurupi kaya kang kaetha ing ingisor iki.

1. Jaman Sadurunge Abad IX
Kitab Candakarana, ngemot bab pathokaning nggawe tembang lan cathetan tembung-tembung. Buku kang ora disumurupi sing nganggit iki dening R.D.S. Hadiwidjana dikira-kira umure padha karo candhi Kalasan, utawa dianggit udakara taun 700.

2. Jaman Mataram, Abad IX-X

a.   Sang Hyang Kamahayanikan
S. Wojowasito lan R.D.S. Hadiwidjana duwe panganggep yen kitab iki dianggit rikala Mpu Sindok jumeneng nata (929-947), marga asmane Mpu Sindok katulis ing buku kasebut. Wondene sapa kang nganggit buku sing ngemot pratelan bab agama Buda iki, ora disumurupi.

b.  Ramayana
Manut kaprecayane wong-wong Bali, buku iki dianggit dening Yogiswara. Nanging saperangan sarjana kulonan apa dene sarjana saka kene, isih durung bisa mesthekake sapa kang nganggit buku kasebut.
Kitab Ramayana dumadi saka pitung kanda, yaiku Bala-kanda, Ayodhya-kanda, Aranya-kanda, Sundara-kanda, Yuddha-kanda, lan Uttara-kanda. Ana ing kanda pungkasan, yaiku Uttara-kanda, ana ukara kang nyebut asmane Prabu Dharmawangsa Teguh Anantawikrama. Iya awit saka iku buku iki dianggep dianggit ing jamane Prabu Dharmawangsa Teguh Anantawikrama (991-1017).
Isine kitab Ramayana nyaritakake lelakone Rama lan Sita (ing pawayangan dadi: Sinta). Rama kang sedyane arep dijumenengake nata dening kang ramane, Prabu Dasarata, kapeksa diwurungake marga Prabu Dasarata ditagih janji dening Keikeyi (ing pawayangan dadi: Kekayi), ibune Bharata. Rama dikon ninggalake kraton. Bebarengan karo Sita (garwane) lan Laksmana (adhine), Rama ninggalake kraton nusup wana-wasa. Prabu Dasarata seda marga ngenes menggalihake putrane. Bharata nusul kangmase, kapurih kondur lan nglenggahi dhampar kaprabon kang dadi hake. Rama ora gelem, nanging Bharata diparingi tlumpahe minangka lambang panguwasane Rama.
Sawijining wektu, Surpanakha (ing pawayangan dadi: Sarpakenaka) lelana ing alas kasebut lan ketemu Laksmana. Surpanakha duwe rasa sir marang Laksmana. Surpanakha kang raseksa iku malih wujud dadi wanita lumrah, banjur nyedhaki Laksmana lan kandha kepengin dadi bojone. Laksmana kang kepengin ngendhani wanita kasebut banjur ngalembana kautamane kangmase, Rama. Surpanakha nyedhaki Rama lan kandha kaya kang bubar dikandhakake marang Laksmana. Rama kandha yen wis duwe bojo lan diprayogakake nyedhaki Laksmana kang isih legan. Surpanakha nyedhaki Laksmana maneh. Marga Laksmana ora seneng karo carane Surpanakha kang kasar, mula Surpanakha banjur digrumpungi irunge. Surpanakha sakala njerit, banjur nggendring mulih menyang Lengka (ing pawayangan dadi: Ngalengka) lan wadul karo kangmase, Prabu Rawana.
Ing ngarepe kangmase, Surpanakha ngandhakake apa kang nembe bae dialami. Olehe ngandhakake ora apa anane, nanging bebasan kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul. Dheweke uga kandha yen Sita ayune uleng-ulengan.
Kanthi dibiyantu Marica, Rawana duwe sedya nyulik Sita saka tangane Rama. Marica malih dadi kidang kencana lan nggodha Sita saengga Sita nyuwun dicekelake kidang mau marang Rama. Rama nuruti, kidang terus diburu nganti adoh. Nalika kidang mau dipanah dening Rama, kidang malihane Marica jerit-jerit njaluk tulung. Sita kang krungu panjerite kidang malihane Marica mau, ngira yen sing njerit iku Rama. Awit saka iku Sita ngekon Laksmana supaya nusul lan aweh pitulungan marang Rama. Laksmana jane mono nyujanani swara panjerit mau. Dheweke ngira yen iku swarane raseksa kang duwe sedya ala. Nanging sarehning Sita malah ndakwa yen Laksmana duwe sedya ala marang Sita, mula kanthi kepeksa Laksmana ninggalake Sita ijen. Salungane Laksmana, Rawana kang nyamar dadi wong atapa, nyoba nyedhaki Sita. Sita dibradhat, digawa mabur dening Rawana. Sita jerit-jerit njaluk tulung. Jeritane Sita keprungu manuk Jatayu, mitrane Prabu Dasarata. Jatayu mbudidaya nulungi Sita, naging ora kasil. Malah salah sijining swiwine Jatayu coklek. Jatayu tiba saka dirgantara. Satibane Jatayu, Sita dipondhong menyang Lengka dening Rawana.
Bareng uninga yen Sita ilang, Rama duka, jagad arep dilebur. Laksmana nglilihake panggalihe Rama. Kanthi dikancani Laksmana, Rama terus nggoleki Sita. Ing tengah dalan, Rama ketemu Jatayu kang meh mati. Nanging sadurunge mati, Jatayu isih bisa aweh kabar marang Rama ngenani Sita. Sawise layone Jatayu dirukti samesthine, Rama nerusake laku nggoleki Sita.
Awit saka pituduhe Dhirgabahu lan Sibari, Rama ketemu karo Sugriwa, ratuning kethek kang lara atine marga Tara, bojone, direbut adhine, Bali (ing pawayangan dadi: Subali). Rama mbiyantu Sugriwa mateni Bali. Bali mati, Sugriwa genten mbiyantu Rama nggoleki Sita. Rama, Laksmana, Sugriwa lan bala wanara tumuju Lengka.
Ing Lengka, adhi-adhine Rawana, yaiku Kumbha-karna lan Wibhisana, ora sarujuk karo carane kangmase kang nyulik bojoning liyan. Mung bae, satriya loro mau beda tekade. Kumbhakarna isih tetep setya mbelani nagara, dene Wibhisana mbelani bebener. Wibhisana ninggalake kangmase, melu marang Rama. Marga Rawana puguh ora gelem mbalekake Sita marang Rama, mula banjur tuwuh perang antarane prajurite Rama lan Rawana. Wibhisana kang mbelani bebener tansah mbiyantu Rama. Ana ing perang-tandhing kasebut, prajurite Rama apadene prajurite Rawana akeh kang padha mati. Wusanane Rawana uga mati dipanah dening Rama.
Bareng Rawana mati, Wibhisana dijumengake ratu ing Lengka dening Rama. Sita banjur ditemokake karo Rama. Marga Sita suwe mapan ana ing kratoning mungsuh, Sita dikon mbuktekake kasucene dhisik. Kanggo mbuktekake kasucene mau, Sita ngutus Laksmana gawe prapen. Prapen murub, Sita nyegur ing geni. Geni malih dadi kembang trate mas. Ing papan kasebut dewa Agni lan Siwa ngejawantah.
Rama mulih menyang Ayodhya, dipethuk Bharata lan kang ibune piyambak. Ing Ayodhya dianakake upacara kanggo ngurmati kang nembe kondur. Rama lan Sita necep kaendahaning urip kang suwe ilang.
c.   Mahabhārata
Kitab iki dijarwakake saka basa Sanskerta dadi basa Jawa Kuna dening para pujangga awit saka dhawuh-timbalan dalem Prabu Dharmawangsa Teguh Anantawikrama. Sarehning kitab Mahabhārata iku dumadi saka 18 parwa, mula ana kang ngarani kitab Mahabhārata iku Asthadasaparwa. Asthadasa tegese wolulas, parwa tegese perangan. Apa bae parwa-parwa mau? Yen diurut saka ngarep, parwa-parwa mau yaiku Adiparwa, Sabhaparwa, Wanaparwa, Wirataparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Dronaparwa, Karnaparwa, Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa, Anusasanaparwa, Aswamedikaparwa, Asramawasaparwa(ana kang ngarani Asramawasikaparwa), Mosalaparwa, Prasthanikaparwa (ana kang ngarani Mahaprasthanikaparwa), lan Swargarohanaparwa.
Saka 18 parwa mau, ora kabeh parwa dijarwakake ing basa Jawa Kuna. Sing bisa disumurupi mung ana 9, yaiku Adiparwa, Sabhaparwa, Wirataparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Asramawasaparwa, Mosalaparwa, Prasthanikaparwa, lan Swargarohanaparwa.
Isine ing saben parwa mau mangkene.
=> Adiparwa, isi carita asal-usule Pandhawa lan Kurawa, lan uripe nalika isih padha cilik.
=>Sabhaparwa, nyaritakake Kurawa kang kepengin nyirnakake Pandhawa. Duryodhana ngundang Yudhistira main dhadhu. Yudhistira kalah, dibuwang ing alas lawase 12 taun, ditambah sataun kudu nyamar. Adhi-adhine Yudhistira uga melu, kalebu Dropadi.
=>Wanaparwa, nyaritakake Pandhawa urip ing alas 12 taun lawase.
=> Wirataparawa, nyaritakake Pandhawa nalika nyamar ana ing nagara Wirata, lawase sataun.
=> Udyogaparwa, nyaritakake Pandhawa mulih menyang Indraprastha marga wis rampung olehe nglakoni dadi wong buwangan lan olehe nyamar uga ora nganti konangan dening Kurawa. Pandhawa banjur utusan Kresna njalukake saparoning nagara Hastinapura. Kurawa ora oleh, banjur padha tata-tata perang.
=> Bhismaparwa, nyaritakake Bhisma dadi senapatining Hatinapura ing Baratayuda lumawan Pandhawa. Ing dina kang kaping 10 perange Pandhawa lan Kurawa mau, Bhisma seda.
=>Dronaparwa, nyaritakake Drona kang dadi senapatining Hastinapura ing Baratayuda nggenteni Bhisma. Sing mati ing palaga yaiku Ghatotkaca, Abhimanyu, lan Drupada. Drona mati ing dina kang kaping 15 dening Dhrstadyumna.
=> Karnaparwa, nyaritakake Karna nalika dadi senapatine Kurawa lumawan Pandhawa. Karna mati jinemparing dening Arjuna ing dina kang kaping 17.
=> Salyaparwa, nyaritakake Salya nalika dadi senapati ing palagan lumawan wadyabala Pandhawa. Salya mati ing dina kang kaping 18. Mangreteni sadulur-sadulure padha mati, Duryodhana ngakoni kalah lan masrahake nagarane marang Pandhawa, nanging tumindak mau malah diece dening Pandhawa. Marga diece, Duryodhana tuwuh kasudirane, banjur tandhing karo Bhima, nanging kalah lan mati. Sadurunge mati, Duryodhana isih kober njunjung Aswatthaman (ing pawayangan dadi: Aswatama) dadi senapati.
=> Sauptikaparwa, nyaritakake pangincim-incime Aswatthaman marang wadyabala Pancala. Mula ing wengine (sawise perang 18 dina lawase), Aswatthaman nlusup ing kemahe wadya Pancala lan mateni wong-wong, kalebu Dhrstadyumna kang wis mateni Drona, wong atuwane.
=> Striparwa, nyaritakake tangise para wanita bojone satriya-satriya kang padha perang mau, lan ngeduwungi apa kang nembe bae dumadi.
=> Santiparwa,nyaritakake Pandhawa kang nindakake sesuci sawise perang kang nuwuhake pepati kang ora sathithik kasebut rampung.
=> Anusasanaparwa,caritane warna-warna kang rinonce dadi wejangan-wejangan lan katujokake marang Yudhistira.
=> Aswamedikaparwa, nyaritakake Yudhistira nindakake upacara aswamedha, yaiku ngeculake sawijining turangga kang ditutake dening Arjuna dan para prajurit. Saben wewengkon kang diambah jaran mau dadi rerehane Yudhistira.
=> Asramawasaparwa, nyaritakake Dhrestarastra lan bojone, sarta Kunthi lumebu ing alas dadi wong atapa. Telung taun candhake wong telu mau mati marga alas papan panggonane kobong dening geni sesajine Dhrestarastra.
=> Mosalaparwa, nyaritakake sirnaning kratone Kresna marga dumadi perang sadulur antarane bangsa Yadawa lan kawulane Kresna. Baladewa seda, Kresna mandhita, lan nusul seda marga ora sengaja kasedanan dening grema.
=> Prasthanikaparwa, isi carita Pandhawa kang lengser kaprabon, urip ing tengah alas. Dhamparing kaprabon kawarisake marang Pariksit (kawaosa: Parikesit), anake Abhimanyu.
=> Swargarohanaparwa, nyaritakake Pandhawa kang maune mlebu nraka, bareng wis dianggep resik jiwane, banjur mlebu swarga. Suwalike, Kurawa kang maune ana ing swarga, banjur dipindhah menyang nraka.

d.  Siwa Sasana
Buku kang isi bab ukum iki ora disumurupi sapa kang nganggit. R. Soekmono nganggep buku iki ditulis nalika taun 991.

3. Jaman Kedhiri, Abad XI-XII

a.   Mpu Kanwa, nganggit Arjunawiwāha.
Isine nyaritakake Arjuna tapa ing guwa kang dumunung ing Gunung Indrakila. Arjuna oleh nugraha panah Pasopati saka Dewa Siwa lan bisa mrajaya Niwatakawaca ratu ing Manimantaka kang niyat ngrabasa kahyangan yen ta Dewi Supraba ora oleh digarwa dening Niwatakawaca. Awit saka lelabuhane, wusanane Arjuna kadhaupake karo Dewi Supraba.
Kitab kang dianggit ing jamane Prabu Erlangga iki, miturut P.J. Zoetmulder, ditulis antarane taun 1028 lan 1035.

b.  Mpu Triguna, nganggit Kresnāyana.
Isine nyaritakake Kresna mbradhat Rukmini, putrane putri Prabu Bismaka ing Kundhina.Nalika samono Rukmini wis tunangan karo Suniti, ratu ing Cedi. Nanging Rukmini rumangsa luwih seneng yen digarwa dening Kresna. Samono uga ibune, melu rumangsa seneng manawa kagungan mantu Kresna. Mula nalika adicara pawiwahan meh diwiwiti, Kresna mbradhat Rukmini.
Kitab iki dianggit udakara taun 1104, nalika jamane Prabu Warsajaya (1042-1104).

c. Mpu Manoguna, ngarang Sumanasāntaka[1]), kira-kira taun 1104, jamane Prabu Warsajaya.
Isine nyaritakake Dewi Harini kang kena tulah, manjalma dadi manungsa, aran Dewi Indumati, putrane putri Prabu Kanthakesika, ratu ing Widarba.Lumantar sayembara, Dewi Indumati bisa kagarwa dening Aja, putrane Prabu Ragu.Ora watara suwe mbabar jabang bayi, aran Dasarata. Marga tulahe wis purna, Dewi Indumati kudu bali menyang Kahyangan. Bagawan Narada nibakake kembang marang Dewi Indumati, sakala mati.

d.  Mpu Dharmaja, ngarang Smaradahana, jamane Prabu Kameswara. Durung trewaca Kameswara kang endi, Kameswara I apa II. Saperangan ana kang duwe panganggep yen kitab Smaradahana dianggit ing jamane Prabu Kameswara I (1115-1130), saperangan maneh ana kang duwe panganggep dikarang rikala Prabu Kameswara II jumeneng nata (udakara taun 1185).
Kitab iki nyaritakake kobonge Kamajaya. Nalika samono Kaendran ditekani mungsuh, aran Nilarudraka, kamangka Dewa Siwa pinuju tapa. Awit saka pamundhute para dewa, Kamajaya mbudidaya nggugah tapane Dewa Siwa.
Eman, sanadyan wis bola-bali dipanah nganggo kembang, Dewa Siwa tetep ora owah-gingsir olehe tapa. Wusanane Kamajaya nglepas panah pancawisesa, yaiku:
1.   pepenginan ngrungokake kang sarwa kepenak;
2.  pepenginan ngrasakake kang sarwa enak;
3.  pepenginan nggrayang kang sarwa alus;
4.  pepenginan ngganda kang sarwa arum; lan
5.  pepenginan ndulu kang sarwa endah.
Marga kena dayaning panah pancawisesa, Dewa Siwa banjur krasa kangen karo garwane, Dewi Uma. Nanging bareng uninga yen kabeh mau marga saka pokale Kamajaya, Dewa Siwa duka. Kamajaya pinandeng nganggo netra katelune, lebur dadi awu. Dewi Ratih bela pati, nyegur ing geni kang ngobong garwane. Dewa-dewa liyane nyuwunake pangapura, nanging Dewa Siwa ora ngeparengake. Dewa Siwa mung kepareng dhawuh supaya jiwane Kamajaya lan Dewi Ratih tumurun ing marcapada, manjing ing atine para priya (tumraping Kamajaya) lan wanita (tumraping Dewi Ratih) kareben donya ora kentekan manungsa.
Nalika Dewi Siwa lenggah jejer lan Dewi Uma, para dewa rame-rame sowan, ora keri gajah titihane Bathara Indra. Marga gajah mau katon ngedab-edabi, Dewi Uma kejot panggalihe, mula bareng putrane lair, sirahe asesirah gajah, banjur dijenengi Ganesya.
Bareng ratuning buta kang aran Nilarudraka ngrabasa kahyangan, Ganesya kang diutus methuk. Ing paprangan kasebut Ganesya sadhela-sadhela tambah gedhe. Wusa-nane mungsuh kalah, kabeh padha mati. Para dewa asuka-suka.

e.    Kitab Bhomāntaka, ana kang ngarani: Bhomakawya.
Kitab iki ora dingreteni sapa kang nganggit. Nanging manut Van der Tuuk, kira-kira nunggal jaman karo kitab Smaradahana.
Isine nyaritakake Kresna lan Samba nyaguhi pamun-dhute para dewa, perang lumawan Bhoma sawadyabalane kang ngrabasa kahyangan. Bhoma kalah lan mati. Samba banjur nggarwa Dewi Yadnyawati kang nitis marang putrane putri ratu Utaranegara lan kang diopeni dening Bhoma sawise Utaranegara dikalahake dening Bhoma, marga Samba biyen uga garwane Dewi Yadnyawati sadurunge nitis dadi Samba.

f.   Mpu Sedah, nganggit Bhāratayuddha, taun 1157 ing jamane Prabu Brawijaya.
Isine nyaritakake perange Kurawa lan Pandhawa. Mpu Sedah olehe ngarang mung tekan mangkate Prabu Salya menyang palagan, dene sateruse diterusake dening Mpu Panuluh. Geneya mangkono, adhedhasar katrangane Mpu Panuluh ing pungkasaning kitab kasebut, panjenengane tinanggenah nerusake utawa ngrampungake karangan mau jalaran Mpu Sedah ora tega nyaritakake bab paprangan sabacute.

g.  Mpu Panuluh, kajaba nerusake nganggit kitab Bhāratayuddha, uga ngarang kitab Hariwangça lan Ghatotkacaçraya.
Kitab Hariwangça dianggit ing jamane Prabu Jayabaya. Sajake, nalika nulis buku kasebut, Mpu Panuluh isih enom marga ngaku isih maguru marang sang prabu. P.J. Zoetmulder nganggep yen kitab Hariwangça ditulis sadurunge kitab Bhāratayuddha. Kitab iki underaning crita padha karo kitab Kresnāyana, yaiku nyaritakake palakra-mane Kresna lan Rukmini.
Beda karo kitab Hariwangça kang dianggit ing jamane Prabu Jayabaya, kitab Ghatotkacaçraya dianggit ing jamane Prabu Kretajaya, kira-kira gantine Prabu Jayabaya. Isine nyartitakake palakramane Abhimanyu lan Siti Sundhari kang bisa dileksanakake awit saka pambiyantune Ghatotkaca.

4. Jaman Majapahit, Abad XIII-XIV

a.   Kuñjarakarna
Durung ana pasarujukan ing antarane para ahli ngenani sapa kang ngarang kitab Kuñjarakarna iki. Tembung “Mpu Dusun” kang ana ing ukara “yeki Kuñjarakarna dharmakathana ksamakĕna kĕta de sang angrĕngő tan samwas katunan langő tĕkap ira Mpu Dusun awĕtu matrabhasita” (iki carita Kunjarakarna lan piwulang ngenani dharma, muga-muga diapurani dening para nupiksa marga kapitunan ing kaendahan, ditulis dening “Mpu Dusun” awujud kakawin), akeh kang nganggep dudu asmane pujangga kang nganggit kitab kasebut, nanging tembung kang nuduhake yen sang pujangga asale saka desa. Nanging ing bab iki IBG. Agastia duwe panemu yen Mpu Dusun iku asmane pujangga, dudu tembung pituduh kang nuduhake yen sang pujangga asale saka desa. Dadi, miturut IBG.Agastia, kitab Kuñjarakarna iku dianggit dening Mpu Dusun. Pawadane, marga asmane para pujangga nalika samono asring ngemu “teges” kang kala-kala bisa ditlesepake ing satengahing ukara, kaya ta: Prapanca tegese ‘sedhih’, ‘bingung’; Sedah tegese ‘suruh’; Tantular tegese ‘teguh’, ‘ora goyah’; Tanakung tegese ‘tanpa tresna’; Dharmaja tegese ‘kang lair saka Dharma’; Nirartha tegese ‘mlarat’, tanpa paran’.
Kang cetha saka buku iki, yaiku kajaba ana kang awujud gancaran, uga ana kang awujud kakawin. Ing bab iki A. Teeuw apadene P.J. Zoetmulder duwe panganggep yen kakawin Kuñjarakarna dianggit adhedhasar kitab kang awujud gancaran. Miturut pangirane R. Soekmono, kitab kang awujud gancaran dianggit ing jaman Mataram, dene kang awujud kakawin dianggit ing jaman Majapahit.Kaya dene R. Soekmono, P.J. Zoetmulder uga duwe panganggep yen kakawin Kuñjarakarna dianggit ing jaman Majapahit.
Isine buku iki nyaritakake sawijining raseksa aran Kuñjarakarna. Dheweke tapa ana ing Gunung Semeru, tansah memuja Hyang Budha,  kanthi pangarep-arep bisaa kasil yogane.
Sawijining wektu dheweke ngadhep ana ngarsane Hyang Budha kang awujud Sri Wairocana. Marang Panjenengane, Kuñjarakarna nyuwun priksa ngenani piwulang dharma, nganti tekan prakara geneya manungsa bisa nemoni sedhih lan seneng. Sawise Sri Wairocana nerangake wosing piwulang dharma, Panjenengane banjur ndhawuhi Kuñjarakarna supaya tumuju nraka, takon sawarnaning bab ngenani nraka marang Bathara Yama.
Tekan ing nraka, Kuñjarakarna ora mung entuk katrangan ngenani nraka, nanging uga bisa weruh dhewe sawarnaning siksan lan kasengsaran kang ditampa dening manungsa marga dosa-dosane kang tau ditindakake. Kuñjarakarna uga krungu kabar saka Bathara Yama yen sadhela maneh bakal ana manungsa kang arep nampa paukuman lawase 100.000 (satus ewu) taun. Manungsa mau aran Purnawijaya, saiki lagi necep kasenengan ing swarga. Krungu kabar mau Kuñjarakarna rumangsa welas, banjur nggoleki Purnawijaya. Purnawijaya ketemu rikala lagi seneng-seneng karo bojone, Kusumagandhawati. Kuñjarakarna aweh kabar apa kang bakal ditampa dening Purnawijaya. Purnawijaya banjur diajak nyuwun piwulang karohanen marang Sri Wairocana dening Kuñjarakarna. Sawise bisa ngresepake piwulang-piwulange Sri Wairo-cana, ukumane Purnawijaya banjur dienthengi, wusanane bisa muksa.

b.  Mpu Tanakung, nganggit Wŗttasañcaya lan Siwaratrikalpa utawa Lubdhaka.
Kitab Wŗttasañcaya isine ngemot bab pathokaning nulis kakawin. Miturut R. Soekmono lan R.D.S. Hadiwidjana tuladha kakawin kang ana ini buku kasebut cacahe ana 94 jinis, dene IBG. Agastia nganggep ana 96 jinis.
Wondene anggone nerangake pathokan-pathokan kasebut Mpu Tanakung nggawekake crita mangkene.
Sawijining wanodya ayu katon sungkawa marga ditinggal lunga dening kekasihe tanpa pamit.Wanodya mau banjur ngenggar-enggar panggalih ana ing taman kang endah. Eman kaendahaning taman mau ora bisa ngilangake rasa kapange marang kekasihe mau.
Wanodya mau banjur nemoni Cakrangga lan Cakranggi, araning manuk mliwis lanang lan wadon kang lagi padha ngrasakake segering banyu tlaga. Marang manuk sakarone wanodya mau njaluk tulung supaya nggolekake kekasihe kang lunga tanpa pamit.
Sawise digoleki, wusanane kekasihe wanodya mau bisa ketemu nalika lagi nyawang kaendahaning pesisir karo nulis kakawin. Bareng diwenehi ngreti dening Cakrangga lan Cakranggi ngenani kahananing wanodya kekasihe kang nandhang kangen, dheweke kandha yen lungane ora marga ora nggatekake marang kekasihe, nanging marga krenteging ati kang kepengin nggambarake kaendahaning alam ing kakawin kang kapeksa kudu ninggalake kekasihe sawatara wektu lan kang njalari saiki ana ing papan kasebut saprelu nggladhi diri pribadi.
Kapan kitab Wŗttasañcaya iki dianggit, ora cetha. Para ahli ana kang duwe panganggep yen kitab iki kira-kira ditulis ing jaman akhir Kedhiri (abad 12). Nanging apa iya bener mangkono, sajake rada kadohen yen digathukake karo asli panaliten keri-keri iki ngenani kapan kitab Siwaratrikalpa utawa Lubdaka dianggit, sawijining buku kang uga padha-padha anggitane Mpu Tanakung, kaya kang bakal dirembug ing ngisor iki.
Manut katrangane sing nganggit, kitab anggitane Mpu Tanakung iki jenenge Siwaratrikalpa, tegese: pakurmatan ing wengi Siwa. Nanging marga paraga ing buku kasebut arane Lubdhaka, mula ana kang ngarani kitab Lubdhaka.
Isine kitab kasebut nyaritakake si Lubdhaka ing sawijining dina lunga menyang alas saprelu mbebedhag kaya adat saben. Olehe mbebedhag ijen, tur nganti adoh tekan satengahing alas. Marga ora eling wektu, (disababake durung oleh kewan buron), dheweke kewengen ana ing tengah alas. Kanggo ngawekani supaya ora dipangan kewan galak, Lubdhaka banjur menek wit maja ing pinggiring sendhang. Kareben ora ngantuk, (jalaran yen ngantuk bakal tiba saka wit maja), Lubdhaka methiki godhong maja lan banjur ditibak-tibakake Tiba kebeneran ing sendhang mau ana sawijining lingga, lan godhong maja kang dipethiki lan ditibakake dening Lubdhaka tumiba ing lingga mau.
Bareng wis parak esuk, Lubdhaka mulih. Tekan ngomah wis meh surup surya. Bojone mesthi bae kuciwa marga sing diarep-arep ora oleh apa-apa. Nanging bareng dicritani lelakon kang dialami dening Lubdhaka, bojone banjur rumangsa lega marga sing lanang slamet saka bebaya.
Pirang taun candhake, Lubdhake mati. Layone diaben (diobong), rohe mrana-mrene tanpa ngreti sing dituju. Sang Hyang Siwa priksa, banjur enget marang lelabuhane Lubdhaka kang tau nglakoni tapa brata ing wengi Siwa (Siwaratri), sanadyan tanpa sengaja, nalika kewengen ing alas. Mula Sang Hyang Siwa banjur utusan para Ganabala (prajurite Sang Hyang Siwa) supaya methuk Lubdhaka.
Ing seje enggon, Bathara Yama ngutus para Yamabala utawa Kingkarabala (prajurite Bathara Yama) supaya nyekel Lubdhaka saprelu digawa menyang Yamaloka. Lubdhaka kang lagi kebingungen, ditangkep dening bala-tentarane Bathara Yama lan banjur disiksa. Rohe Lubdhaka ing pangangkah bakal digawa menyang nraka.
Durung nganti suwe, bala-tentarane Sang Hyang Siwa teka. Bareng weruh rohe Lubdhaka disiksa dening para Yamabala, para Ganabala mbudidaya ngrebut rohe Lubdhaka saka tangane para Yamabala. Para Ganabala menang, rohe Lubdhaka diajak sowan menyang ngarsane Sang Hyang Siwa. Sang Hyang Siwa nampa Lubdhaka kanthi seneng lan paring nugraha marang Lubdhaka, arupa swarga.
Ngenani kapan kitab Siwaratrikalpa dianggit, ana panemu warna loro. Ing jaman biyen, para sarjana lumrahe nganggep yen kitab iki dianggit ing jamane Ken Arok. Nanging adhedhasar asil panaliten keri-keri iki, panemu mau dianggep wis ora cocog maneh. Para ahli kaya ta: P.J. Zoetmulder, Slametmuljana, lan IBG. Agastia ngandikakake yen kitab Siwaratrikalpa utawa Lubdhaka dianggit ing jaman Majapahit, udakara ing tengah-tengahing abad XV. Kanggone P.J. Zoetmulder, dudutan kang kaya mangkono mau dijupuk sawise nganakake panaliten ngenani prasasti Waringinpitu (1447 Masehi) lan prasasti Pamintihan (1473 Masehi) yasane ratu Majapahit, Singhawikrama, kang kagungan asma timur Suraprabhawa, sawijining asma kang tinulis ing manggala Kakawin Siwaratrikalpa. Yen asil panaliten iki bener, ateges Mpu Tanakung sugeng ing jaman Majapahit lan ateges kitab Wŗttasañcaya uga dianggit ing jaman Majapahit.
Kajaba ngarang Wŗttasañcaya lan Siwaratrikalpa, manut IBG. Agastia, Mpu Tanakung uga isih ngarang kitab liyane, yaiku Bhasa Sadanayoga, Bhasamretamasa, Bhasa Sangutangis, Bhasa Kinalisan, Bhasa Tanakung, Bhasa Gumiringsing, Banawa Sekar, lan Patibrata.
Kitab kang nganggo sesirah Bhasa kasebut siji lan sijine ana gandheng-cenenge. Bhasa Sadanayoga upamane, isine ngandharake bab kaendahaning alam kang lumrahe uga narik kawigatene para pujangga. Kaen-dahaning alam mau dening Mpu Tanakung didadekake sarana nindakake yoga, marga atine lagi nandhang sungkawa. Sungkawa marga kekasihe dipeksa dening wong tuwane supaya kawin karo priya liya.
Rasa sedhih mau uga ditulis kanthi becik dening Mpu Tanakung ing kitab Bhasamretamasa, Bhasa Sangutangis, Bhasa Kinalisan, lan Bhasa Tanakung.
Wondene kitab Bhasa Gumiringsing nyaritakake patemone Mpu Tanakung karo kekasihe sanadyan mung sadhela. Patemon wewadi mau direkayasa dening sawijining panglantar wanita. Bareng wis parak esuk, Mpu Tanakung ditinggal ijen.
Kitab Banawa Sekar nyaritakake upacara sraddha (upacara pisungsung marang para leluhur?). Para narendra saka pirang-pirang nagara kaya ta: Kretabhumi, Mataram, Pamotan, Lasem, lan Kahuripan, padha ngaturake pisungsung arupa gita utawa tembang kang dianggit piyambak. Pisungsung liyane kang endah banget yaiku pisungsung saka ratu kang ngaturake sraddha arupa sawijining prau kang ginawe saka maneka warna kembang (banawa sekar).
Kitab Patibrata wose isi piwulang patibrata utawa kasetyan. Mung bae, anggone ngandharake piwulang mau, Mpu Tanakung nganggo srana crita. Critane diwiwiti ana ing sawijining patapan, Bagawan Udyalaka kagungan putra aran Sang Swetaketu. Ibune Sang Swetaketu banget ing ayune. Nuju sawijining dina patapan mau karawuhan sawijining pandhita. Marang Bagawan Udyalaka, pandhita mau ngandika yen tekane mung kepengin ndulu kaen-dahaning patapan. Nalika pandhita tamu uninga yen garwane sang bagawan banget ing ayune, sanalika pandhita tamu mau kepincut. Garwane sang bagawan njerit. Krungu panjerite ibune, Sang Swetaketu marani. Sang Swetaketu atine kebrongot bareng weruh kedadean mau. Bareng weruh Sang Swetaketu teka, pandhita tamu mau banjur mlayu, wusanane kecemplung jurang. Nalika Sang Swetaketu arep mateni pandhita kang kurang ajar mau, kang ramane nyandhet, lan mituturi putrane supaya tumindak sumanak. Bagawan Udyalaka banjur paring piwulang ngenani patibrata.

c.    Mpu Prapanca, nganggit Nagarakretagama.
Mpu Prapanca sajatine ngarani asil karyane iki Desawarnana, tegese andharan ngenani desa-desa.Nanging eman, jeneng iki malah kepara kesilep, dene kang kondhang yaiku Nagarakretagama, tegese sejarah madege nagara.Aran iki ditulis ing kolofon[2]) buku kang diwetokake dening J.L.A. Brandes.
Kajaba Nagarakretagama utawa Desawarnana, Mpu Prapanca uga isih ngarang buku liyane.Bab iki bisa disumurupi saka ngandikane Mpu Prapanca piyambak kaya kang tinulis ing Nagarakretagama, sawijining kakawin kang dianggit ing taun 1278 Saka utawa 1365 Masehi. Asil karyane Mpu Prapanca saliyane Nagarakretagama yaiku Tahun Saka, Lambang, Parwasagara, Bhismasaranantya, lan Sugataparwa. Kakawin Tahun Saka lan Lambang, manut sing nganggit, wis ditulis sadurunge Nagarakretagama diserat, nanging durung rampung lan bakal dirampungake sawise Nagarakretagama rampung dianggit. Wondene kakawin liyane, yaiku Purwasagara, Bhismasaranantya, lan Sugataparwa wis rampung dianggit sadurunge ngarang Nagarakretagama.
Miturut pandugane Slametmuljana, Mpu Prapanca iku asma sesinglone Dang Acarya Nadendra.Asma Prapanca dienggo sesinglon dening Dang Acarya Nadendra, marga nalika nganggit Nagarakretagama, panjenengane lagi nawung sungkawa marga kelangan pangkat dharmadhyaksa kasogatan.Asma sesinglon Prapanca kang tegese rasa sedhih kasebut dijumbuhake kalawan kahanane kang lagi sedhih. Malah ora mung kuwi, kakawin Lambang lan Sugataparwa uga dianggep padha karo kitab Nirartha Prakreta lan Kuñjarakarna. Tembung “Mpu Dusun” kang tinemu ing kitab Kuñjarakarna lan dianggep asmane panganggit dening IBG. Agastia kaya kang wis disebutake ing ngarep, dening Slametmuljana dianggep asma sesinglone Dang Acarya Nadendra. Pawadane, awit nalika ngarang Sugataparwa utawa Kuñjarakarna, Dang Acarya Nadendra wis ora dadi dharmadhyaksa kasogatan lan manggone ana ing desa. Dadi, nalika nganggit Desawarnana utawa Nagarakretagama Dang Acarya Nadendra nganggo asma sesinglon Mpu Prapanca, dene nalika ngarang Sugataparwa utawa Kuñjarakarna nganggo asma sesinglon Mpu Dusun. Wondene kakawin Nirartha Prakreta dianggep padha karo kakawin Lambang dening Slametmuljana, marga isine padha-padha nyaritakake bab kasedhihane utawa sedhihing atine sang pujangga. Tur maneh, kakawin Lambang kang dianggit ing taun 1288 Saka utawa 1366 Masehi dianggep jumbuh kalawan kabar kang tinemu ing Nagarakretagama yen kakawin Lambang wis dianggit sadurunge nganggit Nagarakretagama (1365 Masehi). Kaya dene Desawarnana, aran Nirartha Prakreta uga mung tinemu ing kolofon. Mangkono manut panemune Slametmuljana.
Beda kalawan panemune Slametmuljana, R.D.S. Hadiwidjana lan W. Simpen AB. duwe panemu yen kitab Nirartha Prakreta isine ngenani piwulang sepuh utawa kasampurnan lan dianggit ing taun 1459 Masehi. Wondene sapa kang nganggit kitab iki, W. Simpen AB. duwe pangira kang nganggit buku iki yaiku Dang Hyang Nirartha, dene R.D.S. Hadiwidjana ora nyebutake asmane sang pujangga, nanging nyebutake papan dianggite kitab kasebut, yaiku ing Kencana, wewengkon Surabaya sisih kidul.
Kitab Nagarakretagama nyaritakake warna-warna, kaya ta: para trahing ngaluhur kang ana sambung-rapete karo sang nata (upamane: putra-putrane, adhine lan sapanunggalane), para priyagung nagara Majapahit, lakuning paprentahan, adat pakulinan, candhi makaming para leluhur lan desa-desa perdikan, kaanan kuthagara Majapahit, lan kaananing desa-desa kang diliwati dening sang nata Hayam Wuruk lan sang pujangga nalika njajah desa milang kori ing taun 1359 Masehi.
Yen ndulu isine kitab Nagarakretagama kaya kang kasebut ing dhuwur, ateges saperangan isine kitab Nagarakretagama bisa dianggep sejarah kontemporer.

d.  Mpu Tantular, nganggitArjunawijayalanSutasoma.
Kakawin Arjunawijaya, miturut R. Friederich kaya kang dingandikakake IBG. Agastia, ginubah luwih dhisik tinimbang kakawin Sutasoma. Malah Supomo nganggep yen Arjunawijayamujudake tulisan pisanan tumraping Mpu Tantular. Supomo uga ngandikakake yen adhedhasar crita kang ana ing kakawin kasebut bisa dimangreteni manawa Arjunawijaya ditulis adhedhasar kitab Uttarakanda abasa Jawa Kuna. Katandhingake kalawan Uttarakanda, wuwuhan kang nyolok mata ing kakawin Arjunawijaya yaiku anane paraga Citrawati (prameswarine Arjunasasrabahu) kang sakawit ora duwe jati diri ana ing Uttarakanda dadi Citrawati kang digambarake ayu rupane, aleman, lan garwa kang setya marang kakung lan wani bela pati nalika nampa kabar (kang ing tembe burine dimangreteni pranyata palsu) yen garwane seda; uga wuwuhan anane ratu-ratu telukan kaya ta: ratu Magadha, Awangga, Awanti lan sapanunggalane.
Kitab Arjunawijaya kasebut, kang miturut IBG. Agastia dianggit ing antarane taun 1370 (utawa sawise taun 1367), nyaritakake Rawana kang kapeksa tungkul marang Arjunasasrabahu.
Paling ora let 10 taun candhake, yaiku antarane taun 1380, miturut IBG. Agastia, Mpu Tantular nganggit kakawin Sutasoma. Kakawin kang ngemot ukara “Bhinneka Tunggal Ika” kang didadekake sesanti bangsa kita iki nyaritakake Sutasoma, putra sawijining narendra kang mungkur ing kadonyan marga bektine marang agama Buda. Sutasoma tansah sumadya ngurbanake awake dhewe kanggo nulung sapepadhaning ngaurip kang lagi nandhang reribed. Marga tumindake mau mula akeh wong kang bisa ditulungi. Buta kang adate mangan manungsa, marga saka pitulunganing Sutasoma, uga bisa dadi pangrasuk agama Buda kang bekti.

e.  Parthayajña
Kitab kang ora dingreteni sapa kang nganggit iki nyaritakake Pandhawa sawise kalah main dhadhu, diina entek-entekan dening Kurawa. Pandhawa banjur mlebu ing alas, Arjuna tapa ing Gunung Indrakila. Miturut Poerbatjaraka, kakawin Parthayajña ditulis kira-kira taun 1350-1389.

f.   Nitiçastra
Kitab kang ora dingreteni kang nganggit iki isi piwulang budi pakerti.
g.  Nirarthaprakreta
Kitab kang diangit nganggo tembang iki isi piwulang kasampurnan. Miturut R.D.S. Hadiwidjana kitab iki dianggit taun 1459 ing tanah perdikan Kencana, Surabaya sisih kidul. Nanging dening Slametmuljana kitab iki dianggep padha karo kakawin Lambang.

h.  Darmaçunya
Isine kitab iki yaiku filsafat lan mistik. Sangkala kang ana ing buku kasebut dening R.D.S. Hadiwidjana dianggep nuduhake angka taun 1304 Saka utawa 1340 Saka (=1382 utawa 1418 Masehi). Ora dingreteni sapa kang nganggit, nanging ana asma Malinata kang dening R.D.S. Hadiwidjana dianggep asmaning guru India (kawaosa: Indhia) kang ngrembakakake ilmu ing kitab kasebut.

i.    Hariçraya
Kitab kang dianggit ing taun 1496 Saka (1574 Masehi) iki dening R.D.S. Hadiwidjana isi critane dianggep asale saka kitab Uttarakanda.

j.   Tantu Panggelaran
Kitab iki nyaritakake Bathara Guru (Siwa) ngutus Brahma lan Wisnu supaya tanah Jawa diiseni manungsa. Marga tanah Jawa tansah gonjing, mula para dewa banjur mindhahake Gunung Mahameru saka India (kawaosa: Indhia)  menyang tanah Jawa. Nalika gunung mau digawa, perangan-peranganing gunung akeh kang padha gogrog lan dadi gunung-gunung cilik kang nyrambahi tanah Jawa, dene Gunung Mahameru mau dadi Gunung Semeru ing sacedhaking Malang.
Wisnu banjur jumeneng nata kang pisanan ing tanah Jawa, kanthi sesilih Kandiawan. Panjenengane kang ngatur paprentahan, bebrayan agung, lan agama.

k.  Calon Arang
Kitab Calon Arang nyaritakake sawijining warandha aran Calon Arang.Calon Arang kang urip ing jamane Prabu Erlangga, duwe anak wadon siji, Ratna Manggali jenenge.Sanadyan Ratna Manggali ayu rupane, nanging ora ana kang wani nglamar marga ibune dadi tukang teluh. Calon Arang rumangsa wirang marga anake kang wis diwasa mau durung ana priya siji-sijia kang nakokake. Mula, Calon Arang banjur gawe pageblug ing nagara kasebut. Awit saka pamundhute Prabu Erlangga, Mpu Bharada bisa mrajaya Calon Arang sawise jimate Calon Arang dicolong dening muride Mpu Bharada kang uga mantune Calon Arang.

l.    Tanti Kamandaka
Isine crita-crita kewan. Asal critane saka kitab Pancatantra saka India (kawaosa: Indhia) sanadyan perangan ngarepe rada beda.

m.   Korawaçrama
Kitab iki nyaritakake Kurawa kang diuripake maneh sawise Bharatayuddha rampung, kepengin males marang Pandhawa. Para kurawa diidini waton gelem nglakoni tapa kang abot.Para Kurawa lunga menyang alas saprelu tapa-brata. Crita iki rampung sadurunge Kurawa bisa males marang Pandhawa.

n.   Bubhuksah
Kitab Bubhuksah nyaritakake Bubhuksah lan Gagang Aking, kakang adhi kang beda-beda panemune ngenani carane nggayuh kasampurnan. Loro-lorone padha-padha tapa. Bubhuksah gelem mangan apa bae kang bisa dipangan, klebu kewan; dene Gagang Aking mung mangan godhong-godhongan, iku bae mung kanggo njaga supaya aja nganti mati keluwen.
Sawijining wektu Bubhuksah lan Gagang Aking ditekani macan putih utusane Bathara Guru. Marang Bubhuksah lan Gagang Aking macan putih mau kandha yen kepengin mangan daging manungsa. Krungu tembunge macan putih, Gagang Aking mangsuli yen ta macan putih mangan dheweke, bakal ora ana gunane marga awake Gagang Aking kuru aking. Nanging ora mangkono tumraping Bubhuksah.Bubhuksah kang lemu ginuk-ginuk tanpa mangu-mangu sumadya dipangan dening macan putih. Macan putih ora sida mangan Bubhuksah marga ancase pancen mung nodhi.
Sawise ditodhi mangkono, Bubhuksah digendhong dening macan putih, digawa menyang swarga, dene Gagang Aking diidini melu nanging dikon mlaku dhewe. Swarga kang dienggoni Bubhuksah lan Gagang Aking uga beda.

o.   Pararaton
Buku iki sakawit ancase didadekake buku sejarah.Emane dene isine akeh kang asipat dedongengan.Wiwitane nyaritakake Ken Arok kang nduweni kaluwihan sarwa gaib.Banjur nyaritakake Raden Wijaya wiwit melu Kertanagara nganti dadi ratu Majapahit. Dicritakake uga Jayanagara lan mbalelane Rangga Lawe lan Sora, klebu perang Bubat. Kitab iki dipungkasi cathetan ngenani urut-urutaning ratu Majapahit sawise Hayam Wuruk.

p.  Dewaruci
Nyaritakake Bima lunga menyang sagara, ketemu karo naga Nabatnawa lan tempuh ing prang. Nabatnawa kalah, mati dening Bima.Bima ketemu karo Dewaruci kang banjur dikon manjing ing salirane Dewaruci.Bima entuk wejangan saka Dewaruci.
Buku kang ora dingreteni sapa kang nganggit, ditulis ngango tembang gedhe kira-kira jaman Majapahit akhir.

q.   Sundayana
Kitab Sundayana nyaritakake ratu Sunda (kawaosa: Sundha), Sri Baduga Maharaja, kang teka ing Majapahit saprelu ngater putrane putri, Dyah Pitaloka, kang sakawit arep digarwa dening Hayam Wuruk, nanging wusanane diprajaya ing Bubat, sacedhake Majapahit.

r.   Panji Wijayakrama
Nyaritakake riwayate Raden Wijaya nganti dadi ratu ing Majapahit.

s.   Ranggalawe
Kitab iki nyaritakake mbalelane Rangga Lawe saka Tuban marang Prabu Jayanagara.

t.   Sorandaka
Isine kitab iki nyaritakake Sora saka Lumajang kang mbalela marang Prabu Jayanagara.


u.   Pamancangah
Kitab iki isi sejarahe para Dewa Agung saka kraton Gelgel, Bali.

v.   Usana Jawa
Kitab iki nyaritakake Bali kang ditungkulake dening Gajah Mada lan Arya Damar, banjur njaga ayem tentreming Bali kanthi cara mrajaya ratuning buta, Maya Danawa, lan pindhahing kraton Majapahit menyang Gelgel.

w.  Usana Bali
Kitab Usana Bali nyaritakake mowat-mawuting Bali marga saka ganasing sang danawaraja Maya Danawa. Buta iki tansah ngamuk kanthi cara gonta-ganti wujud, nanging wusanane bisa diprajaya dening para dewa.



Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-16.html


[1])Sumanasāntakaasale saka tembung sumanasa lanantaka.Sumanasa tegese kembang;antakategese mati. Dadi sumanasāntaka ateges mati marga kembang.

[2])Kolofonyaiku katrangan kang ana ing pungkasaning serat carik (Ind.: naskah) kang adate ngemot bab asmaning panganggit, kang kagungan utawa kang nyalin (kang mutrani) serat mau, sarta papan lan wektu serat kasebut diputrani.

Tidak ada komentar :