Rabu, 04 Desember 2013

ICIP-ICIP KASUSASTRAN JAWA (3)


BAB 5
SASTRALAKU



Sastralaku yaiku aksara kang lumaku. Kang dikarepake aksara kang lumaku yaiku aksara sesigeging tembung[1]), lumaku lan manunggal karo aksara purwaning tembung candhake. Kang mangkono manawa aksara purwaning tembung mau awujud aksara swara.
Minangka tuladha, upamane ukara “Titin arep adol iwak”. Yen ta ukara kasebut diucapake jumbuh kalawan apa kang diarani sastralaku, ukara mau kaya-kaya muni “Titi(n) nare(p) pado(l) liwak”. Sesigeg n ing tembung “Titin” diucapake radha entheng, banjur ngantebi ing aksara swara a ing tembung “arep”. Samono uga sesigeg p ing tembung “arep” diucapake rada entheng, banjur ngantebi ing aksara swara a ing tembung “adol” ; dene sesigeg l ing tembung “adol” uga diucapake rada entheng kang banjur ngantebi ing aksara swara  i  ing tembung “iwak”.
 Ana ing basa Jawa Kuna, sastralaku iku kajaba paugeran carane maca, uga mujudake paugeran carane nulis. Mula iya ora nggumunake manawa ing buku-buku kang kawetokake sadurunge ana tatanan panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa[2]) ora sathithik kang ana sastralakune ing tata tulise. Apa maneh tumrap serat-serat carik tinggalane para leluhur. Pethikan saka Serat Wulang Reh anggitan dalem Susuhunan Paku Buwana IV kang awujud serat carik utawa tulisan tangan kang dienggo lembar mirunggan dening Darusuprapta ing bukune kang asesirah Serat Wulang Reh Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV  ing ngisor iki bisa dienggo tuladha.

Pangkur

    
Ing gatra kaping telu lan kaping pitu, ukara “papat iku datan kantun” lan “papat iku nora kari” kang kudune ditulis:
(miturut tatanan Sriwedari), ing wacan kasebut ditulis:
Sesigeg t ing tembung “papat” lumaku lan manunggal karo aksara purwaning tembung “iku”.
Mangkono uga ing gatra kaping lima. Ukara “lan ing wengi nagara miwah ing dhusun” kang kudune ditulis:
(miturut tatanan Sriwedari), ing wacan kasebut ditulis:
Sesigeg n ing tembung “lan” lumaku lan manunggal karo aksara purwaning tembung candhake, yaiku “ing”.


Katrangan:

Pethikan aksara Jawa ing dhuwur kajaba ditulis mawa sastralaku, uga ana tulisan kang wis ora jumbuh kalawan tatanan Sriwedari, yaiku tembung “sadina-dina” kang ditulis:
Miturut tatanan Sriwedari, panulising tembung lingga ora kena dirangkep aksarane. Kanthi mangkono, tembung “sadina-dina” kang asale saka tembung lingga “dina” ditulis mawa pasangan “na” ing sangisoring aksara ”na”, ateges aksara mau dirangkep. Dadi, cetha yen panulising tembung “sadina-dina” ing pethikan kasebut luput miturut tatanan Sriwedari. Kang bener panulising tembung mau yaiku tanpa pasangan “na”.
Manawa ditulis ing aksara Latin, pethikan saka Serat Wulang Reh ing dhuwur unine mangkene:
Pangkur

Muwah ing sabarang karya
ing prakara kang gedhe lan kang cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambekan
papat iku nora kari.



-------------------------@-------------------------



BAB 6
DAYASASTRA



Dayasatra tegese dayaning sastra ya dayaning aksara. Lire, aksara dianggep duwe daya, yaiku daya mbrengengeng. Nanging prelu kawuningan, iki mung tumrap aksara Jawa lan mligi ing tembang.
Murih luwih cethane, ing ngisor iki diwenehi tuladha pethikan saka Babad Giyanti jilid I anggitane R.Ng. Yasadipura I.

Dhandhanggula

        

Ing gatra kapindho, sanadyan ing wacan kasebut ditulis:
nanging pamacane kudu “sigra ndonga wilujenging praja”.
Samono uga ing gatra kaping telu, lima, lan sanga. Ing gatra kaping telu, tulisan
kudu kawaca “ndhawuhake”; dene ing gatra kaping lima lan sanga, tulisan
kudu kawaca “njenengi”. Njenengi (ana kang ngarani: ndedegi), tegese: nunggoni lan ngawasi wong nyambut gawe.
Geneya kudu mangkono? Marga tembung-tembung mau sajatine tembung tanduk. Sarehning yen nganggo ater-ater anuswara njalari turahing wanda manut guru wilangane, iki yen ditulis nganggo aksara Jawa, mula ater-ater anuswara mau kena ora katulis. Ewa samono pamacane kudu kaya pamacane tembung kang mawa ater-ater anuswara. Kang mangkono marga tembung “ndonga”, “ndhawuhake”, lan “njenengi” yen ditulis nganggo aksara Jawa wujude mangkene.
Rak ya bakal turah wilangane manawa ditulis mawa ater-ater ta? Iki marga aksara purwaning lingga ora luluh dening ater-ater anuswawa mau.
Iya tembung tanduk ing tembang kang ditulis nganggo aksara Jawa ora mawa ater-ater anuswara nanging pamacane kudu kaya pamacane tembung kang mawa ater-ater anuswara kaya tuladha ing dhuwur kang diarani dayasastra.
Banjur kepriye kalawan tulisan ing purwaning gatra kaping telu kang diwaca “nJeng”? Sarehning tembung “Jeng” kang kawaca “nJeng” iku dudu tembung tanduk, nanging tembung wancahan, mula tembung kang aswara mbrengengeng mau ora kena diarani dayasastra. Tembung “Jeng” kang kawaca ”nJeng” mau wancahane tembung “Kanjeng” utawa “Kangjeng”.
Yen pethikan saka Babad Giyanti jilid I ing dhuwur disalin ing aksara Latin, tulisane mangkene.

Dhandhanggula

Ki pangulu, ngulama, lan ketib
sigra donga[3]) wilujenging praja
Jeng Srinata dhawuhake[4])
nanem waringin kurung
wringin kang ler ingkang jenengi[5])
kalih sang mantrimuka
dene kanthinipun
bupati, bekel, nayaka
kang jenengi [6]) wringin kidul wadananing
bupati manca praja.




-------------------------@-------------------------



BAB 7
RURABASA



Rura ateges rusak. Rurabasa ateges basa kang rusak. Bisane diarani mangkono marga basa mau luput. Nanging sanadyan luput, basa mau tetep dienggo ing bebrayan agung. Malah yen ana kang mbudidaya mbenerake, dianggep ora lumrah dening wong-wong.
Tuladhane:

Pucung
(Bapak takon marang ibu, ibu wangsulan)

1.     Bune Kuncung apa kowe mau njupuk
    pulpenku sing ana
esak klambi biru iki
pulpen mau arep daknggo nulis layang.

2.    Ora njupuk wong aku wit mau lungguh
ngadhepi gawean
mbathik jarit kanggo Tini
sing arep dadi manten sasasi engkas. (Mul).

Tetembungan “nulis layang” mesthine luput. Pancene iya luput tenan. Jalaran, bisane diarani layang rak marga kertas mau wis ana tulisane ta? Yen arep nulis (utawa lagi bae nulis), mesthine ukarane kang bener rak ya “arep (utawa lagi) nulisi kertas supaya dadi layang” ta? Nanging kang bener mau malah ora lumrah. Kang luput mandar kaprah.
Samono uga tetembungan “mbathik jarit”. Kang dibathik benere mori. Bisane diarani jarit marga mori mau wis dibathik. Rak iya ta? Nanging sanadyan tetembungan “mbathik mori”  iku bener, sarehning ora lumrah, iya ora dienggo.
Iya marga kang salah mandar kaprah, kang bener ora lumrah, mula rurabasa sok ditembungake “basa kang salah kaprah bener ora lumrah”.
Panunggalane:
1.      Adang sega. Benere: adang beras supaya dadi sega.
2.     Menek klapa. Benere: menek wit klapa.
3.     Meresi santen. Benere: meresi klapa kang wis diparud supaya dadi santen.
4.     Mikul dhawet. Benere: mikul genthong utawa wadhah liyane kang isi dhawet.
5.     Ndheplok gethuk. Benere: ndheplok tela kang wis diedang supaya dadi gethuk.
6.     Negor gedhang. Benere: negor wit gedhang.
7.     Nenun sarung. Benere: nenun benang supaya dadi sarung.
8.     Ngisor longan. Benere: ngisor amben. Longan iku perangan ngisoring amben.
9.     Nggodhog wedang. Benere: nggodhog banyu supaya dadi wedang.
10.  Ngenam klasa. Benere: ngenam wlingi utawa pandhan supaya dadi klasa.
11.   Ngekum landha. Benere: ngekum awu merang (wong Banyumas yen ngarani: oman) supaya dadi landha. Banyuning landha dienggo kramas.
12.  Nglinting rokok. Benere: nglinting mbako kang wis dicampuri klembak menyan (tumrap rokok utawa udud klembak menyan) utawa nglinting mbako kang wis dicampuri rajangan cengkeh supaya dadi rokok.
13.  Nguleg sambel. Benere: nguleg lombok, uyah, gula lan sapiturute supaya dadi sambel.
14.  Njilid buku. Benere: njilid kertas supaya dadi buku.
15.  Nyangking banyu. Benere: nyangking ember utawa wadhah liyane kang isi banyu.

Mangkono tuladha sawatara bab rurabasa. Isih akeh tuladha liyane kang ora disebutake ing kene.



-------------------------@-------------------------




BAB 8
KERATABASA




    Punapa ta darunane dene upacara pawiwahaning panganten mawi ubarampe tetuwuhan ingkang kapasang ing sangajenging papan pawiwahan? Sabab sedaya manca warnining ubarampe tetuwuhan anggadhahi raos falsafah puja-puji pudyastawa. Kados ta:
=>    Tebu, anggadhahi suraos anteping kalbu, inggih punika pepuji sageda 
kanthi manteping kalbu panganten sakaliyan anggenipun sami ambangun
bale griya.
=>   Cengkir, inggih punika kedah mawi kencenging pikir manunggaling cita 
nalar pangretenipun.
(Sekar Setaman (Bunga Rampai) Tatacara Adat Jawi Surakarta 
(Metu, Manten, Mati), anggitane Rama Panji Sosrohadi Kusuma, 
diowahi sawatara).

Ana ing wacan kasebut, tembung “tebu” dijarwani “anteping kalbu”, dene “cengkir” ditegesi “kencenging pikir”. Iya basa utawa tembung kang dijarwani utawa ditegesi manut pepiridaning kecape utawa wandane kaya kang kasebut ing dhuwur iku kang diarani keratabasa.
Sarehning olehe njarwani tembung mau mung waton nggothak-nggathukake murih katon mathuk, sanadyan manut kawruh basa utawa manut sejarahing basa embuh bener embuh ora, mula keratabasa iya banjur ana kang ngarani jarwadhosok.
Mesthine, tebu iku araning tetuwuhan kang kena dipangan uwite kanthi cara diisep banyune marga uwite ngemu jasad (Ind.: zat) gula, dudu: anteping kalbu; dene cengkir iku klapa kang isih enom, luwih enom tinimbang degan, dudu kencenging pikir.
Tuladha liyane maneh upamane tembung “brekat”. Tembung “brekat” ditegesi “(mak) breg (terus) diangkat”. Pancene iya mathuk. Wong kenduren iku lumrahe yen ambeng-ambeng salawuhe wis dibregake sarta didongani dening kang kajibah kang banjur diedum, ambeng-ambeng mau terus diangkat manut bageane dhewe-dhewe. Nanging iku yen dikeratabasakake. Yen diothak-athik murih mathuke.
Ujaring kandha, tembung “brekat” iku sajatine saka tembung “barkah”, nanging kelantur kecapane. Marga saking akehe panganan kang disamektakake dening kang duwe prelu, mula panganan mau nganti turah-turaha. Panganan mau ora entek dipangan dening wong-wong kang diundang supaya nekseni olehe duwe prelu. Nah, turahaning kang dipangan mau banjur kadum-dumake marang wong-wong kang dikon nekseni. Iya marga entuk rejeki, mula banjur diarani entuk barkah, iya barkahing Pangeran, kang banjur kelantur dadi: brekat.
Panunggalane:
1.      Guru, ditegesi: digugu lan ditiru.
Guru iku kuwajibane mulang. Mulang murid kang ora sathithik gunggunge lan warna-warna tindak-tanduke. Awit saka iku guru wajib menehi tuladha kang becik ing bab tindak-tanduke, kena digugu guneme amrih dadi tetuladhan tumrap para siswa.
2.     Bocah, ditegesi: mangane kaya kebo, pegaweane ora kecacah.
Kang akeh-akeh, bocah iku durung kena dipek gawene. Sanadyan ora nyambut gawe nanging anggone mangan prasasat ora tau telat.
3.     Gelas, ditegesi: yen tugel angel dielas.
 Bener! Rak angel gelas yen dielas ta?
4.     Prawan, ditegesi: yen pepara (=dolan utawa lelungan) kudu ing wayah awan.
Jamak lumrahe pancen mangkono. Bakal diarani sing ora-ora yen ana prawan seneng dolan utawa lunga-lunga ing wayah bengi.
5.     Tarub, ditegesi: ditata kareben murub (=asri).
Yen kawawas saka sejarahing basa, tembung tarub kang ditegesi “ditata kareben murub” wis cetha salah. Kang mangkono marga tembung tarub ing kene nyilih asmane priyayi, yaiku: Ki Ageng Tarub.
Ujaring kandha, nalika Ki Ageng Tarub kagungan karsa mantokake putrane, amarga daleme cilik kamangka kang bakal rawuh dikira-kira luwih akeh tinimbang papan kang ana, mula Ki Ageng Tarub banjur yasa dalem susulan kanggo nampa tamu sajrone kagungan karsa. Dadi, yen ana wong duwe gawe terus gawe omah susulan kanggo nampa tamu kuwi niru tatacara kang tau ditindakake dening Ki Ageng Tarub. Olehe ditegesi “ditata kareben murub” amarga omah susulan mau banjur direngga-rengga supaya katon asri.
Asma utawa araning wong kang banjur disilih kanggo ngarani apa ta apa, ing jaman saiki uga ana. Kaya ta: bolot. Ing jaman saiki, wong sing budheg lumrah diarani bolot. Kamangka, Bolot iku araning pelawak kondhang. Sarehning Bolot yen lagi nglawak tansah dadi wong budheg (sanadyan asline ora budheg), mula wong sing budheg dianggep kaya Bolot. Suwening suwe wong sing budheg diarani bolot.
6.     Tandur, ditegesi: olehe nata karo mundur.
Sasuwene iki wong tandur iku lumrahe olehe nata bibit utawa winih pari ing sawah pancen karo mundur.
7.     Tuwa, ditegesi: kari ngenteni metuning nyawa.
Wong yen wis tuwa lumrahe pancen mung kari nunggu wektu ditimbali dening Gusti Allah, kari ngenteni metuning nyawa. Ewa samono ora ateges kabeh wong matine ing umur tuwa.
8.     Denawa (danawa), ditegesi: yen ngeden metu hawa (utawa badan hawa).
Jalarane ditegesi mangkono marga danawa utawa buta yen duwe kekarepan terus ngumbar hawa napsune.
9.     Kutang, ditegesi: sikute diutang.
Mbokmanawa marga kutang ora duwe lengen banjur dikandhakake yen sikute diutang.
10.  Tipas, ditegesi: titip napas.
Sajake marga kipas yen dikipit-kipitake bisa nekakake angin banjur diarani titip napas. Titip napas kanggo sing ditipasi.

Kanggo apalan, ing ngisor iki diwenehi tuladha tembung-tembung keratabasa sawatara kang dirumpaka ing tembang Kinanthi.

1.     Kanthi sukeng tyas angidung
kidung KERATABASA di
tapa tataning apapa
cangkir jare nancang pikir
gedhang digeget bar madhang
yen gusti bagusing ati.
2.    Batur pangembating tutur
krikil keri aneng sikil
sruwal saru yen ta uwal
siti isi bulubekti
garwa sigaraning nyawa
kuping kaku tur njepiping

3.    Sepur asepe neng dhuwur
sirah isi erah yekti
tirakat tirahing tekad
wedang gawe kadang becik
wanita wani mranata
kursi mungkur malah isi. (Mul).


-------------------------@-------------------------






[1]) Basa Indonesiane (kawaosa: Indhonesiane): huruf terakhir pada suatu kata yang berupa konsonan.

[2]) Tatanan panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa ana wiwit taun 1926 saka asil putusan parepatan kumisi kasusastran ing Sriwedari, Sala. Iya awit saka iku tatanan mau ana kang ngarani tatanan Sriwedari.

[3])  Kawaosa: ndonga.
[4])  Kawaosa: ndhawuhake.
[5])  lan [6]  Kawaosa: njenengi.
Telu-telune (donga, dhawuhake, lan jenengi) ing pethikan kang ditulis mawa aksara Jawa mau diarani dayasastra. Ana ing salinan aksara Latin bisa katulis jumbuh kalawan pakecapane, yaiku “ndonga”, “ndha-wuhake”, lan “njenengi”. Jer kabeh mau ora ngowahi guru wilangan.


Tidak ada komentar :