B
E B U K A
Seratan ingkang wonten
ngarsanipun
para nupiksa punika sakawit mujudaken andharan kula ingkang nate
kapacak sambung-sinambung wonten ing majalah Panjebar Semangat wiwit
nomer 52 tanggal 23 Desember 2000 ngantos dumugi nomer 23 tanggal 7 Juli 2003.
(Pamacakipun boten ajeg saben minggu, nanging selang-seling). Ing
ngriki, seratan ingkang nate kapacak ing majalah 10 taun kapengker, malah
kepara langkung, sengaja kula inggahaken ing blog kula, kanthi pangancas: (1)
amrih punapa ingkang nate kula serat boten ical muspra, (2) mbokbilih seratan
punika migunani tumrap para guru basa lan sastra Jawi utawi tumrap mahasiswa
sastra Jawi.
Wondene
ancasing sedya anggen kula damel seratan ingkang kula sukani
tenger Icip-icip Kasusastran Jawa punika, awit adrenging manah kepengin
tumut nguri-uri warisaning leluhur, mliginipun ing babagan kasusastran.
Jumbuh
kaliyan sesirahipun, punapa ingkang kula andharaken ing seratan punika namung
bab-bab ingkang kula anggep wos kemawon. Jer ing ngriki kula namung kepengin
ngajab ”icip-icip” edi-endahing kasusastran Jawi. Supados anggenipun
”icip-icip” saged ngraosaken saestu, pramila ing sasaged-saged saben babipun
kula sukani tuladha ingkang kula pethikaken saking pustaka-pustaka anggitanipun
para pujangga utawi para winasis. Ing sarehning ing seratan punika ugi
wonten tuladha arupi sekar anggitan kula piyambak, pramila kangge mbentenaken
lajeng kula sukani tenger ”(Mul)” ing sawingkinging rumpakan kula kala wau.
Prelu
kawuningan, anggen kula ngandharaken bab-bab ingkang pinanggih ing seratan punika kula
damel ngangge basa ngoko. Ing ngriki boten ateges kula ngremehaken dhumateng
para nupiksa, babar pisan boten. Nanging ing pangangkah namung supados sakeca
panampinipun.
”Tak ada gading yang tak
retak”, makaten
ungeling paribasan Indonesia (kawaosa: Indhonesia). Tegesipun,
boten wonten barang ingkang tanpa ceda. Makaten ugi seratan punika. Kula
ngrumaosi bilih seratan punika taksih kathah kekiranganipun. Inggih awit
saking punika kula sanget ngajeng-ajeng panyeda ingkang asipat mbangun saking
para nupiksa, murih sampurnaning seratan punika. Tumrap
para nupiksa ingkang badhe paring panyaruwe
amrih sampurnaning seratan punika, kula nyumanggakaken panyaruwenipun
dipunkintunaken lumantar e-mail kula: mul.pakne.nindi@gmail.com.
Mulyono Atmosiswartoputra
-------------------------@-------------------------
BAB 1
KASUSASTRAN
Tembung kasusastran asale saka tembung susastra, entuk ater-ater
ka-
lan panambang -an. Wondene tembung susastra iku asale saka tembung
lingga sastra kang entuk wuwuhan wanda su, tegese: linuwih.
Miturut Kamus Kawi-Indonesia anggitane S. Wojowasito, tembung sastra
(çastra) ditegesi: buku pelajaran; ilmu pengetahuan;
naskah; buku-buku suci. Dene susastra lumrah ditegesi piwulang
kang linuwih, kawruh kang pinunjul apadene basa kang endah. Dadi, kasusastran
yaiku piranti kanggo medharake piwulang kang linuwih, piranti kanggo medharake
kawruh kang pinunjul, wohing kajiwan kang kawedharake sarana basa kang endah
lan sapanunggalane.
Dinulu saka sarana kang kanggo medharake bab kasebut, dhapuring kasusastran
bisa kabedakake dadi rong warna, yaiku:
a.
kasusastran lisan
Kang
diarani kasusastran lisan yaiku wohing sastra kang kawedharake sarana basa
lisan, kaya ta: dongeng, japa-mantra, donga, lan sapanunggalane;
b. kasusastran
tulis
Kang
diarani kasusastran tulis yaiku wohing sastra kang kawedharake sarana tulisan,
kaya ta: babad, buku-buku pakem padhalangan, buku-buku dongeng lan sapanunggalane.
Saka
pirang-pirang wohing sastra, ana wohing sastra kang kawentar ing bebrayan
agung, nanging uga ora sathithik kang ora kondhang. Ana uga wohing sastra kang
ora kasumurupan sapa kang yasa, nanging uga akeh sing disumurupi kang yasa,
sanadyan wohing sastra mau dianggit pirang-pirang abad kapungkur. Wohing sastra
kang ora kasumurupan sapa kang yasa diarani kasusastran para, kaya
ta: uran-uran, dongeng lan sapanunggalane; dene wohing sastra kang disumurupi
sing yasa diarani kasusastran miji, kaya ta: Serat Wulang Reh anggitan dalem
Susuhunan Paku Buwana IV, Serat Wirawiyata anggitan dalem
K.G.P.A.A. Mangkunagara IV, lan sapanunggalane.
Mungguh kang
diarani kasusastran Jawa iku kang kepriye? Kang diarani kasusastran Jawa yaiku
wohing sastra kang kawedharake sarana basa Jawa. Terus kepriye yen ana
sawenehing anggitan kang nganggo basa Jawa, nanging anggitan mau karangane wong
manca negara? Sanadyan anggitan mau karangane wong manca, waton nganggo basa
Jawa, iya kalebu ewoning kasusastran Jawa.
-------------------------@-------------------------
BAB 2
KAKAWIN, KIDUNG, LAN
TEMBANG
Sadurunge ngrembug bab kakawin, kidung, lan tembang, prelu disumurupi
manawa basa Jawa iku basa kang urip. Tegese, basa Jawa iku obah-owah manut
lakuning jaman. Bisane nyumurupi yen basa Jawa iku ngalami obah-owah, amarga
layang-layang kuna tinggalane leluhur kita kang isih bisa kawaca nganti saiki
basane nuduhake yen basa Jawa jaman kuna akeh bedane karo basa Jawa jaman
saiki. Wondene bab beda-bedane basa Jawa wiwit jaman kuna nganti jaman saiki
dening para sarjana sujana dibedakake dadi telu, yaiku:
b. Basa Jawa Tengahan; lan
c.
Basa Jawa Anyar.
Manut
ancer-ancer saka W.J.S. Poerwadarminta, sawijining parameng basa, kanggone basa
Jawa telung warna mau mangkene:
a. Basa Jawa Kuna, yaiku basa
Jawa kang kanggo ing jaman kuna tumeka ing sakiwa tengene taun 1400-an;
b. Basa Jawa Tengahan, kurang luwih kanggo ana ing antarane taun 1400 tekan
1700-an; dene
c. Basa Jawa Anyar, yaiku basa Jawa kang kalumrah kanggo ing jaman saiki.
Sapisan maneh, apa kang diandharake ing dhuwur iku mung ancer-ancer. Kang
mangkono marga obah-owahing basa ora dadakan, nanging mbaka sathithik. Dadi,
cetha yen bab obah-owahing basa mau ora bisa diwatesi ing titimangsa kang
gumathok, kajaba mung ancer-ancer bae.
A. KAKAWIN
Tembung kakawin asale
saka tembung lingga kawi. Kawi tegese juru nganggit tembang. Tembang kang dikarepake ing kene yaiku
tembang jaman biyen, tembang kang migunakake basa Jawa Kuna. Iya tembang
anggitane para kawi (juru nganggit tembang) kang migunakake basa Jawa Kuna mau
kang diarani kakawin[1]).
Ing bab iki S. Wojowasito ing bukune kang asesirah Sedjarah Kebudajaan Indonesia jilid
2 ngandikakake yen kakawin iku tetironing kavya. Kavya yaiku kasusastran tembang ing India (kawaosa:
Indhia). Wondene mumbul-mumbule kasusastran kang awujud kakawin yaiku nalika
jaman Kediri (kawaosa: Kedhiri).
Apa ta titikaning kakawin? Lumrahe, kakawin duwe titikan mangkene:
a. saben pada lumrahe dumadi saka
patang gatra, sanadyan ana kang dumadi saka telung gatra (diarani rahi-tiga utawa utgata-wisama);
b. saben gatra cacahing wandane padha, diarani wŗtta; lan
c. awewaton guru lan laghu.
Kang diarani guru yaiku wanda kang aswara dawa,
abot, gedhe, seru, endah, ngelak-ngeluk. Dawaning swarane yen dietung nganggo
kethukan udakara telung kethukan utawa luwih. Dene kang diarani laghu yaiku wanda kang aswara
cendhak, entheng utawa kendho. Dawaning swara yen dietung nganggo kethukan
udakara mung sakethukan.
Tumraping
kakawin, sanadyan cacahing wandane padha nanging yen panggonaning guru lan laghu-ne beda, araning kakawine uga beda. Paugeran
papan-panggonaning guru lan laghu ing saben gatra mau
diarani matra.
Ana ing aksara
Latin, guru diwenehi
tenger “corek dawa” (–),
dene laghu diwenehi tenger
“bunderan ditugel” (u).
Kang kalebu guru yaiku:
c. wanda kang mawa
wignyan, layar, cecak, pangkon (utawa sesigeg);
d. wanda ing
sangarepe wanda kang mawa cakra (tuladhane: cakra --> ca = guru);
e. wanda ing
sangarepe wanda kang mawa pengkal (tuladhane: dadya --> da = guru);
f. wanda ing
sangarepe wanda kang mawa panjingan “wa” utawa “wa” gembung (tuladhane: rakwa --> ra = guru).
Wondene kang
kalebu laghu yaiku sakabehing
wanda menga kang ora dawa.
Tumrap
wanda pungkasaning gatra, wanda mau bisa guru
bisa laghu.
Minangka
tuladha, ing ngisor iki dipethikake sawijining kakawin saka kitab Bhāratayuddha.
Çardūlawikrīdita
(Wŗtta-ne ana 19;
matra guru lan laghu-ne:
— — — υ υ — υ — υ υ υ — — — υ — — υ υ)
Lěng-lěng rāmya nikang çaçāngka kuměñar mangrěngga rūm ning purï,
Mangkin tan pasiring halěp
ikang umah mās lwir murub
ring langit,
Těkwan sarwwa manik
tawingnya sinawung sāksāt sěkar ningsuji,
Unggwan Bhānumatï yanāmrěm
alangö mwang nātha Duryyodhana.
Kakawin Çardūlawikrīdita pethikan
saka kitab Bhāratayuddha kasebut kang
lumrah dienggo sulukan dening para dhalang, dening S. Padmosoekotjo ing bukune
kang asesirah Suluk Pedhalangan
ditegesi mangkene:
Endah anglam-lami (warnanipun) rembulan ingkang
sumunar ngrengga memanising puri (=kadhaton), (njalari) saya tanpa timbang
(=boten wonten ingkang nyameni) endahipun suyasa kancana (=griya emas) punika,
(sorotipun sumunar) pepindhanipun kados murub ing langit, punapa malih
tebengipun linapis sesotya maneka warni ingkang pepindhanipun kados sekar
rinonce, (ing ngriku) papan padununganipun (Dewi) Bhanumati manawi sare
alelangen kaliyan Prabu Duryyodhana.
Jeneng-jenenging
kakawin liyane, upamane:
a. Bhramarawilambita;
b. Bhramarawilaçita;
c. Rāgakusuma;
d. Āryā (Udgīti);
e. Wasantatilaka;
f. Çikariņī
(Çikhariņī);
g. Praharsinī;
h. Kusumitajanma;
i. Kumaralalita;
j. Kamamala;
k. Watapatya;
l. Wibula;
m. Wangçastha;
n. Açwalalita;
o. Halamuka;
p. Totaka;
q. Mŗdhukomala;
r. Sragdhara.
Kajaba kakawin
padha karo araning tembang, yaiku tembange wong Jawa jaman biyen, buku-buku
kang sinawung ing kakawin uga ana kang ngarani buku kakawin, kaya ta: Kakawin Bhāratayuddha, Kakawin Rāmāyana,
Kakawin Smaradahana, Kakawin Arjunawiwāha, lan sapanunggalane.
B. KIDUNG
Kira-kira jaman
Majapahit, jamane wong Jawa padha migunakake basa Jawa Tengahan, dhapukaning
tembang, ya tembange wong Jawa jaman samono, diarani kidung. Buku-buku kang
dirumpaka nganggo kidung uga diarani buku kidung. Tuladhane: Kidung Sundayana, Kidung Subrata, Kidung
Ranggalawe, Kidung Sorandaka, lan sapanunggalane.
Miturut S.
Wojowasito, kidung sajatine wis ana wiwit sadurunge jaman Majapahit. Bab iki
bisa disumurupi saka kitab Pararaton
kang nyenggol-nyenggol jenenging kidung, yaiku Kidung Wukir Pamolan
kang kaanggit dening Jayakatwang nalika taun 1293. Kajaba kuwi, S. Wojowasito
duwe panganggep yen kidung iku kasusastran asli Indonesia (kawaosa:
Indhonesia), mligine Jawa. Eman dene kidung lagi wiwit kondhang sawise kakawin
ora patia dingreteni dening wong-wong. Kang mangkono marga nalika samono para
pujangga kraton luwih ngajeni kasusastran kang kena daya pangaribawane
kasusastran India (kawaosa: Indhia), yaiku kakawin, tinimbang kidung.
Titikan kidung beda karo titikan kakawin. Kidung duwe titikan
mangkene:
a. cacahing gatra
tartamtu;
b. cacahing wanda saben sagatra tartamtu; lan
c.
dhong-dhinging swara ing
pungkasaning gatra tartamtu.
Telu-telune
manut-miturut jenenging kidung.
Ngenani bab kasebut, S. Wojowasito nyebutake yen kidung wujude
ana warna loro, yaiku kidung kang awujud macapat lan kidung kang awujud
tengahan. Dhedhasare sajatine padha bae. Bedane yaiku kang awujud tengahan
luwih dawa tikel pindho tinimbang kang awujud macapat. Mangkono pratelane S.
Wojowasito.
Kidung Durma pethikan saka buku Kidung Sundayana ing ngisor iki kena dienggo
tuladha.
Durma
Sesek wus den leboni
aneng jro pura
kapanggih
ken pinatih
strining
Hasti Mada
ana
ring mathe tengah
tan
sah krisira minusti
ikang
angepang
pada
kagyat awali.
(Kamot ing buku Unsur
Religius dalam Sastra Jawa, anggitane Dojosantoso, B.A.)
Pethikan kang mung sapada ing dhuwur, tegese kurang
luwih:
Ing jroning kraton wis dileboni, sesak.
Kapanggih (kalawan)
garwane Mahapatih Gajah Mada
ana ing senthong tengah,
(astane) ora ucul (anggone) ngasta keris.
(Wong-wong) kang ngepung
padha kaget, banjur mulih.
Ing kene, kidung Durma duwe titikan mangkene:
a. cacahing gatra
ana 7;
b. cacahing wanda
lan dhong-dhinging swara ing:
=>
gatra kapisan = 12-a;
=>
gatra kapindho = 7-i;
=>
gatra kaping telu = 6-a;
=>
gatra kaping pat = 7-a;
=>
gatra kaping lima = 8-i;
=>
gatra kaping nem = 5-a;
=>
gatra
kaping pitu = 7-i.
Wondene
jeneng-jenenging kidung liyane, antara liya:
a. Darmaparita;
b. Pamijil;
c. Panjiprakasa;
d. Sinom;
e. Wukir.
C. TEMBANG
Bareng wong
Jawa wis ora patia pana karo basa Jawa Tengahan, tembange suwe-suwe uga nganggo
basa Jawa Anyar. Tegese, basa Jawa kang wis beda karo basa Jawa Tengahan lan
basa Jawa Kuna. Nanging sanadyan basane wis basa Jawa Anyar, ewa samono
dhapukaning tembange ana kang memper kakawin lan ana kang memper kidung.
Kang memper
kakawin diarani tembang gedhe. Paugerane tembang gedhe yaiku:
a.
cacahing gatra ana 4 saben
sapadane; lan
b. cacahing wanda padha saben sagatrane.
Kang
beda yaiku: yen kakawin mawa paugeran dawa cendhaking swara utawa guru lan laghu, nanging yen tembang gedhe wis ninggal guru lan laghu.
Ing tembang gedhe, saben sagatra diarani sapadapala,
saben rong padapala diarani sapada-dirga, dene saben patang padapala utawa rong
padadirga diarani sapadeswara. Cacahing wanda saben sapadapala diarani lampah utawa laku.
Adhedhasar cacahing wanda ing saben sapadapala kang diarani lampah utawa laku mau, tembang gedhe kaperang dadi patang golongan, yaiku:
a.
salisir,
yaiku tembang gedhe kang lampah 1-10 wanda;
b. siliran, yaiku tembang gedhe kang lampah 11-20 wanda;
c.
rakitan,
yaiku tembang gedhe kang lampah 21-30 wanda;
d. dhendha utawa simparan, yaiku
tembang gedhe kang lampah 30 wanda sapandhuwur.
Tembang gedhe iku lumrahe kanggo mbawani gendhing.
Tuladhane:
Retnamulya
Lampah 12 pedhotan 4-4-4
Sukeng
driya kadya manggih retna mulya
kang
sumewa kawangwang manadukara
dera samya miyat kangjeng
nareswara
ngela-ela dhawah ladrang
Sriwidada.
(Mbombong Manah jilid 4,
anggitane R. Tedjohadisumarto)
Jeneng-jenenging tembang gedhe liyane, kaya ta:
a. Rerantang;
b. Sundari;
c. Lebdajiwa;
d. Citramengeng;
e. Maduretna;
f. Kumudasmara;
g. Pamularsih;
h. Mintajiwa;
i. Kusumastuti.
Wondene
dhapukaning tembang kang memper kidung ana loro, yaiku:
1.
Tembang
Tengahan
Paugeraning
tembang tengahan padha karo paugeraning kidung, yaiku:
a. cacahing
gatrane tartamtu;
b. cacahing wanda saben sagatrane tartamtu; lan
c.
dhong-dhinging swara uga
tartamtu saben sagatrane.
Tuladhane:
Pranasmara
Neng Karangkedhempel
leledhang
Kyai Lurah Semar
sapranakane
miyat kebon-kebon
tegal lan aleren
sami angundhuh
tarupala
suka sindhen
sesendhonan
sarwyanjoged
genti-genti.
(Sendhon Langen Swara, anggitan
dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)
Jeneng-jenenging tembang tengahan liyane, upamane:
a.
Jurudemung;
b.
Balabak;
c.
Palugon;
d.
Wirangrong;
e.
Pangajapsih;
f.
Sarimulat.
2.
Tembang Macapat
Ora
disumurupi apa sababe tembang kang dhapukane padha, yaiku mawa paugeran:
a. cacahing
gatrane tartamtu;
b. cacahing wanda
saben sagatrane tartamtu;
c. dhong-dhinging
swara uga tartamtu saben sagatrane;
d. padha-padha
nganggo basa Jawa Anyar;
ana kang diarani tembang tengahan lan ana kang diarani tembang macapat.
Kajaba kuwi, uga ana tembang kang maune dianggep kidung, saiki dadi kalebu
tembang macapat, kaya ta: Durma, Pamijil (saiki Mijil), lan Sinom.
Ngenani pira cacahing tembang macapat, ana saweneh ahli
kang duwe panganggep yen kang kalumrah kalebu golonganing tembang macapat iku
ana 9, yaiku:
a. Maskumambang;
b. Pucung;
c. Mijil;
d. Kinanthi;
e. Asmaradana;
f. Pangkur;
g. Durma;
h. Sinom; lan
i. Dhandhanggula.
Nanging
uga ana saweneh ahli kang duwe panganggep yen tembang macapat ana 11, yaiku
kaya kang kasebut ing dhuwur diwuwuhi:
j. Megatruh/Dudukwuluh; lan
k. Gambuh.
-------------------------@-------------------------
[1]) Sanadyan tembang kang kaya mangkono mau dianggit ing abad XX, waton
nganggo basa
Jawa Kuna lan titikane padha karo tembang kang dirembug iki,
iya tetep diarani kakawin.
Tuladhane: Kakawin Gajah Mada. Kakawin iki dening Partini Sardjono
Pradotokusumo
dingandikakake rampung dianggit (dudu disalin utawa diputrani) ing
sasi Pebruari 1961.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar