BAB 15
D A S A N A M A
Tembung dasanama asale saka tembung dasa lan nama. Dasa
tegese sapuluh, dene nama tegese jeneng utawa aran. Dadi, kang
diarani dasanama miturut
pangreten kasebut yaiku sawijining tembung kang nduweni jeneng utawa aran
liya cacah sapuluh. Nanging apa iya bener mangkono? Pranyata
ora! Jalaran, sanadyan tembung mau nduweni jeneng utawa aran liya kang cacahe
luwih utawa kurang saka sapuluh, arane iya tetep dasanama.
Hla, banjur apa ta kang diarani dasanama kang sakira luwih mathis? Kang
diarani dasanama yaiku tembung-tembung kang nduweni
teges kang padha utawa kang dianggep ndhuweni teges kang padha antarane tembung
siji lan sijine. Tembung “pandhita”
upamane, tembung mau dianggep nduweni teges kang padha karo tembung: dwija, dwijawara, suyati, resi, wasistha,
lan ajar.
Miturut Serat Dasanama Jarwa
anggitane Raden Tumenggung Sastranagara, iya R.Ng. Yasadipura II nalika isih
apangkat kliwon, tembung-tembung mau ditegesi mangkene:
-> pandhita, tegesipun pepundhen, dene pinundhi-pundhi
sarerehan wewengkonipun;
-> dwija, tegesipun angesthi terus lair batos;
-> dwijawara, tegesipun muruk seja kalih
prakawis,
sapisan: angastuti
dewa, kaping kalih: amrih karahayon;
-> suyati, tegesipun amesu cipta,
wijangipun: suya = amesu,
ti = cipta;
-> resi, tegesipun suci, dene anetepi panggalih
asuci;
-> wasistha, tegesipun langkung awas, kados
ta: sumerep
saderengipun winarah; dene
-> ajar,
tegesipun wajib memulang.
Sarehning
tembung-tembung mau dianggep nduweni teges kang padha, mula tembung-tembung mau
iya banjur diarani dasanamane tembung “pandhita”.
Tumrap sapa bae
kang duwe sedya nggilut kasusastran Jawa, sugih kawruh dasanama iku pawitan
utama. Tanpa sugih kawruh dasanama, bakal kacipuhan yen ta gawe
reriptan kang sinawung ing tembang.
Ing ngisor iki
dasanamane tembung-tembung sawatara kang sinawung ing tembang Asmaradana. Amrih
pilah-pilahing tembung kang diandharake dasanamane bisa disumurupi, wiwitaning
tembung mau katulis nganggo aksara gedhe. Kanggo njumbuhake guru wilangane
apadene guru lagu, ing kene ana sawatara tembung kang ora kapetung dasanama, yaiku tembung-tembung
kang ana ing sajroning kurung.
Asmaradana
1. RATU nata
narapati
naranata
naradipa
katong pamasa
pamase
narpa narpati
narendra
naradipati raja
nareswara aji
dhatu
NOM taruna
timur mudha.
2. AKU kula amba
mami
ulun ingsun
ingong ingwang
kawula manira
(dene)
KOWE sira
panjenengan
jengandika
sampeyan
pakenira dika
(lamun)
KANCA kanthi
rewang rowang.
3. IBU biyung rena
wibi
BAPA rama
(tuwin) yayah
sudarma (uga
tunggale)
IRENG cemeng
langking kresna
GUNUNG wukir
ancala
arga giri ardi
meru
redi prawata
aldaka.
4. KEMBANG padma
puspa sari
puspita kusuma sekar
KETHEK kapi palwaga wre
wanara kenyung rewanda
ORA boten tan datan
LANANG jaler priya jalu
ABANG abrit jingga rekta.
5. KUNING jenar
punar jening
dinar jene pita
blengah
PUTIH pethak
seta pinge
UDAN jawah
riris warsa
KANDHA sabda
wicara
wacana ling
ujar wuwus
MACAN harimong
sardula.
6. OBONG tunu
wlagar basmi
REMBULAN (ya)
sasadhara
sasi wulan
sitengsu lek
sitaresmi
candra badra
YEN yan bilih
manawa
manawi lamun
kalamun
ASOR nistha
dama papa.
7. SRENGENGE
pratanggapati
bagaspati
bagaskara
pratanggakara
radite
raditya
radiktya surya
diwangkara
baskara
rawi aruna (tan
kantun)
diwasasri
(lawan) arka.
8. DHUWIT arta
yatra picis
IWAK ulam mina
matswa
AGENG agung
gora gedhe
BUTA yaksa
yaksi ditya
wil danawa
danuja
raseksa raseksi
diyu
asura (klebu)
kalana.
9. LEMAH bantala
pratiwi
bumi kisma
basundara
basundari
pratala (yen)
PINTER wasis
lebda limpad
wignya guna
widagda
widura nimpuna
putus
KALI bengawan
narmada.
10. ANAK putra sunu
siwi
atmaja tanaya
suta
GENDERA panji
(myang) rontek
umbul-umbul
dwaja dludag
ARAN asma
peparab
jeneng kekasih
jejuluk
wewangi (lan)
panengeran.
11. PANAH warastra
jemparing
astra bana
(miwah) sara
TURU nendra
guling sare
BANGKE kuwanda
kunarpa
KARATON
dhatulaya
puri kadhatwan
kadhatun
pura kadhaton
kadhatyan.
12. BODHO kumprung
punggung pingging
pengung jugul
mudha dama
MALIH maning
muwah maneh
METENG mbobot
ngandhut wawrat
GODHONG ron
dhaon patra
SLAMET raharja
rahayu
basuki yuwana
swasta.
13. ATI nala kalbu
galih
prana driya
wardaya tyas
CANTRIK[1])
uluguntung cekel
geluntung
manguyu janggan
wasi puthut
(manawa)
ENDHANG bidhang
(malihipun)
mayang mentrik
dungik sontrang.
14. BANYU toya jala
warih
ranu sindu
jahning tirta
udaka we lodaka
her
ANGIN samirana
barat
sindhung bajra
pawana
pancaroba lesus
bayu
maruta (uga)
prahara.
15. MALING (padha
karo) curi
weri pandung
duratmaka
TUNJUNG pakaja
terate
kumuda
saroparuka
saroja
sarasidya
KERIS suduk
dhuwung dhuhung
katga curiga
wangkingan.
16. DHAUP (iku)
ijab kawin
palakrami
palakrama
JURANG trebis trejung
rejeng
SOROT sunar
cahya praba
sirat sunu
ujwala
WENGI bengi
ratri dalu
TATU kanin
labet brana.
17. GERAH rapuh
roga agring
wikara (tegese)
lara
ENGGAL aglis
agya age
gya tumulya
nulya tandya
tandwa gupuh
saksana
TUWA sepuh
wredha jimbun
MOKAL nglengkara
ndupara.
18. KAYA kados kadya kadi
anglir yayah lir (lan) pendah
lir-pendah
pindha (jangkepe)
LANGIT wiyati
awiyat
jumantara akasa
antariksa
gegana (trus)
widik-widik
wiyat tawang.
19. MATI lampus lena lalis
layon
ngemasi pralaya
laya
layu (apadene)
palastra
padhem antaka
WONG
janma jalma tiyang
manusya
manusa manus
manuswa
manungsa jana.
20. KABEH sadaya sakalir
sadarum samanta
sanggya
sagung salir
salwir sakeh
sakweh
(atanapi) kapwa
SUMAPUT (ya)
kantaka
kapidhara
klenger kantu
CELENG waraha
sukara.
21. JARAN kapal
aswa wajik
titihan
turangga kuda
MAS kancana
rukmi jene
rukma kanaka
suwarna
GAJAH liman
matangga
asti esthi
brajamuthu
dirada (tuwin)
dwipangga.
22. KALAH katitih
kelindhih
kawon kasor
kandhah kandhap
ULA sarpa naga
(lyane)
bujangga
ardawalika
NDELENG ndelok
ngeksi (myang)
miyat anon
mulat ndulu
NAPAS uswasa
usyasa.
23. WETU wiyos
wedal wijil
wuryan wahya
(sarta) wimba
BEN kareben
murih dimen
amrih supados
supaya
AWAN siyang
raina
RAME atri
umyang umyung
gumuruh ramya
gurnita.
24. DUKA muntab
kridha muring
bendu nepsu
(karo) mangkrak
UTUSAN caraka
gandhek
duta cundhaka
prajaka
KONDHANG kasub
kawentar
kombul kaloka
misuwur
kongas kasusra
sumbaga.
25. WEDHUS menda
domba kambing
THATHIT kilat
lidhah kedhap
kelap widyuta
caleret
LEMBU andini
andaka
sapi pirdos
andana
ENDAH respati
raras-rum
asri peni alep listya. (Mul).
Katrangan:
Ing basa Jawa, sawijining tembung bisa nduweni teges luwih saka
siji. Mula iya ora aneh yen ing tembang Asmaradana kasebut ana sawijining
tembung kang dienggo dasanamane tembung kang beda.
-------------------------@-------------------------
BAB 16
S A N E P A
Sadurunge ngrembug bab apa ta kang diarani sanepa kuwi, ing ngisor iki
dipethikake dongeng mula bukane trenggiling yen ana bebaya banjur ngringkel.
Dongeng mau kapethik saka buku Njamikan (kawaosa: Nyamikan) jilid 1, buku wacane murid-murid pamulangan andhap
(yen saiki padha karo: Sekolah Dasar) jaman biyen, anggitane M. Mardjana lan
M. Samoed Sastrowardojo.
Gambuh
1. Trenggiling mlayu-mlayu
kepapag lan mitrane satuhu
iya iku si luwing ana ing
tegil
luwing sajak rada gumun
nulya sigra dennya takon
2. “Yagene iku mau
ambekanmu teka ngangsur-angsur
karenggosan kaya dioyak
ing janmi”
Sigra trenggiling sumaur
“Mau kapregok ing uwong”.
3. Luwing calathu ngguguk
sajak ngece marang kancanipun
“Kebangeten kowe kuwi heh trenggiling
weruh uwong bae gugup
playumu alonjong botor”.
4. Trenggiling rada nepsu
nanging
sareh amangsuli wuwus
“Lah
kok aneh kowe kuwi heh si luwing
aku
kokpenging lumayu
kalamun
kepapag nguwong.
5. Lah kepriye polahku
yen
cinekel tan wurung ingingu
kinurungan
tan mardika rina wengi
nadyan
pangan ngombe cukup
datan
bisa kloyang-kloyong.
6. Apa seneng atiku
anak bojo datan bisa weruh?”
Mitrane si luwing anyauri aris
“Gampang bae pratikelku
kalamun
ginepok ing wong.
7. Awakku nuli mlengkung
amalungker
andhelik sirahku
datan kongsi bisa kecandhak ing janmi
kinira aku wis lampus
satemah binuwang adoh”.
8. Trenggiling amituhu
mring
welinge mitranira mau
mula saben-saben kepapag ing janmi
ora ngoncati pakewuh
malah ngringkel api layon.
Ing pada kaping telu gatra pungkasan ana unen-unen, “playumu alonjong botor”. Tembung “lonjong” (ater-ater a-
ing wacan kasebut mung kanggo nggenepi guru wilangan bae), manut jinising
tembung kalebu tembung watak utawa kaanan, dene tembung “botor” kalebu tembung aran. Botor
iku kalebu barang kang bunder. Ewa samono diarani lonjong. Iki mratandhani
playune trenggiling banter banget. Saking bantere, nganti trenggiling kang
awake dawa iku katon bunder. Botor kang bunder bae isih kungkulan bundere. Awit
saka iku botor mau diarani lonjong, marga kungkulan bunder dening
kaanane trenggiling nalika mlayu.
Iya unen-unen kang tegese mbangetake, kadadean saka tembung kaanan lan
tembung aran nanging kosok-balen iku kang diarani sanepa. Kang disanepakake (ing
tuladha kasebut: playune trenggiling)
kaanane ngungkuli utawa ngluwihi kaanane barang kang kasebut ing wekasane ukara
sanepa (ing tuladha kasebut: botor).
Utawa, botor kang sajatine bunder iku dianggep kosok baline, yaiku lonjong, yen
katandhing karo bundering kaanane trenggiling nalika mlayu.
Sanepa, panganggone tarkadhang uga ana kang disaroja. Upamane, sanepa “renggang gula” kang padha karo
sanepa “kumepyur pulut”,
kanggo mbangetake surasa, sanepa loro mau banjur dienggo bebarengan dadi ”renggang gula, kumepyur pulut”. Sanepa
“renggang gula” iku sanepane wong kang raket
sesrawungane. Samono uga sanepa “kumepyur pulut”.
Janturan kirab kanarendran ing upacara pawiwahan ngisor iki bisa dienggo
tuladha.
................................................................................................
Kebayak
landhung langking warnane ugi tan kari sinulam ing benang rukma, kaistha
sekar tunjung seta, tuhu endah tuhu edi, mila panganten
putri datan siwah sekaring kedhaton. Sangsangan mas sinangling carub wor
sangsangan sekar mlathi ginubah, kumlawer maripit ing jaja lir naga taksaka
marepeg angalon lampah. Sida asih nyampinge, kembar kalawan nyampinge panganten
kakung. Kang mangkono asung pralambang manawa panganten kakung lan putri kembar
tresnane, kembar bibit, bebet, lan bobote. Raket supeket akekanthen asta,
tan ginggang sarikma, yen ta densanepakake: renggang
gula kumepyur pulut.
................................................................................................
(Upacara Panganten (Tatacara
Kajawen), dhapukane R. Danang Sutawijaya lan R.M.A. Sudi Yatmana,
kaowahan sawatara)
Gula, ing kene karepe: gula Jawa, kang kacithak ing bumbung utawa cithakan
liyane, iku ora ana renggange. Ewa samono isih diarani renggang yen ta
katandhing karo astane panganten sakaloron kang tansah akekanthen iku. Samono uga
pulut. Ora ana pulut kang kumepyur, awit pulut iku pliket. Kang kumepyur
iku barang kang ora pliket. Ewa samono puluh isih diarani kumepyur yen ta
katandhing karo puleting astane panganten sakaliyan kang ora gelem ginggang sarambut
iku, kaya-kaya astane panganten kakung lan putri iku ana pulute saengga
kelet. Kanthi tembung liya: gula kang sajatine rapet iku dianggep kosok baline,
yaiku renggang, yen katandhing karo rapeting astane panganten kakung lan putri
kang lagi gegandhengan iku. Samono uga pulut kang sajatine pliket iku dianggep
kosok baline, yaiku kumepyur, yen katandhing karo astane panganten
sakaliyan kang kaya-kaya ora bisa dipisahake marga saking plikete.
Unen-unen liyane kang kalebu sanepa, kaya ta:
1.
Abang dluwang -> cahyane
2.
Abot kapuk -> bobote
3.
Agal glepung -> wujude
4.
Anteng kitiran -> polahe (rongeh banget)
5.
Arang wulu kucing -> kehing utange
6.
Arang kranjang -> tatune
7.
Arum jamban -> gandane
8.
Atos debog -> balunge (ora duwe kasekten)
9.
Bening leri -> cahyane
10. Benjo tampah ->
wujude
11.
Dhuwur kencur -> dedege
12. Jero tapak meri -> kawruhe
13. Lonjong mimis ->
playune
14. Legi bratawali -> rasane
15. Pait madu -> eseme, swarane, omongane
16. Pait kilang -> eseme, swarane, omongane
17. Pered beton -> rembuge
18. Resik paceren -> tembunge (olehe ngunen-uneni)
19. Sigar semangka -> pamore.
-------------------------@-------------------------
Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-7.html
Tidak ada komentar :
Posting Komentar