BAB 9
B
A L I S W A R A
Sinom
Kang sepuh Wara Sumbadra
saking Madura nagari
atmaja Sri Basudewa
ing warna ngresepken ati
sumeh kang netra lindri
pasaja ing driya tangguh
semu kurang budaya
awijang dedeg respati
kuning wenes labete amung kapama.
(Serat Candrarini, anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV)
Ing gatra
kapindho, ukara kang kudune "saking
nagari Madura", ing wacan kasebut dadi "saking Madura nagari". Kang mangkono marga tembang
kaiket ing guru lagu. Gatra kapindho tembang Sinom kudu tiba i. Mula, ukara kang kudune "saking
nagari Madura" mau banjur diwalik dadi "saking Madura nagari" supaya pungkasaning gatra
kasebut tiba i.
Iya pamaliking ukara
ing gatraning tembang saprelu kanggo njumbuhake guru lagu iku kang diarani baliswara.
Tuladha liyane maneh, priksanana pethikan saka Serat Nalawasa Nalasatya anggitane R. Pandji Soerjawidjaja ing ngisor iki.
Tuladha liyane maneh, priksanana pethikan saka Serat Nalawasa Nalasatya anggitane R. Pandji Soerjawidjaja ing ngisor iki.
Pangkur
Kados leres aturira
Nalasatya enceh punika manggih
tiyang kina darbekipun
wangsul pun Nalawasa
ngaken titip dhateng dhemit kajeng randhu
nalika pametakira
punika emeng ing galih.
Ing wacan kasebut ukara kang diwalik yaiku "tiyang kina darbekipun". Marga guru lagune tiba u, mula ukara kang kudune "darbekipun tiyang kina"
mau banjur diwalik.
-------------------------@-------------------------
BAB 10
TEMBUNG GARBA
Garba, kajaba kang ateges weteng, uga ateges ringkes. Digarba tegese diringkes, digandheng dadi siji. Tembung garba yaiku tembung loro
kang diringkes dadi siji. Amarga diringkes, kajaba cacahing wandane dadi suda,
swarane uga dadi owah.
Tembung garba uga lumrah diarani tembung sandi. Sandi
tegese: (1) samar; (2) repit[1]); (3) wados; (4) nyiluman; lan (5) simpen (Priksanana Kamus Kawi‑Jawa anggitane C.F. Winter Sr.). Jalarane diarani tembung sandi mbokmanawa marga
tembung mau samar‑samar, sajak ora ketara yen tembung kasebut sajatine luwih
saka siji.
Banjur, ing ngendi tembung garba utawa tembung sandi mau
dienggo? Tembung garba utawa
tembung sandi iku
lumrahe dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang. Geneya? Awit
tembang kaiket ing guru wilangan. Iya ing nalika ana ukara ing sawijining gatra
tembang kakehen guru wilangane, ing kono pangripta tembang bisa nyuda cacahing
wilangan kanthi cara nggarba tembung loro dadi siji kang dumunung ing gatra
mau.
Pethikan saka Serat Wirawiyata anggitan dalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV ing
ngisor iki bisa dienggo tuladha.
Sinom
Upama nora punggela
jer nora ngupaya malih
yen wus punggel nadyan sira
semadi ing saben ratri
antuke durung pasthi
tiwas angengecer laku
marma den enget sira
sajrone lumakweng kardi
pangreksamu mring drajat aja sembrana.
Tembung
“lumakweng” asale saka tembung
“lumaku” lan “ing”. Yen
tembung “lumaku” lan “ing” ing tembang kasebut tetep ditulis “lumaku ing”, mesthi bae wilangane
luwih sawanda. Awit saka iku, murih ora nyalahi guru wilangane, tembung “lumaku” lan “ing” mau
banjur digarba dadi “lumakweng”.
Ana
ing tembung garba, gandhenge tembung siji lan sijine adate ngugemi pathokan
kaya ing ngisor iki.
1.
a + a = a ->
contone: sira + arsa = sirarsa
2.
a + e = e -> contone: narpa + endah =
narpendah
3.
a + i = e -> contone: prapta + ing =
prapteng
4. a + o = o -> contone: dadya + ojat = dadyojat
(tegese: dadya = dadi; ojat = gunem)
5. a + u = o -> contone: wira + utama = wirotama
6.
i + a = ya -> contone: dupi + arsa = dupyarsa
7. i + i = i -> contone: siti + inggil = sitinggil
8. o + a = wa ->
contone: kebo + alasan = kebwalasan
9. u + a = wa ->
contone: nuju + ari = nujwari
10.
u + e = we -> contone: jalu + estri =
jalwestri
11. u + i = we -> contone: nuju + ing = nujweng
Nanging
prelu kawuningan, gandhenge tembung kang awasana u karo tembung kang apurwa i kajaba dadi we, uga ana kang dadi wi. Minangka tuladha, gandhenge tembung “munggu” lan “ing” dadi
“munggwing” kaya kang kacetha ing pethikan ngisor iki.
Dhandhanggula
Tan winarna kang kari
prihatin
kawuwusa lampahira Sena
tanpa wadya amung dhewe
mung bajra sindhung lesus
ambebener murang ing margi
prahara munggwing ngarsa
gora reh gumuruh
kagyat miris padedesan
ingkang kambah kaparanggul
ndhodhok ajrih
andhepes nembah‑nembah.
(Bima Suci, impunane R. Tanoyo)
Kaya
kang wis diterangake ing dhuwur, tembung “munggwing”
iku gandhenge tembung “munggu” lan “ing”. Tembung “munggu” iku dhewe sajatine tembung
andhahan. Linggane yaiku “unggu”, entuk seselan ‑um‑. Unggu tegese dunung. Munggu tegese
dumunung. Wondene munggu ing utawa munggwing[2]) tegese dumunung ing utawa
mapan ing.
Kang
lumrah digandheng ing tembung garba pancene tembung kang awasana aksara urip
karo tembung kang apurwa aksara urip uga. Ewa samono ana tembung garba kang
dumadi saka tembung kang awasana aksara mati, yaiku aksara h, karo tembung kang apurwa aksara urip. Ing sarehning h iku aksara lemes (Ind.: huruf lemah), mula aksara h
ing pungkasaning tembung kang ngarep mau ilang, dianggep kaya ora ana
aksarane h[3]).
Tuladhane, kaya
ta: (1) sugih + arta = sugyarta;
(2) taksih + alit = taksyalit.
Samono uga tembung “lunggyeng”, gandhenge tembung “lungguh” lan “ing” kaya
kang tinemu ing Serat Arjunasasrabahu
jilid V anggitane R. Ng. Sindusastra ngisor iki.
Sinom
Lunggyeng singasana retna
ingayap ing para cethi
akeh wadya kasamaran
tan wruh kalamun apatih
ingkang miyos siniwi
tetep kembar warnanipun
Suwanda lan narendra
mung kaot kawula gusti
kembar rupa kembar solah
kembar swara.
Mbaleni
pathokan kasebut ing dhuwur. Gandhenge tembung kang maune padha‑padha ora
nganggo aksara y ing pungkasaning
tembung kang ngarep lan purwaning tembung kang buri kang banjur nuwuhake aksara
y, tembung garba mau diarani garba
sutraye. Tuladhane: mugi + antuk = mugyantuk. Dene gandhenge
tembung kang maune padha‑padha ora nganggo aksara w ing pungkasaning tembung kang ngarep lan purwaning tembung
kang buri kang banjur nuwuhake aksara w, tembung garba mau diarani garba sutrawan. Tuladhane: nuju +
ing = nujweng.
Manawa
ana sawijining tembung kang digandheng dening tembung “maha” lan tembung “maha”
mau banjur owah dadi “mah”, tembung garba kasebut diarani garba warga‑ha. Tuladhane, gandhenge tembung “maha” lan “meru”
kang banjur owah dadi “Mahmeru”
kaya kang kacetha ing pethikan ngisor iki.
Dhandhanggula
amematah wadya kang dinuta
wineling laju angkate
datan kawarneng ngenu
sapraptaning Mahmeru wukir
Sang Ajar Windusana
sunya tan pinanggih
mung panggih lawan kang raka
sira Ajar Kuthawindu wus udani
saliring lelampahan.
(Serat Barukalinthing, anggitane Jagawigata)
“Maha” tegese gedhe, dene “meru”
tegese gunung. Dadi “Mahameru”
sajatine ateges gunung kang gedhe. Nanging tembung “Mahameru” kang dikarepake ing wacan kasebut yaiku “Mahameru” araning gunung. Gunung
Mahameru!
Tuladha garba
warga‑ha liyane maneh upamane tembung “Mahraja”, saka tembung
“maha” lan “raja”.
Apa tembung garba mligi dienggo ing ukara kang sinawung
ing tembang? Ora! Tembung garba iku mung lumrah dienggo ing ukara kang sinawung
ing tembang. Dudu mligi!
Pethikan pangandikane Resi Bisma marang Prabu Kresna
marga Prabu Kresna duka yayah sinipi nalika miyat kasoring yudane Wrekudara lan
Arjuna ing ngisor iki uga ana tembunge kang digarba.
Dhuh gusti
tetungguling bawana. Sewu begja kamayangan bilih paduka arsa namakaken sanjata
Cakra dhateng angganipun pun kaki. Jer yekti badhe kalampahan jiwanipun pun
kaki denuntapaken dening sanjata Cakra
ingkang kawasa karya leburing tribawana. Lan paduka angger sesekaring
bawana ingkang badhe nginggahaken pun
kaki dhateng ing karang kadewatan.
Nuwun gusti, punapa pancen
makaten garising jawata ingkang linangkung?
Sanadyan pun kaki
mangretos sapinten ta duka paduka miyat kasoring yudanipun angger Wrekudara
tuwin Arjuna, namung punapa samesthinipun bilih ing dalem Bratayuda punika
paduka magut ing ayuda, punapa malih
mungkasi karya? Jer Bratayuda punika yudaning darah Barata.
Kados sampun ginaris
dening dewa kang linangkung, pilah‑pilahing kuwajiban ing dalem prang
tandhingipun darah Barata punika. Lamun paduka sang prawireng jagad kang minangka paramparaning Pandhawa, magut ing prang, sinten baya
ingkang kawawa tandhing lawan paduka?
Punapa malih, bilih
sanjata Cakra pinarengaken dening dewa kinarya ngrampungi pasulayaning darah
Barata, yekti boten badhe wontenipun prang Bratayuda [5]) punika.
Sanadyan pun kaki, suthik
lamun karya cupeting lelampahan, mila ugi namung kawawa ngasoraken yudaning
Wrekudara lan Arjuna, nanging boten kawasa karya tiwasing para kadang Pandhawa.
Ewadene bilih paduka
sang kalokeng rat badhe
karya cupeting lelampahan, sumangga kula aturi
nguntapaken Resi Bisma sowan dhateng ngayunaning Hyang Suksma Kawekas.
Wondene manawi
murih sirnanipun pun
kaki, kados angger Sri Bathara Kresna boten badhe kakilapan, bilih pun
kaki namung saged denasoraken dening yudanipun prajurit putri. Ing mangke pun
kaki rila sumangga karsa.
(Lampahan Bratayuda II ‑ Tawur (Bisma Mukswa), anggitane Kamadjaja lan U.J. Katidjo
Wp.)
Tembung
“prawireng” asale saka tembung “prawira” lan “ing”, dene tembung “kalokeng” asale saka tembung “kaloka” lan “ing”. Prawira
tegese kendel, prajurit. Kaloka
tegese kondhang, kajuwara, kasub, kombul, kongas, sumbaga, misuwur, kasusra,
kalok, kawentar, kaonang‑onang.
Ing
ngisor iki tuladha‑tuladha tembung garba liyane.
1.
Aneng : ana + ing
2. Dadyewuh :
dadya (dadi) + ewuh
3. Dupyantuk : dupi
(bareng) + antuk
4. Jayeng : jaya
(unggul) + ing
5.
Kapindra : kapi (kethek) +
indra (ratu)
6. Kawindra : kawi
(pujangga) + indra
7. Lagyantuk :
lagi + antuk
8.
Lokeswara : loka (enggon) +
iswara (ratu)
9. Mugyantuk :
mugi + antuk
10. Nateng : nata
(ratu) + ing
11. Nulyarsa : nuli
+ arsa (arep)
12. Parameng :
parama (linuwih) + ing
13. Parameswara :
parama + iswara
14. Prabwanom :
prabu + anom
15. Ratwagung :
ratu + agung
16. Ratwayu : ratu
+ ayu
17. Rumekseng :
rumeksa + ing
18. Samyarsa : sami
+ arsa
19. Sapantuk : sapa
+ antuk
20. Sireki : sira +
iki
21. Sarotama : sara (panah) + utama (Sarotama iku panahe Arjuna)
22. Sarwendah :
sarwa + endah
23. Sarwyanjoged :
sarwi + anjoged
24. Sesotyadi : sesotya (inten) + adi (linuwih)
25. Siniwakeng
: siniwaka (diadhep) + ing
26. Sireku : sira +
iku
27. Sudireng
: sudira (kendel) + ing
28. Tumujweng :
tumuju + ing
29. Wadyeki : wadya
(prajurit) + iki
30. Yeku : (i)ya +
iku.
-------------------------@-------------------------
BAB 11
TEMBUNG PLUTAN
Pluta ateges rangkep. Dipluta tegese
dirangkep. Wondene kang diarani tembung
plutan yaiku tembung rangkepan. Lire, wanda loro ing sawijining tembung
dirangkep, didadekake siji.
Tembung plutan sing sering tinemu ing ukara kang sinawung
ing tembang. Olehe tembung plutan iku sering tinemu ing tembang, jalaran
tembung plutan iku nggampangake pangriptaning tembang. Ing sarehning ana
wandane loro kang didadekake siji, ateges cacahing wandane ing tembung mau dadi
suda kehe. Kanthi mangkono, manawa ana sawijining gatra tembang kang turah
wilangane bisa disuda kanthi cara dipluta mau.
Amrih
cethane, ing ngisor iki diwenehi tuladha tembung plutan kang ngrenggani tembang
Kinanthi.
Duk samana kang ginempur
dening motor mabur Wlandi
lapanganing kapal
terbang
Maguwa trus den-ebroki
lajeng sru nyerang Ngayogya
ibukotaning nagari.
(Nayaka Lelana, anggitane Mr. Susanto Tirtoprodjo).
Tembung
“Walandi”, tembung kramane “Walanda”, ana ing wacan kasebut didadekake “Wlandi”. Jalaran apa? Marga manawa
tembung “Walandi” tetep
ditulis “Walandi”, njalari kakehen guru wilangane. Mula
murih guru wilangane ora kakehen, tembung “Walandi” mau dipluta dadi “Wlandi”. Wanda “Wa”
karo wanda “lan” dirangkep,
didadekake siji dadi “Wlan”, saengga tembung kang jangkepe “Walandi” mau dadi “Wlandi”.
Samono
uga tembung “trus” lan “sru”. Tembung “trus”
mujudake plutan saka tembung “terus”, dene tembung “sru” mujudake plutan saka tembung “seru”. Wanda “te” lan wanda “rus”
ing tembung “terus” didadekake
siji, dadi “trus”. Wanda “se” lan wanda “ru” ing tembung “seru” dirangkep dadi siji, dadi “sru”.
Tuladha
liyane maneh upamane tembung:
1. Baratayuda dadi
Bratayuda
2. Carita dadi
crita
3. Ginelar dadi
ginlar
4. Gumerit dadi
gumrit
5. Karamean dadi
kramean
6. Karaton dadi
kraton
7. Kuwasa dadi
kwasa
8. Kuwajiban dadi
kwajiban
9. Kuwalon dadi
kwalon
10. Maring dadi
mring
11. Murih dadi mrih
12. Miyarsa dadi
myarsa
13. Nagari dadi
nagri
14. Pangeran dadi
Pangran
15. Para dadi pra
16. Parameswari
dadi prameswari
17. Salira dadi
slira
18. Sarana dadi
srana
19. Sawiji dadi
swiji
20. Semu dadi smu
21. Serat dadi srat
22. Sinerang dadi
sinrang
23. Suwara dadi
swara
24. Suwarga dadi
swarga
25. Suwargi dadi
swargi
26. Telung puluh
dadi tlung puluh
27. Terang dadi
trang
28. Tinengeran dan
tinengran
29. Welas dadi wlas
30. Weruh dadi
wruh.
Mangkono
tuladha-tuladha tembung plutan sawatara.
Ing dhuwur wis diterangake yen tembung plutan iku kang
sering tinemu ing ukara kang sinawung ing tembang. Nanging ora ateges tembung
plutan iku mligi dienggo ing ukara kang sinawung ing tembang. Ora babar pisan!
Tembung plutan iku mung lumrah dienggo ing ukara kang sinawung ing
tembang, dudu mligi. Dene
ancase yaiku kanggo nyuda cacahing wanda kang turah ing sawijining gatra
tembang. Tembung plutan uga sok dienggo ing ukara gancaran kaya kang acetha ing
wacan ngisor iki.
SULUNG MALEBU ING GENI
Ana ratu ajejuluk Prabu Durgapati, mbawahake para raja
sarta luwih amba jajahaning nagarane.
Anuju ing sawijining dina sang prabu karsa nungkulake
para ratu kang durung kareh, banjur utusan amepakake bala ana ing ara-ara amba.
Balane sang prabu tanpa wilangan. Bareng wus pepak banjur
katengaranan bodhol. Ratu kang katonjok ing layang mau wus padha pacak baris
ngumpul dadi sabarisan. Bareng tempuk ing prang balane Sang Prabu Durgapati banget apese. Saking akehing pepati, nganti
kena kabasakake kaya “SULUNG MALEBU ING GENI”. Ing wasana kasaput ing wengi,
banjur padha makuwon dhewe-dhewe, esuke tempuh prang
maneh.
(Paribasan Katerangake Sarana Dongeng, anggitane Raden Mas
Aryasutirta).
Ana ratu ajejuluk Prabu Durgapati, mbawahake para raja sarta luwih amba jajahaning nagarane.
Manawa
wacan kasebut disemak kanthi premati, sanadyan sinawung ing ukara gancaran, ing
wacan kasebut uga tinemu tembung kang dipluta. Bab mau bisa dinulu ing tembung “prang” kang mujudake plutan saka
tembung “perang”. Wanda “pe” lan wanda “rang” dirangkep, didadekake siji
dadi “prang”.
-------------------------@-------------------------
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-5.html
[1]) Repit tegese: wewadi; disimpen becik‑becik.
[2]) Sarehning w
iku aksara lemes (Ind.: huruf lemah), aksara kang gampang ilange, mula ora
jeneng aneh yen tembung kasebut kala‑kala ditulis “mungging”, tanpa w. Tuladha liyane maneh kaya ta: wulu (araning
sandhangan aksara Jawa) = ulu; wudhar = udhar; wudel = udel; wuninga = uninga
(tegese: weruh); wimbuh = imbuh; lwir = lir (tegese:
kaya).
[3]) Bukti yen h iku aksara lemes (Ind.: huruf
lemah) bisa dinulu ing tuladha liyane maneh, kaya ta: Brahma (asmaning dewa) = Brama
(ing pewayangan); rurah = rura (tegese: rusak); ruruh = ruru (tegese: golek. Yen ing dialek Pemalang, luruh = luru ing dialek Banyumas); sembahyang = sembayang.
[4]) Tembang dhandhanggula gatra kapisan guru
wilangane kudune 10. Sarehning ing tembang iki gatra kapisan guru wilangane ana
11, mula tembung “umijil” ing gatra mau becike diwaca “mijil” bae. Kanthi
mangkono, guru gatrane dadi bener lan ora ngowahi tegese tembung.
[5]) Tembung “prang Bratayuda” sajatine
luput. Sabab, tembung “Bratayuda” dhewe
tegese: peranging darah Barata. Mesthine, cukup: “Bratayuda” bae, ora susah nganggo
tembung “prang” utawa “perang” kaya kang kacetha ing
pethikan kasebut. Panunggalane tembung “Kembang
Wijayakusuma”. Mesthine, cukup: “Wijayakusuma”, ora prelu nganggo tembung “kembang”, jalaran tembung
“kusuma” iku tegese uga “kembang”.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar