BAB 22
C A N G K R I M A N
Cangkriman iku unen-unen kang isi batangan. Sarehning isi
batangan, mula iya kudune dibadhe.
Adhedhasar dhapukaning ukara, cangkriman iku ana pirang-pirang warna, kaya
ta:
1. Cangkriman kang ngemu surasa
pepindhan.
Tuladhane:
a.
Pak Demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk.
(Batangane: kembang gedhang, tuntut, utawa jantung)
b.
Embokne dielus-elus, anake diidak-idak.
(Batangane: andha).
c. Sega sakepel dirubung tinggi.
(Batangane: salak)
d. Satriya lelana ngubengi bumi, endhase telu sikile sapuluh.
(Batangane: wong mluku)
e. Bocah cilik ditekek gulune nguyuhi.
(Batangane: kendhi)
2. Cangkriman kang awujud tembung wancahan
Tuladhane:
a. Gerbong tulis.
(Batangane: pager
kobong watune mendhelis)
b. Burnaskopen.
(Batangane: bubur panas kokopen)
c. Pak Boletus.
(Batangane:
tepak kebo ana lelene satus)
d. Jangpiti, saroni.
(Batangane: kajang dilempiti, klasa dituroni)
e. Surlespenen, suringmuten.
(Batangane: susur teles pepenen, susur garing emuten)
3.
Cangkriman kang awujud tembung wancahan diselani unen-unen
Tuladhane:
(Tembung“puji” ing kene wancahan saka
tembung “sapusiji”; “dhikir” wancahan saka tembung “wedhi satakir”; dene “dunga” wancahan saka tembung “wadung sanga”. Mesthi bae ing kene batangane: abot dunga!)
b. Biru bisane wungud ikapakake?
(Tembung“biru” ing kene wancahane tembung “babi turu”, dene “wungu” krama inggile “tangi”. Geneya ingatase kewan bae entuk pakurmatan kaya manungsa? Jenenge bae cangkriman,
dadi ya mung waton rada memper. Nah, kareben babi kang lagi turu mau tangi, apike iya digebug!)
c. Dhalang (kawaosa: dhal-lang) iku yen mati dislameti apa ora?
(Tembung “dhalang” ing kene
wancahane tembung “kadhal karo walang”. Sapa kang arep nylameti layone kadhal karo walang?)
d.
Wong picak sikile pira?
(Tembung“wong picak” ing kene dudu wong kang wuta,
nanging “wong, sapi, lan cecak”. Dadi,
sikile ana sapuluh)
e. Rike ana desa, lenge ana
gunung.
(Tembung“rike” wancahan
saka tembung “kirike”, dene
tembung “lenge” wancahan saka
tembung “celenge”. Iya bae! Yen
celeng ana ing desa rak gawe gegere wong sakampung ta?)
4. Cangkriman jeglongan
Kang
dikarepake cangkriman jeglongan yaiku cangkriman kang nganggo tembung kang ateges warna loro utawa
ukara kang surasane cawuh.
Tuladhane:
a.
Kowe ngandel apa ora yen Pak
A wis tau dadi bupati?
(Amarga Pak A
iku paraga kethoprak, lan ing lakon-lakon kethoprak tau
utawa malah sering dadi paraga bupati, mula tembung “bupati” ing kene diplesedake “bupati kethoprak”. Tumrap kang ngreti karo kareping cangkriman mau bakal wangsulan, “Ngandel! Rak bupati kethoprak ta?” Utawa: “Rak bupati Blambangan ta?”).
b. Gagak pitu kalong loro, ana
pira?
(Tembung “kalong” ing kene
kalong araning kewan, dudu kalong kang ateges suda. Dadi, wangsulane:
ana sanga!)
c. Kowe ngandel apa
ora yen wedang kopi ing mripat marakake reged?
(Mesthi bae, yen wedang kopi mau ora diombe nanging
diesokake ing mripat).
d. Mau ana ing pasar akeh wong
adol pitik disrimpungi, wong adol mbako diambungi, wong adol tempe diwudani, wong adol klapa dikepruki.
(Kang disrimpungi iku pitike, dudu wonge. Samono uga kang diambungi,
diwudani, lan dikepruki iku mbako, tempe, lan klapane, dudu wonge).
e. Sapa gelem ngukuri
dalan-dalan sisih lor kae, sadina dakopahi Rp 15.000,00?
(Tembung “ngukuri” ing kene kang linggane “kukur”, dudu “ukur”. Nah, sapa kang gelem?).
5. Cangkriman kang awujud crita
Tuladhane:
Ana titah. Titah mau duwe sirah, duwe gulu, duwe awak, lan duwe sikil. Anehe, sirahe ana ing sirah, gulune ana ing sirah, awake ana ing sirah, lan sikile uga ana ing sirah. Apa, hara?
(Batangane: tuma).
6. Cangkriman kang awujud aksara.
Tuladhane:
a. Apa unine tulisan iki?
a. Apa unine tulisan iki?
b. Mara wacanen:
(Batangane: cakruk. “Ca”-ne mangkruk-mangkruk).
d.
Kewan apa kang dibuwang suku lan wulune dadi panganan?
(Batangane: Sarjinem lunga nempur).
7. Saliyane iku, ana cangkriman kang carane mbatang kudu
nganggo jangkepane tembung aran kang tinemu ing cangkriman mau.
Cangkriman iki dening Sastrawiyata ing bukune kang asesirah Cangkriman Neka Warna diarani cangkriman kerasan.
Tuladhane:
a. Gedhang nunggang kupu.
(Gedhange gedhang raja, kupune kupu gajah. Batangane: raja nunggang gajah)
b. Kacang nunggang uler.
c. Kinjeng nggered lintang.
(Kinjenge kinjeng kebo,
lintange lintang wluku. Batangane: kebo nggered wluku).
d. Pare nucuk jangkrik.
(Parene pare ayam, jangkrike jangkrit upa. Batangane: ayam nucuk upa).
8. Ana maneh, cangkriman kang awujud gambar.
Mara batangen gambar apa iki?
(Batangane: wong lagi mikul krupuk,
disawang saka dhuwur)
9. Kajaba kang kasebut ing dhuwur, cangkriman uga ana kang sinawung ing
tembang. Ing ngisor iki tuladhane cangkriman kang sinawung ing tembang.
Sinom
Yen anom tan owah-owah
sepuha makaten ugi
kalamun manis kang ulat
ajeg ing salami-lami
samanten ugi bilih
rengu ing netya kadulu
adarbe kuping mata
cangkem irung apa dening
sadayane tan wonten kangge
ing karya.
(Pethikan saka “Cangkriman
Basa Djawa Nganggo Tembang” kamot ing Basa Djawa: Basa lan Paramasastra II)
(Batangane: potret)
Coba, cangkriman cacah telu kang sinawung
ing tembang patang pada iki batangen.
Pucung
ayo dha cangkriman
idhep-idhep ngasah pikir
lamun wasis batangen
cangkriman ingwang.
2. Bisa mabur nanging iku dudu manuk
silem dudu iwak
sajempol gedhenireki
3. Nuju turu ngimpi sajroning gedhong gung
datanpa wiwara
arsa binadhog raseksi
piye carane dimen aja
dipangan.[3])
4.Ngingu-ingu cempe siji neng lun-alun
tinembok pinggirnya
bareng wus nem likur sasi
-------------------------@-------------------------
BAB 23
SANDI ASMA
Sandi
asma tegese asma kang sinandi. Lire, asmane kang nganggit
sinamar sajroning reriptane kang lumrahe sinawung ing tembang.
Manut panemune para winasis, kang miwiti gawe sandi asma
ing anggitane yaiku panjenengane pujangga kawentar R.Ng. Ranggawarsita.
Adhedhasar pakulinan kang katindakake dening R.Ng.
Ranggawarsita lan pangripta-pangripta liyane, pamasanging sandi asma bisa
kabedakake dadi wolung warna, yaiku sandi asma kang mapan ing:
a. saben wiwitaning gatra;
b. saben pedhotaning gatra;
c. saben saburining pedhotane gatra;
d. sawijining gatra;
e. saben wiwitaning pada;
f. saben wiwitaning pupuh;
g. saben pedhotane gatra lan pungkasaning gatra; lan
h. saben wiwitaning gatra njupuk satembung utawa peranganing tembung.
Murih luwih cethane, sandi asma wolung warna kaya kang
kacetha ing dhuwur, siji lan sijine diwenehi tuladha kaya ing ngisor iki.
1.
Sandi asma kang mapan ing saben wiwitaning gatra.
Tuladhane:
Durma
Paksa
wani tan nedya mundur ing sedya
puwara
tumandang glis
jayaa
ing yuda
gusisa
kang pepalang
rumasa
ndarbeni wajib
kudu
mangrurah
duskaranireng
galih
(Puspawara,Angka 4, April
1955)
Saka saben wiwitaning gatra bisa disumurupi yen ta
pethikan tembang Durma sapada kasebut anggitane “Pak Puja Guru Kudus”.
2.
Sandi asma kang mapan ing saben pedhotaning pada.
Tuladhane:
Dhandanggula
Songsong gora candraning hartati
lir winedyan saroseng parasdya
ringa-ringa pangriptane
tan darbe lebdeng kawruh
angranuhi wenganing budi
kang mirong ruhareng tyas
jagaangkara nung
minta luwaring duhkita
awya kongsi kewran lukiteng kinteki
kang kata ginupita
(Serat
Cemporet)
Saka sandi asma kasebut disumurupi yen Serat Cemporet iku anggitane Raden
Ngabehi Ranggawarsita. Ing kene, tembung“Radyan”
iku dasanamane Raden. Dasanama liyane yaiku “Rahadyan”. Wondene ngenani tembung “Ranggawarsita” ing sandi asma kasebut ditulis “Ronggawarsita”, kang mangkono marga asma
Ranggawarsita yen ditulis ing aksara Jawa mawa taling tarung palsu, lire taling
tarung kang kanggo mbiyantu supaya wanda kasebut muni “o”[5]). Mula kanggo njumbuhake kahanan
kasebut, wanda “Rang”ing
tembung “Ranggawarsita”uga
dijupukake saka tembung kang mawa taling tarung, kaya umpamane“mirong” mau.
3.
Sandi asma kang mapan ing saburining pedhotane gatra
Tuladhane:
Sinom
Lir brataning reksi wara
micara reh sadu budi
marsudi mrih dipaning tyas
memenget mring pra taruni
wit jroning jaman mangkin
keh rubeda sumarawung
yen limut rasikeng tyas
korup mring reh karya sisip
temah sirna talering titah utama
(Priksanana Pathokaning Nyekaraken, anggitane R. Hardjowirogo).
Pethikan
kasebut nuduhake yen seratan mau anggitane “Reksadipraja (kang lenggah ing) Surakarta”.
4.
Sandi asma
kang mapan ing sawijining gatra
Tuladhane:
Sinom
Sageda sabar santosa
mati sajroning ngaurip
kalis ing reh aruhara
murka angkara sumingkir
tarlen meleng malat sih
sanityaseng tyas mematuh
badharing sapudhendha
antuk mayar sawatawis
borong angga sawarga mesi martaya
(Serat Kalatidha)
Coba
priksanana gatra pungkasan, anggitane sapa Serat Kalatidha mau?
5.
Sandi asma
kang mapan ing saben wiwitaning pada
Bab sandi asma
kang mapan ing saben wiwitaning pada bisa dinulu ing Serat Sabdatamaanggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita.
Uni-unining gatra-gatra kang ana sandi asmane mau, yaiku:
Gambuh
Rasaning tyas kayungyun (pada I)
Den samya amituhu (pada II)
Ngajapa tyas rahayu (pada III)
Beda kang ngaji pumpung (pada IV)
Rong asta wus katekuk (pada VI)
Galap gangsuling tembung (pada VII)
Wartane para jamhur (pada VIII)
Sidining kalabendu (pada
IX)
Tatanane tumruntun (pada
X)
Ingantara sapangu (pada
XI)
Kemat isarat lebur (pada XII)
Kolongganing kaluwung (pada XIV)
Supaya padha emut (pada XV)
Rasane wus karasuk (pada XVI)
Karkating tyas katuju (pada XVII)
Tatune kabeh tuntum (pada XVIII)
Amung padha tinumpuk (pada XIX)
Diraning durta katut (pada
XX)
Ninggal pakarti dudu (pada XXI)
Ngratani sapraja gung (pada XXII)
6. Sandi asma kang mapan ing saben wiwitaning pupuh
Sandi asma
kang mapan ing saben wiwitaning pupuh bisa dinulu ing Serat Ajipamasa kaya kang kacetha ing ngisor iki.
Rasikaning sarkara kaesthi (pupuh
Dhandhanggula)
Dyan Cepu ningali (pupuh
Asmaradana)
Ngawu-awu ing pamuwus nguwus-uwus (pupuh Pucung)
Bela tampaning wardaya (pupuh Pangkur)
Rongprakara pilihen salah satunggal (pupuh Durma)
Gagat bangun angun-angun ing praja gung (pupuh Megatruh)
Warnanen tanah ing sabrang (pupuh Pangkur)
Sira sang prabu kalihnya (pupuh Girisa)
Talitiningwongabecik (pupuhAsmaradana)
(Priksanana S.
Padmosoekotjo, Ngengrengan Kasusastran
Djawa jilid II)
Yen ta
wanda-wanda ing saben wiwitaning pupuh mau didadekake siji, unine yaiku “Rahadyan Ngabehi Ronggawarsita”, iya asmane kang nganggit Serat Ajipamasa. Bab asma Ranggawarsita dadi Ronggawarsita,
priksanana katrangan wuwuhan (catatan kaki).
7. Sandi asma kang mapan ing saben pedhotaning gatra lan
pungkasaning gatra
Tuladhane:
Dhandhanggula
Reking karsa mrih sarkara wredi
mindhawipramurwengwasitarja
tambuh paransurasane
mungsarwatibengdudu
tinemahatilaringwiji
lire kang ngripteng krama
nenga ring pangapus
tan wrin sual myang pangiyas
mrih prasaja mung liningga woding kawi
rinengga panggupita
(Priksanana S.
Padmosoekotjo, Ngengrengan Kasusastran
Djawa jilid II; lan R. Hardjowirogo,
Pathokaning Nyekaraken).
Sandi asma
kang ana ing pethikan kasebut muni “Reksadipraja
rane waduaji kang mangapus alyas (karepe: aliyas) Jagawigata”.
8. Sandi asma kang mapan ing saben wiwitaning gatra njupuk
satembung utawa peranganing tembung
Tuladhane:
Sinom
Punggawa yogya nyenyilah
wisaning wengkon sinirik
martane kang den-upaya
keparek mrih mirowangi
kanan kering udani
ngabehi saliring kawruh
reksa-rumeksanira
dining wewengkon kaeksi
prajanira mrih tulus kerta raharja.
(Priksanana R.
Hardjowirogo, Pathokaning Nyekaraken).
Yen ndulu tembung-tembung utawa peranganing tembung ing saben wiwitaning
gatra bisa disumurupi yen pethikan kasebut dianggit dening “Punggawa wisamarta kaparek kanan, Ngabehi
Reksadipraja”.
Ing jaman saiki, marga basa Jawa akeh-akehe ditulis nganggo aksara Latin,
ora sathithik kang gawe sandi asma kang awujud dhedhapukaning aksara.
Tuladhane:
Pangkur
Mumpung anom heh pra mudha
Udinen mrih lebda ing basa Jawa
Lamun wasis sira iku
Yen
ngomong lan wong wredha
Ora wedi kleru unggah-ungguhipun
Nanging
yen tan ngreti basa
Omongane nglelingsemi.
Nanging sandi asma kang awujud dhedhapukaning aksara
kaya kang kasebut ing dhuwur iku bakal ilang wujuding sandi asmane yen ta
rerumpakan ing dhuwur ditulis mawa aksara Jawa. Dadi,
sandi asma kang awujud dhedhapukaning aksara ngemungake ditulis ing aksara Latin. Beda
karo sandi asma kang awujud dhedhapukaning wanda kang ora bakal ilang sanadya nditulis nganggo aksara Jawa apadene aksara
Latin.
-------------------------@-------------------------
Ana candhake:
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-11.html
http://mulyonoatmosiswartoputra.blogspot.com/2013/12/icip-icip-kasusastran-jawa-11.html
[1]) Yen ora kanggo
cangkriman, tembung kang asale saka basa Arab “dzikir” iki panulise ana warna loro, yaiku: “dhikir” lan “dikir”.
[2]) Bibis (lumrahe manggon
ing sawah kang ana banyune. Ing basa Indonesia kewan iki diarani kumbang air).
[3]) Tangi
[4]) Marga wis dadi wedhus.
[5])
Taling tarung palsu pigunane mung kanggo mbiyantu supaya wanda ing tembung mau muni “o”. Taling tarung kasebut
bakal ilang yen ta tembung kasebut dipanambangi –e utawa –ne. Tuladhane,
kaya ta:
[6]) Yen ora kanggo sandi asma, tulisane
kudune “ilang”.
[7]) Tembung “dhungkari” ing wacan kasebut kalebu dayasastra, dadi kudu
kawaca “ndungkari”, marga Serat Sabdatama asline ditulis
nganggo aksara Jawa. Sarehning kanggo sandi asma, salinan aksara Latine tetep
ditulis “dhungkari”, dudu “ndhungkari”, supaya ora ngowahi sandi asma.
[8]) Marga ketanggor sandi asma, tembung kang
kudune ditulis “asas-mita”, tetep ditulis “hasasmita”, manut asline kang tulisane:
[9]) Tembung iki kudune ditulis“iyeg”, nanging marga ketanggor ing sandi asma mula iya ditulis “hiyeg”.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar