BAB 3
GURU GATRA, GURU WILANGAN, LAN GURU LAGU TEMBANG MACAPAT
Ing Bab 2 wis diterangake
yen tembang macapat mawa paugeran:
a. cacahing gatra
tartamtu;
b. cacahing wanda saben sagatrane tartamtu; lan
c.
dhong-dhinging swara uga tartamtu
saben sagatrane.
Iya paugeran mau kang banjur katelah guru
gatra, guru wilangan, lan guru
lagu. Cethane, guru gatra
yaiku wewaton cacahing gatra saben sapadane, guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda ing saben gatrane,
dene guru lagu yaiku wewaton
dhong-dhinging swara ing saben wekasaning gatra.
Tembang Maskumambang upamane, tembang mau apathokan
mangkene:
a.
saben sapadane ana patang
gatra;
b. gatra kapisan cacahing
wandane ana 12,
dhong-dhinging swara tiba i;
c.
gatra kapindho cacahing
wandane ana 6, dhong-dhinging swara tiba a;
d.
gatra kaping telu cacahing
wandane ana 8, dhong-dhinging swara tiba i; lan
e. gatra kaping
pat cacahing wandane ana 8, dhong-dhinging swara tiba a.
Amrih cethane,
ing ngisor iki diwenehi tuladha pathokaning tembang Maskumambang kang kapethik
saka Serat Bratayuda anggitane
R.Ng. Yasadipura I.
Gatra
|
1.
|
Para ratu kang mati neng
rata maksih
|
= 12-i
|
||
2.
|
sabusananira
|
= 6-a
|
|||
3.
|
miwah gandhewa sinandhing
|
= 8-i
|
|||
4.
|
tan ana kang sudi karya
|
= 8-a
|
|||
(Kamot ing Almanak Dewi Sri 1979)
Ing Bab 2 uga wis diterangake yen cacahing tembang
macapat ana kang ngarani 9, nanging uga ana kang nganggep 11. Eman nganti
saprene durung ana pasarujukan pira cacahing tembang macapat iku kang bener.
Malah S. Padmosoekotjo lan R. Hardjowirogo kang merang utawa mbagi tembang
macapat dadi 9 kepara isih muwuhi katrangan yen tembang tengahan: Jurudemung,
Wirangrong, Balabak, Gambuh, Dudukwuluh utawa Megatruh, lan tembang gedhe:
Girisa[1]), uga lumrah ditunggalake tembang macapat.
Sanadyan panganggep ngenani cacahing tembang macapat isih
ngalor ngidul, ewa samono wuwuhan saka S. Padmosoekotjo lan R. Hardjowirogo
kaya kang kasebut ing dhuwur bakal diaturake ing kene, prelune kanggo
tambah-tambah sesurupan. Apa maneh yen ngelingi manawa tembang Wirangrong lan
Girisa uga tinemu ing Serat Wulang Reh,
buku kang lumrah dianggep ditulis nganggo tembang macapat.
Wondene guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang
macapat lan tembang-tembang kang kalumrah ditunggalake tembang macapat kaya
kang kasebut ing dhuwur, mangkene:
Jenenging tembang
|
Gatra ka-…[2])
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
I. Maskumambang
|
1
2
3
4
|
12
6
8
8
|
i
a
i
a
|
II. Pucung[3])
|
1
2
3
4
|
12
6
8
12
|
u
a
i
a
|
III. Mijil
|
1
2
3
4
5
6
|
10
6
10
10
6
6
|
i
o
e
i
i
u
|
IV. Kinanthi
|
1
2
3
4
5
6
|
8
8
8
8
8
8
|
u
i
a
i
a
i
|
V. Asmaradana[4])
|
1
2
3
4
5
6
7
|
8
8
8
8
7
8
8
|
i
a
e (o)
a
a
u
a
|
VI. Pangkur
|
1
2
3
4
5
6
7
|
8
11
8
7
12
8
8
|
a
i
u
a
u
a
i
|
VII. Durma |
1
2
3
4
5
6
7
|
12
7
6
7
8
5
7
|
a
i
a
a
i
a
i
|
VIII. Sinom
|
1
2
3
4
5
6
7
8
9
|
8
8
8
8
7
8
7
8
12
|
a
i
a
i
i
u
a
i
a
|
IX. Dhandhanggula[5])
|
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
|
10
10
8
7
9
7
6
8
12
7
|
i
a
e
u
i
a
u
a
i
a
|
X. Megatruh/Dudukwuluh
|
1
2
3
4
5
|
12
8
8
8
8
|
u
i
u
i
o
|
XI. Gambuh[6])
|
1
2
3
4
5
|
7
10
12
8
8
|
u
u
i
u
o
|
XII. Wirangrong
|
1
2
3
4
5
6
|
8
8
10
6
7
8
|
i
o
u
i
a
a
|
XIII. Balabak
|
1
2
3
4
5
6
|
12
3
12
3
12
3
|
a
e
a
e
a
e
|
XIV. Jurudemung
|
1
2
3
4
5
6
7
|
8
8
8
8
8
8
8
|
a
u
u
a
u
a
u
|
XV. Girisa
|
1
2
3
4
5
6
7
8
|
8
8
8
8
8
8
8
8
|
a
a
a
a
a
a
a
a
|
-------------------------@-------------------------
BAB 4
SASMITA TEMBANG LAN WATAKING TEMBANG
A. SASMITA TEMBANG
Anggitan-anggitan
kang sinawung ing tembang tinggalane para leluhur akeh kang katone jenenging
tembange ora disebutake. Kang mangkono marga jenenging tembange ora disebutake
kanthi trewaca, nanging sinamun ing tembung utawa tembung-tembung kang kalebu
isining layang mau. Jumbuh kalawan kaanane, bab mau lumrah diarani sasmita
tembang. Sasmita tegese pasemon. Sasmita tembang yaiku sawijining pasemon awujud
tembung utawa tembung-tembung ing sawijining pada tembang kang dienggo minangka
pituduh jenenging tembang.
Adhedhasar
dununge, sasmita tembang bisa kaperang dadi rong warna, yaiku:
a. sasmita tembang
kang dumunung ing bebukaning pupuh, isi pituduh jenenging pupuh kasebut; lan
b. sasmita tembang
kang dumunung ing pungkasaning pupuh, isi pituduh jenenging pupuh candhake.
Sadurunge
ngrembug bab sasmita tembang, prelu disumurupi luwih dhisik apa kang diarani
pupuh kuwi. Kang diarani pupuh
yaiku kumpulaning tembang sajenis kang surasaning cakepane siji lan sijine ana
gegayutane. Kang luwih cilik saka pupuh yaiku pada. Pada yaiku kumpulaning gatra saben satembangan; dene gatra yaiku tembung utawa
kumpulaning tembung saben sapadalingsa ana ing tembang.
Mbaleni bab
sasmita tembang. Sasmita tembang adate mawa titikan mangkene:
a. nganggo tembung kang padha karo jenenging
tembange.
Tuladhane:
“.....
kinanthi
salaminya”, minangka
sasmitaning tembang Kinanthi.
b.nganggo tembung kang wandane ana kang padha karo wandaning jenenge tembang.
Tuladhane:
“Ing pungkur sapa
kang duta, .....”,
minangka sasmitaning tembang Pangkur. Kang pada yaiku wanda “kur”.
c. nganggo tembung andhahan kang linggane padha karo
jenenging tembange utawa wandaning jenenge tembang mau.
Tuladhane:
“..... nalesep pepucungan”,
minangka sasmitaning tembang Pucung.
d.
nganggo tembung kang tegese padha karo jenenging tembange utawa wandaning
jenenge tembang mau.
Tuladhane:
1) “Sumping sekar roning kamal, .....”, minangka
samitaning tembang Sinom. Roning kamal utawa godhonging asem iku jenenge
sinom.
2)“..... brangtaa ing ngelmu”, minangka sasmitaning tembang Asmaradana.
Tembung “brangtaa” asale saka
tembung lingga “brangta”. Brangta tegese asmara. Tembung “asmara” wanda-wandane padha karo
saperangan jenenging tembang, yaiku telung wanda ngarep jenenging tembang
macapat “Asmaradana”. Iya awit
saka iku tembung “brangtaa”
kang asale saka tembung lingga “brangta”
ing dhuwur dienggo minangka sasmitaning tembang Asmaradana.
e.
nganggo tembung kang ateges rasaning barang kaya kang kasebut ing wandaning
jenenge tembang utawa duwe rasa kaya rasaning wandane tembang.
1) “Memanise tyas resep migati, .....”, minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula. Tembung “memanise” asale saka tembung lingga
“manis”. Manis iku rasaning
gula. Saka tembung “gula”,
tembung “memanise” dienggo
minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula.
2)“Lir mangingsep maduning kang
sari, .....”,
minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula. Madu iku rasane legi. Legi iku uga
rasaning gula. Awit saka iku tembung “maduning”
kang asale saka tembung lingga “madu”
dienggo minangka sasmitaning tembang Dhandhanggula.
f.
nganggo arane lagu sawijining tembang utawa dasanamane, embuh tembung mau
wis oleh wuwuhan (ater-ater, seselan utawa panambang) embuh durung.
Tuladhane:
“..... sang dyah ayu miyosken rarasing driya”,
minangka sasmitaning tembang Mijil. Geneya tembung “rarasing driya” dienggo minangka sasmita tembang Mijil?
Sadurunge ngrembug bab sasmita tembang kang tinemu ing tembung “rarasing driya”, prelu disumurupi luwih dhisik yen
tembang Mijil lagune warna-warna. Wondene araning lagune tembang Mijil yaiku:
Mijil Wantah, Mijil Gagatan, Mijil Dhadhapan, Mijil Pamular, Mijil Larasati
(Rarasati), lan Mijil Sulastri. Terus apa sambung-rapete karo tembung “rarasing driya”? Sambung-rapete wis cetha, marga
tembung “rarasing driya” asale
saka tembung “rarasing” lan “driya”. Tembung “rarasing” asale saka tembung
lingga “raras”, dene tembung “driya” tegese ati.
Sanadyan tembung kang dienggo sasmita tembang mau ana kang wis nganggo wuwuhan,
yaiku tembung “rarasing”,
nanging sasmita tembang mau isih bisa didumuk yen kang dikarepake yaiku tembang
Mijil. Geneya? Marga tembang Mijil duwe lagu kang arane Mijil Rarasati (asale
saka “raras” lan “ati” ).
Ing dhuwur wis diterangake, adhedhasar dununge, sasmita tembang bisa
kaperang dadi rong warna, yaiku sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning
pupuh lan sasmita tembang kang dumunung ing pungkasaning pupuh. Ing ngisor iki
tuladha sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh lan pungkasaning
pupuh.
1.
Sasmita tembang kang dumunung ing bebukaning pupuh, isi pituduh jenenge pupuh.
Gantya girisa Jeng Pangran
Arya Mataram gumantya
kaprabon rama narendra
ajejuluk Kangjeng Sunan
Amangkurat Senapatya
Ing Ngalaga Ngabdulrahman
Sayidin Panatagama
angrenggani nungsa Jawa.
(Serat Rerenggan Kraton).
Tembung “girisa” ing
gatra kapisan nuduhake yen tembang mau jenenge Girisa. Kanthi mangkono jenenging
pupuh mau uga Girisa.
2. Sasmita tembang kang dumunung ing pungkasaning
pupuh, isi
pituduh jenenge pupuh candhake.
Kinanthi
Awya kalimput ing kalbu
bubuhaning janma luwih
ngawikani ing sabarang
atering paningal kadi
prabaning Hyang Ondakara
gumebyar kadya mas kentir.
(Nitiwasita, anggitane Raden Mas Tumenggung
Kusumawardaya).
Tembung “mas
kentir” ing kene nuduhake yen tembang candhake jenenge
Maskumambang. Kentir tegese keli. Adate barang kang keli iku kumambang ing
banyu, sanadyan ora kabeh mangkono. Dadi, mas kentir = mas kumambang --> Maskumambang.
Tuladha-tuladhane sasmita tembang liyane, kaya ta:
1. sasmita tembang Maskumambang
a. “Timbuling salam
ngong mring putra mami, .....”
b.
“Kawedharing sabda lir mas kentir, .....”
c.
“..... alam uluhiyah lir timbuling retna”.
2. sasmita tembang Pucung
a.
“Salin kidung pucung tumrap ingkang tembung, .....”.
b.
“..... tur wus manggon pamucunge mring makripat”.
c. “..... buntute ngacucung panjang”.
d. “..... nora niyat pepucungan”.
3. sasmita tembang Mijil
a. “Wijiling kang pangripta murwani, .....”.
b.
“Wus amiyos sang dewi aririh, .....”.
c. “..... prabawa wijiling tapa”.
d. “..... nyimpen wadi ywa kawijil”.
e. “..... saking dalem wus umijil”.
4. sasmita tembang Kinanthi
a. “Mangka kanthining tumuwuh, .....”.
b. “Srat kanthi pangestunipun, .....”.
c. “Kinanthi laguning
kidung, .....”.
d. “..... mrih dadya kanthi,
ngladosi mring kakung”.
e. “..... kinanthi salaminya”.
f. “..... dadya kanthining narendra”.
g. “..... dadia kanthinira”.
h. “..... anganthi tuwan kumendhan”.
i.
“..... raden putra umesem nganthi kang
garwa”.
j.
“..... yen ta durung anganthi titis Sirmendhang”.
5. sasmita tembang Asmaradana
a. “Kasmaran ingkang
ningali, .....”.
b. “..... Sumendha brangta kingkin”.
c.
“..... nora weruh inguncalan ron asmara”.
d. “..... bebasan kang ngasmarani”.
e.
“..... ing tyas runtik esmu kingkin”.
f. “..... mayor esmu kasmaran”.
6. sasmita tembang Pangkur
a. “Kang pungkur praptaning bala, .....”.
b. “Mingkar-mingkur
ing angkara, .....”.
c. “Kang sekar pangkur winarna, .....”.
d. “Angungkurken pambitingan, .....”.
f. “..... kuneng kang kawuntat”.
g. “..... marang ing dalem wingking”.
h.
“..... yen wus mati kapungkur ing ngalam donya”.
i.
“.....
krodha
ayuda kanaka”.
j.
“.....
mangsah tan tolih wuri”.
k. “..... Suryakethu kawuri”.
l.
“..... sigra medal Sakisar dhateng pungkuran”.
m. “..... mungkur Prastha
sandika”.
7. sasmita tembang Durma
a.
“Sigra mundur Subali lawan Sumandha, .....”.
b. “Saundure Sasraboja akasukan, .....”.
c.
“..... Wrekudara tan mengeng amrih mundur”.
d.
“..... ambek pati ing prang tan
nedya mundura”.
8. sasmita tembang Sinom
b. “Sasinome ngantya-antya,
.....”.
c.
“Wong anom manjing ing pura, .....”.
d. “..... inggih kalilan sang sinom”.
e. “..... mung srinata kang kaesthi”.
g. “..... matur sandika sang anom”.
h. “..... Anoman aturireki”.
9. sasmita tembang Dhandhanggula
a.
“Sampun miyos jeng sri murtining manis, .....”.
b.
“Warayagnya wedharing palupi, pinandhara macapat sarkara, .....”.
c.
“Peksi dhandhang munya galik-galik, .....”.
d.
“Pan lir-pendah madumangsa manis, .....”.
e. “Songsong gora candraning hartati,
.....”.
f. “.....
lampahe akudhandhangan”.
g.
“..... gya binuka tembunge lir guladrawa”.
h. “..... inep lawang dhandhanggula”.
i.
“..... manis Sang Dewa Ruci”.
j.
“.....
ganas kejem
andhandhangi”.
10.
sasmita tembang
Megatruh/Dudukwuluh
a.
“Megat maring rarasing reh kang
sinerung, .....”.
b.
“Lir anduduk dadakan denira ngidung, .....”.
c.
“.....
iku ingkang megat kardi”.
d. “..... dudukwuluhe atampa”.
11.
sasmita tembang
Gambuh
a.
“Sekar gambuh ping catur, .....”.
b. “..... tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa”.
c.
“.....
wruhanira yen sira tambuh maring wang”.
d. “..... wus mantuk gegambuhan”.
e. “..... lembat kasar ginambuh neng kekembangan”.
12.
sasmita tembang
Wirangrong
a.
“Wirangrongan dennya nganggit, .....”.
b. “..... wirangronge gumanti”.
13.
sasmita tembang
Balabak
a.
“Lir kablabak neng madyaning kabungahan, .....”.
b.
“..... lir kabalabak, solahira met silib”.
14.
sasmita tembang
Jurudemung
a. “Ki Juru dennya manitra,
.....”.
b.
“Mung memindha kang wus wignya, .....”.
15.
sasmita tembang
Girisa
a.
“Maweh girising pangrasa, .....”.
b. “..... sinom asalin girisa atampa”.
B. WATAKING TEMBANG
Kajaba
jenenging tembang kala-kala ora disebutake kanthi melok, wong gawe karangan apa
ta apa sarana tembang uga migatekake wataking tembang. Ora ngemungake wong bae
kang duwe watak, sanadyan tembang uga duwe watak dhewe-dhewe. Dadi, wong gawe
karangan apa ta apa sarana tembang ora mung waton nganggit, nanging uga
migatekake sesambungan antarane isi lan tembange. Yen isine nyaritakake bab
kang nalangsa upamane, tembange uga dijumbuhake karo isining karangan mau,
yaiku tembang kang duwe watak nalangsa.
Wondene
wataking tembang 15 warna mau kaya ing ngisor iki.
1. Maskumambang, watake: susah, nalangsa, prihatin.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake rasa susah, nalangsa utawa prihatin.
2. Pucung, watake: kendho, sakepenake.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake apa ta apa kang ngemu surasa sembranan, carita
kang lucu utawa cangkriman.
3. Mijil, watake: wedharing rasa.
Tembang
iki kena kanggo medharake pitutur lan rasa gandrung.
4. Kinanthi, watake: seneng, asih, tresna.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake piwulang, carita kang isi bab rasa sih, tresna,
lan asmara.
5. Asmaradana, watake: sengsem, susah utawa prihatin kang disababake kataman lara brangta.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake carita kang isi lara brangta utawa lara asmara.
6. Pangkur, watake: sereng.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake rasa apa ta apa kang sajak gregeten. Upama
pitutura iya pitutur kang sajak gregeten utawa sereng.
7. Durma, watake: galak, nesu.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake rasa nepsu, cocog kanggo ngandharake carita kang
isi bab perang.
8. Sinom, watake: grapyak.
Tembang
iki mathuke kanggo sesorah utawa andharan kang isi pitutur.
9. Dhandhanggula, watake: luwes.
Tembang
iki sarwa mathuk kanggo ngandharake apa bae. Kanggo bebukaning carita iya
mathuk, kanggo piwulang iya mathuk, kanggo carita kang ngandharake bab gandrung iya
kena, kanggo panutuping carita iya ora apa-apa.
10. Megatruh/Dudukwuluh, watake: susah, getun.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake rasa susah utawa getun.
11. Gambuh, watake: rumaket, kulina, wanuh-wani.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake apa ta apa kang sajak wis kulina.
12. Wirangrong, watake: mrabu, mrabawa.
Tembang
iki cocog kanggo medharake rasa sengsem nanging sengsem marang kabecikan lan
kaluhuran.
13. Balabak, watake: sembrana parikena.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake rasa kang sajak mung sakepenake bae.
14. Jurudemung, watake: prenes.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake carita kang isi peprenesan.
15. Girisa, watake: wanti-wanti.
Tembang
iki mathuke kanggo medharake pitutur kang ngemu surasa wanti-wanti banget
marang kang dipituturi.
-------------------------@-------------------------
Ana candhake:
[1]) Yen dinulu saka cacahing gatra, mesthine
tembang Girisa ora kalebu golonganing tembang gedhe.
Marga apa? Marga tembang Girisa cacahing gatrane ana 8,
ora 4 kaya lumrahe tembang gedhe
liyane.
[2])Angka pungkasan iku guru gatrane tembang kang karembug. Tuladhane,
Maskumambang guru
gatrane ana 4. Gatra = tembung utawa kumpulaning tembung
saben sapadalingsa ana ing tembang.
Kanggo gampange, gatra = larik.
[3]) Tembang Pucung kang becik yaiku
tembang Pucung kang gatra kapisane:
patang wanda kang ngarep tiba u lan wolung wanda kang buri
tiba u uga. Awit saka iku ana kang ngarani yen
tembang Pucung
ana limang gatra, marga gatra kapisan kaya kaperang dadi
loro,
yaiku gatra kapisan 4-u lan gatra kapindho 8-u (Priksanana
tuladha ing Bab 7 kang gatra kapisane muni: “Bune Kuncung
apa kowe mau njupuk”. Patang wanda kang ngarep tiba u,
wolung wanda sing buri uga tiba u).
yaiku gatra kapisan 4-u lan gatra kapindho 8-u (Priksanana
tuladha ing Bab 7 kang gatra kapisane muni: “Bune Kuncung
apa kowe mau njupuk”. Patang wanda kang ngarep tiba u,
wolung wanda sing buri uga tiba u).
[4]) Tembang
Asmaradana gatra katelu kajaba aguru lagu e, uga lumrah aguru lagu o.
[5]) Mbokmanawa marga tembang Asmaradana gatra katelune diwe-nangake
aguru lagu o, mula
ana saweneh tembang Dhandhanggula kang gatra katelune uga aguru
lagu o. Nanging kang
mangkono sajatine ora lumrah lan kena diarani luput.
mangkono sajatine ora lumrah lan kena diarani luput.
[6]) Saka cathetan kang sumimpen ing
pangripta, tembang Gambuh iku ana
pitung warna kang siji lan
sijine akeh bedane ing bab guru wilangan
lan guru lagune, malah kepara ana kang beda guru gatrane
barang.
Wondene guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
tembang Gambuh
pitung warna mau, adhedhasar cathetan saka
R.Ng. Ranggawarsita,
mangkene:
I (1)
8-i; (2) 8-o; (3) 7-a; (4) 10-a; (5) 10-a; (6) 8-a;
II (1) 8-u; (2) 8-u; (3) 12-a; (4) 8-i; (5) 8-o;
III (1) 8-i; (2) 8-o;
(3) 12-u; (4) 6-a; (5) 7-a; (6) 7-a;
IV (1) 7-u; (2) 10-u; (3)
12-i; (4) 8-u; (5) 8-o;
V (1) 12-u; (2) 6-a; (3)
8-i; (4) 8-u; (5) 8-i; (6) 8-u; (7) 8-o;
VI (1) 8-u; (2) 8-a; (3)
9-i; (4) 8-u; (5) 12-e;
VII (1) 8-u; (2) 8-u; (3) 12-i; (4)
8-u; (5) 8-o.
Beda karo
panemune R.Ng. Ranggawarsita, miturut M.Ng. Mangunwijaya
kaya kang
kacetha ing bukune kang asesirah Serat Purwakanthi, saka
tembang
Gambuh pitung warna mau, tembang Gambuh kang angka II, III,
III (1) 8-i; (2) 8-o; (3) 7-a; (4) 4-o;
(5) 6-i; (6) 6-u; (7) 8-a;
VI (1) 8-i; (2) 8-e; (3) 8-o; (4)
9-i;
VII (1) 8-u; (2) 7-u; (3) 12-i; (4) 8-u;
(5) 8-o.
VI, lan VII
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune mangkene:
II (1) 12-u; (2) 8-i; (3) 8-u; (4) 8-u; (5) 8-a; (6) 8-i; (7) 9-u; (8) 8-i;
(9) 8-a; (10) 12-a;
Saka tembang
Gambuh pitung warna kaya kang kasebut ing dhuwur,
tembang
Gambuh kang kerep dhewe diprangguli ing layang-layang
kasusastran
yaiku tembang Gambuh kang angka IV. Awit saka iku
tembang
Gambuh kang angka IV ing buku iki guru gatra, guru
wilangan, lan
guru lagune dienggo tuladha paugeraning tembang
Gambuh, dene liyane mung dienggo kawruh bae.
Gambuh, dene liyane mung dienggo kawruh bae.
[7]) Yuda kanaka tegese
perang kuku. Kang dikarepake perang kuku ing kene yaiku kukur-kukur. Saka wanda
”kur” iki bisa dimangerteni yen tembang kang dikarepake yaiku
Pangkur, marga padha-padha nganggo wanda ”kur”.
[8]) Ana ing Kamus
Kawi-Jawa anggitane C.F. Winter Sr., tembung srinata ditegesi ratu; dene ing Bausastra
Jawa-Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo tembung srinata ditegesi tembang Sinom. Pangira kang sakira tinemu nalar geneya tembung srinata
dienggo minangka sasmita tembang Sinom kurang luwih mangkene. Srinata tegese
ratu. Tembung ratu, dasanamane yaiku prabu, nata, naranata, narapati,
naradipati, naradipa, nareswara, narendra, narpa, narpati, katong, pamasa,
pamase, raja, aji, lan dhatu. Saka pirang-pirang tembung kang lumrah kanggo
nyebut ratu, tembung “prabu”
kala-kala uga kanggo nyebut Pangeran Pati utawa Pangeran Adipati (Ind.: Putra
Mahkota), yaiku “Prabu Anom”. Sajake
saka tembung “Prabu Anom” iki
tembung “srinata” dienggo
minangka sasmita tembang Sinom, marga tembung mau nduweni wanda kang padha,
yaiku “nom”.
[9]) Apa bedane “nonoman” karo “nom-noman”? Yen
“nonoman” iku wong kang isih
enom, dene “nom-noman” iku
tandhing-tandhingan enom.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar