Sabtu, 19 September 2026

MESJID KASUNYATAN: Mesjid Tuwa kang Madeg ing Abad XVI

 

Sampul Majalah Panjebar Semangat, Nomer 39, 26  September 2026


Majalah Panjebar Semangat, Nomer 39, 26  September 2026, Kaca 12.



Majalah Panjebar Semangat, Nomer 39, 26  September 2026, Kaca 35.



Salinan dari tulisan di atas


MESJID KASUNYATAN

Mesjid Tuwa kang Madeg ing Abad XVI  


Mesjid Kasunyatan pancen ora kondhang kaya Mesjid Agung Banten. Senajan mangkono, mesjid iki kegolong salah sawijining mesjid tuwa ing Provinsi Banten. Diarani Mesjid Kasunyatan, jalaran mesjid iki dumunung ing Kampung Kasunyatan, Kelurahan Kasunyatan, Kecamatan Kasemen, Kota Serang. 

Mesjid Kasunyatan disawang saka kidul kulon (sisih mburi mesjid) (Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)

 

Mesjid sing ngadeg ing sandhuwuring pekarangan kang jembare 2.544 meter pesagi iki nduweni crita dawa. Nalika samana, Banten isih dadi reh-rehane Karaton Sundha utawa Pajajaran sing agamane Hindu. Miturut H. Alief Maulana ing bukune kang asesirah Sejarah Kebantenan Situs-Situs di Banten, owah-owahan gedhe dumadi ing Banten nalika Syarif Hidayatullah sing kondhang kanthi asma Sunan Gunung Jati ngislamake wewengkon iki. Dheweke ngutus putranya, Maulana Hasanuddin, amrih mandhegani laku. Maulana Hasanuddin kasil mandhegani laku ngislamake wewengkon Kasunyatan. Malah ora mung kuwi, dheweke uga kasil ngedegake Kasultanan Banten.

Ora ana cathetan kang nyebutake taun pira Msjid Kasunyatan dibangun. Para ahli isih padha beda panemune ngenani bab iki. Ana sing kandha didegake ngarepake Maulana Hasanuddin ngasta pusaraning praja. Ana sing ngarani mesjid mau dibangun nalika sing ngasta pusaraning praja yaiku Sultan Maulana Yusuf. Ana maneh sing kandha, adhedhasarkan crita gethok-tular, Mesjid Kasunyatan didegake dening gurune Sultan Maulana Muhammad kang aran Kyai Dukuh, sing diparingi gelar Pangeran Kasunyatan. Senajan panemu mau beda-beda, nanging kabeh mau nuduhake yen Mesjid Kasunyatan didegake ing abad XVI.

Kompleks Mesjid Kasunyatan diwatesi dening tembok sing ngubengi mesjid. Lawang mlebune ana papat. Lawang mlebu sisih wetan klebu lawang mlebu sing utama tumuju kompleks mesjid. Lawang mlebu sisih kidul dadi dalan tumuju pasarean ing sisih wetane mesjid. Lawang mlebu sisih kulon dadi dalan tumuju pasarean ing sisih lore mesjid. Dene lawang mlebu sing sijine dadi wates antarane pasarean ing sisih lor lan wetan.  

Bangunan utama Mesjid Kasunyatan dumunung ing tengah-tengahing kompleks, awujud pesagi papat kanthi ukuran 11,30 x 11,50 meter. Mesjid dumadi saka papan shalat sing utama sing dikupengi emper cacah telu, yaiku emper wetan, kidul, lan lor. Meh kabeh bangunane digawe saka kayu, kaya ta: lawang, jendhela, saka, empyak, andha menara, lan mimbar.  

Beda karo emper mesjid tradhisional liyane sing lumrahe ora nganggo tembok utawa gedheg, emper Mesjid Kasunyatan kepara dikupengi tembok. Emper lor lan kidul awujud pesagi papat dawa, kang siji lan sijine ukurane 11,5 x 6 meter. Jogane nganggo tegel warna putih. Ing emper lor ana lawang cacah papat, sing loro ing sisih kidul, dene sing loro maneh ing sisih lor. Lawang ing sisih kidul minangka sarana mlebu menyang papan shalat sing utama, dene lawang ing sisih lor, madhep menyang pasarean ing sisih lor kompleks mesjid. Ing emper lor iki bedhug dipapanake. Emper kidul uga nduweni lawang cacah papat, yaiku lawang mlebu menyang emper kidul cacah loro, lan lawang cacah loro maneh minangka sarana mlebu menyang papan shalat sing utama. Ing emper kidul iki disimpen sawetara karpet kang digulung lan didegake. Karpet kasebut bakal digelar yen pas dibutuhake kanggo shalat. Wondene emper wetan isine sawetara pasarean.  

Mesjid Kasunyatan payone tumpang telu, digawe saka gendheng sing ing ndhuwure dipasangi mustaka. Payon mau disangga saka guru cacah papat sing wujude bunder, dhuwure udakara 5,12 meter, lan garis tengahe kira-kira 45 cm. Saka guru mau disangga umpak sing dhuwure 50 cm. kang ing ngisore ana ganjele awujud paju wolu.   

 Papan shalat sing utama ing Masjid Kasunyatan (Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)

 

Mihrab kang ukurane 163 x 88 cm lan dhuwure 177 cm., dumunung ing sisih kulon, tanpa jendhela. Ing sisih kiwa lan tengene mihrab ana rerenggan sing digawe memper saka, kang ing ndhuwure rerenggane mirip tetuwuhan. Tembok ing papan shalat sing utama dikeramik putih, njumbuhake warnane cet tembok mesjid. Ing ngarepe mihrab ana mimbar sing digawe saka kayu awujud kursi. Dawane mimbar 260 cm., ambane 92 cm., dene dhuwure 240 cm. kang disangga saka cacah papat.

Ing mburine mesjid ana menara sing arsitekture campuran antarane Eropa lan Jawa Kuna. Menara sing dibangun nganggo bata iki nduweni ukuran 3,10 x 3 meter lan dhuwure 10,84 meter. Payon menara nganggo gendheng sing ing dhuwure dipasangi mustaka. Menara iki tingkat telu, klebu jogan. Ing jogan paling ngisor, ana lawang sing nyambung karo emper lor. Ing jaman biyen, menara iki pigunane kanggo papan adan. Sarehning saiki wis nganggo speaker, mula menarane wis ora dienggo papan adan maneh.

Ing sisih lor kulon kompleks Mesjid Kasunyatan ana blumbang pesagi papat kanthi ukuran 7,3 x 6,1 meter. Ing perangan tengah saben sisih (wetan, kidul, kulon, lan lor) digawe moncol menyang njaba, lan ana undhag-undhagan tumuju blumbang kang siji lan sijine undhagane cacah 14. Ing satengahing blumbang ana sakane cacah loro sing digawe saka bata. Pigunane saka mau kanggo nyangga payon. Biyen, blumbang iki dienggo papan wudu, nanging saiki ora merga wis nganggo kran.  

 Lawang mlebu blumbang sisih kidul kang ing jaman biyen kanggo wudu (Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)


Ing kompleks Mesjid Kasunyatan ana pasareaan cacah loro, yaiku pasarean kang dumunung ing sisih wetan lan lor mesjid. Miturut plang sing ditancepake ing sacedhake lawang mlebu pasarean sisih wetan, para auliya sing disarekake ing papan kasebut, yaiku Syekh Abdul Syukur Sepuh, Syekh Ahmad Al Madani, Syekh Abdul Syukur Anom, Pangeran Arya Kasunyatan, lan Nyai Ratu Asiyah.

Miturut Ahmad Hafiduddin ana ing tulisane kang asesirah Sejarah dan Arsitektur: Masjid Kasunyatan Banten, Mesjid Kasunyatan biyen diarani Mesjid Al-Fatihah, tegese “pambuka”. Diarani mangkono, jalaran wewengkon iki ing jaman sadurunge Islam, mujudake reh-rehane Karaton Pajajaran sing agamane Hindu. Awit saka iku, nalika mesjid iki didegake, diwenehi jeneng Mesjid Al-Fatihah minangka pralambang pambuka tumraping sumebar lan diwulangake Islam ing Banten.

Mesjid iki nganti saiki isih dipigunakake minangka papan ngibadah, kaya ta kanggo shalat limang wektu apadene shalat Jumat, klebu kanggo papan ngaji. Ing jaman Walanda, pase ing taun 1932, mesjid iku tau didandani dening Bupati Serang, R.T.A. Soerianata Atmadja.

                                           Mulyono Atmosiswartoputra

 

 

Minggu, 16 Agustus 2026

DOUWES DEKKER: Danudirja Setiabudi Dudu Multatuli


Cover Majalah Panjebar Semangat Nomor 34, Tanggal 22 Agustus 2026


Majalah Panjebar Semangat Nomor 34, Tanggal 22 Agustus 2026, Halaman  12


Majalah Panjebar Semangat Nomor 34, 22 Agustus 2026, Halaman  34

Majalah Panjebar Semangat Nomor 34, 22 Agustus 2026, Halaman  35

Majalah Panjebar Semangat Nomor 34, 22 Agustus 2026, Halaman  36


Salinan dari tulisan di atas.


DOUWES DEKKER:

Danudirja Setiabudi Dudu Multatuli 


Mulyono Atmosiswartoputra

 

Ora sethithik wong kang durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli. Kang mangkono jalaran loro-lorone duwe jeneng kang padha, yaiku Douwes Dekker, lan loro-lorone uga padha-padha kondhang ing Indonesia.

Aja maneh sing ora paham sejarah, nganti tekan penulis buku wae ana sing durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli. Minangka tuladha, Kartono lan Susi Dyah Fatmawati, Dwi Supriyono, lan Sri Widayati klebu penulis buku sing sajake durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli.

Ing bukune kang asesirah Sumpah Pemuda (CV. Pamularsih, Jakarta Barat, tanpa angka taun, kaca 4), Kartono lan Susi Dyah Fatmawati nulis mangkene:

Douwes Dekker mempunyai nama samaran Multatuli dan mempunyai nama kecil dr. Danudirjo Setiabudi. Beliau seorang berkebangsaan Belanda yang menaruh simpati pada perjuangan bangsa Indonesia.

Dwi Supriyono ing bukune kang asesirah Tokoh dan Pahlawan Kebangkitan Nasional (PT. Aneka Ilmu, Semarang, 2010, kaca 26), nulis mangkene:

Douwes Dekker adalah seorang indo yang dilahirkan di Pasuruhan, Jawa Timur, pada 8 Oktober 1879. Dalam tubuhnya mengalir darah Belanda, Perancis, Jerman, dan Jawa. Nama lainnya adalah Multatuli atau Danudirja Setiabudi.

Dene Sri Widayati ing bukune kang asesirah Kumpulan Puisi tentang Pahlawan (Ananta Vidya, Bantul, 2022, kaca 25-26) uga nganggep yen Douwes Dekker iku duwe jeneng liya Danudirja Setiabudi sing mandhegani koran De Express lan Multatuli sing ngarang Max Havelaar.

Amrih para maos ora seling surup, ing ngisor iki dakandharake sapa sejatine Danudirja Setiabudi lan Multatuli kasebut.  

 

Danudirja Setiabudi (E.F.E. Douwes Dekker)


Danudirja Setiabudi (E.F.E. Douwes Dekker) 
(Foto: https://www.inews.id/news/nasional/kisah-ernest-douwes-dekker-keturunan-belanda-yang-gigih-perjuangkan-indonesia-merdeka)


Danudirja Setiabudi duwe jenang asli Ernest François Eugène Douwes Dekker, asring dicekak dadi E.F.E. Douwes Dekker. Danudirja Setiabudi iku asma peparing saka Bung Karno.

E.F.E. Douwes Dekker lair ing Pasuruan, Jawa Timur, 8 Oktober 1879. Dheweke isih keturunan Indo, nanging rumangsa Jawa tulen.

Bapake, Auguste Douwes Dekker, asli Landa. Dene ibune, Louisa Margaretha Neumann, campuran Jerman lan Jawa. Simbahe E.F.E. Douwes Dekker sing aran Jan Douwes Dekker, kakang adhi karo Eduard Douwes Dekker alias Multatuli sing bakal karembug ing mburi.

Sakawit E.F.E. Douwes Dekker sekolah ing Hoogere Burger Scholl ing Surabaya, banjur nerusake ing Gymnasiun Koning Willen III School ing Batavia.

Sawise ngrampungake sekolah, dheweke banjur makarya dadi pengawas ing perkebunan kopi Sumber Duren, Malang. Ing kene dheweke nyumurupi tumindak sewenang-wenange wong Landa marang kuline sing akeh-akehe pribumi. Dheweke sering mbelani wong-wong pribumi sing dadi kurban tumindak sewenang-wenange wong Landa. Iya awit saka iku dheweke metu saka pegaweyane.

Ana sing kandha olehe metu saka pegaweyan jalaran dientokake dening pimpinane sing aran R. Jesse, amarga E.F.E. Douwes Dekker tansah mbelani kaum buruh pribumi. Nanging ana sing kandha, jalaran atine ora sreg karo kanca-kancane sing seneng tumindak sewenang-wenang marang kaum buruh pribumi, mula dheweke banjur metu saka pagaweyan.  

E.F.E. Douwes Dekker sabanjure makarya ing perkebunan tebu Pajarakan ing Kraksaan, minangka laboran (ahli kimia sing makarya ing laboratorium). Nanging ing kene dheweke uga ora cocog karo kanca-kancane sing sewenang-wenang marang kaum buruh pribumi.

Wusanane, ing taun 1900 E.F.E. Douwes Dekker bareng karo kangmase, ninggalake Hindia Belanda (Indonesia sadurunge mardika). Tekan Transvaal, Afrika Kidul, ing kono lagi dumadi perang antarane kaum tani karo penjajah Inggris, kang karan Boeren Oorlog (perang kaum tani). Bareng karo kangmase, dheweke melu perang mbelani kaum tani. Taun 1902 dheweke ditangkep dening tentara Inggris, banjur dikunjara ing sawetara enggon, ing Afrika Kidul lan Srilanka.

Sawise luwar saka pakunjaran, E.F.E. Douwes Dekker mulih menyang Hindia Belanda. Ing Hindia Belanda, dheweke banjur tuwuh pepinginan mardikakake tanah wutah getihe. Dheweke banjur lelumban ing jagading jurnalistik. Miturut dheweke, lumantar layang kabar dheweke bakal bisa nuwuhake semangat nasionalisme.

Sakawit E.F.E. Douwes Dekker mung dadi penulis lepas ing sawetara layang kabar. Sabanjure, dheweke dadi redaktur layang kabar De Lokomotif ing Semarang, banjur pindhah ing layang kabar Soerabaiasch Handelsblad. Rumangsa mung dadi piranti kolonial sing bisa dituku, dheweke banjur metu saka Soerabaiasch Handelsblad.

E.F.E. Douwes Dekker banjur nyambunt gawe ing Bataviasch Niewsblad, dadi editor. Amarga nyambut gawene apik, mula dheweke diunggahake kalungguhane, dadi pemimpin redaksi. 

Nalika nyambut gawe ing Bataviasch Niewsblad, E.F.E. Douwes Dekker nganakake sesambungan karo mahasiswa STOVIA. Dheweke mbiyantu perjuangan para mahasiswa STOVIA nuwuhake rasa nasionalisme. Dheweke nglilani omahe dadi papan kumpule wong-wong kang kepengin ngedegake Budi Utomo ing taun 1908.

Wektu dadi pemimpin redaksi Bataviasch Niewsblad, E.F.E. Douwes Dekker ngangkat Suryopranoto, Cipto Mangunkusumo, Gunawan Mangunkusumo lan sawetara mahasiswa STOVIA liyane dadi pembantu redaksi.

E.F.E. Douwes Dekker sing akeh nulis andharan kang asipat mbelani kawula alit lan nyaruwe politik pamarentah kolonial, wusanane ora cocog karo pimpinane sing luwih nengenake kepentingan golongan indo. Mula, dheweke pilih metu saka Bataviasch Niewsblad, banjur ngedegake majalah sing diopeni dhewe, aran Het Tijdscrijft.

Sarehning Het Tijdscrijft ora nyukupi kanggo ngandharake gagasane ing babagan politik, mula E.F.E. Douwes Dekker banjur ngedegake layang kabar De Expres ing taun 1912. Sanajan layang kabar - layang kabar kang didegake mau nganggo basa Landa, nanging isine nggambarake wektu kang bakal kelakon ing Hindia Belanda.  

E.F.E. Douwes Dekker sing nganggep yen Budi Utomo labuh-labete mung ing babagan kabudayan, mula bareng karo Ki Hajar Dewantara (Suwardi Suryaningrat) lan dokter Cipto Mangunkusumo, dheweke banjur ngedegake Indische Partij, partai politik sing sepisanan  ing Hindia Belanda. Wong telu kang ngedegake Indische Partij ing tanggal 25 Desember 1912 mau banjur kondhang kanthi sebutan Tiga Serangkai. 

Lambang Indische Partij 
(Foto: https://id.wikipedia.org/wiki/Berkas:Indische_partij_logo.png)


Sadurunge ngedegake Indische Partij, wiwit tanggal 18 September - 3 Oktober 1912, E.F.E. Douwes Dekker luwih dhisik lelungan menyang Jawa Tengah lan Jawa Timur saperlu golek panyengkuyung. Sawise disengkuyung dening pengurus Budi Utomo lan redaktur-redaktur layang kabar, Indische Partij bisa oleh 7.300 anggota sing akeh-akehe wong Indo-Belanda kang sumebar ing 30 cabang.

Indische Partij tau dibubarake dening pamarentah Hindia Belanda ing sasi Maret 1913 jalaran dianggep mbebayani amarga wani nuntut mardika lan anti kolonialisme. Pentholane partai dibuwang. E.F.E. Douwes Dekker dibuwang menyang Kupang, dokter Cipto Mangunkusumo dibuwang menyang Banda, dene Ki Hajar Dewantara dibuwang menyang Bengkulu. Nanging katelune njaluk dibuwang menyang negara Landa, lan dituruti. Wong telu mau nerusake sekolah ing Landa.

Sawise rampung sekolah, Tiga Serangkai mau mulih menyang Hindia Belanda, lan ngedegake National Indische Partij (NIP). Kajaba lumantar partai, E.F.E. Douwes Dekker uga nerusake perjuangan-e lumantar jalur pendidikan.

Nalika Perang Dunia II, E.F.E. Douwes Dekker ditangkep dening Jepang, banjur dibuwang menyang Suriname. Saka Suriname digawa menyang negara Landa.

Taun 1946, kanthi sesidheman, E.F.E. Douwes Dekker numpak kapal bali menyang Indonesia, mudhun ana Tanjung Priok. Dheweke nerusake laku menyang Yogyakarta. Tekan Yogyakarta taun 1947 diangkat dadi Menteri Negara. Kajaba tau dadi Menteri Negara, dheweke uga tau dadi pejabat sekretaris politik Perdana Menteri, tau uga dadi anggota Dewan Pertimbangan Agung, lan tau mulang ana ing Akademi Ilmu Politik (AIP).

Nalika dumadi Agresi Militer Belanda II ing taun 1948, minangka pejabat negara, E.F.E. Douwes Dekker uga melu ditawan mungsuh. Dheweke nembe diluwari ing taun 1949.

Dening Bung Karno, E.F.E. Douwes Dekker  kaparingan asma Danurdirja Setiabudi. Dheweke seda ana ing Bandung, 28 Agustus 1950, disarekake ing Taman Makam Pahlawan Cikutra, Bandung.

Saking gedhene labuh-labete tumrap bangsa Indonesia, mula ora nggumunake yen ing taun 1961 E.F.E Douwes Dekker katetepake minangka Pahlawan Kemerdekaan Indonesia adhedhasar Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomer 590 Taun 1961, tanggal 9 November 1961.

 

Multatuli (Eduard Douwes Dekker)


Multatuli (Eduard Douwes Dekker) 
(Foto: https://id.wikipedia.org/wiki/Eduard_Douwes_Dekker)


Sauntara kuwi, Eduard Douwes Dekker sing iki karan Multatuli, lair ing Amsterdam, Landa, tanggal 2 Maret 1820, mujudake anak nomer papat saka bapak aran Engel Dekker lan ibu aran Sytske Eeltjes Klein.

Eduard Douwes Dekker duwe sedulur aran Jan, simbahe Ernest François Eugène Douwes Dekker. Kanthi mangkono, ateges Eduard Douwes Dekker sing asli Landa iku isih simbahe Ernest François Eugène Douwes Dekker sing campuran Jawa - Landa kang ing tembe ganti asma dadi Danudirja Setiabudi.

Bapake Eduard Douwes Dekker sawijining kapten kapal sing cukup gedhe, kanthi pengasilan sing cukup saengga kulawargane kagolong kulawarga sing mapan lan padha sekolah kabeh.

Ing sakawit sajatine Eduard Douwes Dekker sekolahe gancang, jalaran dheweke klebu bocah sing lantip. Emane, suwe-suwe dheweke bosen lan kapinterane saya mudhun, saengga bapake langsung ngetokake Eduard Douwes Dekker saka sekolahe.

Eduard Douwes Dekker sing isih bocah, sakawit kerja ana ing kantor dagang, nanging mung dilakoni patang taun jalaran rumangsa didohake srawunge karo kanca-kancane saka kulawarga sugih.

Nalika bapake Eduard Douwes Dekker mulih saka lelayaran minangka kapten kapal, anake disawang katon ana owah-owahan panguripan lan kahanane. Mula dheweke banjur duwe krenteg kepengin ngajak Eduard Douwes Dekker melu lelayaran. Dhek samana, ing Hindia Belanda ana kalodhangan kanggo golek dhuwit sing akeh lan kalungguhan, senajan wong Landa mau sekolahe ora dhuwur.

Ing pungkasaning taun 1838, Eduard Douwes Dekker melu lelayaran menyang Pulo Jawa minangka mantrus (awak kapal) sing durung pengalaman ing kapale bapake. Araning kapale “Dorothea”. Tekan Batavia (saiki arane Jakarta) tanggal 4 Januari 1839.

Sewelas dina ing Batavia, Eduard Douwes Dekker oleh pegawean, dadi klerk (juru tulis) ing Algemene Rekenkamer (=Dewan Pengawas Keuangan). Setaun candhake, dheweke diunggahake pangkate, dadi komis kelas II ing kantor kasebut.   

Tanggal 19 Juli 1842, Eduard Douwes Dekker dipindhah lan diunggahake pangkate dening Gubernur Jenderal Andreas Victor Michiels, dadi kontrolir (tukang ngawasi, seundhagan ing ngisoring asisten residhen) ing Sumatera Barat. Pase ana ing Natal (araning wewengkon).

Dhek samana Natal isih mujudake wewengkon kang kapencil. Senajan mangkono, Eduard Douwes Dekker rumangsa seneng manggon ing wewengkon kang kapencil. Emane, dheweke nglirwakake gaweyane kang njalari dilereni saka kalungguhane. Eduard Douwes Dekker ora duwe pengasilan apa-apa. Nembe ing sasi September 1845 dheweke didadekake pegawe maneh, ing Kantor Asisten Residhen Purwakarta sing kebawah Karesidhenan Karawang.

Tanggal 26 September 1845, Eduard Douwes Dekker tunangan karo Everdine Huberte Baronesse van Wijnbergen, sing diceluk Tine. Palakramane tanggal 8 April 1846 ing Batavia, nanging upacara pawiwahane dianakake ing Cianjur rong dina candhake (10 April 1846).

Sinau saka tumindake sing wis kapungkur nalika ing Natal, Eduard Douwes Dekker nyoba dadi pegawe sing becik minangka ambtenaar (pegawe negri).

Sewulan sawise palakrama, penganten anyar mau dipindhah menyang Purworejo, dadi komis ing Kantor Residhen Purworejo. Bubar kuwi, Eduard Douwes Dekker diunggahake maneh pangkate, dadi sekretaris residhen dening Residhen Johan George Otto Stuart von Schmidt auf Altenstadt.

Sarehning Eduard Douwes Dekker ora nduweni diploma minangka sarat dadi pejabat dhuwur, mula senajan munggah pangkat, nanging kaya ora munggah pangkat. Gubernur Jenderal Andreas Victor Michiels gelem ngakoni yen Eduard Douwes Dekker padha karo wong sing duwe diploma waton nyambut gawene mirunggan. Wusanane Eduard Douwes Dekker kasil diakoni kaya wong sing duwe diploma jalaran nyambut gawene nyata-nyata mirunggan.

Sabanjure, Eduard Douwes Dekker dipindhah menyang Manado ing pungkasaning sasi April 1849, isih tetap dadi sekretaris residhen. Jalaran kerjane apik, Eduard Douwes Dekker diunggahake pangkate dadi asisten residhen ing Ambon, Februari 1851.

Nembe pirang wulan nyambut gawe ana ing Ambon, Eduard Douwes Dekker wis ngajokake cuti menyang Eropa. Ana sing kandha olehe ngajokake cuti amarga kasarasane kurang apik. Nanging ana uga sing kandha yen Eduard Douwes Dekker ora cocog karo Gubernur Maluku, mula banjur ngajokake cuti kanthi pawadan kasarasane kurang apik.

Sawise idin cuti disarujuki, Eduard Douwes Dekker lan bojone banjur mulih menyang negara Landa. Miturut Buku Panduan untuk Pengunjung sing kawetokake dening Museum Multatuli, mangkate Eduard Douwes Dekker karo bojone saka Hindia Belanda tanggal 24 Juli 1852. Dene Moechtar ing bukune kang asesirah Multatuli: Pengarang Besar, Pembela Rakyat Kecil, Pencari Keadilan dan Kebenaran nyebutake yen Eduard Douwes Dekker lan bojone mangkat menyang Eropa ing tengah-tengahing sasi September 1852 saka Batavia. Mbokmanawa sing dikarepake ing Buku Panduan untuk Pengunjung iku tanggal mangkate saka Ambon. Tekan Pelabuhan Hellevoetsluis ing sacedhake Rotterdam, ngepasi dina Natal 1852.

Mesthine, cutine Eduard Douwes Dekker mung rong taun. Nanging dheweke njaluk ditambah dadi telung taun.

Ing Landa, Eduard Douwes Dekker ora pinter nyimpen dhuwit. Dheweke seneng main, nganti utange numpuk jalaran kalah main.

Eduard Douwes Dekker lan bojone ditambah anake sing isih cilik, wusanane bali menyang Batavia ing tanggal 17 Mei 1855 kanthi numpak kapal “India”. Tekan Batavia tanggal 10 September 1855.

Ora let suwe, Eduard Douwes Dekker didadekake asisten residhen ana ing Lebak, wiwit Januari 1856, nggenteni C.E.P. Carolus sing seda tanggal 1 November 1855.

Olehe bisa dadi Asisten Residhen Lebak, critane mangkene.

Sawise tekan Batavia, Eduard Douwes Dekker ditepungake karo Gubernur Jenderal Duymaer van Twist dening E. de Wal sing isih sedulure Tine (bojone Eduard Douwes Dekker). E. de Wal iku sawijining pejabat sing ing tembe mburi dadi Menteri Daerah Jajahan Belanda. Saya suwe tetepungane wong loro mau saya nuwuhake rasa welas asihe Gubernur Jenderal Duymaer van Twist marang Eduard Douwes Dekker saengga dheweke didadekake asisten residhen ana ing Lebak.  

Sawise nampa beslit sing diteken tanggal 4 Januari 1854, Eduard Douwes Dekker banjur mangkat menyang Kabupaten Lebak liwat Serang. Dhek samana umure Eduard Douwes Dekker 35 taun. Tekan ing Rangkasbitung, punjering paprentahan Kabupaten Lebak, tanggal 22 Januari 1856.

Ana ing Rangkasbitung, Eduard Douwes Dekker ora suwe. Dheweke dadi Asisten Residhen Lebak mung telung wulan, jalaran mangerteni kahanan rakyat Lebak sing diperes dening bupatine kaya kang disebutake ing novel Max Havelaar. Dheweke wis lapuran marang Residhen Banten C.P. Bret van Kempen, nanging lapuran mau ditolak, malah kepara dielingake, saengga gawe kuciwa atine. Awit saka iku, Eduard Douwes Dekker ing tanggal 29 Maret 1856 ngajokake layang njaluk mundur saka pakaryane. Tanggal 4 April 1856, dheweke nampa wangsulan yen panjaluke dikabulake.

Sawise golek gaweyan liya tetep ora entuk, Eduard Douwes Dekker banjur mulih menyang Eropa. Ana ing Eropa dheweke dadi redaktur layang kabar, nanging ora suwe banjur metu. Tau dadi juru basa uga gagal. Uripe saya mlarat.

Wusanane, Eduard Douwes Dekker dadi tukang ngarang buku. Salah sijine yaiku novel Max Havelaar sing diterbitake pisanan taun 1860. Kajaba nulis Max Havelaar, dheweke uga nulis buku-buku liyane.

Bosen manggon ana ing negara Landa, Eduard Douwes Dekker banjur pindhah  menyang Jerman nganti sasedane ing Ingelheim am Rhein, cedhak Kali Rhein, tanggal 19 Februari 1887.

Tumrape wong Kabupaten Lebak, Eduard Douwes Dekker kang nganggo jeneng sesinglon Multatuli ing novele kang asesirah Max Havelaar, dianggep perangan saka sejarah Lebak. Mula ora nggumunake yen ing Rangkasbitung, ibukotane Kabupaten Lebak, ana museum kanthi aran Museum Multatuli.

Museum Multatuli 
(Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)


Nalika aku nyambangi Museum Multatuli Rangkasbitung, aku nyoba golek kabar, apa isih ana bekas daleme Eduard Douwes Dekker? Bareng oleh kabar yen isih ana, mula saka Museum Multatuli aku banjur nyambangi bekas daleme Eduard Douwes Dekker alias Multatuli nalika dadi Asisten Residhen Lebak.

Sawise njaluk idin marang Satpam RSUD Adjidarmo Rangkasbitung, aku mlebu rumah sakit, banjur metu liwat perangan mburi rumah sakit. Ya ing perangan mburi RSUD Adjidarmo iki bekas daleme Eduard Douwes Dekker mau dumunung. Omah kasebut katon ora kopen, kaya kang kacetha ing foto ngisor iki. Kamangka, minangka Benda Cagar Budaya, Pemda Kabupaten Lebak mesthine kudu ngopeni omah mau.

Bekas daleme Eduard Douwes Dekker alias Multatuli nalika dadi Asisten Residhen Lebak (Foto: Mulyono Atmosiswartoputra).

 


Cathetan:

Seratan punika sejatosipun kula kintunaken lumantar e-mail dhateng majalah Panjebar Semangat tanggal 2 September 2024. Setunggal sasi sesampunipun seratan kala wau kakintun, padatanipun lajeng ngrenggani majalah kasebut. Sarehning dangu mboten kapacak, mila seratan kala wau lajeng kula kintunaken dhateng majalah Jaya Baya, lan kapacak kanthi irah-irahan NLESIH SAPA SEJATINE MULTATULI (irah-irahan dipunewahi dening Redhaktur Jaya Baya).

Tanpa kula nyata, meh kalih taun kirang setunggal sasi, jebul seratan kula kapacak wonten majalah Panjebar Semangat.

Awit saking punika, kula nyuwun gunging pangaksami dumateng para maos. Ing ngriki kula mboten niyat supados seratan kula kapacak wonten ngrika ngriki. Babar pisan mboten. Punika amargi kula mboten nginten bakal kapacak wonten Panjebar Semangat sesampun meh kalih taun.





Jumat, 31 Juli 2026

BHINNEKA TUNGGAL IKA: Swara Majapait kang Isih Ngumandhang

Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026



Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 12


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 34


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 35


Salinan dari tulisan di atas.


 BHINNEKA TUNGGAL IKA: 

Swara Majapait kang Isih Ngumandhang


Mesthine kita kabeh wis tau krungu ukara “Bhinneka Tunggal Ika” ya? Ukara kang dienggo semboyan negara Indonesia lan tinulis ing lambang negara Garudha Pancasila mau dipethik saka Kakawin Sutasoma anggitane Mpu Tantular.

Mpu Tantular klebu salah sawijining pujangga kawentar kang sugeng ing jaman Majapait. Anggitane kang kondhang nganti saiki yaiku Kakawin Arjunawijaya lan Kakawin Sutasoma. Loro-lorone, manut ngendikane P.J. Zoetmuder ing bukune kang asesirah Kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang, dianggit ing jamane Rājasanagara utawa Hayam Wuruk nalika Majapait lagi kuncara-kuncarane. Wondene IBG. Agastia ana ing bukune kang asesirah Sagara Giri, Kumpulan Esei Sastra Jawa Kuna ngendikakake yen Kakawin Arjunawijaya dianggit udakara taun 1370, dene Kakawin Sutasoma dianggit udakara taun 1380.

Miturut Wikipedia, jeneng “Tantular” dumadi saka rong tembung, yaiku tan lan tular. Tan tegese “ora”, dene tular tegese “kena pangaribawa”. Tantular tegese ora kena pangaribawa, wong sing teguh. Wondene tembung “Mpu” mujudake gelar sing tegese pandhe utawa tukang. Mpu Tantular isih sedulure Prabu Hayam Wuruk, yaiku keponakan lan mantune adhi wadone sang prabu.

Mpu Tantular ngrasuk agama Buda, nanging klebu wong sing binuka atine tumraping agama liya, utamane agama Hindu Siwa. Bab iki bisa dinulu ana ing anggitan-anggitane, Kakawin Arjunawijaya lan Kakawin Sutasoma, utamane Kakawin Sutasoma.

Kakawin Arjunawijaya nyritakake ratu buta aran Rāwana kang kepeksa nungkul marang Arjunasasrabāhu. Ana ing crita wayang kulit apadene wayang wong, crita mau kondhang kanti lakon Arjuna Sasrabahu.

 

Kakawin Sutasoma

 

Kakawin Sutasoma sing dianggit nganggo basa Jawa Kuna kondhang nganti saiki  jalaran ngemot ukara sing banjur kapethik dadi semboyan negara Indonesia, yaiku “Bhinneka Tunggal Ika”.

Jumbuh kalawan sesirahe, Kakawin Sutasoma nyritakake Sutasoma putrane ratu Hastina, aran Mahaketu. Nuju sawijining wektu, Hastina diobrak-abrik rombongan buta. Buta-buta mau ngrampok dhusun-dhusun lan petapan-petapan. Miturut ngendikane pinituwane brahmin, sing bisa mateni buta-buta iku mung putraning ratu.

Disurung dening rasa kepengin duwe kerurunan, Mahaketu banjur nindakake yoga ing ngareping reca Jina (Buddha). Ora let suwe entuk wangsit yen Bodhisattwa dhewe sing bakal dadi putrane Mahaketu.

Bodhisattwa nitis marang Sutasoma, putra Mahaketu. Bareng wis gedhe, Sutasoma sregep ngibadah lan nresnani agamane, yaiku Buda. Dheweke emoh dijumenengake  ratu, malah pilih lunga ninggalake Hastina kang ndadekake sungkawane wong tuwane.

Sutasoma lelana ngliwati pirang-pirang dhusun. Sakehing pepalang diadhepi. Sawise sawatara wektu, Sutasoma mulih menyang Hastina, nggenteni kang ramane jumeneng ratu.

Kocapa, ratu buta aran Porusada sing nembe mari larane, jalaran kaul marang Dewa Kala, dheweke bakal nangkep urip-urip 100 ratu, kacaosake marang Dewa Kala minangka kurban. Sawise Porusada kasil nangkep ratu cacah 100, Dewa Kala durung marem lan njaluk supaya ratu Hastina ditambahake minangka kurban. Porusada nekani Hastina.

Sakawit Sutasoma ngrilakake awake dadi kurban amrih kawulane padha slamet, nanging patihe ora sarujuk. Wusanane, perang bener-bener dumadi. Pungkasane, Sutasoma gelem dadi kurban waton ratu-ratu liyane dislametake.

Tumindake Sutasoma ndadekake kesengseme Porusada, saengga dheweke dadi nduweni rasa welas asih. Sutasoma malah dibujuk amrih niate dicabarake, nanging Sutasoma tetep nekani panggonane Dewa Kala.

Sutasoma masrahake awake marang Dewa Kala minangka kurban, kanthi panjaluk 100 ratu sing bakal dadi kurban diluwari. Dewa Kala sarujuk. Dheweke mbudidaya mateni Sutasoma nganggo pedhange, nanging ora pasah. Dewa Kala banjur salin wujud dadi naga. Nalika nembe ngeleg Sutasoma, ujug-ujug naga mau nduweni rasa welas asih, banjur murungake ngeleg. Kepara Dewa Kala nyuwun marang Sutasoma amrih ditampa dadi muride. Bareng karo Porusada, Dewa Kala dituntun dadi bhiksu, diwulang bab dharma lan sawernaning yoga.

 

Bhinneka Tunggal Ika

 

Semboyan negara Indonesia “Bhinneka Tunggal Ika” dijupuk saka Kakawin Sutasoma. Ukara mau, tinemu ing wirama kaping 139 pada kaping 5, mangkene unine.

 

rwaneka dhatu winuwus wara Buddha Wiswa,

bhinneka rakwa ring apan kena parwanosên,

mangka ng Jinatwa kalawan Siwatwa tunggal,

bhinneka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.

 

Tegese:

Kacarita wujuding Buddha lan Siwa iku beda,  

dheweke pancen beda, nanging kapan bisa dikenali,

jalaran benering Jina (Buddha) lan Siwa iku tunggal,

beda iku siji iku, ora ana dharma kang mangro.

 

Sajatine sing dikarepake “Bhinneka Tunggal Ika” ing Kakawin Sutasoma iku agama. Miturut Mpu Tantular kang nganggit kakawin kasebut, senajan Jina (Buddha) lan Siwa iku beda (bhinneka tunggal ika, beda iku siji iku), nanging sajatine tunggal, jalaran ora ana dharma kang mangro. Kabeh agama mulang amrih umate manembah marang Gusti. Nanging ukara “Bhinneka Tunggal Ika” mau dening pemerintah Indonesia dienggo negesi “senajan beda-beda agamane, budayane, basane, apadene warna kulite, nanging tetep siji, yaiku bangsa Indonesia”. Lire, ukara “Bhinneka Tunggal Ika” dijembarake tegese, ora ngemungake agama, nanging uga budaya, basa, lan liya-liyane.  

Nuwun.

 

(Mulyono Atmosiswartoputra)