Selasa, 10 Maret 2026

NGONCEKI URAN-URAN SEMUT IRENG (2): Semut Ireng Pralambange Kenya Asal Maluku



Cover Majalah Jaya Baya, Minggu III, Maret 2026

Majalah Jaya Baya, Minggu III, Maret 2026, halaman 14.


Majalah Jaya Baya, Minggu III, Maret 2026, halaman 15.


Salinan dari tulisan di atas.


 NGONCEKI URAN-URAN SEMUT IRENG (2)

Semut Ireng Pralambange Kenya Asal Maluku

 

Mulyono Atmosiswartoputra

 

5. Surabaya geger kepati

Gatra kaping lima nyritakake Surabaya geger kepati jalaran diserang dening Mataram. Nalika semana, Surabaya diasta dening Pangeran Ratu, dene Mataram diasta dening Sultan Agung Hanyakrakusuma.

Miturut Babad Tanah Jawi anggitane W.L. Olthof, Sultan Agung Hanyakrakusuma kang darbe ancas ngelar laladan, utusan prajurit ngrebut Surabaya. Kang tinanggenah nyenapateni Tumenggung Mangun Oneng, dikantheni para bupati manca negara kabeh. Surabaya dikepung, saengga para prajurit lan kawula Surabaya ora ana sing bisa metu. Wong-wong mau padha kaliren. Pangeran Surabaya utusan putrane, Pangeran Pekik, amrih nemoni Tumenggung Mangun Oneng, kandha yen pasrah.

Babad Tanah Jawi ora nyitakake yen Pangeran Surabaya mati ing palagan, nanging serat carik Punika Uran-Uran Semut Ireng Pralambangipun Salebeting Nagari 5 Prakawis mratelakake yen Pangeran Ratu (utawa Pangeran Surabaya miturut Babad Tanah Jawi) mati ing palagan dening Tumenggung Sepanjang. 

6. Macan denwadhahi bumbung

Gatra kaping nem lan pitu mralambangake Amangkurat II lan adhine, Sinuhun Ngalaga. Amangkurat II dipralambangake “wong kang ngoyak macan”, dene Sinuhun Ngalaga dipralambangake “macan sing dioyak, banjur diwadhahi bumbung”.

Nalika Amangkurat I jumeneng nata ngganteni kang ramane, Sultan Agung Hanyakrakusuma, bumi Mataram dibedhah jalaran prajurite ora kuwawa ngadhepi barisane dening Trunayaja.  

Amangkurat I mlayu mengulon bareng karo garwane kabeh, para putra, lan abdi kakung kang setya marang bendarane. Tekan wewengkon Banyumas, Amangkurat I dhawuh marang Raden Mas Rahmat kang wus nyandhang pangkat Pangeran Adipati Anom (putra mahkota) supaya bali ngrebut Mataram saka tangane mungsuh, nanging ora saguh.  

Amangkurat I banjur dhawuh marang putra liyane, Pangeran Puger, kang kaprenah adhine Raden Mas Rahmat seje ibu. Pangeran Puger nyaguhi. Tekan Jenar, Pangeran Puger nglumpukake bala. Ing kono Pangeran Puger banjur madeg ratu ajejuluk Sinuhun Ngalaga. Amangkurat I seda sajroning playon, kasarekake ing Tegalarum.

Sasedane ingkang rama, Raden Mas Rahmat madeg ratu, ajejuluk Amangkurat II. Nuhoni dhawuhe ingkang rama, Amangkurat II njaluk biyantu Kumpeni kanggo numpes mungsuh. Trunajaya klakon katumpes. Amangkurat II dadi ratu Mataram nggenteni kalungguhane ingkang rama. Emane, Amangkurat II ora duwe kraton, jalaran kratone ing Plered wis dilenggahi dening adhine, Sinuhun Ngalaga. Mula Amangkurat II gawe kraton anyar ing Wanakarta. Bareng wis dadi, kraton anyar mau dijenengi Kartasura.

Geneya kraton ing Plered dilenggahi dening Sinuhun Ngalaga, dudu dilungguhi dening Trunajaya sing kasil mbedhah Mataram nganti Amangkurat I keplayu? Critane, nalika Trunajaya kasil mbedhah Mataram, dheweke ora nglungguhi Mataram, kajaba mung njarah-rayah isining kraton. Trunajaya ora ndadedake Plered minangka kratone. Kabeh barang kraton sing kasil dijarah, digawa menyang Kedhiri dening Trunajaya. Sarehning Kraton Mataram sing ana Plered kosong, mula Sinuhun Ngalaga migunakake kalodhangan mau kanggo nglenggahi tilas kratone ingkang rama.

Amangkurat II nimbali adhine, Sinuhun Ngalaga, amrih gelem bedhamen, nanging adhine ora gelem, amarga padha-padha kepengin dadi ratu. Bab iki ndadekake perang antarane kakang lan adhi. Amangkurat II kang dibiyantu Kumpeni mburu Sinuhun Ngalaga, nanging kandheg amarga kalangan kali. Amangkurat II leren ing Desa Panggung, saelore kali; dene Sinuhun Ngalaga ngaso ana ing Desa Kruwel, sakiduling kali.

Awit saka pamrayogane Ki Urawan sing didhawuhi dening Amangkurat II, wusanane Sinuhun Ngalaga pasrah dhampar keprabon marang Amangkurat II. Sinuhun Ngalaga asmane bali ing asale, yaiku Pangeran Puger. Ya iki sing dipralambangake ”denwadhahi bumbung”.

7. Patine ceker ngayam.

Gatra kaping wolu, sanga, lan sepuluh mralambangake Mas Dirana kang dicancang ing sangisoring wit wringin ing alun-alun Kartasura, banjur dicakar-cakar nganggo dom.  

Mas Dirana iku anake Ki Dirada, sesepuh pawang gajah ing Kraton Kartasura. Sawise Ki Dirada tilar donya, Mas Dirana magang dadi abdi dalem. Nanging sawise sauntara wektu, Mas Dirana ora diangkat dadi abdi dalem. Malah sing diangkat nggenteni kalungguhane wong tuwane,wong liya. Bab iki  ndadekake kuciwane Mas Dirana.

Mas Dirana mulih menyang kampune, Gadhingan. Mas Diana ngojok-ojoki wong-wong  amrih gelem mbiyantu marang dheweke. Sawise oleh bala akeh, Mas Dirana banjur ngraman. Wiwitane ngraman ana ing Ngentha-entha, nganti gawe wedine wong-wong ing wewengkon liya. Pangramane Mas Dirana dipralambangake “gajah meta” utawa gajah ngamuk.

 Susuhunan Pakubuwana I banjur ndhawuhi marang Pangeran Pringgalaya supaya nyekel Mas Dirana. Perang antarane prajurit Kartasura lumawan Mas Dirana sakancane, dumadi. Mesthi wae kanca-kancane Mas Dirana sing saka desa ora kuwagang ngadhepi kridhane prajurit Kartasura. Kabeh padha mlayu, klebu Mas Dirana. Ana ing Borobudhur, Mas Dirana kecekel dening prajurit Kartasura. Awit saka dhawuhe Susuhunan Pakubuwana I, Mas Dirana dicancang ana sangisoring wit wringin ing alun-alun Kartasura. Ya iki kang dipralambangake “cinancang ing sidaguri”. 

Paukuman kang ditampa dening Mas Dirana, dirajam. Sing dikon ngrajam wong-wong ing negara kasebut.kuwi. Dene sing dienggo ngrajam yaiku dom. Sarehning Mas Dirana ora tedhas ditubles dom, mula carane ngrajam banjur ganti dicakar-cakar nganggo dom. Ora kuwat ngempet lara jalarn dicakar-cakar nganggo dom, wusanane Mas Dirana nemahi pati. Paukuman iki kang dipralambangake “patine ceker ngayam”. Tegese, matine (kaya) diceker-ceker ayam.

  

 

Senin, 02 Maret 2026

NGONCEKI URAN-URAN SEMUT IRENG (1): Semut Ireng Pralambange Kenya Asal Maluku

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 27, Minggu II, Maret 2026

Majalah Jaya Baya, Nomor 27, Minggu II, Maret 2026, halaman 14.


Majalah Jaya Baya, Nomor 27, Minggu II, Maret 2026, halaman 15.



NGONCEKI URAN-URAN SEMUT IRENG (1)

Semut Ireng Pralambange Kenya Asal Maluku

 

Mulyono Atmosiswartoputra

 

Nalika isih sinau ing Sala biyen, yen pinuju dina Minggu kala-kala aku dolan menyang Museum Radyapustaka ing Sriwedari utawa Museum Reksapustaka ing Mangkunagaran. Senajan mung pisan pindho, tau uga dolan menyang Sasana Pustaka Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Ancase mung kepengin sinau maca serat carik, yaiku buku-buku kuna kang ditulis tangan nganggo aksara Jawa, sing umure wis puluhan nganti atusan taun.

Ing Museum Reksapustaka Mangkunagaran, aku nemokake serat carik kang ngrembug uran-uran semut ireng. Serat carik kang asesirah Punika Uran-Uran Semut Ireng Pralambangipun Salebeting Nagari 5 Prakawis sing diwenehi nomer A.44a. Marga ndudut kawigatenku, banjur daksalin lan daksimpen. Alhamdulillah, cathetan mau isih sumimpen ing lemari bukuku, senajan puluhan buku liyane ana sing wis rusak amarga kepangan rayap lan ngenget.

Miturut serat carik mau, uran-uran semut ireng kang dianggit dening Kyai Ranggajanur ing Kartasura, mujudake bedhekane wong wasis jaman biyen kang isi pralambang ing sajroning limang kraton ing tanah Jawa, yaiku Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, lan Kartasura. Wondene unine uran-uran semut ireng kang kagubah nganggo tembang dhandhanggula, miturut serat carik nomer A.44a, mangkene.

 

Semut ireng anak-anak sapi,

kebo bungkang nyabrang ing bengawan,

keyong sacarak sungute,

timun kang nggotong wolu,

Surabaya geger kepati,

ana wong ngoyak macan,

denwadhahi bumbung,

alun-alun Kartasura,

gajah meta cinancang ing sidaguri,

patine ceker ngayam.

 

Gatra mbaka gatra katerangake karepe dening Kyai Ranggajanur. Nanging ing sarehning katrangan ing serat iku cekak aos, mula kanggo nggamblangake critane, ing kene sengaja diandharake kanthi rada dawa adhedhasar cathetan sejarah amrih luwih cetha. 

 

1. Semut ireng anak-anak sapi

Gatra kapisan ing uran-uran semut ireng iki mujudake pralambange Putri Wandhan kang kagungan putra aran Raden Harya Lembupeteng.

Putri Wandhan iku putri saka Pulo Banda Maluku. Wiwit biyen wong Maluku pancen kondhang ireng manis. Ora salah yen Putri Wandhan mau dipralambangake “semut ireng”. 

Putri Wandhan dipundhut garwa dening ratu Majapahit. Serat mau nyebut asmane ratu Majapahit iku Prabu Brawijaya pungkasan, senajan asma Brawijaya mung tinemu ing serat-serat babad, ora tinemu ing prasasti apadene cathetan sejarah kang bisa dipercaya kaya dene Negarakertagama. Saka patutane, Putri Wandhan peputra Raden Bondhan Kajawan. Bareng diwasa, Raden Bondhan Kajawan dibuwang ing Tarub.

Dening Ki Ageng Tarub, Raden Bondhan Kajawan dipundhut mantu, dinikahake karo Retna Nawangsih. Banjur ganti jeneng dadi Raden Harya Lembupeteng. Putri Wandhan kang kulite ireng, ing uran-uran mau kabasakake “semut ireng”. Sarehning putrane aran Raden Harya Lembupeteng, mula “semut ireng” mau kabasakake “semut ireng anak-anak sapi”.

Kakawin Negarakretagama, kitab tinggalan jaman Majapahit (Foto kapethik saka: https://id.wikipedia.org/wiki/Kakawin_Nagarakretagama)


2. Kebo bungkang nyabrang ing bengawan

Gatra kapindho mujudake pralambange Ki Ageng Kebo Kenanga kang lila-legawa diprajaya dening Sunan Kudus. Kebo bungkang tegese kebo tuwa. Kebo bungkang didadekake pralambange Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging, jaman Kraton Demak.

Miturut cathetan sejarah, Ki Ageng Kebo Kenanga iku muride Syekh Siti Jenar kang dianggep kesasar agamane dening panguwasa Kraton Demak. Ki Ageng Kebo Kenanga ora gelem sowan menyang Kraton Demak. Awit saka iku, Sultan Demak banjur utusan Sunan Kudus supaya ngukum Ki Ageng Kebo Kenanga. Tinimbang kudu ngadhep Sultan Demak, Ki Ageng Kebo Kenanga luwih milih diukum. Wusanane, Ki Ageng Kebo Kenanga sida diprajaya dening Sunan Kudus. Bab iki sing dipralambangake “nyabrang ing bengawan”. Tegese, Ki Ageng Kebo Kenanga nyabrang banyuning rahmat.

Masjid Agung Demak, salah sijine tinggalane Kraton Demak (Foto kapethik saka: https://travel.kompas.com/read/2021/07/08/102721027/sejarah-masjid-agung-demak-peninggalan-kesultanan-demak-yang-penuh-makna?page=all) 


3. Keyong sacarak sungute

Gatra kaping telu mralambangake Mas Karebet ya Jaka Tingkir sing asale wong cilik, banjur dadi ratu agung ing Pajang. Keyong pralambange wong cilik. Wiwit cilik mula, Mas Karebet uripe nrenyuhake. Bapak ibune seda nalika Mas Karebet isih cilik. Bapake, Ki Ageng Kebo Kenanga, mati diprajaya dening Sunan Kudus. Ora let suwe, ibune nyusul tilar dunya. Sawise dadi bocah lola, Mas Karebet banjur diopeni dening Nyai Ageng Tingkir, warandhane Ki Ageng Tingkir, kanca sinarawedine Ki Ageng Kebo Kenanga.

Jaka Tingkir ngawula ing Kraton Demak, dadi tetungguling prajurit tamtama. Malah kepara didadekake mantu dening Sultan Trenggana ya Sultan Demak ka-3, jalaran saking asihe marang Jaka Tingkir. Bareng Sultan Trenggana seda, Jaka Tingkir sing wis dadi adipati ing Pajang, nggenteni marasepuhe dadi ratu ajejuluk Sultan Adiwijaya. Dene kratone ana ing Pajang. Ya iki kang dipralambangake “sacarak sungute”. Tegese, dhuwur drajate.

 

4. Timun kang nggotong wolu

Gatra kaping pat mralambangake Panembahan Senapati kang bisa jumeneng nata ing Mataram jalaran disengkuyung dening wong wolu.

Nalika isih nom, Panembahan Senapati iku arane Danang Sutawijaya, putrane Ki Ageng Pemanahan ya Ki Ageng Mataram (sawise pindhah menyang Mataram). Danang Sutawijaya kapundhut putra angkat dening Sultan Adiwijaya. Sawise bapake seda, Danang Sutawijaya nggenteni kalunguhane bapake, dadi petinggi ing Mataram kanthi asma Senapati ing Ngalaga.

Bareng wis rumangsa kuwat, Senapati ing Ngalaga mbalela, emoh ngratu marang Pajang. Senapati ing Ngalaga wusanane dadi ratu ing Mataram jejuluk Panembahan Senapati ing Ngalaga.

Miturut Uran-Uran Semut Ireng, olehe Senapati kuwawa mbalela lan madeg dadi ratu ing Mataram amarga disengkuyung dening wong wolu, yaiku: Kyai Juru Martani, Tumenggung Mayang, Ki Ageng Mataram, Kyai Panjawi, Pangeran Made Pandan, Ki Ageng Wanadadi (keturunane Ki Ageng Wanasaba), Ki Buyut Wirasraba, lan Ki Ageng Ngarum, keturunan Demak. 

Salah sawijining tinggalane Kraton Mataram, pasareyan Imogiri (Foto kapethik saka: https://www.jogjaistimewa.web.id/2012/04/makam-imogiri.html)