Salinan dari tulisan di atas.
MRIYEM KI AMUK
Gaman Pamungkase Kasultanan Banten.
Ing plataran Museum Situs Kepurbakalaan Banten Lama, dipajang mriyem kang kapapanake ing sawijining omah-omahan. Arane Mriyem Ki Amuk.
Crita ngenani asal-usule Ki Amuk luwih akeh keprungu saka crita gethok tular kang sumebar ing masyarakat. Ana sing kandha yen Mriyem Ki Amuk mujudake panjalmane prajurit Kesultanan Demak sing disepatani dadi mriyem. Ana maneh sing crita yen Mriyem Ki Amuk digawe dening Buncireng saka awake bapak lan ibune Buncireng. Perangan ngarep mriyem digawe saka awake ibune, dene perangan mburi digawe saka awake bapak. Sarehning crita-crita mau awujud crita gethok tular, mula ora kena dienggo gegaran nulis sejarah.
Para ahli sejarah isih durung padha panemune bab asal-usule Ki Amuk. Crucq sing tau naliti Mriyem Ki Amuk kandha yen mriyem iki pisanan ditemokake ing gambar kutha Banten sing digawe sadurunge tengahan abad ka-17. Saiki gambar mau sumimpen ing Perpustakaan Castello ing Firenze, Italia. Cucq nganggep yen tulisan “mriyem gedhe ‘t Desperant” ing gambar kutha Banten kasebut minangka jarwan saka “Ki Amuk”.
Panganggepe Crucq mau ditampik dening Claude Guillot ing bukune kang asesirah Banten: Sejarah dan Peradaban Abad X-XVII. Miturut Guillot, jeneng ‘t Desperent dudu jarwan basa Walanda saka Ki Amuk. Yen jeneng mau wis dimangerteni ing wektu iku, saora-orane bakal disebut ing Sejarah Banten, nanging nyatane ora disebut.
Crucq uga kandha, cangkeming mriyem ana lintang padon wolu, sing kala-kala diarani “Surya Majapahit” kang uga tinemu ing kijing-kijing Tralaya abad kaping 14 lan 15. Bab iki nuduhake asal-usul lan waktune, yaiku Jawa Tengah ing tengahan abad ka-16. Ngenani “Surya Majapahit”, Claude Guillot mbenerake yen bab mau bisa ngelingake marang kijing-kijing ing Tralaya abad kaping 14 lan 15, nanging ora ateges mriyem mau digawe ing Jawa Tengah, jalaran buktine ora cukup kuwat.
Panemu liyane sing rada kuwat dikandhakake dening Valentijn. Miturut Valentijn, Sultan Demak menehi bebana sawijining mriyem aran Ki Jimat marang Hasanuddin nalika palakrama karo putrine ing taun 1528. Mriyem mau banjur digawa menyang Banten. Mriyem Ki Jimat iki dianggep padha karo Miryem Ki Amuk.
Mendes Pinto tau kandha, nalika perang antarane Demak lumawan Panarukan (Pasuruan), sawatara mriyem, klebu sing ukurane gedhe aran leƵes sing kira-kira gedhene pada karo Ki Amuk, digawe dening wong Turki lan Aceh kang dipandhegani dening sawijining wong Portugis kang mbalela aran Koja Zainal.
Banjur sepira ukurane mriyem? Miturut katrangan tinulis ing plang sing ditancepake ing sacedhake mriyem, dawane Ki Amuk udakara 3,4 meter, dene bobote ana 6 ton. Cangkeme mriyem perangan njaba ambane 59 cm. lan perangan njerone 32 cm.
Ing foto duweke Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde (KITLV/Institut Kraton kanggo Ilmu Basa, Negara, lan Etnologi) tahun 1930, mriyem iki katon dumunung ing Pelabuhan Karangantu. Sabanjure, mriyem kasebut tau dipindhahake menyang alun-alun Banten lan dipamerake ing Pameran Islam ing Jakarta nalika taun 1995. Saiki mriyem mau sumimpen ing plataran Museum Situs Kepurbakalaan Banten Lama.
Ing jaman biyen, mriyem klebu gaman pamungkas. Njedhore mriyem bisa gawe remuke sing kena mimis. Olehe Mriyem Ki Amuk dipapanake ing Pelabuhan Karangantu, ora liya kanggo ngayomi karaton saka pangrabasaning mungsuh. Mriyem Ki Amuk mujudake gaman pamungkase Kasultanan Banten kanggo ngadhepi mungsuh.
Sumimpene Mriyem Ki Amuk ing Museum Situs Kepurbakalaan Banten Lama, minangka bukti yen Kasultanan Banten tau nduweni angkatan perang kuwat lan nguwasani teknologi sing maju banget kanggo ukuran nalika samono.
Mulyono Atmosiswartoputra



