MESJID KASUNYATAN
Mesjid Tuwa kang Madeg ing Abad XVI
Mesjid Kasunyatan pancen ora kondhang kaya Mesjid Agung Banten. Senajan mangkono, mesjid iki kegolong salah sawijining mesjid tuwa ing Provinsi Banten. Diarani Mesjid Kasunyatan, jalaran mesjid iki dumunung ing Kampung Kasunyatan, Kelurahan Kasunyatan, Kecamatan Kasemen, Kota Serang.
Mesjid sing ngadeg ing sandhuwuring pekarangan kang jembare 2.544 meter pesagi iki nduweni crita dawa. Nalika samana, Banten isih dadi reh-rehane Karaton Sundha utawa Pajajaran sing agamane Hindu. Miturut H. Alief Maulana ing bukune kang asesirah Sejarah Kebantenan Situs-Situs di Banten, owah-owahan gedhe dumadi ing Banten nalika Syarif Hidayatullah sing kondhang kanthi asma Sunan Gunung Jati ngislamake wewengkon iki. Dheweke ngutus putranya, Maulana Hasanuddin, amrih mandhegani laku. Maulana Hasanuddin kasil mandhegani laku ngislamake wewengkon Kasunyatan. Malah ora mung kuwi, dheweke uga kasil ngedegake Kasultanan Banten.
Ora ana cathetan kang nyebutake taun pira Msjid Kasunyatan dibangun. Para ahli isih padha beda panemune ngenani bab iki. Ana sing kandha didegake ngarepake Maulana Hasanuddin ngasta pusaraning praja. Ana sing ngarani mesjid mau dibangun nalika sing ngasta pusaraning praja yaiku Sultan Maulana Yusuf. Ana maneh sing kandha, adhedhasarkan crita gethok-tular, Mesjid Kasunyatan didegake dening gurune Sultan Maulana Muhammad kang aran Kyai Dukuh, sing diparingi gelar Pangeran Kasunyatan. Senajan panemu mau beda-beda, nanging kabeh mau nuduhake yen Mesjid Kasunyatan didegake ing abad XVI.
Kompleks Mesjid Kasunyatan diwatesi dening tembok sing ngubengi mesjid. Lawang mlebune ana papat. Lawang mlebu sisih wetan klebu lawang mlebu sing utama tumuju kompleks mesjid. Lawang mlebu sisih kidul dadi dalan tumuju pasarean ing sisih wetane mesjid. Lawang mlebu sisih kulon dadi dalan tumuju pasarean ing sisih lore mesjid. Dene lawang mlebu sing sijine dadi wates antarane pasarean ing sisih lor lan wetan.
Bangunan utama Mesjid Kasunyatan dumunung ing tengah-tengahing kompleks, awujud pesagi papat kanthi ukuran 11,30 x 11,50 meter. Mesjid dumadi saka papan shalat sing utama sing dikupengi emper cacah telu, yaiku emper wetan, kidul, lan lor. Meh kabeh bangunane digawe saka kayu, kaya ta: lawang, jendhela, saka, empyak, andha menara, lan mimbar.
Beda karo emper mesjid tradhisional liyane sing lumrahe ora nganggo tembok utawa gedheg, emper Mesjid Kasunyatan kepara dikupengi tembok. Emper lor lan kidul awujud pesagi papat dawa, kang siji lan sijine ukurane 11,5 x 6 meter. Jogane nganggo tegel warna putih. Ing emper lor ana lawang cacah papat, sing loro ing sisih kidul, dene sing loro maneh ing sisih lor. Lawang ing sisih kidul minangka sarana mlebu menyang papan shalat sing utama, dene lawang ing sisih lor, madhep menyang pasarean ing sisih lor kompleks mesjid. Ing emper lor iki bedhug dipapanake. Emper kidul uga nduweni lawang cacah papat, yaiku lawang mlebu menyang emper kidul cacah loro, lan lawang cacah loro maneh minangka sarana mlebu menyang papan shalat sing utama. Ing emper kidul iki disimpen sawetara karpet kang digulung lan didegake. Karpet kasebut bakal digelar yen pas dibutuhake kanggo shalat. Wondene emper wetan isine sawetara pasarean.
Mesjid Kasunyatan payone tumpang telu, digawe saka gendheng sing ing ndhuwure dipasangi mustaka. Payon mau disangga saka guru cacah papat sing wujude bunder, dhuwure udakara 5,12 meter, lan garis tengahe kira-kira 45 cm. Saka guru mau disangga umpak sing dhuwure 50 cm. kang ing ngisore ana ganjele awujud paju wolu.
Mihrab kang ukurane 163 x 88 cm lan dhuwure 177 cm., dumunung ing sisih kulon, tanpa jendhela. Ing sisih kiwa lan tengene mihrab ana rerenggan sing digawe memper saka, kang ing ndhuwure rerenggane mirip tetuwuhan. Tembok ing papan shalat sing utama dikeramik putih, njumbuhake warnane cet tembok mesjid. Ing ngarepe mihrab ana mimbar sing digawe saka kayu awujud kursi. Dawane mimbar 260 cm., ambane 92 cm., dene dhuwure 240 cm. kang disangga saka cacah papat.
Ing mburine mesjid ana menara sing arsitekture campuran antarane Eropa lan Jawa Kuna. Menara sing dibangun nganggo bata iki nduweni ukuran 3,10 x 3 meter lan dhuwure 10,84 meter. Payon menara nganggo gendheng sing ing dhuwure dipasangi mustaka. Menara iki tingkat telu, klebu jogan. Ing jogan paling ngisor, ana lawang sing nyambung karo emper lor. Ing jaman biyen, menara iki pigunane kanggo papan adan. Sarehning saiki wis nganggo speaker, mula menarane wis ora dienggo papan adan maneh.
Ing sisih lor kulon kompleks Mesjid Kasunyatan ana blumbang pesagi papat kanthi ukuran 7,3 x 6,1 meter. Ing perangan tengah saben sisih (wetan, kidul, kulon, lan lor) digawe moncol menyang njaba, lan ana undhag-undhagan tumuju blumbang kang siji lan sijine undhagane cacah 14. Ing satengahing blumbang ana sakane cacah loro sing digawe saka bata. Pigunane saka mau kanggo nyangga payon. Biyen, blumbang iki dienggo papan wudu, nanging saiki ora merga wis nganggo kran.
Ing kompleks Mesjid Kasunyatan ana pasareaan cacah loro, yaiku pasarean kang dumunung ing sisih wetan lan lor mesjid. Miturut plang sing ditancepake ing sacedhake lawang mlebu pasarean sisih wetan, para auliya sing disarekake ing papan kasebut, yaiku Syekh Abdul Syukur Sepuh, Syekh Ahmad Al Madani, Syekh Abdul Syukur Anom, Pangeran Arya Kasunyatan, lan Nyai Ratu Asiyah.
Miturut Ahmad Hafiduddin ana ing tulisane kang asesirah Sejarah dan Arsitektur: Masjid Kasunyatan Banten, Mesjid Kasunyatan biyen diarani Mesjid Al-Fatihah, tegese “pambuka”. Diarani mangkono, jalaran wewengkon iki ing jaman sadurunge Islam, mujudake reh-rehane Karaton Pajajaran sing agamane Hindu. Awit saka iku, nalika mesjid iki didegake, diwenehi jeneng Mesjid Al-Fatihah minangka pralambang pambuka tumraping sumebar lan diwulangake Islam ing Banten.
Mesjid iki nganti saiki isih dipigunakake minangka papan ngibadah, kaya ta kanggo shalat limang wektu apadene shalat Jumat, klebu kanggo papan ngaji. Ing jaman Walanda, pase ing taun 1932, mesjid iku tau didandani dening Bupati Serang, R.T.A. Soerianata Atmadja.
Mulyono Atmosiswartoputra






Tidak ada komentar :
Posting Komentar