Rabu, 29 April 2026

NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (2) : Karaton Kaibon Papan Kalenggahane Ibune Sultan

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 35, Minggu I, Mei 2026.


Majalah Jaya Baya, Nomor 35, Minggu I, Mei 2026, Halaman 18



Majalah Jaya Baya, Nomor 35, Minggu I, Mei 2026, Halaman 19



Salinan dari tulisan di atas.



NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (2)

Karaton Kaibon Papan Kalenggahane Ibune Sultan

 

Mulyono Atmosiswartoputra

 

Purwaka

Ing edhisi kepungkur dicritakake kepriye kahanane tilas Karaton Kasultanan Banten, yaiku Karaton Surosowan. Nanging kuwi dudu siji-sijine karaton ing Banten. Isih ana maneh Karaton Kaibon. Iki dudu karaton kang minangka punjering paprentahan, jalaran didegake minangka papan kalenggahane Ratu Aisyah, ibune Sultan Banten. Karaton kang dibangun taun 1815 iki minangka daleme Sultan Syarifuddin (1809-1815). Karaton iki dienggo nganti jaman pamarentahane Bupati Banten kapisan, Aria Adi Santika, sawise Kasultanan Banten dibubarake ing taun 1816.

Miturut katrangan kang tumancep ing sangareping kraton, tembung “kaibon” asale saka tembung “ibu” kang kawuwuhan ater-ater ka- lan panambang -an. Tegese, papan kalenggahane ibu.  

Gapura awujud candhi bentar ing sisih kulon, kasawang saka njero kraton. 

 

Beda karo katrangan kasebut, Supratikno Rahardjo sakanca ngarani Ratu Banten sing dedalem ing kono dudu Sultan Syarifuddin, nanging Sultan Syafiuddin kang ngasta pusaraning praja wiwit 1809-1813. Sawise sultan seda, kalungguhane digenteni dening putrane sing nembe umur limang sasi. Awit saka iku, kanggo sawetara wektu, paprentahan diasta dening ibune, Ratu Aisyah.

Beda maneh karo panemune Giyanto kang kandha yen nalika Sultan Syafiuddin seda, putrane isih umur limang taun (dudu limang sasi), saengga kalungguhane digenteni dening ibune, Ratu Aisyah, nganti putrane diwasa. Asmane putrane Sultan Syafiuddin yaiku Sultan Maulana Rafiuddin.

Karaton kang dibangun nganggo bata iki madhepe mengulon. Ing sisih ngarep ana gapura awujud candhi bentar cacah lima kang minangka lawang mlebu karaton. Ing ngarep sisih tengen utawa lor, tinemu bekas bangunan masjid sing didegake ing lemah kang luwih dhuwur tinimbang lemah ing sakiwatengene. Lawang mlebune ana lima. Sing siji lawang mlebu saka wetan, sing loro lawang mlebu saka kidul, dene sing loro liyane saka sanjabaning tembok sisih lor.

Bangunan bekas masjid kasawang saka njero karaton.

 

Kajaba bekas bangunan masjid, ing njero kraton sing katon isih ngadeg yaiku paduraksa. Cacahe ana loro, ngarep lan mburi. Dene bangunan liyane wis padha rusak, mung kari pondhasine.

Ing sangareping kraton ana kalen sing disengguh minangka dalan tumuju Karaton Surosowan. Nanging miturut salah sawijining pegawai kang ngopeni bekas karaton, kalen kang ngubengi karaton iki minangka aling-aling yen ana mungsuh teka. Kanthi anane kalen kang amba, mungsuh ora bisa langsung nyerang karaton.

Tilas paduraksa, salah sijine bangunan kang isih ana sisane.

 

Isih miturut cathetan kang tumancep ing sangareping karaton, arsitektur Karaton Kaibon duwe cakrik archais sing luwih kuwat tinimbang Karaton Surosowan kang katon saka rancangan gerbang lan temboke.

Dirusak

Ing taun 1832 Karaton Kaibon dirusak dening Walanda awit saka prentahe Gubernur Jenderal Herman Willem Daendeles. Barang-barang sing isih bisa dienggo, digawa menyang Serang kanggo mbangun kantor lan omahe penggedhe Walanda, padha karo barang bekas Karaton Surosowan.      

Karaton Kaibon sing dirusak Walanda, saiki mung kari jugrugane.

 

Lemah kosong ing sisih kidul kang ana ing njero karaton, saiki digawe taman saengga katon asri. Ora ana katrangan biyen lemah kosong kuwi mujudake taman apa dudu. Kang cetha, taman kasebut dijenengi “Taman Kaibon”.

Jane mono isih ana karaton tinggalane Kasultanan Banten, yaiku Karaton Tirtayasa kang dumunung ing Desa Tirtayasa, Kecamatan Tirtayasa, Kabupaten Serang. Bangunan iki sakawit mujudake papan kalenggahane Sultan Ageng Tirtayasa.

Kaya kang wis dakaturake ing tulisan sadurunge, putrane Sultan Abulfath Abdulfattah sing asma Pangeran Gusti mbalela marang kang ramane. Pangeran Gusti sing dibantu Walanda bisa ngasorake kang ramane. Sultan Abulfath Abdulfattah banjur yasa kraton ing Tirtayasa lan nerusake perang saka kene.

Emane, dununge bekas Karaton Tirtayasa adoh saka Stasiun Karangantu saengga rada kangelan tumrape wong sing ora nggawa tumpakan dhewe kaya aku. Miturut Google Maps, saka Stasiun Karangantu menyang bekas Karaton Tirtayasa adohe 22,1 kilometer.

Kajaba kuwi, miturut Utari Ninghidayati ing tulisane kang asesirah “Melihat Koleksi Temuan dari Keraton Tirtayasa” kang kaunggah ing Kompasiana, bekas Karaton Tirtayasa wis ora ana jugrugane tembok karaton. Sing katon mung turahan pondhasi tembok sing katon mencungul saka lemah. Iya awit saka iku aku ora nyambangi bekas Karaton Tirtayasa.

Senin, 20 April 2026

NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (1) : Karaton Surosowan Dirusak Kaping Pindho

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026.

Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026, Halaman 18.

Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026, Halaman 18.



NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (1)

Karaton Surosowan Dirusak Kaping Pindho


Dening : Mulyono Atmosiswartoputra

 

Purwaka:

Ing siring kulon Pulo Jawa tau madeg kerajaan gedhe, Kasultanan Banten. Meh sapantaran karo Mataram ing Jawa Tengah, Kasultanan Banten nemahi pungkasan tragis, amarga dibusak saka Tanah Jawa dening penjajah taun 1813. Nggoleki tlacake Kasultanan Banten rada angel, amarga wis padha ilang saka lumahe bumi. Kaya ngapa tilas kasultanan sing didegake dening Sunan Gunung Jati iki, kadang Mulyono Atmosiswartoputra nyritakake anggone ngungak menyang tilas karaton Kasultanan Banten ing Surosowan, kaperang dadi rong tulisan wiwit JB edhisi iki.

Sisih wetan tilas Karaton Surosowan


Nalika aku tekan Karaton Surosowan, tiba kebeneran pagere dibukak, jalaran lagi ana wong sing mbabadi suket. Sajake iki sawijining kabegjan tumrapku, jalaran tumrap sing kepengin mlebu ing njeroning bekas Karaton Surosowan, jarene kudu lapor luwih dhisik marang pegawe Museum Situs Kepurbakalan Banten sing kantore dumunung ing sangareping kraton.

Ing njero, aku ora nemokake apa-apa, kejaba bekas pondhasi karaton. Iki beda banget karo karaton-karaton ing Jawa Tengah apadene Cirebon sing isih ngadeg nganti saprene.

Banjur kepriye critane dene Karaton Surosowan kang minangka punjering paprentahan Kasultanan Banten mung kari bekas beteng lan pondhasi?

Ing buku Ragam Pusaka Budaya Banten kang kababar dening Dinas Pendidikan Provinsi Banten lan Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Serang disebutake yen Karaton Surosowan dudu papan kalenggahane sultan sing wiwitan didegake ing Banten. Papan kalenggahane sultan ing cedhake Karangantu.

Karaton Surosowan didegake ing antarane taun 1552 nganti tekan 1570. Karaton dibangun nganti pirang-pirang ambal, sethithike ambal kaping pat. Dhuwure tembok udakara rong meter, dene ambane limang meter. Dawane tembok ing sisih wetan lan kulon udakara 300 meter, dene sisih lor lan kidul dawane 100 meter. Jembare karaton sing diubengi beteng udakara telung hektar.  

Miturut katrangane wong kang lagi mbabadi suket mau, beteng karaton nduweni lawang mlebu cacah loro. Sing siji ing sisih wetan, dene sing sijine ing sisih lor, cedhak karo Masjid Agung Banten. Iki jumbuh kalawan kang disebutake ing buku Ragam Pusaka Budaya Banten, yen beteng Surosowan duwe lawang gedhe minangka gerbang mlebu cacah loro kang dumunung ing sisih wetan lan lor.  

Isih miturut buku kuwi, saiki Karaton Surosowan kang diubengi beteng mung kari jugrugane. Bangunan sing isih katon yaiku tembok beteng sing ngubengi turahan-turahane bangunan. Turahan bangunan mau awujud pondhasi lan tembok-tembok sing wis rusak, turahan bangunan patirtan, lan tilas sendhang taman kang ana bangunan Bale Kambang (Rara Denok).

Miturut Giyanto ing bukune kang asesirah Selayang Pandang Banten, Rara Denok yaiku papan padusane para putri kraton. Dene papan padusane priyayi kakung diarani Pancuran Mas. Ana uga bangunan sing diarani Pasepen, wujude kaya ali-ali kang minangka papan ngibadahe para sultan. Ing sarehning tilas bangunane ketutup suket sing ledhung-ledhung lan papane uga jembar banget kaya ara-ara amba, mula aku ora niliki tilas bangunan-bangunan kasebut.

Karaton Surosowan sisih njero kafoto saka papan kang rada dhuwur, wis ora ana bangunan kajaba bekas pondhasi.

 

Dirusak

 

Supratikno Rahardjo lan kanca-kanca ana ing bukune kang asesirah Kota Banten Lama: Mengelola Warisan untuk Masa Depan kandha, Karaton Surosowan tau dirusak ping pindho. Dirusak sing kapisan dumadi ing taun 1680, dene sing kapindho dumadi ing taun 1813. Nanging Nina H. Lubis ana ing bukune kang asesirah Banten dalam Pergumulan Sejarah: Sultan, Ulama, Jawara, rusake Karaton Surosowan sing kapindho iku dumadi ing taun 1808.

Saka cathetan sejarah bisa dimangerteni yen rusake Karaton Surosowan sing kapisan ing taun 1680 iku amarga perang antarane bapa lan anak, yaiku Sultan Abulfath Abdulfattah kang kondhang kanthi asma Sultan Ageng Tirtayasa kalawan Sultan Haji sing dibiyantu Walanda.

Miturut cathetan kang ana ing plang sing tumancep ing sapinggiring beteng, Karaton Surosowan kang rusak mau dibangun maneh dening arsitek Walanda, Hendrik Lucaszoon Cardeel (1680-1681).

Rusake karaton sing kapindho awit saka prentahe Gubernur Jenderal Herman Daendels. Manut Nina H. Lubis, marga tumindak sewenang-wenange Daendels marang Kasultanan Banten, ndadekake para kawula Banten kang dipandhegani dening Pangeran Ahmad, putrane Sultan Aliudin II, ngraman marang Walanda. Kapal-kapal Walanda asring dirampok. Para ulama uga gawe morat-mariting kahanan.

Daendels sing ora kasil ngawekani kabeh mau, banjur nyujanani yen kang ada-ada gawe ontran-ontran kasebut ora liya ya Sultan Banten. Awit saka iku, Sultan Banten banjur ditangkep lan dikunjara ing Batavia. Dene beteng lan Karaton Surosowan dirusak lan dibakar. Iki dumadi ing taun 1808. Nanging miturut cahetan ing plang kang tumancep ing sangareping Karaton Kaibon, barang-barang sing isih bisa dienggo, digawa menyang Serang kanggo mbangun kantor lan omahe penggedhe Walanda, padha karo barang bekas Karaton Kaibon.

Senajan wis ora wujud karaton, nanging bekas Karaton Surosowan wis didadekake Benda Cagar Budaya dening Walikota Serang lumantar Surat Keputusan Walikota Serang nomer 233 Taun 2024, tanggal 25 Oktober 2024.

 

(Ana candhake)