Jumat, 31 Juli 2026

BHINNEKA TUNGGAL IKA: Swara Majapait kang Isih Ngumandhang

Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026



Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 12


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 34


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 32, Minggu II Agustus 2026, Halaman 35


Salinan dari tulisan di atas.


 BHINNEKA TUNGGAL IKA: 

Swara Majapait kang Isih Ngumandhang


Mesthine kita kabeh wis tau krungu ukara “Bhinneka Tunggal Ika” ya? Ukara kang dienggo semboyan negara Indonesia lan tinulis ing lambang negara Garudha Pancasila mau dipethik saka Kakawin Sutasoma anggitane Mpu Tantular.

Mpu Tantular klebu salah sawijining pujangga kawentar kang sugeng ing jaman Majapait. Anggitane kang kondhang nganti saiki yaiku Kakawin Arjunawijaya lan Kakawin Sutasoma. Loro-lorone, manut ngendikane P.J. Zoetmuder ing bukune kang asesirah Kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang, dianggit ing jamane Rājasanagara utawa Hayam Wuruk nalika Majapait lagi kuncara-kuncarane. Wondene IBG. Agastia ana ing bukune kang asesirah Sagara Giri, Kumpulan Esei Sastra Jawa Kuna ngendikakake yen Kakawin Arjunawijaya dianggit udakara taun 1370, dene Kakawin Sutasoma dianggit udakara taun 1380.

Miturut Wikipedia, jeneng “Tantular” dumadi saka rong tembung, yaiku tan lan tular. Tan tegese “ora”, dene tular tegese “kena pangaribawa”. Tantular tegese ora kena pangaribawa, wong sing teguh. Wondene tembung “Mpu” mujudake gelar sing tegese pandhe utawa tukang. Mpu Tantular isih sedulure Prabu Hayam Wuruk, yaiku keponakan lan mantune adhi wadone sang prabu.

Mpu Tantular ngrasuk agama Buda, nanging klebu wong sing binuka atine tumraping agama liya, utamane agama Hindu Siwa. Bab iki bisa dinulu ana ing anggitan-anggitane, Kakawin Arjunawijaya lan Kakawin Sutasoma, utamane Kakawin Sutasoma.

Kakawin Arjunawijaya nyritakake ratu buta aran Rāwana kang kepeksa nungkul marang Arjunasasrabāhu. Ana ing crita wayang kulit apadene wayang wong, crita mau kondhang kanti lakon Arjuna Sasrabahu.

 

Kakawin Sutasoma

 

Kakawin Sutasoma sing dianggit nganggo basa Jawa Kuna kondhang nganti saiki  jalaran ngemot ukara sing banjur kapethik dadi semboyan negara Indonesia, yaiku “Bhinneka Tunggal Ika”.

Jumbuh kalawan sesirahe, Kakawin Sutasoma nyritakake Sutasoma putrane ratu Hastina, aran Mahaketu. Nuju sawijining wektu, Hastina diobrak-abrik rombongan buta. Buta-buta mau ngrampok dhusun-dhusun lan petapan-petapan. Miturut ngendikane pinituwane brahmin, sing bisa mateni buta-buta iku mung putraning ratu.

Disurung dening rasa kepengin duwe kerurunan, Mahaketu banjur nindakake yoga ing ngareping reca Jina (Buddha). Ora let suwe entuk wangsit yen Bodhisattwa dhewe sing bakal dadi putrane Mahaketu.

Bodhisattwa nitis marang Sutasoma, putra Mahaketu. Bareng wis gedhe, Sutasoma sregep ngibadah lan nresnani agamane, yaiku Buda. Dheweke emoh dijumenengake  ratu, malah pilih lunga ninggalake Hastina kang ndadekake sungkawane wong tuwane.

Sutasoma lelana ngliwati pirang-pirang dhusun. Sakehing pepalang diadhepi. Sawise sawatara wektu, Sutasoma mulih menyang Hastina, nggenteni kang ramane jumeneng ratu.

Kocapa, ratu buta aran Porusada sing nembe mari larane, jalaran kaul marang Dewa Kala, dheweke bakal nangkep urip-urip 100 ratu, kacaosake marang Dewa Kala minangka kurban. Sawise Porusada kasil nangkep ratu cacah 100, Dewa Kala durung marem lan njaluk supaya ratu Hastina ditambahake minangka kurban. Porusada nekani Hastina.

Sakawit Sutasoma ngrilakake awake dadi kurban amrih kawulane padha slamet, nanging patihe ora sarujuk. Wusanane, perang bener-bener dumadi. Pungkasane, Sutasoma gelem dadi kurban waton ratu-ratu liyane dislametake.

Tumindake Sutasoma ndadekake kesengseme Porusada, saengga dheweke dadi nduweni rasa welas asih. Sutasoma malah dibujuk amrih niate dicabarake, nanging Sutasoma tetep nekani panggonane Dewa Kala.

Sutasoma masrahake awake marang Dewa Kala minangka kurban, kanthi panjaluk 100 ratu sing bakal dadi kurban diluwari. Dewa Kala sarujuk. Dheweke mbudidaya mateni Sutasoma nganggo pedhange, nanging ora pasah. Dewa Kala banjur salin wujud dadi naga. Nalika nembe ngeleg Sutasoma, ujug-ujug naga mau nduweni rasa welas asih, banjur murungake ngeleg. Kepara Dewa Kala nyuwun marang Sutasoma amrih ditampa dadi muride. Bareng karo Porusada, Dewa Kala dituntun dadi bhiksu, diwulang bab dharma lan sawernaning yoga.

 

Bhinneka Tunggal Ika

 

Semboyan negara Indonesia “Bhinneka Tunggal Ika” dijupuk saka Kakawin Sutasoma. Ukara mau, tinemu ing wirama kaping 139 pada kaping 5, mangkene unine.

 

rwaneka dhatu winuwus wara Buddha Wiswa,

bhinneka rakwa ring apan kena parwanosên,

mangka ng Jinatwa kalawan Siwatwa tunggal,

bhinneka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.

 

Tegese:

Kacarita wujuding Buddha lan Siwa iku beda,  

dheweke pancen beda, nanging kapan bisa dikenali,

jalaran benering Jina (Buddha) lan Siwa iku tunggal,

beda iku siji iku, ora ana dharma kang mangro.

 

Sajatine sing dikarepake “Bhinneka Tunggal Ika” ing Kakawin Sutasoma iku agama. Miturut Mpu Tantular kang nganggit kakawin kasebut, senajan Jina (Buddha) lan Siwa iku beda (bhinneka tunggal ika, beda iku siji iku), nanging sajatine tunggal, jalaran ora ana dharma kang mangro. Kabeh agama mulang amrih umate manembah marang Gusti. Nanging ukara “Bhinneka Tunggal Ika” mau dening pemerintah Indonesia dienggo negesi “senajan beda-beda agamane, budayane, basane, apadene warna kulite, nanging tetep siji, yaiku bangsa Indonesia”. Lire, ukara “Bhinneka Tunggal Ika” dijembarake tegese, ora ngemungake agama, nanging uga budaya, basa, lan liya-liyane.  

Nuwun.

 

(Mulyono Atmosiswartoputra)

Tidak ada komentar :