Salinan dari tulisan di atas.
PELABUHAN KARANGANTU
Biyen Bandar Internasional, Saiki Pelabuhan Perikanan
Pelabuhan Karangantu dumunung ing Kelurahan Banten, Kecamatan Kasemen, Kota Serang. Biyen tau dadi pelabuhan internasional. Yen ing buku-buku sejarah, Pelabuhan Karangantu diarani Pelabuhan Banten, jalaran dununge ana ing Banten. Nanging saiki Pelabuhan Karangantu utawa Pelabuhan Banten wis ora dilirik dening kapal-kapal mancanegara. Aja maneh kapal-kapal mancanegara, kapal-kapal dagang saka wewengkon liya ing Indonesia wae wis ora nglirik. Geneya bisa mangkono?
Kaya kang diwedhar dening A. Daliman ing bukune Islamisasi dan Perkembangan Kerajaan-Kerajaan Islam di Indonesia, sadurunge taun 1400-an, Banten bisa dikandhakake isih sepi. Pawarta-pawarta Tiongkok durung nyritakake apa-apa ngenani Banten. Kang mangkono jalaran Selat Sunda durung dadi dalan tumraping kapal-kapal dagang.
Taun 1511 Malaka tumiba ing tangane Portugis. Sudagar Islam saka Arab, Persia, lan Gujarat padha nyingkiri panguwasane Portugis. Wong-wong mau ora dagang ing Malaka maneh, nanging pindhah menyang Banten. Lakune kapal-kapal dagang ora liwat Selat Malaka, nanging liwat Selat Sunda.
Endjat Djaenuderadjat ing bukune Atlas Pelabuhan-Pelabuhan Bersejarah di Indonesia ngendikakake, jeneng Banten pisanan ditemokake ana lapuran lelanane Tome Pires (1513) minangka salah sawijining pelabuhan Karaton Sunda sing cukup rame. Banten mujudake sawijining kutha dagang sing apik, dumunung ing pinggiring kali. Kutha iki dipandhegani dening sawijining syahbandar, lan wewengkon dagange nganti tekan Sumatera, utamane Lampung. Banten mujudake sawijining pelabuhan sing gedhe, lan lumantar pelabuhan kasebut didol beras, mrica, lan bahan panganan liyane.
Sing disekseni dening Tome Pires bisa dadi pituduh yen Pelabuhan Banten wis nduweni andhil wiwit isih kebawah Karaton Sunda, utawa sadurunge Kasultanan Banten madeg.
Perdagangan ing Kasultanan Banten, miturut Ikot Sholehat ing tesise kang asesirah Perdagangan Internasional Kesultanan Banten Akhir Abad XVI-XVII, saya ngrembaka jalaran cumawise mrica lan beras kang bisa kakirim menyang mancanegara sing wis kawiwitan saka pungkasaning abad kaping 16, lan ndadekake Pelabuhan Banten saya rame.
Buku Banten dalam Pergumulan Sejarah: Sultan, Ulama, Jawara anggitane Nina H. Lubis nyritakake yen kapal Walanda cacah papat sing dipandhegani dening Cornelis de Houtman, teka pisanan ing Pelabuhan Banten tanggal 23 Juni 1596 saperlu golek rempah-rempah. Sakawit tekane wong-wong Walanda mau ditampa kathi becik dening wong-wong Banten.
Emane, wong-wong Walanda mau ing sawijining wengi malah ngrampok kapal cacah loro sing isine kebak mrica saka Jawa. Wong-wong mau mlayu saka Pelabuhan Banten karo nembaki kutha Banten. Wadyabala Banten kasil ngrangseg kapal Walanda lan nangkep Cornelis de Houtman. Dheweke dikunjara meh sesasi, banjur diculake lan ditundhung saka Banten ing tanggal 2 Oktober 1596 sawise mbayar tebusan gedhene 45.000 gulden.
Rikala Sultan Ageng Tirtayasa ngasta pusaraning praja wiwit 1651-1682, Pelabuhan Banten kuwawa ngrembaka dadi pelabuhan internasional sing bisa ngirim barang menyang mancanegara. Saka Pelabuhan Banten, maneka warna barang dagangan dikirim menyang Persia, India, Arab, Manila, Tiongkok, lan Jepang. Sultan Ageng Tirtayasa uga nganakake sesambungan dagang karo Inggris, Perancis, Denmark, lan Portugis.
Kapal Manca
Kepriye kahanane Pelabuhan Banten utawa Pelabuhan Karangantu nalika samana? Ing bukune kang asesirah Menemukan Masa Lalu nan Gemilang, Wakhid Nur Effendi crita, biyen, Pelabuhan Karangantu mujudake pelabuhan internasional, papan kapal-kapal saka Eropa lan Asia labuh ing pesisir iki. Yen kapal manca iku teka, wong-wong sing dagang panganan lan woh-wohan, ora lanang ora wadon, padha rebut dhisik nekani kapal sing nembe ngundhunake jangkar ing sacedhake pesisir.
Sawise kahanane lerem, para utasaning ratu, yaiku punggawa Karaton Banten bakal mbagekake para tamu sing isih ana ing kapal. Para punggawa pelabuhan mau bakal nyathet para tamu manca, takon apa sing diperlokake, paugeran-paugeran sing kudu ditindakake dening kapal-kapal saka manca sing arep labuh ing Pelabuhan Banten.
Sawise wara-wara lan pasarujukan ditindakake, wong-wong sing nglakokake kapal lan para sudagar sing ana ing kapal mau nembe munggah dharatan, banjur ngadhep marang sahbandar pelabuhan. Sahbandar bakal nerangake kanthi njlimet, menehi papan lan panginepan sasuwene wong-wong mau ana ing Pelabuhan Banten.
Wong-wong mau banjur diterake dening para prajurite sultan, ngadhep menyang Karaton Surosowan. Adate, kapal-kapal manca kasebut bakal caos bebana lan bingkisan marang sultan, sawijining kalumrahan amrih bisa katampa minangka tamu dening sultan.
Pralayane Kasultanan Banten kawiwitan nalika putrane Sultan Ageng Tirtayasa sing kondhang kanthi asma Sultan Haji, kekancan karo Walanda. Sultan Haji diojok-ojoki dening Walanda amrih njongkeng kalenggahane kang ramane. Awit saka pambiyantune Walanda, dhampar keprabon pancen kasil direbut dening Sultan Haji saka Sultan Ageng Tirtayasa.
Nanging wiwit wektu kuwi Kasultanan Banten wis ora duwe daya kanggo ngrembakakake wewengkone minangka sawijining kasultanan. Banten ing astane Sultan Haji kaya kebo dikeluhi, isine mung manut marang prentahe Walanda. Saya suwe Kasultanan Banten malah dadi jajahane Walanda. Pungkasane, Kasultanan Banten dibubarake dening Raffles ing taun 1813, nalika Inggris nggenteni Walanda njajah Banten wiwit 1811-1816.
Iku mau kahanane Pelabuhan Karangantu jaman biyen. Banjur kepriye kahanane saiki? Pelabuhan Karangantu pancen isih dipigunakake, nanging wis ora dadi pelabuhan internasional maneh. Saiki dadi Pelabuhan Perikanan Nusantara Karangantu.
Prau-prau para misaya mina katon padha labuh ing dermaga. Ora sethithik prau-prau mau kang labuh ing sanjabaning gerbang pelabuhan. Ing papan kuwi labuh uga prau-prau wisata bahari.
Ana papan mligi kanggo adol karcis tumrap sing kepengin plesir ing sandhuwuring segara nganggo prau wisata. Miturut salah sawijining pawongan kang ana ing Pantai Gope, pesisir iki rame yen dina Minggu utawa dina prei liyane. Akeh wong sing pada numpak prau wisata saperlu myawang kahanan sakiwa tengene pesisir saka sandhuwuring banyu segara. Ana uga kang nyewa prau wisata saperlu plesir tumuju pulo-pulo cilik ing sacedhake Pelabuhan Karangantu, kaya ta: Pulo Bintang, Pulo Lima, Pulo Empat, Pulo Tiga, Pula Panjang, lan Pulo Tunda,
Mulyono Atmosiswartoputra





