Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 35, Minggu I, Mei 2026.
Majalah Jaya Baya, Nomor 35, Minggu I, Mei 2026, Halaman 18
Salinan dari tulisan di atas.
NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (2)
Karaton Kaibon Papan Kalenggahane Ibune Sultan
Mulyono Atmosiswartoputra
Purwaka
Ing edhisi kepungkur dicritakake kepriye kahanane tilas Karaton Kasultanan Banten, yaiku Karaton Surosowan. Nanging kuwi dudu siji-sijine karaton ing Banten. Isih ana maneh Karaton Kaibon. Iki dudu karaton kang minangka punjering paprentahan, jalaran didegake minangka papan kalenggahane Ratu Aisyah, ibune Sultan Banten. Karaton kang dibangun taun 1815 iki minangka daleme Sultan Syarifuddin (1809-1815). Karaton iki dienggo nganti jaman pamarentahane Bupati Banten kapisan, Aria Adi Santika, sawise Kasultanan Banten dibubarake ing taun 1816.
Miturut katrangan kang tumancep ing sangareping kraton, tembung “kaibon” asale saka tembung “ibu” kang kawuwuhan ater-ater ka- lan panambang -an. Tegese, papan kalenggahane ibu.
Beda karo katrangan kasebut, Supratikno Rahardjo sakanca ngarani Ratu Banten sing dedalem ing kono dudu Sultan Syarifuddin, nanging Sultan Syafiuddin kang ngasta pusaraning praja wiwit 1809-1813. Sawise sultan seda, kalungguhane digenteni dening putrane sing nembe umur limang sasi. Awit saka iku, kanggo sawetara wektu, paprentahan diasta dening ibune, Ratu Aisyah.
Beda maneh karo panemune Giyanto kang kandha yen nalika Sultan Syafiuddin seda, putrane isih umur limang taun (dudu limang sasi), saengga kalungguhane digenteni dening ibune, Ratu Aisyah, nganti putrane diwasa. Asmane putrane Sultan Syafiuddin yaiku Sultan Maulana Rafiuddin.
Karaton kang dibangun nganggo bata iki madhepe mengulon. Ing sisih ngarep ana gapura awujud candhi bentar cacah lima kang minangka lawang mlebu karaton. Ing ngarep sisih tengen utawa lor, tinemu bekas bangunan masjid sing didegake ing lemah kang luwih dhuwur tinimbang lemah ing sakiwatengene. Lawang mlebune ana lima. Sing siji lawang mlebu saka wetan, sing loro lawang mlebu saka kidul, dene sing loro liyane saka sanjabaning tembok sisih lor.
Kajaba bekas bangunan masjid, ing njero kraton sing katon isih ngadeg yaiku paduraksa. Cacahe ana loro, ngarep lan mburi. Dene bangunan liyane wis padha rusak, mung kari pondhasine.
Ing sangareping kraton ana kalen sing disengguh minangka dalan tumuju Karaton Surosowan. Nanging miturut salah sawijining pegawai kang ngopeni bekas karaton, kalen kang ngubengi karaton iki minangka aling-aling yen ana mungsuh teka. Kanthi anane kalen kang amba, mungsuh ora bisa langsung nyerang karaton.
Tilas paduraksa, salah sijine bangunan kang isih ana sisane.
Isih miturut cathetan kang tumancep ing sangareping karaton, arsitektur Karaton Kaibon duwe cakrik archais sing luwih kuwat tinimbang Karaton Surosowan kang katon saka rancangan gerbang lan temboke.
Dirusak
Ing taun 1832 Karaton Kaibon dirusak dening Walanda awit saka prentahe Gubernur Jenderal Herman Willem Daendeles. Barang-barang sing isih bisa dienggo, digawa menyang Serang kanggo mbangun kantor lan omahe penggedhe Walanda, padha karo barang bekas Karaton Surosowan.
Karaton Kaibon sing dirusak Walanda, saiki mung kari jugrugane.
Lemah kosong ing sisih kidul kang ana ing njero karaton, saiki digawe taman saengga katon asri. Ora ana katrangan biyen lemah kosong kuwi mujudake taman apa dudu. Kang cetha, taman kasebut dijenengi “Taman Kaibon”.
Jane mono isih ana karaton tinggalane Kasultanan Banten, yaiku Karaton Tirtayasa kang dumunung ing Desa Tirtayasa, Kecamatan Tirtayasa, Kabupaten Serang. Bangunan iki sakawit mujudake papan kalenggahane Sultan Ageng Tirtayasa.
Kaya kang wis dakaturake ing tulisan sadurunge, putrane Sultan Abulfath Abdulfattah sing asma Pangeran Gusti mbalela marang kang ramane. Pangeran Gusti sing dibantu Walanda bisa ngasorake kang ramane. Sultan Abulfath Abdulfattah banjur yasa kraton ing Tirtayasa lan nerusake perang saka kene.
Emane, dununge bekas Karaton Tirtayasa adoh saka Stasiun Karangantu saengga rada kangelan tumrape wong sing ora nggawa tumpakan dhewe kaya aku. Miturut Google Maps, saka Stasiun Karangantu menyang bekas Karaton Tirtayasa adohe 22,1 kilometer.
Kajaba kuwi, miturut Utari Ninghidayati ing tulisane kang asesirah “Melihat Koleksi Temuan dari Keraton Tirtayasa” kang kaunggah ing Kompasiana, bekas Karaton Tirtayasa wis ora ana jugrugane tembok karaton. Sing katon mung turahan pondhasi tembok sing katon mencungul saka lemah. Iya awit saka iku aku ora nyambangi bekas Karaton Tirtayasa.





Tidak ada komentar :
Posting Komentar