Senin, 20 April 2026

NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (1) : Karaton Surosowan Dirusak Kaping Pindho

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026.

Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026, Halaman 18.

Majalah Jaya Baya, Nomor 34, Minggu IV, April 2026, Halaman 18.



NGUNGAK TILAS KARATON BANTEN (1)

Karaton Surosowan Dirusak Kaping Pindho


Dening : Mulyono Atmosiswartoputra

 

Purwaka:

Ing siring kulon Pulo Jawa tau madeg kerajaan gedhe, Kasultanan Banten. Meh sapantaran karo Mataram ing Jawa Tengah, Kasultanan Banten nemahi pungkasan tragis, amarga dibusak saka Tanah Jawa dening penjajah taun 1813. Nggoleki tlacake Kasultanan Banten rada angel, amarga wis padha ilang saka lumahe bumi. Kaya ngapa tilas kasultanan sing didegake dening Sunan Gunung Jati iki, kadang Mulyono Atmosiswartoputra nyritakake anggone ngungak menyang tilas karaton Kasultanan Banten ing Surosowan, kaperang dadi rong tulisan wiwit JB edhisi iki.

 

Nalika aku tekan Kraton Surosowan, tiba kebeneran pagere dibukak, jalaran lagi ana wong sing mbabadi suket. Sajake iki sawijining kabegjan tumrapku, jalaran tumrap sing kepengin mlebu ing njeroning bekas Karaton Surosowan, jarene kudu lapor luwih dhisik marang pegawe Museum Situs Kepurbakalan Banten sing kantore dumunung ing sangareping kraton.

Ing njero, aku ora nemokake apa-apa, kejaba bekas pondhasi karaton. Iki beda banget karo karaton-karaton ing Jawa Tengah apadene Cirebon sing isih ngadeg nganti saprene.

Banjur kepriye critane dene Karaton Surosowan kang minangka punjering paprentahan Kasultanan Banten mung kari bekas beteng lan pondhasi?

Ing buku Ragam Pusaka Budaya Banten kang kababar dening Dinas Pendidikan Provinsi Banten lan Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Serang disebutake yen Karaton Surosowan dudu papan kalenggahane sultan sing wiwitan didegake ing Banten. Papan kalenggahane sultan ing cedhake Karangantu.

Karaton Surosowan didegake ing antarane taun 1552 nganti tekan 1570. Karaton dibangun nganti pirang-pirang ambal, sethithike ambal kaping pat. Dhuwure tembok udakara rong meter, dene ambane limang meter. Dawane tembok ing sisih wetan lan kulon udakara 300 meter, dene sisih lor lan kidul dawane 100 meter. Jembare karaton sing diubengi beteng udakara telung hektar.  

Sisih wetan tilas Karaton Surosowan

 

Miturut katrangane wong kang lagi mbabadi suket mau, beteng karaton nduweni lawang mlebu cacah loro. Sing siji ing sisih wetan, dene sing sijine ing sisih lor, cedhak karo Masjid Agung Banten. Iki jumbuh kalawan kang disebutake ing buku Ragam Pusaka Budaya Banten, yen beteng Surosowan duwe lawang gedhe minangka gerbang mlebu cacah loro kang dumunung ing sisih wetan lan lor.  

Isih miturut buku kuwi, saiki Karaton Surosowan kang diubengi beteng mung kari jugrugane. Bangunan sing isih katon yaiku tembok beteng sing ngubengi turahan-turahane bangunan. Turahan bangunan mau awujud pondhasi lan tembok-tembok sing wis rusak, turahan bangunan patirtan, lan tilas sendhang taman kang ana bangunan Bale Kambang (Rara Denok).

Miturut Giyanto ing bukune kang asesirah Selayang Pandang Banten, Rara Denok yaiku papan padusane para putri kraton. Dene papan padusane priyayi kakung diarani Pancuran Mas. Ana uga bangunan sing diarani Pasepen, wujude kaya ali-ali kang minangka papan ngibadahe para sultan. Ing sarehning tilas bangunane ketutup suket sing ledhung-ledhung lan papane uga jembar banget kaya ara-ara amba, mula aku ora niliki tilas bangunan-bangunan kasebut.

Karaton Surosowan sisih njero kafoto saka papan kang rada dhuwur, wis ora ana bangunan kajaba bekas pondhasi.

 

Dirusak

 

Supratikno Rahardjo lan kanca-kanca ana ing bukune kang asesirah Kota Banten Lama: Mengelola Warisan untuk Masa Depan kandha, Karaton Surosowan tau dirusak ping pindho. Dirusak sing kapisan dumadi ing taun 1680, dene sing kapindho dumadi ing taun 1813. Nanging Nina H. Lubis ana ing bukune kang asesirah Banten dalam Pergumulan Sejarah: Sultan, Ulama, Jawara, rusake Karaton Surosowan sing kapindho iku dumadi ing taun 1808.

Saka cathetan sejarah bisa dimangerteni yen rusake Karaton Surosowan sing kapisan ing taun 1680 iku amarga perang antarane bapa lan anak, yaiku Sultan Abulfath Abdulfattah kang kondhang kanthi asma Sultan Ageng Tirtayasa kalawan Sultan Haji sing dibiyantu Walanda.

Miturut cathetan kang ana ing plang sing tumancep ing sapinggiring beteng, Karaton Surosowan kang rusak mau dibangun maneh dening arsitek Walanda, Hendrik Lucaszoon Cardeel (1680-1681).

Rusake karaton sing kapindho awit saka prentahe Gubernur Jenderal Herman Daendels. Manut Nina H. Lubis, marga tumindak sewenang-wenange Daendels marang Kasultanan Banten, ndadekake para kawula Banten kang dipandhegani dening Pangeran Ahmad, putrane Sultan Aliudin II, ngraman marang Walanda. Kapal-kapal Walanda asring dirampok. Para ulama uga gawe morat-mariting kahanan.

Daendels sing ora kasil ngawekani kabeh mau, banjur nyujanani yen kang ada-ada gawe ontran-ontran kasebut ora liya ya Sultan Banten. Awit saka iku, Sultan Banten banjur ditangkep lan dikunjara ing Batavia. Dene beteng lan Karaton Surosowan dirusak lan dibakar. Iki dumadi ing taun 1808. Nanging miturut cahetan ing plang kang tumancep ing sangareping Karaton Kaibon, barang-barang sing isih bisa dienggo, digawa menyang Serang kanggo mbangun kantor lan omahe penggedhe Walanda, padha karo barang bekas Karaton Kaibon.

Senajan wis ora wujud kraton, nanging bekas Kraton Surosowan wis didadekake Benda Cagar Budaya dening Walikota Serang lumantar Surat Keputusan Walikota Serang nomer 233 Taun 2024, tanggal 25 Oktober 2024.

 

(Ana candhake)

 

 

Tidak ada komentar :