Salinan dari tulisan di atas.
NGONCEKI URAN-URAN SEMUT IRENG (2)
Semut Ireng Pralambange Kenya Asal Maluku
Mulyono Atmosiswartoputra
5. Surabaya geger kepati
Gatra kaping lima nyritakake Surabaya geger kepati jalaran diserang dening Mataram. Nalika semana, Surabaya diasta dening Pangeran Ratu, dene Mataram diasta dening Sultan Agung Hanyakrakusuma.
Miturut Babad Tanah Jawi anggitane W.L. Olthof, Sultan Agung Hanyakrakusuma kang darbe ancas ngelar laladan, utusan prajurit ngrebut Surabaya. Kang tinanggenah nyenapateni Tumenggung Mangun Oneng, dikantheni para bupati manca negara kabeh. Surabaya dikepung, saengga para prajurit lan kawula Surabaya ora ana sing bisa metu. Wong-wong mau padha kaliren. Pangeran Surabaya utusan putrane, Pangeran Pekik, amrih nemoni Tumenggung Mangun Oneng, kandha yen pasrah.
Babad Tanah Jawi ora nyitakake yen Pangeran Surabaya mati ing palagan, nanging serat carik Punika Uran-Uran Semut Ireng Pralambangipun Salebeting Nagari 5 Prakawis mratelakake yen Pangeran Ratu (utawa Pangeran Surabaya miturut Babad Tanah Jawi) mati ing palagan dening Tumenggung Sepanjang.
6. Macan denwadhahi bumbung
Gatra kaping nem lan pitu mralambangake Amangkurat II lan adhine, Sinuhun Ngalaga. Amangkurat II dipralambangake “wong kang ngoyak macan”, dene Sinuhun Ngalaga dipralambangake “macan sing dioyak, banjur diwadhahi bumbung”.
Nalika Amangkurat I jumeneng nata ngganteni kang ramane, Sultan Agung Hanyakrakusuma, bumi Mataram dibedhah jalaran prajurite ora kuwawa ngadhepi barisane dening Trunayaja.
Amangkurat I mlayu mengulon bareng karo garwane kabeh, para putra, lan abdi kakung kang setya marang bendarane. Tekan wewengkon Banyumas, Amangkurat I dhawuh marang Raden Mas Rahmat kang wus nyandhang pangkat Pangeran Adipati Anom (putra mahkota) supaya bali ngrebut Mataram saka tangane mungsuh, nanging ora saguh.
Amangkurat I banjur dhawuh marang putra liyane, Pangeran Puger, kang kaprenah adhine Raden Mas Rahmat seje ibu. Pangeran Puger nyaguhi. Tekan Jenar, Pangeran Puger nglumpukake bala. Ing kono Pangeran Puger banjur madeg ratu ajejuluk Sinuhun Ngalaga. Amangkurat I seda sajroning playon, kasarekake ing Tegalarum.
Sasedane ingkang rama, Raden Mas Rahmat madeg ratu, ajejuluk Amangkurat II. Nuhoni dhawuhe ingkang rama, Amangkurat II njaluk biyantu Kumpeni kanggo numpes mungsuh. Trunajaya klakon katumpes. Amangkurat II dadi ratu Mataram nggenteni kalungguhane ingkang rama. Emane, Amangkurat II ora duwe kraton, jalaran kratone ing Plered wis dilenggahi dening adhine, Sinuhun Ngalaga. Mula Amangkurat II gawe kraton anyar ing Wanakarta. Bareng wis dadi, kraton anyar mau dijenengi Kartasura.
Geneya kraton ing Plered dilenggahi dening Sinuhun Ngalaga, dudu dilungguhi dening Trunajaya sing kasil mbedhah Mataram nganti Amangkurat I keplayu? Critane, nalika Trunajaya kasil mbedhah Mataram, dheweke ora nglungguhi Mataram, kajaba mung njarah-rayah isining kraton. Trunajaya ora ndadedake Plered minangka kratone. Kabeh barang kraton sing kasil dijarah, digawa menyang Kedhiri dening Trunajaya. Sarehning Kraton Mataram sing ana Plered kosong, mula Sinuhun Ngalaga migunakake kalodhangan mau kanggo nglenggahi tilas kratone ingkang rama.
Amangkurat II nimbali adhine, Sinuhun Ngalaga, amrih gelem bedhamen, nanging adhine ora gelem, amarga padha-padha kepengin dadi ratu. Bab iki ndadekake perang antarane kakang lan adhi. Amangkurat II kang dibiyantu Kumpeni mburu Sinuhun Ngalaga, nanging kandheg amarga kalangan kali. Amangkurat II leren ing Desa Panggung, saelore kali; dene Sinuhun Ngalaga ngaso ana ing Desa Kruwel, sakiduling kali.
Awit saka pamrayogane Ki Urawan sing didhawuhi dening Amangkurat II, wusanane Sinuhun Ngalaga pasrah dhampar keprabon marang Amangkurat II. Sinuhun Ngalaga asmane bali ing asale, yaiku Pangeran Puger. Ya iki sing dipralambangake ”denwadhahi bumbung”.
7. Patine ceker ngayam.
Gatra kaping wolu, sanga, lan sepuluh mralambangake Mas Dirana kang dicancang ing sangisoring wit wringin ing alun-alun Kartasura, banjur dicakar-cakar nganggo dom.
Mas Dirana iku anake Ki Dirada, sesepuh pawang gajah ing Kraton Kartasura. Sawise Ki Dirada tilar donya, Mas Dirana magang dadi abdi dalem. Nanging sawise sauntara wektu, Mas Dirana ora diangkat dadi abdi dalem. Malah sing diangkat nggenteni kalungguhane wong tuwane,wong liya. Bab iki ndadekake kuciwane Mas Dirana.
Mas Dirana mulih menyang kampune, Gadhingan. Mas Diana ngojok-ojoki wong-wong amrih gelem mbiyantu marang dheweke. Sawise oleh bala akeh, Mas Dirana banjur ngraman. Wiwitane ngraman ana ing Ngentha-entha, nganti gawe wedine wong-wong ing wewengkon liya. Pangramane Mas Dirana dipralambangake “gajah meta” utawa gajah ngamuk.
Susuhunan Pakubuwana I banjur ndhawuhi marang Pangeran Pringgalaya supaya nyekel Mas Dirana. Perang antarane prajurit Kartasura lumawan Mas Dirana sakancane, dumadi. Mesthi wae kanca-kancane Mas Dirana sing saka desa ora kuwagang ngadhepi kridhane prajurit Kartasura. Kabeh padha mlayu, klebu Mas Dirana. Ana ing Borobudhur, Mas Dirana kecekel dening prajurit Kartasura. Awit saka dhawuhe Susuhunan Pakubuwana I, Mas Dirana dicancang ana sangisoring wit wringin ing alun-alun Kartasura. Ya iki kang dipralambangake “cinancang ing sidaguri”.
Paukuman kang ditampa dening Mas Dirana, dirajam. Sing dikon ngrajam wong-wong ing negara kasebut.kuwi. Dene sing dienggo ngrajam yaiku dom. Sarehning Mas Dirana ora tedhas ditubles dom, mula carane ngrajam banjur ganti dicakar-cakar nganggo dom. Ora kuwat ngempet lara jalarn dicakar-cakar nganggo dom, wusanane Mas Dirana nemahi pati. Paukuman iki kang dipralambangake “patine ceker ngayam”. Tegese, matine (kaya) diceker-ceker ayam.



Tidak ada komentar :
Posting Komentar