Rabu, 03 Juli 2024

PANGANAN TRADHISIONAL LAN SEJARAHE 2

Masih melanjutkan pembicaraan tentang Makanan Tradisional dan Sejarahnya.


Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 29 Juni 2024


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 29 Juni 2024, Halaman 32



Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 29 Juni 2024, Halaman 33



Salinan dari tulisan di atas.


 PANGANAN  TRADHISIONAL LAN SEJARAHE (2)


Tulisan ing kalodhangan iki mbacutake andharan rubrik Taman Wanita kang kapacak ing PS nomer 24. Yaiku bab olahan utawa mangsakan tradhisional. Sanadyan klebu lawasan, ananging tetep akeh pendhemene. Malah, dadi panganan khas. Mula, ayo mesisan nyinau bab sejarahe.


PECEL

Sapa sing nyana, ana panganan sing prasaja banget, jebul wis ana atusan taun kepungkur. Jenenge pecel.

Pecel iku panganan awujud kluban kang disiram bumbu kacang. Kluban mau lumrahe dumadi saka kangkung, bayem, godhong tela, lan liya-liyane sing wis digodhog. Dene bumbune digawe saka kacang, lombok, bawang, brambang, lan kencur. Kejaba kluban, uga ana campuran liyane, kaya ta kemlandhingan lan kecombrang minangka pepak-pepak lan nambahi rasa. Senajan katon prasaja, nanging bumbune kang legit marakake akeh wong kang seneng karo pecel.

Miturut Wira Hardiyansyah kaya kang disebutake ing https://food.detik.com/, pecel dinuga wis ana wiwit sadurunge Masehi. Ing layang-layang kasusastran, tembung pecel sepisanan ditemokake ing Kakawin Ramayana sing dianggit jamane Rakai Watukura Dyah Balitung dadi ratu ing Kraton Mataram Hindhu. Ing kitab kasebut dikandhakake yen sakabehing suguhan kang disuguhake nganggo bumbu panas, daging sing dicacah dicampur karo kluban, pecel sing dijangkepi peresan jeruk nalika arep dipangan. Suguhan mau dipangan karo sega sewarege. Ing Babad Tanah Jawi weton Meinsma dicritakake yen Ki Gedhe Karanglo nyuguhi sawetara panganan marang Ki Ageng Pemanahan, kaya ta sega lan pecel nalika arep babad Alas Mentaok, cikal-bakal madege Kraton Mataram Islam. Wondene Serat Centhini nyebutake maneka warna panganan, kaya ta: sega pulen, ayam, dhendheng kidang, lalapan sledri, kecambah, lan kemangi.

Wewengkon kang kawentar pecele yaiku Madiun lan Blitar. Nanging ora ateges ing wewengkon liya ora ana pecel. Bisa dikandhakake yen saben kutha ing tanah Jawa ana panganan sing aran pecel. Ing jaman biyen, tumrap wong-wong kang numpak sepur saka Sala, Yogyakarta, apadene Kuthoarjo tumuju Jakarta utawa suwalike, ing Stasiun Kroya bakal ketemu bakul pecel munggah sepur lan penumpange bisa tuku pecel. Kuwi jaman biyen, nalika bakul-bakul entuk munggah sepur lan dodolan neng jero sepur. Saiki bakul-bakul wis ora entuk dodolan neng sajeroning sepur maneh, kajaba petugas sepur sing dodolan.

Pecel, arane beda-beda. Ana araning pecel kang didhasarake marang wewengkon, kaya ta pecel Madiun, pecel Blitar, lan pecel Kroya. Ana uga pecel kang diarani adhedhasar wadhahe utawa rasane. Pecel pincuk upamane, diarani mangkono marga pecele dipincuk nganggo godhong gedhang. Samono uga pecel tumpang lan pecel bledheg, diarani mangkono marga sambele nganggo sambel tumpang, lan sambele pedhes banget nganti dianggep kaya bledheg.

Senajan lumrahe sambel pecel iku nganggo kacang, nanging ana kang nganggo wijen. Pecel nganggo sambel wijen taktemokake ing Sala nalika ing pungkasaning taun 2022 aku sak-anak bojo dolan-dolan menyang Sala saka Tangerang. Ngepasi dina Minggu, ing dalan Slamet Riyadi Sala ana car free day. Ing sadawane dalan Slamet Riyadi akeh sing adol panganan, klebu pecel. Iya ing kene aku sepisanan ngrasakake pecel nganggo bumbu wijen.

 

SEGA GROMBYANG

Beda karo soto kang bisa ditemokake ing saben kutha, panganan kang aran sega grombyang pancen ora patia kondhang. Iki bisa dimaklumi, marga sega grombyang mujudake panganan khas Pemalang, Jawa Tengah, sing durung sumrambah ing kutha-kutha liya. Senajan mangkono, sega grombyang wis ditetepake dadi Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) dening Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia (kawaosa: Indhonesia), tanggal 29 Oktober 2021.

Manut ngendikane Kepala Bidang Kebudayaan, Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Pemalang, Ismun Hadiyono, kaya kang dikabarake ing https://jatengprov.go.id/ (Jemuwah, 5 November 2021), senajan sega grombyang klebu barang, nanging olehe ditetepake dadi WBTB iku luwih condhong ing babagan teknologi tradisional. Dudu wujude sega grombyang sing ditetepake dadi WBTB, nanging carane ngolah sing dadi panganan mau nduweni kaluwihan.

Miturut Waridin, salah sawijining tukang dagang sega grombyang, gawe grombyang kuwi luwih njlimet tinimbang gawe soto, wiwit ngolah daging, ngirisi, menehi duduh kang digawe saka kluwek, srundeng, lan gajih daging. Duduhe uga dibumboni lengkuwas, jae, kunir, godhong salam, kemiri, lan liya-liyane. Sadurunge disuguhake, diuwur-uwuri muncang lan brambang. Biyen, daginge nganggo daging kebo. Ing sarehning daging kebo saiki angel golek-golekane, mula banjur diganti nganggo daging sapi. Wondene wektune, butuh kira-kira rong jam kanggo olah-olah grombyang.

Ora cehta wiwit kapan sega grombyang iku ana. Ujaring kandha, sega grombyang wis ana wiwit 1960-an. Nalika samono olehe dodol sega grombyang ora netep kaya saiki, nanging ider.

Jeneng sega grombyang asale saka bahasa Jawa dialek Pemalang. Grombyang tegese kemambang, goyang-goyang. Diarani grombyang, marga nalika nyuguhake, duduhe luwih akeh tinimbang segane, saengga sega bisa ngambang lan goyang-goyang ing sajroning duduh. Mbokmanawa kuwi cara nyuguhake sega grombyang jaman biyen, awit jaman saiki antarane duduh, sega, lan daging katon imbang.

Sega grombyang kang kondhang ing Pemalang yaiku Sega Grombyang H. Warso ing sacedhaking alun-alun Pemalang. Dene Waridin iku keponakane H. Warso. Biyen, Waridin tau ngrewangi pamane dodolan sega grombyang. Wiwit taun 1978 Waridin dodolan sega grombyang dhewe. Warunge sing mapan ing dalan Gatot Subroto (sangarepe SMAN 1 Pemalang), uga ora kalah kondhang karo warung Sega Grombyang H. Warso.


(Mulyono A.)

Tidak ada komentar :