Selasa, 23 Juli 2024

DADI WONG SEPUH SING ORA SEPAH

Menjadi lansia yang berguna.

Cover Majalah Penjebar Semangat, Nomor 29, Tanggal 20 Juli 2024


Majalah Penjebar Semangat, Nomor 29, Tanggal 20 Juli 2024, Halaman 26


Salinan dari tulisan di atas


Siapa bilang lansia tidak berguna

Bangun pagi sembahyang tuk anak cucu

Siapa bilang lansia hanya hiasan

Meskipun tua tetap diperlukan

 

Iku mau cuplikan lagu asesirah “Siapa Bilang Lansia Tidak Berguna”. Lansia, cekakan saka lanjut usia, padha karo sepuh ing basa Jawa. Adate, sepuh digandhengake karo umur. Saya tuwa umure, saya dianggep sepuh. Ewasamomo, sepuh uga bisa disambung-rapetake karo meneping pikir. Senajan umure durung patia tuwa, yen pikire menep, bisa dadi panutan, kala-kala wong mau didadekake sesepuh. Tegese, wong kang dituwakake.

Wis dadi kodrate manungsa, saya tuwa umure adate ragane saya kurang. Yen biyen isih kuwat mlaku adoh, saiki mlaku cedhak wae wis krasa kesel. Yen biyen isih kuwat nggendhong anak senajan anake wis rada gedhe, saiki nggedhong putu isih cilik, sedhela wae wis krasa pegel. Yen biyen isih kuwat nyokot panganan sing rada atos, saiki arep nyokot panganan kaya mangkono wedi yen untune gompel. Malah akeh wong sing wis ompong nalika umur durung nganti 60. Yen biyen peningale isih awas, saiki wis blawur. Yen nalika isih nom pangrungone isih cetha, saiki wis wiwit suda pangrungon. Mangkono sapiturute.

Senajan wis ora kaya dhong nalika isih nom, nanging sabisa-bisa awak tetep seger kuwarasan. Dene carane amrih awak tetep bagas-waras tumrap wong kang wis sepuh, kaya kang diandharake ing https://ayosehat.kemkes.go.id, yaiku kudu sregep ngobahake awak (olah raga), njaga boboting awak amrih ora gampang kena lelara, mangan panganan sehat lan ngombe sing cukup, ngaso utawa turu sing cukup, lan ajeg priksa kasarasan.

Kajaba njaga awak amrih tetep seger kuwarasan, sabisa-bisa uga aja nganti dadi wong sepuh sing dianggep sepah. Tegese, wong  kang ora migunani.

Sanajan wis sepuh, yen duwe kabisan, sabisa-bisa tularna kabisan mau marang wong kang isih nom. Sing pinter maca Al-Qur’an upamane, bisa mulang bocah-bocah ing sakiwa tengene amrih bisa maca Al-Qur’an kanthi bener. Sing pinter olah-olah, bisa mulang-wuruk kanca-kancane sing luwrih nom kepriye carane supaya olah-olahane enak, senajan olehe ngajari sinambi lelungguhan kalaning nganggur. Sing pinter nulis, tulisen kawruhe lan kirimake menyang koran utawa majalah. Yen tulisan mau kapacak, muga-muga migunani tumrap sing maca. Sing pinter paring sabda, bisa paring sabda ing pesamuan utawa nalika dadi pamedhar sabda tumraping penganten. Sing pungkasan iki jumbuh kalawan keratabasane sepuh, sing jarene nduweni teges “sabdane ampuh”.

Mesthi wae ora mung kuwi. Isih akeh sing bisa ditindakake dening para sepuh kanggo nularake kawruh lan kapinterane marang wong liya. Utamane marang kang luwih nom, amrih kawruh lan kapinterane para sepuh ora ilang ing wektu--wektu candhake.

 

(Mulyono Atmosiswartoputra)

Tidak ada komentar :