Rabu, 17 Juli 2024

CANDHI IJO, Candhi kang Dumunung ing Gumuk Ijo

Plesir yuuukkk..... 

(Wisata yuuukkk.....)



Cover Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024

 


Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024 Halaman 26.


Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024 Halaman 27.


Salinan dari tulisan di atas


Yogyakarta kajaba kondhang minangka kutha budaya, uga kondhang papan wisatane sing nyenengake. Ana wisata alam, wisata religi, apadene wisata budaya lan sejarah. Wisata alame kari milih, arep mlaku-mlaku menyang alas, gumuk, guwa, apa segara. Wisata religine ana Masjid Gedhe Mataram Kuthagedhe, Gereja Ganjuran, Guwa Maria Tritis, Klentheng Gondomanan, Klentheng Pancawinatan, Pura Vaikuntha Vyomantara, Sendhang Sriningsih, Sendhang Sana, lan liya-liyane. Dene wisata budaya lan sejarahe uga ora kalah akeh, kaya ta: Kraton Ngayogyakarta, Taman Sari Kraton Ngayogyakarta, Candhi Prambanan lan candhi-candhi liyane ing sakiwa-tengene Kutha Yogyakarta.

Saka pirang-pirang papan wisata, ing kalodhangan iki sing bakal diaturake yaiku Candhi Ijo. Candhi iki dumunung ana ing Dhukuh Groyokan, Kelurahan Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Sleman, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Diarani Candhi Ijo jalaran papane ana ing Gumuk Ijo. Candhi iki klebu sing paling dhuwur ing wewengkon Yogyakarta amarga dumunung ing gumuk kang dhuwure kurang luwih 417 meter sandhuwuring banyu segara. Wondene candhine kira-kira dumunung ing papan kang dhuwure 375 meter sandhuwuring banyu segara.

Panyebuting aran “Ijo”, pisanan tinemu ing Prasasti Poh kang katitimangsan taun 906 miturut penanggalan Masehi. Ana ing prasasti mau, disebutake “… anak wanua i wuang hijo” sing tegese: bocah desa, wong Ijo.

Miturut cathetan sing ana ing papan pawarta Candhi Ijo, candhi iki pisanan ditemokake tanpa sengaja dening sawijining administratur pabrik gula Saragedhug aran H.E. Doorepool ing taun 1886 Masehi nalikane dheweke lagi golek papan kanggo nandur tebu.

 

Candhi Ijo

(Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)

 

Candhi Ijo kang papane gumelar saka kulon mengetan iki klebu candhine wong Hindhu. Candhi Ijo mujudake kompleks candhi sing nganggo undhag-undhagan, saya memburi saya dhuwur. Punjere candhi ana ing perangan buri, yaiku sisih wetan. Candhi-candhi mau ngenggoni 11 plataran sing nduweni undhakan sing dhuwure beda-beda wiwit saka kulon mengetan. Punjere kompleks Candhi Ijo ana plataran sing paling dhuwur, yaiku plataran kaping 11. Ing plataran kasebut ana telung candhi. Sing siji minangka baboning candhi (candi induk), dene sing loro minangka candhi perwara  utawa candhi cilik, mapan ing sangarepe baboning candhi (candi induk).

Yen pinuju ana ing kompleks Candi Ijo, ing sisih kulon katon sesawangan kang endah arupa sawah-sawah lan gumelaring alam, kaya pesisir Parangtritis lan lapangan motor mabur Adisucipto.

Lereng Ijo

(Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)

 

Ana ing sebrang dalan ngarep lawang mlebu Candhi Ijo, ana papan sing diarani Lereng Ijo. Yen wis kesel olehe plesiran ana ing Candhi Ijo, bisa ngaso ing kene karo jajan. Sing didol ana unjukan, ana uga dhaharan.

Ing Lereng Ijo, sapa wae bisa nyawang sesawangan kang endah sing ana ing ngisoring perenge gumuk. Kaya dene ana ing Candhi Ijo, ing Lereng Ijo uga apik kanggo papan foto-foto tumrap sing seneng nyimpen foto kanggo pangeling-eling.

Ora adoh saka Candhi Ijo, kira-kira ora nganti sekilometer, ana papan wisata uga. Arane Tebing Breksi. Papan wisata iki isih nunggal kelurahan karo Candhi Ijo.

Tebing Breksi

(Foto: Mulyono Atmosiswartoputra)

 

Ana sing kandha, Tebing Breksi biyene awu sing disemburake dening Gunung Geni Nglanggeran puluhan yuta taun kepungkur. Awu mau saya suwe saya atos, saengga dadi watu kapur. Watu kapur mau padha dijugili dening wong-wong kang manggon ing sakiwa tengene papan kasebut kanggo pangupajiwa. Saiki, papan bekas watu kapur sing dijugili mau malih dadi papan wisata.

Tumrap sing kepengin plesir menyang Candhi Ijo, papan iki ora adoh saka Candhi Prambanan lan Ratu Baka.

 

(Mulyono Atmosiswartoputra)

Tidak ada komentar :