Selasa, 09 Juli 2024

PANGANAN TRADHISIONAL LAN SEJARAHE (3):

Masih bicara makanan tradisional.



Cover Majalah Panjebar Semangat Nomor 27, Tanggal 6 Juli 2024.



Majalah Panjebar Semangat Nomor 27, Tanggal 6 Juli 2024, Halaman 32.


Majalah Panjebar Semangat Nomor 27, Tanggal 6 Juli 2024, Halaman 47.


Salinan dari tulisan di atas.


Isih mbacutake tulisan edhisi kepungkur yaiku bab panganan tradhisional. Kajaba bisa ngajak putra-putri nyinau bab sejarahe maneka panganan khas Nuswantara, ibu uga bisa njajal nggawe lho! Ngepasi wayahe bocah-bocah padha prei anggone sekolah. Yen ora padha plesiran, ibu bisa ngajak bebarengan nggawe nyamikan.

 

Gethuk, asale saka tela

Yen ra pethuk, atine dadi gela

 

Para maos lumrahe padha ngerti ya lelagon kasebut? Wis leren dhisik aja dibacutake nyanyi, mundhak tansaya kangen ora bisa lali. Panganan kang dijupuk arane kanggo tetembangan kasebut pancen salah sijine olahan khas ing madyaning bebrayan Jawa, Gethuk, kang digawe saka tela.

 

Tela klebu pala kependhem kang akeh banget pigunane. Kejaba enak dipangan kanthi digodhog utawa dikukus, tela uga enak dipangan kanthi cara digoreng. Ora mung kuwi, tela uga bisa diolah dadi panganan liya, kaya ta: thiwul, lanthing, kripik, gethuk lan liya-liyane.

Gethuk, salah sawijining panganan sing digawe saka tela, ujaring kandha asale saka Magelang, Jawa Tengah. Sajake marga saka iku, Magelang nganti saiki kondhang minangka kutha gethuk.

Mula-bukane ana gethuk, nalika negarane dhewe dijajah Jepang, beras kang minangka bahan pokok panganane wong Indonesia (kawaosa: Indhonesia), angel banget golek-golekane marga saking langkane. Amrih weteng tetep kisenan, wong-wong banjur ndadekake tela minangka panganan gantine beras. Carane, tela kang wis dionceki mau, dikukus, banjur dijojoh. Amrih krasa legi, nalika tela mau dijojoh, diwenehi gula klapa (sok sinebut gula Jawa, red.).

Dinulu saka wujude, gethuk cacahe ana loro, yaiku gethuk biasa lan gethuk lindri. Apa bedane gethuk biasa karo gethuk lindri? Yen gethuk biasa, carane gawe mung cukup tela dikukus, banjur dijojoh karo gula Jawa. Yen wis alus, gethuk mau banjur diiris-iris. Wondene gethuk lindri, carane gawe padha karo gethuk biasa, mung wae ditambahi warna, kaya ta: abang, ijo, kuning, utawa coklat. Lumrahe, embuh kuwi gethuk biasa utawa gethuk lindri, yen pas disuguhake, diwenehi parudan klapa.

Diarani gethuk, jalaran nalika tela mau dijojoh ing lumpang, unine “thuk, thuk”. Saka tembung “thuk, thuk” mau, mula panganan kang dijojoh kasebut banjur diarani gethuk.

Bebrayan Jawa kang seneng ngothak-athik tembung amrih mathuk, nganggep yen gethuk iku asale saka tembung “yen digeget manthuk-manthuk”. Ana ing kasusastran Jawa, negesi tembung kang mung adhedhasar othak-athik amrih mathuk, diarani jarwa dhosok utawa keratabasa.

Senajan gethuk asale saka Magelang, nanging ing jaman saiki gethuk wis bisa ditemokake ing sadhengah kutha ing tanah Jawa. Wujud lan rasane uga maneka warna. Ana gethuk biasa, gethuk lindri, gethuk trio Magelang, gethuk gulung, gethuk goreng Sokaraja, gethuk pisang Kedhiri, gethuk tales, lan gethuk tela rambat. Carane gawe, isih ana sing dijojoh, nanging uga wis ana sing nganggo mesin.

Panganan liyane sing ora kalah enake ana klepon. Iki klebu jajan pasar kang ora kuwat suwe, marga klepon dudu panganan garing kaya dene lanthing, rempeyek, utawa semprong. Panganan kang digawe saka glepung ketan, uyah, godhong pandhan, gula Jawa, banyu, lan klapa iki klebu panganan teles, mula klepon apike kudu enggal-enggal dientekake supaya ora mubadzir amarga wis ora enak dipangan. Wose, klepon ora bisa disimpen nganti pirang-pirang dina.

Klepon, wujude bunder cilik-cilik, kira-kira gedhene sejempol sikil. Warnane lumrahe ijo, jerone isine gula. Warna ijo mau asale saka peresan godhong pandhan. Yen pas disuguhake, klepon adate diuwur-uwuri parudan klapa.

Miturut Fadly Rahman, kaya kang dikabarake ing https://www.kompas.com/, wong-wong ora ngerti yen klepon mujudake panganan kang wis tuwa umure. Serat Centhini kang ditulis ing awal abad 19, ping pira wae nyebut klepon minangka salah sawijining suguhan. Klepon uga dipigunakake minangka panganan kalane slametan utawa pahargyan. Fadly Rahman kang minangka dosen ing Universitas Pajajaran, ngira yen klepon wis dadi suguhan wiwit sadurunge abad 19, dinulu saka bahan kang dienggo gawe klepon, kaya ta: glepung, pandhan, lan gula Jawa.

Klepon jebul ora mung tinemu ing Indonesia (kawaosa: Indhonesia) wae, nanging uga dikenal ing Malaysia, Singapura, lan Landa. Ana ing Indonesia (kawaosa: Indhonesia), klepon ora mung ditemokake ing tanah Jawa, nanging ing Bali, Sulawesi, Kalimantan, lan Sumatra uga ana. Mung wae, ing Sulawesi lan Kalimantan, klepon diarani ondhe-ondhe. Kamangka, ondhe-ondhe yen ing tanah Jawa iku araning panganan kang digawe saka glepung beras kanthi isi adonan kacang ijo.

Ing salah sawijining buku kang ditulis nganggo basa Landa, Indisch Leven in Nederland anggitane J.M. Meulenhoff, disebutake yen klepon ing negara Landa wis ana wiwit tahun 1950-an. Jarene, klepon ing negara Landa sepinan ditepungake dening wong Indonesia asal Pasuruan, Jawa Timur, kang mapan ing negara mau. Wektu semono, klepon sumadya ana ing toko lan restoran Indonesia – Landa, lan bangsa Tionghoa.

                                                                                                        (Mulyono Atmosiswartoputra)








Tidak ada komentar :