Rabu, 17 Juli 2024

PANGANAN TRADHISIONAL LAN SEJARAHE (4)

Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024 memuat dua tulisan saya:

1. Candhi Ijo, Candhi kang Dumunung ing Gumuk Ijo,

2. Panganan Tradhisional lan Sejarahe (4)



Cover Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024.



Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024 Halaman 32.



Majalah Panjebar Semangat Nomor 28 Tanggal 13 Juli 2024 Halaman 33.


Salinan dari tulisan di atas


Sawise mbabar nyamikan loro ing edhisi kapungku, saiki kita bacutake maneh kanthi B2, yaiku Bothok lan Buntil. Lelorone wujud lawuh kancane sega. Ngolahe tanpa digoreng. Sijine dikukus, sijine digodhog. Kang uga saemper, bothok lan buntil bisa dipilih minangka sumber serat, vitamin, mesisan protein.

Ana ing Kamus Kawi – Indonesia anggitane S. Wojowasito ora ditemokake tembung bothok. Dene ing Bausastra Jawa – Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo, tembung bothok ditegesi nama lauk ‘jenenging lawuh’.

Bothok pancen araning lawuh. Bothok digawe saka ampas klapa kang diwenehi bumbu kaya ta: lombok, uyah, mrica, lan godhong salam kang ditum nganggo godhong gedhang, banjur dikukus. Ana uga kang bumbune nganggo lombok, brambang, bawang, kencur, gula, lan uyah. Amrih luwih enak, bothok lumrahe nganggo campuran. Campurane bisa awujud kemlandhingan, teri, urang, tahu, tempe, kemangi, lan liya-liyane. Malah kala-kala ana sing nganggo anak tawon minangka campurane.

 Ora dimangerteni wiwit kapan bothok iku ana. Miturut ahli arkeologi dan sejarah Dwi Cahyono kaya kang dikabarake ana ing https://www.malangtimes.com/, tembung bothok tinemu ing kitab Dewaruci. Mung bae, bothok ing kitab kasebut ora ana sambung-rapete karo panganan. Kang dikarepake bothok ing kitab mau yaiku araning tetuwuhan.

Geneya bothok digawe saka ampas klapa? Kok ora digawe saka parudan klapa? Ujaring kandha, parudan klapa sing wis diperes, ampase isih ana gizine. Amrih ora muspra, ampas mau ora dibuwang, nanging didadekake bahan panganan, yaiku bothok. Ben krasa luwih enak, ampas klapa mau banjur diwenehi bumbu lan campuran liyane. Bothok mau diarani jumbuh klawan campurane, kaya ta: bothok kemlandhingan, bothok teri, lan sapiturute.

Sapa sing durung tau nyicipi buntil? Panganan kang digawe saka klapa diparud kang dibumboni, dicampur karo teri utawa pete, banjur dibuntel godhong kang klebu sayuran. Ana sing nganggo godhong kates, godhong pace, godhong lumbu, uga godhong tela, Sabanjure racikan iku digodhog nganggo kuwah santen. Yen wis mateng, rasane pancen maknyus. Buntil lumrahe dienggo lawuh. Mangan sega anget kanthi lawuh buntil lan sambel, rasane enake ora karuwan. Nanging buntil uga bisa dipangan tanpa sega.

Olehe diarani buntil, jarene wong Banyumas, marga panganan kasebut dibungkus, banjur diuntil-until utawa dijiret-jiret. Pancene iya mangkono. Amrih godhong kates utawa godhong liyane sing dienggo mbungkus ora udhar, mula banjur dijireti. Ana sing dijiret nganggo rafia, ana uga kang nganggo tali.

Buntil, jenise ana loro, yaiku buntil garing lan buntil kambang. Buntil garing yaiku buntil kang tanpa duduh; dene buntil kambang yaiku buntil kang nganggo duduh santen nalika disuguhake, lan rasane pedhes marga nganggo lombok rawit.

Buntil akeh ditemokake ing pasar-pasar ing tanah Jawa, warung panganan pinggir dalan, malah kepara ana sing ider dodolan buntil.

Ana ing bekas Kekaisaran Ottoman, wiwit Timur Tengah nganti Eropa Tenggara, ana panganan kang mirip buntil. Arane salma. Salma yaiku panganan awujud daging kang dicacah, banjur dibungkus godhong anggur enom utawa kobis.

 (Mulyono Atmosiswartoputra)

Tidak ada komentar :