Rabu, 04 September 2024

NGONCEKI PURWAKANTHINE LELAGON “NUMPAK SEPUR”

Lagu zaman dulu.


Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 35, Tanggal 31 Agustus 2024


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 35, Tanggal 31 Agustus 2024, Halaman 34


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 35, Tanggal 31 Agustus 2024, Halaman 35


Salinan tulisan di atas.


  NGONCEKI PURWAKANTHINE LELAGON “NUMPAK SEPUR”

 

Mulyono Atmosiswartoputra

 

Nalika aku lagi bukak-bukak facebook, tanpa dinyana-nyana semliwer vidio sing isine lelagon dolanan kanthi judhul “Numpak Sepur”. Senajan lelagon mau ora jangkep jalaran vidio-ne pedhot ing tengah dalan, nanging pikiranku kumeplas ing jaman nalika aku isih cilik.

Nalika samono, udakara taun 1960-an pungkasan utawa 1970-an awal, aku sering direngeng-rengengi dening bapakku. Senajan bapakku dudu ahli kagunan (seniman) lan swarane ya pas-pasan, nanging apalan tembange klebu akeh, salah sijine yaiku lelagon dolanan “Numpak Sepur” mau.  

Sarehning lelagon dolanan sing semliwer mau ora jangkep, mula aku banjur nggoleki sing jangkep ana ing youtube. Jebul ing youtube akeh banget vidio lelagon dolanan “Numpak Sepur”. Cakepane uga beda-beda. Awit saka iku, aku banjur nggoleki lelagon kang ditembangake dening kenya sing kaya ana ing facebook, aran Umi Hafifah.

Lelagon dolanan kang kaunggah ing youtube lan ditembangake dening Umi Hafifah mau unine mangkene.  

 

Sinten numpak sepur

bayare setali

wong niki sepur dhur

mlampah teng Kedhiri

 

Sinten trimah nggonceng

konangan kondhektur

menawi didhendha

napa mboten kojur

 

Lelagon kang dumadi saka rong pada mau, kejaba kuwawa ngeplasake pikiranku bali ing jaman nalika aku isih cilik, uga kuwawa narik kawigatenku.

Kang narik kawigatenku sing sepisan yaiku tembung setali lan sepur dhur, jalaran tembung-tembung mau saiki wis ora lumrah dienggo ing pacelathon.

Kaya kang disebutake ing pada kapisan, numpak sepur mau bayare setali. Banjur pira ajine dhuwit setali?

Aja maneh bocah jaman saiki, aku sing umure wis 60 taun luwih wae, saelingku, durung tau weruh wujude dhuwit setali, senajan biyen sering krungu tembung kasebut. Bab mau disababake dhuwit setali wis ora dienggo maneh. Sing tau dakweruhi yaiku dhuwit seringgit (1 ringgit), sing ajine padha karo 2,5 rupiah. Iki dudu Ringgit dhuwit Malaysia lo ya?

Dhuwit seringgit weton taun 1968
(Gambar kapethik saka: https://www.tokopedia.com/)

 

Yen para maos mbukak google lan nggoleki tegese tembung setali, ing kono bakal ditemokake katrangan kang beda-beda. Ana sing kandha yen setali iku ajine padha karo ¾ (telung prapat) rupiah aliyas 75 sen. Nanging ana uga sing kandha yen setali iku padha karo 25 sen. Tumrap wong sing bener-bener kepengin ngerti pira ajine dhuwit setali, mesthi wae katrangan kasebut malah gawe bingung.  

Banjur endi sing bener, setali iku padha karo 75 sen apa 25 sen?

Amrih ora mung ngira-ira, aku banjur nggoleki tegese tembung mau ing kamus. Ing Baoesastra Djawa anggitane W.J.S. Poerwadarminta, tembung setali (ngoko) utawa setangsul (krama) ditegesi 25 sen. Ing Bausastra Jawa - Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo, tembung setali uga ditegesi 25 sen.

Ing sarehning W.J.S. Poerwadarminta klebu ahli basa, mula aku luwih percaya yen setali iku padha karo 25 sen, dudu ¾ (telung prapat) rupiah aliyas 75 sen. Kejaba ahli basa, W.J.S. Poerwadarminta kang lair ing taun 1904 lan seda taun 1968 tamtu luwih ngerti ajine dhuwit setali, jalaran ngalami lumakune dhuwit mau. Beda karo wong-wong sing seumuran karo aku sing mung krungu tembung setali, nanging ora ngalami lumakune dhuwit mau, dadi ora ngerti pira ajine dhuwit setali.

Kejaba setali, tembung sing saiki wis ora lumrah dienggo caturan ini bebrayan yaiku sepur dhur. W.J.S. Poerwadarminta negesi tembung dhur = terus, banjur bae, mbandhang. Dene sepur dhur ditegesi sepur terusan tanpa mandheg. Mandhege sepur mau mung winates ing stasiun-stasiun sing wis ditemtokake. Yen ing jaman saiki, sepur dhur iku padha karo kereta api ekspres.

Sepur jaman biyen
(Foto kapethik saka: https://id.pngtree.com/freebackground/an-old-train-with-smoke-pouring-out-of-it_2646525.html)

 

Kang narik kawigatenku sing kapindho, senajan lelagon mau cukup cekak, nanging enak dirungokake jalaran akeh purwakanthine.

Apa iku purwakanthi? Kaya kang dakaturake ing bukuku kang asesirah Unsur-Unsur Budaya dalam Babad Sekaten, Suatu Tinjauan Filologis, purwakanthi yaiku unen-unen utawa tembung ing sawijining anggitan utawa ukara kang digunakake amrih anggitan utawa ukara mau dadi katon endah utawa malah luwih endah.

Purwakanthi bisa dibagi dadi telung perangan, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi lumaksita.

Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang runtut swarane utawa mirip unine.

Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang runtut aksarane, utawa aksarane dibolan-baleni.

Dene purwakanthi lumaksita yaiku purwakanthi sing mlaku, tegese tembunge dibaleni maneh ing perangan mburine. Purwakanthi lumaksita uga diarani purwakanthi basa.

Yen disetitekake, lelagon dolanan “Numpak Sepur” nduweni purwakanthi cacah loro, yaiku purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru sastra.

Purwakanthi guru swara bisa dinulu ing pada kapisan lan kapindho.

Ing pada kapisan, swara “ur” ing pungkasaning gatra kapisan (sinten numpak sepur), dibaleni maneh ing pungkasaning gatra kaping telu (wong niki sepur dhur). Samono uga swara “i” ing pungkasaning gatra kapindho (bayare setali), dibaleni maneh ing pungkasaning gatra kaping pat (mlampah teng Kedhiri).

Ing pada kapindho, swara “ur” ing pungkasaning gatra kapindho (konangan kondhektur), dibaleni maneh ing pungkasaning gatra kaping pat (napa mboten kojur).

Kaya dene purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra uga bisa dinulu ing pada kapisan lan kapindho.

Ing pada kapisan, aksara sing kembar ing saben gatrane mung tinemu ing gatra kapisan yaiku “s” lan “p” (sinten numpak sepur). Nuwun sewu, sing dikarepake s” lan “p” ing kene yaiku aksara sing ora dipasangi utawa dipangku. Puwakanthi guru sastra bakal katon cetha yen ditulis nganggo aksara Jawa.

Wondene ing pada kapindho, aksara sing kembar ing saben gatrane yaiku:  

Ø aksara “t” ing gatra kapisan (sinten trimah nggonceng),

Ø aksara “k” ing gatra kapindho (konangan kondhektur), lan

Ø aksara “dh” ing gatra kaping telu (menawi didhendha).

Mangkono mau rembug sapala bab lelagon dolanan “Numpak Sepur”. 

Tidak ada komentar :