Jumat, 16 Oktober 2026

SUNAN AMPEL: Antarane Sejarah, Legenda, lan Piwulang Ma Lima

 



Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 43, tanggal 24 Oktober 2026

Majalah Panjebar Semangat, Nomor 43, tanggal 24 Oktober 2026, halaman 12.


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 43, tanggal 24 Oktober 2026, halaman 35.



Salinan dari tulisan di atas.


SUNAN AMPEL: 

Antarane Sejarah, Legenda, lan Piwulang Ma Lima


Sunan Ampel klebu salah sawijining Wali Sanga. Diarani Sunan Ampel jalaran panjenengane dedalem, seda, lan disarekake (dikubur) ana ing Ampeldenta (saiki Kelurahan Ampel, Kecamatan Semampir, Kota Surabaya).

Banjur sapa asma asline Sunan Ampel?

Miturut K.H.M. Ibrahim Said, Takmir Masjid Agung Ampel taun 1948-1973 ana ing bukune kang asesirah Sunan Ampel dan Perjuangannya, asma asline Sunan Ampel yaiku Ali Rahmatullah utawa Ali Rahmat, asal saka Champa. Nanging ora sethithik sing ngarani yen asma asline Sunan Ampel iku Raden Rahmat. Ing bab iki, Agus Sunyoto ana ing bukune kang asesirah Sunan Ampel: Taktik dan Strategi Dakwah Islam di Jawa Abad 14-15 ngendikakake yen gelar “Raden” kang tumempel ana sangareping asmane Ali Rahmatullah utawa Ali Rahmat iku njarwakake gelar “Sayid” saka basa Arab sing ateges “bapa” utawa “bapak”.

Ing basa Kawi, jarwane tembung “bapa” yaiku “Rahadyan” sing ana ing basa Jawa disebut kanthi cekak “Raden”. Gelar kasebut ing jaman Majapahit dienggo ngarani wong-wong sing asale saka mancanegara sing ngrasuk agama Islam.

Yen mbukak Bausastra Jawa anggitane W.J.S. Poerwadarminta, tembung sayid ditegesi “sesebutane wong Arab turune Nabi Muhammad”, dudu ”bapa” kaya anggepane Agus Sunyoto. Ewasamana bisa dimangerteni yen asma Ali Rahmat banjur dadi “Raden Rahmat”, marga sawise dumunung ing tanah Jawa, panjenengane banjur mundhut garwa trahing ngaluhur.

Ngenani dununge Champa, para ahli sejarah isih beda panemu. Ana sing kandha yen Champa dumunung ing Vietnam, ana sing nyebutake dumunung ing Thailand (biyen Muangthai), ana sing ngarani dumunung ing Kamboja, lan ana uga sing nganggep yen Champa iku padha karo Jeumpa ing Aceh. Nanging miturut Wikipedia, Kraton Champa yaiku kraton kang tau ngereh wewengkon sing saiki klebu Vietnam tengah lan kidul, kira-kira antarane abad kaping 7 nganti tekan 1832.  

Ing bukune kang asesirah Keteladanan dan Perjuangan Wali Songo dalam Menyiarkan Agama Islam di Tanah Jawa, K.H. Abdullah Zaky Al-Kaaf lan Maman Abd. Djaliel ngendikakake yen bapake Raden Rahmat sing aran Ibrahim Asmarakandi nikah karo Dewi Candrawulan, anak wadone ratu Champa. Dewi Candrawulan duwe adhi wadon aran Dewi Anarawati utawa Dwarawati sing dipundhut garwa dening ratu Majapahit.

Sajake marga saka iku, mula Agus Sunyoto ngendikakake yen kahanane Sunan Ampel tansah digathukake karo Putri Cempa kang aran Darawati (Dwarawati) sing dipundhut garwa dening Prabu Sri Kertawijaya, ratu Majapahit.

Ing crita-crita Jawa dicritakake yen Ali Rahmatullah tumuju tanah Jawa bebarengan karo bapake lan sedulure sing aran Ali Murtadho, lan kancane sing aran Abu Hurairah (Raden Burereh). Rombongan saka Champa mau teka ing Tuban. Sawise manggon ing Tuban sawetara wektu nganti sedane bapake (Ibrahim Asmarakandi) kang disarekake ing Desa Gisik, Kecamatan Palang, Tuban. Ali Rahmatullah banjur tumuju Majapahit, nemoni bulike sing dadi garwane ratu Majapahit kuwi.  

Dening ratu Majapahit, Ali Rahmatullah didhawuhi nggulawenthah para kawula Majapahit amrih nduweni budi pakerti sing luhur lan diparingi tanah ing wewengkon Surabaya. Ali Rahmatullah sendika dhawuh.

Miturut sawatara ahli sejarah, ana sing ngendikakake yen Ali Rahmatullah banjur dipalakramakake karo salah sawijining putrine (anak wadone) ratu Majapahit sing aran Dewi Candrawati.

Sawise nampa dhawuh amrih nggulawenthah para kawula Majapahit, Ali Rahmatullah utawa Ali Rahmat iki banjur tumuju Ampeldenta ing sisih wetane Surabaya. Sajake marga saka iku, mula Ali Rahmat dening wong Jawa banjur sinebut kanthi gelar “Raden”, yaiku Raden Rahmat.

Ana ing Ampeldenta, Raden Rahmat ngadegake mesjid lan pesantren. Para sudagar Islam sing neneka saka mancanegara tansah nyempatake wektu kanggo nekani mesjid Raden Rahmat ing Ampeldenta. Tansaya suwe pendhereke Raden Rahmat saya akeh. Wusanane, Raden Rahmat kondhang kanthi asma “Sunan Ampel”, tegese wali kang lenggah (dedunung) ing Ampel utawa Ampeldenta. 

Mesjid Sunan Ampel, Surabaya

(Foto kapethik saka: https://khazanah.republika.co.id/berita/oh1e3h313/makna-di-balik-arsitektur-masjid-sunan-ampel)

 

Jalaran nalika samono wong-wong lumrahe isih ngrasuk agama Hindu lan Buda, mula Sunan Ampel anggone nyebarake agama Islam sing durung dimangerteni dening wong akeh, nganggo cara sing gampang ditampa lan diamalake.

Salah sijine piwulange Sunan Ampel yaiku “ma” lima. Karepe, umat Islam bisaa ngedohi piala (tindak kang ala) cacah lima kang tembung-tembunge diwiwiti nganggo aksara Jawa “ma” (yen ditulis nganggo aksara Latin dadi aksara “m”). “Ma” ing kene iku araning aksara Jawa sing kaping 16. Yen ana sing nganggep “ma” ing kene tegese “moh”, sajake wong mau ora ngerti yen iku araning aksara Jawa.

Banjur apa wae “ma” lima sing kudu didohi?

Sapisan, madat. Madat tegese ngisep candu utawa nyeret. Yen ing jaman saiki padha karo wong sing seneng ngisep, ngombe, utawa nyuntikake narkoba ing awake. Ing jaman biyen, ora sethithik wong sing seneng madat. Carane, yen pinuju ngudud, udude dicampur karo candu. Iki padha wae karo ngisep sabu-sabu yen ing jaman saiki. Tumindak kang mangkono klebu tumindak ala kang dilarang dening agama Islam.

Kapindho, madon. Tembung madon asale saka tembung lingga wadon, oleh ater-ater m-. Madon tegese royal wong wadon utawa maksiyat karo wong wadon. Seneng maksiyat karo wong wadon cetha klebu wewalering agama, jalaran iki klebu zina. Aja maneh kok nganti nglakoni saresmi karo wong wadon sing dudu bojone, nembe nyawang wong wadon kanthi nafsu wae, miturut Islam, wis klebu zina, yaiku zina mripat.

Kaping telu, main. Tembung main ing basa Jawa padha karo tembung berjudi ing basa Indonesia. Ing jaman biyen, utamane ing padesan, tontonan sing bisa nyenengake ati iku isih arang-arang. Mula kanggo ngisi wektu lan nyenengake ati, adate wong-wong mau padha main, embuh kuwi adu jago, dhadhu, lan liya-liyane sing nganggo dhuwit. Main klebu tindak ala sing dadi wewalering agama Islam. Mula saka iku, Sunan Ampel menging wong-wong Islam nindakake kuwi. 

Pasarean Sunan Ampel

(Foto kapethik saka: https://sewabussurabaya.com/makam-sunan-ampel/)

  

Kaping pat, maling. Bausastra Jawa anggitane W.J.S. Porwadarminta negesi tembung maling mangkene: (1) durjana kang nyenyolong ing wayah bengi; lan (2) mandung; nyenyolong ing wayah bengi. Sing jenenge nyolong, embuh bengi embuh awan, cetha gawe kapitunaning liyan. Ora mung agama Islam wae sing menging wong nglakoni tindak ala iki, nanging klebu negara uga menging. Sing sapa kecekel marga nyolong bakal diadili lan mlebu pakunjaran.

Kaping lima, minum. Sing dikarepake minum ing kene yaiku omben-omben sing bisa gawe mendem, kaya ta: arak, ciu, lan liya-liyane. Oleh-olehane wong sing seneng minum yaiku bisa ngrusak raga lan akale; bisa ngalang-alangi ibadah marga uteke ora bisa dienggo mikir kaya adate; lan bisa gawe gendrane kulawarga.

Mangkono mau piwulang warisane Sunan Ampel marang umat Islam.

Nuwun.

                                                                                                           (Mulyono Atmosiswartoputra)