Senin, 05 Mei 2025

NLESIH SAPA SEJATINE MULTATULI (2): Pilih Lengser Saka Jabatan Ndeleng Sengsarane Pribumi


Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 37, Minggu II, Mei 2025


Majalah Jaya Baya, Nomor 37, Minggu II, Mei 2025, Halaman 14.


Majalah Jaya Baya, Nomor 37, Minggu II, Mei 2025, Halaman 15.



Salinan dari tulisan di atas.


Ernest François Eugène Douwes Dekker pinaringan asma Danurdirja Setiabudi dening Presiden Soekarno. Seda ing Bandung, 28 Agustus 1950, lan disarekake ing Taman Makam Pahlawan Cikutra, Bandung. Saka gedhene labuh-labete tumrap bangsa Indonesia, Ernest katetepake minangka Pahlawan Kemerdekaan Indonesia adhedhasar Keputusan Presiden Republik Indonesia Nomer 590 Taun 1961, tanggal 9 November 1961.

Ing tulisan pertama wis dibabar bab labuh labete Ernest marang kamardika Indonesia. Ing tulisan kapindho iki, kita ngembug Douwes Dekker liya sing uga duwe lelabuhan marang kamardikan bangsa kita, yaiku Eduard Douwes Dekker kang lair ing Amsterdam, tanggal 2 Maret 1820. Saka jeneng kulawarga sing padha iki pancen ana sesambungane karo Ernest François Eugène Douwes Dekker. Eduard kalebu eyang pakdhene Ernest, jalaran eyange Ernest, yakuwi Jan Douwes Dekker sadulure Eduard.

Eduard kang ngripta novel kodhang asesirah Max Havelaar mawa jeneng sesinglon Multatuli. Novel iki nggambarake kahanan Lebak ing jaman Hindia Belanda, nalika bangsa pribumi dibedak-bedakake lan urip sengsara kabawah pamarentah kolonial. Eduar uga nulis buku-buku liyane, nanging sing kondhang Max Havelaar.

Wiwit cilik Eduard klbu bocah sing lantip. Emane, suwe-suwe dheweke bosen lan kapinterane saya mudhun, saengga bapake ngetokake saka sekolahe. Eduard banjur kerja ana ing kantor dagang, nanging mung dilakoni patang taun jalaran rumangsa didohake srawunge karo kanca-kancane saka kulawarga sugih. Krana pengin ngowahi uripe, bapake sing ssawjining kapten kapal ngajak Eduard melu lelayaran. Dhek samana, ing Hindia Belanda ana kalodhangan kanggo golek dhuwit akeh lan kalungguhan, senajan wong Landa mau sekolahe ora dhuwur.

Ing pungkasaning taun 1838, Eduard melu menyang Pulo Jawa minangka mantrus (awak kapal) sing durung pengalaman ing kapale bapake. Araning kapale “Dorothea”. Tekan Batavia tanggal 4 Januari 1839. Ing Hindia Belanda Eduard nyoba maneka pakaryan, nanging tansah ora suwe. Wiwit dadi klerk (juru tulis) nganti dadi asisten residen ing Lebak.

Saka klerk Eduard munggah pangkat dadi komis kelas II, banjur dadi kontrolir (tukang ngawasi, saudhagan ing ngisoring asisten residen) ing kutha Natal, Sumatera Barat tanggal 19 Juli 1842. Dhek samana Natal isih mujudake wewengkon kang kapencil. Senajan mangkono, Eduard rumangsa seneng manggon ing wewengkon kang kapencil. Emane, dheweke nglirwakake gaweyane kang njalari dilereni saka kalungguhane. Eduard ora duwe pengasilan apa-apa. Nembe ing sasi September 1845 dheweke didadekake pegawe maneh, ing Kantor Asisten Residen Purwakarta sing kebawah Karesidenan Karawang.

Sawise kuwi maneka jabatan tau diayahi Eduard lan pindhah wola-wali menyang kutha-kutha liya ing Hindia Belanda. Antara liya menyang Purworejo, Manado, lan Ambon. Sasuwene ing Hindia Belanda, Eduard rabi entuk Everdine Huberte Baronesse van Wijnbergen, sing diceluk Tine. Palakramane tanggal 8 April 1846 ing Batavia.

Nulis

Tine iki sajake sing nekakake kabegjan marang Eduard. Sewulan sawise palakrama, penganten anyar mau dipindhah menyang Purworejo, dadi komis ing Kantor Residen Purworejo. Bubar kuwi, Eduard Douwes Dekker diunggahake maneh pangkate, dadi sekretaris residhen dening Residen Johan George Otto Stuart von Schmidt auf Altenstadt.

Anggone entuk kalungguhan dadi asisten residen krana Eduard ditepungake karo Gubernur Jenderal Duymaer van Twist dening E. de Wal sing isih sedulure Tine (bojone Eduard). E. de Wal iku sawijining pejabat sing ing tembe mburi dadi Menteri Daerah Jajahan Belanda. Saya suwe tetepungane wong loro mau saya nuwuhake rasa welas asihe Gubernur Jenderal Duymaer van Twist marang Eduard saengga dheweke didadekake asisten residen ing Lebak.  

Sawise nampa beslit sing diteken tanggal 4 Januari 1854, Eduard Douwes Dekker banjur mangkat menyang Kabupaten Lebak liwat Serang. Dhek samana umure Eduard Douwes Dekker 35 taun. Tekan ing Rangkasbitung, punjering paprentahan Kabupaten Lebak, tanggal 22 Januari 1856.

Nanging ing Rangkasbitung ora suwe. Kalungguhane dadi Asisten Residen Lebak mung dilakoni telung wulan, jalaran mangerteni kahanan rakyat  sing diperes dening bupatine kaya kang disebutake ing novel Max Havelaar. Dheweke wis lapuran marang Residhen Banten C.P. Bret van Kempen, nanging lapuran mau ditolak, malah kepara dielingake, saengga gawe kuciwa atine. Awit saka iku, Eduard ing tanggal 29 Maret 1856 ngajokake layang mundur saka pakaryane. Tanggal 4 April 1856, dheweke nampa wangsulan yen panjaluke dikabulake.

Sawise mudur saka pakaryane, Eduard dadi pengangguran. Golek gaweyan liya tetep ora entuk. Eduard banjur mulih menyang Eropa. Ing Eropa dheweke dadi redhaktur layang kabar, nanging ora suwe banjur metu. Tau dadi juru basa uga gagal. Uripe saya mlarat.

Wusanane, Eduard Douwes Dekker dadi tukang ngarang buku. Salah sijine yaiku novel Max Havelaar sing diterbitake pisanan taun 1860. Kajaba nulis Max Havelaar, dheweke uga nulis buku-buku liyane. Bosen manggon ana ing negara Landa, Eduard Douwes Dekker banjur pindhah  menyang Jerman nganti sasedane ing Ingelheim am Rhein, cedhak Kali Rhein, tanggal 19 Februari 1887.

Tumrape wong Kabupaten Lebak, Eduard Douwes Dekker kang nganggo jeneng sesinglon Multatuli ing novele kang asesirah Max Havelaar, dianggep perangan saka sejarah Lebak. Mula ora nggumunake yen ing Rangkasbitung, ibukotane Kabupaten Lebak, ana museum kanthi aran Museum Multatuli.

Nalika aku nyambangi Museum Multatuli Rangkasbitung, aku nyoba golek kabar, apa isih ana bekas daleme Eduard Douwes Dekker? Bareng oleh kabar yen isih ana, mula saka Museum Multatuli aku banjur nyambangi. Sawise njaluk idin marang Satpam RSUD Adjidarmo Rangkasbitung, aku mlebu rumah sakit, banjur metu liwat perangan mburi rumah sakit. Ya ing perangan mburi RSUD Adjidarmo iki bekas daleme Eduard Douwes Dekker mau dumunung. Omah kasebut katon ora kopen. Kamangka, minangka Benda Cagar Budaya, Pemda Kabupaten Lebak mesthine ngopeni omah mau.

Bekas daleme Eduard Douwes Dekker alias Multatuli nalika dadi Asisten Residhen Lebak (Foto: Mulyono Atmosiswartoputra).

 

  

Tidak ada komentar :