Senin, 28 April 2025

NLESIH SAPA SEJATINE MULTATULI (1) : Ora Betah Nyumurupi Sengsarane Buruh Pribumi

 

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 36, Minggu I Mei 2025.


Majalah Jaya Baya, Nomor 36, Minggu I Mei 2025, Halaman 10.


Majalah Jaya Baya, Nomor 36, Minggu I Mei 2025, Halaman 11.

 

 

 Salinan dari tulisan di atas.

 

Ora sethithik wong kang durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli. Kang mangkono jalaran loro-lorone duwe jeneng kang padha, yaiku Douwes Dekker, lan loro-lorone uga pada-padha kondhang ing Indonesia. Amrih para maos ora seling surup, ing ngisor iki dakandharake sapa sejatine Danudirja Setiabudi lan Multatuli. Tulisan ini kapantha dadi loro wiwit JB nomer iki.

Aja maneh sing ora paham sejarah, nganti tekan penulis buku wae ana sing durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli. Minangka tuladha, Kartono lan Susi Dyah Fatmawati, Dwi Supriyono, lan Sri Widayati klebu penulis buku sing sajake durung pana yen Danudirja Setiabudi iku beda karo Multatuli.

Ing bukune kang asesirah Sumpah Pemuda (CV. Pamularsih, Jakarta Barat, tanpa angka taun, kaca 4), Kartono lan Susi Dyah Fatmawati nulis mangkene:

Douwes Dekker mempunyai nama samaran Multatuli dan mempunyai nama kecil dr. Danudirjo Setiabudi. Beliau seorang berkebangsaan Belanda yang menaruh simpati pada perjuangan bangsa Indonesia.

Dwi Supriyono ing bukune kang asesirah Tokoh dan Pahlawan Kebangkitan Nasional (PT. Aneka Ilmu, Semarang, 2010, kaca 26), nulis mangkene:

Douwes Dekker adalah seorang indo yang dilahirkan di Pasuruhan, Jawa Timur, pada 8 Oktober 1879. Dalam tubuhnya mengalir darah Belanda, Perancis, Jerman, dan Jawa. Nama lainnya adalah Multatuli atau Danudirja Setiabudi.

Dene Sri Widayati ing bukune kang asesirah Kumpulan Puisi tentang Pahlawan (Ananta Vidya, Bantul, 2022, kaca 25-26) uga nganggep yen Douwes Dekker iku duwe jeneng liya Danudirja Setiabudi sing mandhegani koran De Express lan Multatuli sing ngarang Max Havelaar.

*****

Danudirja Setiabudi duwe jenang asli Ernest François Eugène Douwes Dekker, asring dicekak dadi E.F.E. Douwes Dekker. Danudirja Setiabudi iku asma peparing saka Bung Karno.

E.F.E. Douwes Dekker lair ing Pasuruan, Jawa Timur, 8 Oktober 1879. Dheweke isih keturunan Indo, nanging rumangsa Jawa tulen.

Bapake, Auguste Douwes Dekker, asli Landa. Dene ibune, Louisa Margaretha Neumann, campuran Jerman lan Jawa. Simbahe E.F.E. Douwes Dekker sing aran Jan Douwes Dekker, kakang adhi karo Eduard Douwes Dekker alias Multatuli sing bakal karembug ing mburi.

Sakawit E.F.E. Douwes Dekker sekolah ing Hoogere Burger Scholl ing Surabaya, banjur nerusake ing Gymnasiun Koning Willen III School ing Batavia. Sawise ngrampungake sekolah, dheweke banjur makarya dadi pengawas ing perkebunan kopi Sumber Duren, Malang. Ing kene dheweke nyumurupi tumindak sewenang-wenange wong Landa marang kuline pribumi. Dheweke sering mbelani wong-wong pribumi sing dadi kurban tumindak sewenang-wenange wong Landa. Ya awit saka iku dheweke metu saka pegaweyane.

Afrika Kidul

Ana sing kandha olehe metu saka pegaweyan jalaran dientokake dening pimpinane sing aran R. Jesse, amarga E.F.E. Douwes Dekker tansah mbelani kaum buruh pribumi. Nanging ana sing kandha, jalaran atine ora sreg karo kanca-kancane sing seneng tumindak sewenang-wenang marang kaum buruh pribumi, mula dheweke banjur metu saka pagaweyan.  

E.F.E. Douwes Dekker sabanjure makarya ing perkebunan tebu Pajarakan ing Kraksaan, minangka laboran (ahli kimia sing makarya ing laboratorium). Nanging ing kene dheweke uga ora cocog karo kanca-kancane sing sewenang-wenang marang kaum buruh pribumi.

Wusanane, ing taun 1900 E.F.E. Douwes Dekker bareng karo kangmase, ninggalake Hindia Belanda boyong menyang Transvaal, Afrika Kidul. Ing kono lagi dumadi perang antarane kaum tani karo penjajah Inggris, kang karan Boeren Oorlog (perang kaum tani). Bareng karo kangmase, dheweke melu perang mbelani kaum tani. Taun 1902 dheweke ditangkep dening tentara Inggris, banjur dikunjara ing sawetara enggon, ing Afrika Kidul lan Srilanka.

Sawise luwar saka pakunjaran, E.F.E. Douwes Dekker mulih menyang Hindia Belanda. Tuwuh pepinginan mardikakake tanah wutah getihe. Dheweke banjur lelumban ing jagading jurnalistik. Miturut dheweke, lumantar layang kabar dheweke bakal bisa nuwuhake semangat nasionalisme.

Sakawit E.F.E. Douwes Dekker mung dadi penulis lepas ing sawetara layang kabar. Sabanjure, dheweke dadi redaktur layang kabar De Lokomotif ing Semarang, banjur pindhah ing layang kabar Soerabaiasch Handelsblad. Rumangsa mung dadi piranti kolonial sing bisa dituku, dheweke banjur metu saka Soerabaiasch Handelsblad. Dheweke pindhah nyambut gawe ing Bataviasch Niewsblad, dadi editor. Amarga nyambut gawene apik, mula dheweke diunggahake kalungguhane, dadi pemimpin redaksi. 

Nalika nyambut gawe ing Bataviasch Niewsblad, E.F.E. Douwes Dekker nganakake sesambungan karo mahasiswa STOVIA. Dheweke mbiyantu perjuangan para mahasiswa STOVIA nuwuhake rasa nasionalisme. Dheweke nglilani omahe dadi papan kumpule wong-wong kang kepengin ngedegake Budi Utomo ing taun 1908.

Wektu dadi pemimpin redaksi Bataviasch Niewsblad, E.F.E. Douwes Dekker ngangkat Suryopranoto, Cipto Mangunkusumo, Gunawan Mangunkusumo lan sawetara mahasiswa STOVIA liyane dadi pembantu redaksi.

E.F.E. Douwes Dekker sing akeh nulis andharan kang asipat mbelani kawula alit lan nyaruwe politik pamarentah kolonial, wusanane ora cocog karo pimpinane sing luwih nengenake kepentingan golongan indo. Mula, dheweke pilih metu saka Bataviasch Niewsblad, banjur ngedegake majalah sing diopeni dhewe, aran Het Tijdscrijft.

Sarehning Het Tijdscrijft ora nyukupi kanggo ngandharake gagasane ing babagan politik, mula E.F.E. Douwes Dekker banjur ngedegake layang kabar De Expres ing taun 1912. Sanajan layang kabar - layang kabar kang didegake mau nganggo basa Walanda, nanging isine nggambarake wektu kang bakal kelakon ing Hindia Belanda.  

E.F.E. Douwes Dekker sing nganggep yen Budi Utomo labuh-labete mung ing babagan kabudayan, mula bareng karo Ki Hajar Dewantara (Suwardi Suryaningrat) lan dokter Cipto Mangunkusumo, dheweke banjur ngedegake Indische Partij, partai politik sing sepisanan ing Hindia Belanda. Wong telu kang ngedegake Indische Partij ing tanggal 25 Desember 1912 mau banjur kondhang kanthi sebutan Tiga Serangkai.

(Ana candhake)

Tidak ada komentar :