Salinan dari tulisan di atas.
Sapa sing ora ngerti Kartini, wanita Jepara kang katetepake dadi pahlawan dening Presiden Soekarno ing taun 1964, lan dina klairane dipengeti minangka Dina Kartini. Ing jamane Kartini, bocah wadon isih kablenggu dening adat, kaya ta: ora oleh sekolah dhuwur kaya dene bocah lanang lan ora oleh milih bojo dhewe kajaba dipilihake dening wong tuwane. Sekolah wae adate mung digulawenthah ing babagan kang ana gegayutane karo sumur, kasur, lan dhapur.
Sarehning Kartini putrane bupati, mula Kartini bisa sekolah ana ing Europese Legere School (ELS) ing Jepara. Kartini klebu priyayi sing luwih gampang golek kawruh Eropa tinimbang kawruh agama Islam kang dadi agamane. Kartini luwih bisa basa Walanda tinimbang basa Arab. Embuh wis pira wae buku-buku basa Walanda diwaca dening Kartini. Apa maneh nalika dipingit, kanggo nambah kawruh marga ora dililani nerusake sekolah, prasasat wektune entek dienggo maca buku-buku basa Walanda.
Banjur kepriye klawan basa Arab? Ana pengalaman sing sajake ora bisa dilalekake dening Kartini, yaiku nalika dheweke takon tegese tembung sing ana Al-Qur’an marang guru ngajine. Dudu wangsulan ngenani tegese tembung sing ditampa dening Kartini, nanging kepara didukani lan dikon metu saka panggonan ngaji dening guru ngajine. Wiwit kuwi Kartini ora seneng nyinaoni agama sing dirasuk, yaiku Islam.
Mangkene pangunek-uneke Kartini marang Stella, kancane ing Walanda, lumantar layang tanggal 6 November 1890. “Kepriye aku bisa nresnani agamaku, yen aku ora ngerti, ora oleh mahami agamaku! Al-Qur’an banget ing sucine, ora oleh dijarwakake ing basa apa wae. Ing kene ora ana sing ngerti basa Arab. Ing kene wong diwuruki maca Al-Qur’an, nanging ora ngerti apa sing diwaca. Dakpikir apa iki gaweyane wong edan, wong diwuruki maca nanging ora diwuruki tegese sing diwaca. Padha wae karo kowe muruki aku maca basa Inggris, aku kudu apal saben tembung, nanging ora ana sijia tembung sing kokterangake marang aku apa tegese”.
Kartini kabuka atine nalika nuju sawijining dina melu ngaji ing daleme pamane, Pangeran Arya Hadiningrat, bupati Demak. Nalika samana Kartini pinuju sowan ana dalem pamane. Pamane pinuju nganakake pengajian wulanan kanggo kulawarga. Sing ngisi pengajian Kyai Sholeh Darat, saka Semarang. Kartini nyimak apa sing diandharake dening Kyai Sholeh Darat, ngrembug tafsir Surat Al-Fatihah. Kartini rumangsa seneng karo andharane Kyai Sholeh Darat, marga tegese Surat Al-Fatihah dijlentrehake nganggo basa Jawa. Nembe pisan iki Kartini ketemu karo guru ngaji sing wani negesi tembung-tembung ing Al-Qur’an.
Bareng rampung ngaji, Kartini nyuwun marang pamane supaya kersa ngancani Kartini nemoni Kyai Sholeh Darat.
“Kyai, keparenga kula nyuwun priksa, kados pundi hukumipun menawi tiyang kagungan ilmu nanging piyambakipun ngumpetaken ilmunipun?”, pitakone Kartini.
“Geneya Raden Ajeng mundhut priksa makaten?”
“Kyai, selamining gesang kula, nembe punika kula mangertosi kajeng lan tegesipun surat kapisanan lan baboning Al-Qur’an, ingkang isinipun sae sanget saha kuwawi nggeteraken manah kula. Mila sanget agunging raos syukur manah kula dhumateng Allah. Nanging gumun kula boten telas-telas, kenging punapa sadanguning punika para ulama boten ngeparengaken wonten jarwan saha tafsir ing basa Jawi. Kamangka Al-Qur’an punika kitab pandoming gesang bagya lan mulyaning manungsa?”.
Njarwakake Al-Qur’an
Kyai Sholeh Darat cingak mindhanget ature Kartini. Wiwit wektu iku Kyai Sholeh Darat kegugah atine kanggo njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa. Pepenginane Kyai Sholeh Darat bener-bener ditemeni lsn kasil njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa. Nalika Kartini palakrama, Kyai Sholeh Darat paring bebana Kitab Faidh Ar-Rahman marang Kartini. Isine, ngrembug maknaning Surat Al-Fatihah.
Mesthi bae Kartini bungah banget nampa bebana saka Kyai Sholeh Darat, awit rumangsa entuk pepadhang marga bisa mangerteni kanthi gamblang isining Surat Al-Fatihah. Wiwit kuwi Kartini nyinaoni agama Islam kanthi temen. Sawise mangerteni Islam, sikepe Kartini marang Kulonan (Barat) wiwit owah. Kartini sing sakawit ngira yen bebrayan Eropa siji-sjining bebrayan sing paling apik, jebul akeh babagan sing ora patut disebut minangka kabudayan. Kartini nolak tumindak ngristenake wong-wong. Kartini uga kepengin gawe wong-wong duwe gambaran sing becik marang Islam.
Banjur sapa Kyai Sholeh Darat? Asma asline Syekh Haji Muhammad Sholeh. Olehe kondhang kanthi asma Kyai Sholeh Darat, marga panjenengane pidalem ana ing Darat, cedhak pesisir lor Semarang. Kyai kang lair ing Jepara taun 1820 iki putrane K.H. Umar as-Samarani, ulama kawentar lan pejuwang kang tau melu wadyabalane Pangeran Dipanegara lumawan Walanda.
Sakawit Kyai Sholeh Darat ngaji marang bapake dhewe. Bubar kuwi banjur ngaji marang K.H. Syahid, ulama kondhang ing Waturoyo, Pati, K.H. Muhammad Saleh Asnawi, K.H. Ishaq Damaran, K.H. Abu Abdillah Muhammad Hadi Banguni (Mufti Semarang), K.H. Ahmad Bafaqih Ba’alawi, lan K.H. Abdul Ghani Bima.
K.H. Umar as-Samarani kepengin putrane dadi wong sing jembar kawruh agamane. Awit saka iku ngajak putrane ngumbara menyang Singapura. Pirang taun candhake, bapak lan anak mau tindak menyang Mekah saperlu nindakake ibadah kaji.
Ing Mekah, K.H. Umar as-Samarani seda. Sasedane bapake, Kyai Sholeh Darat nduweni tekad kepengin tetep manggon ana Mekah, marga kepengin sinau agama marang sawatara ulama Mekah. Sawise pirang-pirang taun ana ing Mekah, gurune paring palilah marang Kyai Sholeh Darat amrih mulang ana Masjidil Haram. Ora sethithik kang teka saka tanah Melayu dadi muride Kyai Sholeh Darat. Ing antarane K.H. Hasyim Asy’ari lan K.H. Bisri Syamsuri.
Sawise netep ing Mekah pirang-pirang taun, Kyai Sholeh Darat banjur mulih menyang Semarang lan ngedegake pesantren ing wewengkon Darat. Murid-muride akeh sing dadi ulama lan wong sing kondhang, kaya ta: K.H. Hasyim Asy’ari, K.H. Muhammad Mahfuz at-Tarmasi, K.H. Ahmad Dahlan. K.H. Idris, K.H. Sya’ban, K.H. Dalhar, lan R.A. Kartini. Telu ing antarane murid-muride Kyai Sholeh Darat katetepake dadi pahlawan dening pamarentah Indonesia, yaiku R.A. Kartini, K.H. Ahmad Dahlan, lan K.H. Hasyim Asy’ari.
Wiwit ketemu karo Kartini ing daleme Bupati Demak, Kyai Sholeh Darat wani nduweni ijtihad yen Al-Qur’an oleh dijarwakake ing basa liya amrih isine bisa dipahami kanthi gampang dening wong-wong sing durung bisa basa Arab. Kamangka, nalika iku para ulama liyane ora wani njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa. Ora nggumunake yen Kyai Sholeh Darat ing tembe buri kondhang minangka pacalang (pelopor) njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa.
Mulyono Atmosiswartoputra
Tidak ada komentar :
Posting Komentar