Swuh
rep data pitana. Anenggih negari pundi ta kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang
siji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan tegese. Senajan kathah titahing Gusti
Kang Murbeng Dumadi ingkang sinangga ing pratiwi, kasongan ing akasa, kaapit
ing samudra, kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan kadi negari
Tirtakencana. Winastan Tirtakencana, amargi ujaring kandha, duk ing nguni ing
laladan kasebut dangu datan wonten toya ngantos para kawula samya nglokro hangadhepi
kahanan. Pramila nalika jawah dhumawah ing bantala, para kawula samya berag amargi
manggih tirta pindha manggih kencana.
Negari
Tirtakencana pantes lamun ta dipuncaritakaken, awit ngupayaa negari satus datan
pikantuk kalih, sewu tan jangkep sedasa. Dhasar negari panjang punjung pasir wukir,
gemah ripah loh jinawi kerta tur raharja.
Panjang
dawa pocapane, amargi negari Tirtakencana andarbeni basa kang beda kalawan
Negari Surakarta Hadiningrat punapa dene Negari Ngayogyakarta Hadiningrat.
Sanadyan ta sami-sami basa Jawi, nanging basa Jawi ingkang limrah dipun-engge
dening para kawula ing Negari Tirtakencana dipunwastani basa ngapak dening
kawula Surakarta Hadiningrat dalah kawula Ngayogyakarta Hadiningrat. Wondene
basa Jawi ingkang dipun-engge dening para kawula Surakarta Hadiningrat dalah kawula
Ngayogyakarta Hadiningrat dipunwastani bandhek dening para kawula Tirtakencana.
Basa ngapak tuhu basa ingkang kathah migunakaken swanten a kados pangucaping
tiyang-tiyang Jawi Kina, utawi kados pangucaping tiyang-tiyang ing Tanah
Pasundhan. Datan namung punika prabedanipun basa ngapak kaliyan basa bandhek.
Kathah tembung ing basa ngapak ingkang boten wonten ing basa bandhek, kados ta:
nyong utawi inyong ingkang mengku teges aku, rika ingkang ateges kowe, lan sapanunggalanipun. Senadyan ta basa
ngapak dening tiyang-tiyang ing sajawining Negari Tirtakencana inganggep
gemradag ora kepenak, nanging para kawula Tirtakencana samya mongkog anggadhahi
basa ingkang makaten. Saking mongkogipun, ngantos para kawula ing Negari
Tirtkencana darbe sesanti “Ora ngapak, ora kepenak”.
Kejawi
punika, Nagari Tirtakencana ugi anggadhahi kabudayan ingkang saperangan datan
pinanggih ing negari sanes.
Punjung
luhur kawibawane, dene Negari Tirtakencana ambawahi sekawan kadipaten, inggih
punika Kadipaten Toyamas, Kadipaten Tlacap, Kadipaten Braling, saha Kadipaten
Banjarnegari. Nadyan para adipati wau samya anggadahi wewengkon saha kawula
dasih piyambak-piyambak, nanging sedaya adipati wau rumaos rena ing penggalih
minangka kawula Negari Tirtakencana.
Pasir samudra wukir gunung, dene Negari Tirtakencana
ngungkuraken samudra, ngajengaken redi. Ing sisih kiduling Negari Tirtakencana
nyata lamun wonten samudra ageng kang pinracaya minangka keratoning Nyai Rara
Kidul. Samudra ageng ingkang limrah sinebat Segara Kidul papanipun wonten
sakiduling Kadipaten Tlacap. Wondene ing sisih ler wonten redi ingkang tansah
ngedalaken kukus nanging boten nate ngedalaken wedhus gembel kados ingkang asring
kawedalaken dening Redi Mrapi. Tansah ngedalaken kukus, margi redi ingkang
winastan Redi Slamet punika klebet salah satunggaling gunung geni.
Gemah,
kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhote. Ripah, jalma manca kathah
ingkang sami bebara, saengga papan jembar katingal rupak saking harjaning
negari. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Kerta, dene
para kawula ing padhusunan padha tentrem atine, mungkul pangulahing tetanen,
mardi undhaking wulu-wetu. Dene raharja tegese tebih ing parangmuka.
Sinigeg
caritane, margi datan cekap sedinten manawi kedah nyariosaken sadaya babagan ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan Negari Tirtakencana.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar