Tembang kang ditembangake dening Uut Salsabilla mau nyritakake sawijining randha
kang wis duwe anak loro, kedanan marang jejaka kembang desa. Apa sing marahi
randha kasebut kedanan marang jejaka kembang desa? Marga jejaka mau mripate
mblalak-mblalak, sajak ngawe-awe. Apa maneh yen nyawang esem lan guyune, tambah
kegugah rasa atine si randha mau. Nanging apa kabeh mau bisa keturutan urip lan
momong putra bebarengan? Awit, senajan si randha mau kedanan nganti awan wengi
tansah kelingan, nanging kedanan bujang iku, jarene, bebasan kodhok nggayuh lintang.
Mula si randha mau banjur nglakoni patigeni. Pamrihe, kareben si jejaka mau
luluh atine. Saking kedanane marang jejaka mau, si randha nganti prasetya ora
bakal rabi karo priya liya, marga mung jejaka mau sing dienteni.
Miturutku, apa sing dadi gegayuhane randha mau ora salah. Senajan wis duwe anak loro, duwe gegayuhan kepengin dadi bojone jejaka kembang desa iku oleh wae. Marga apa? Marga tresna iku dununge ana ing rasa. Akeh contone randha sing wis duwe anak, bisa sesandhingan karo jejaka. Tegese randha mau bisa urip bebarengan karo jejaka. Ora usah daksebut jenenge ing kene, dakkira para maos wis uninga, marga selebriti ya ana sing wis randha duwe anak, entuk bojo jejaka. Sing ora bener kuwi, yen si jejaka ora duwe rasa seneng marang si randha mau, banjur si randha njaluk biyantu dhukun amrih jejaka mau kepencut. Jalaran apa? Jalaran tresnane si jejaka marang randha mau dudu tresna kang lair saka atine, nanging marga dipaeka dening dhukun.
Banjur kepriye yen si randha kasebut nglakoni patigeni amrih si jejaka mau luluh atine? Sadurunge ngrembug apa oleh apa ora si randha nglakoni patigeni kareben si jejaka luluh atine lan gelem dadi bojone, luwih dhisik bakal dirembung bab patigeni.
Apa iku patigeni? Dinulu saka asal-usule, tembung “patigeni” dumadi saka tembung “pati” lan “geni”. Tegese: nyidhem geni. Sing dikarepake “nyidhem geni” ing kene dudu tembung wantah, nanging tembung entar (tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae). Dudu bener-bener “mateni geni”, nanging “nyidhem hawa nepsu”.
Ana ing kabudayan Jawa, patigeni iku wujude puwasa. Patigeni yaiku puwasa kang nduweni ancas kanggo nyidhem hawa nepsu jroning awak. Wong kang lagi puwasa patigeni kudu ninggalake hawa nepsu lan kadonyan. Carane kepriye? Miturut andharan kang tinulis ing https://www.idntimes.com/, wong kang puwasa patigeni iku ora entuk mangan, ngombe, turu, klebu ora entuk ngomong, nganti sedina sewengi. Ora mung kuwi, wong kang lagi puwasa patigeni uga ora oleh kena soroting srengenge. Dadi, sasuwene puwasa patigeni, wong mau kudu ana ing senthong kang ditutup rapet, ora ana cahya kang mlebu sajroning senthong. Peteng ndhedhet. Ing kono wong kang lagi puwasa patigeni, anane mung semedi karo ndonga marang Gusti.
Banjur kapan puwasa patigeni iku dilakoni? Adhedhasar pakulinan Kejawen, puwasa patigeni diwiwiti pas tiba wetone wong kang nglakoni puwasa patigeni. Suwene puwasa patigeni, beda-beda. Ana sing mung sedina sewengi, nanging ana sing nganti 40 dina. Abot? Mesthi wae abot.
Dene niyate puwasa patigeni, yaiku:
Niyat ingsun patigeni
Asirep rapet maring geni lan sinar
Aku bali maring pepeteng
Kadya purwaning dumadi mring alam luwung
Sajroning guwa garbaning sang ibu
Sedulur papat lima pancer
Tumekaning sang jabang bayine
kakang kawah adhi ari-ari
kiblat papat lima pancer
Nyawiji mring ngarsane Gusti
Niyatku patigeni
Esih miturut andharan kang tinulis ing https://www.idntimes.com/, trumrap kapercayan Kejawen, patigeni nduweni kautaman bisa nyidhem hawa nepsu saengga wong kang nglakoni patigeni ora bakal mengo yen ana lawan jenis sing nggodha. Kebaja kuwi, patigeni uga bisa dipercaya kuwawa nambah kawibawan, dadi katon tambah ayu utawa bagus, nggampangake sakabehing urusan dunya, entuk pituduhing Gusti bab jodho, panggulawentah, pakaryan lan liya-liyane.
Apa entuk puwasa patigeni? Yen miturut Islam,
puwasa kuwi diwiwiti saka Subuh nganti srengenge mangslup ing wektu Maghrib.
Ewa samono, kaya kang dikandhakake ana ing https://www.idntimes.com/,
syariat Islam ora nglarang wong nglakoni puwasa tanpa mangan lan ngombe suwene
sedina sewengi (1 x 24 jam). Nanging ukume dadi “ora oleh” yen puwasa mau
terus-terusan tanpa mangan lan ngombe nganti rong dina rong bengi (2 x 24 jam)
utawa luwih. Puwasa kang kaya mangkono ana ing agama Islam diarani puwasa
wishal. Https://www.detik.com/ nyebutake
yen Rasulullah tau nglakoni puwasa wishal, nanging puwasa iki ora disunahake
kanggo umate. Rasulullah ora ngidini umate puwasa wishal. Dadi, tumrap umat
Islam, becike yen puwasa ya manut piwulang agama Islam bae, ora susah nganggo
cara liya. Dene kanggo umat liyane, iya mangga wae yen pancen agamane ngidini.
Iku mau bab patigeni. Saiki ngrembug liyane.
Ing tembang kang dianggit dening Jithul Sumarji, ana ukara kang muni “Ibarate kodhok nggayuh lintang”. Amrih para maos priksa jangkepe tembang kang asisirah “Kedanan”, ing ngisor iki diaturake unining tembang mau.
KEDANAN
Mblalak-mblalak ngawe-awe
Kegugah rasa atiku
Yen anyawang esem lan guyumu
Sayange anakku loro, wis randha
Kana jaka kembang desa
Apa bisa keturutan
Momong putra urip bebarengan
Aku kedanan
Rina wengi mung tansah kelingan
Kedanan bujang
Ibarate kodhok nggayuh lintang
Takrewangi patigeni pamrihe
Kareben luluh atine
Aku ora bakal rabi
Mung sliramu priya tak-enteni.
Ukara “Ibarate kodhok nggayuh lintang” iku jane mono klebu paribasan. Paribasan kang kudune muni “Cebol nggayuh lintang”, embuh kena ngapa diowahi dadi “Kodhok nggayuh lintang”. Kamangka, paribasan kudune ora entuk diowahi.
Cebol tegese pendhek, ora dhuwur. Wong cebol iku wong sing
pendhek. Paribasan “Cebol nggayuh lintang” iku mengku teges: wong kang duwe
gegayuhan sing mokal klakone. Kira-kira padha karo wong pendhek kang kepengin
ngranggeh lintang sing panggonane ana ing langit. Mokal bisa kasembadan.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar