Jumat, 17 Mei 2024

KARTINI SING DIGUGAT, KARTINI SING DIBELANI

Tak apalah tulisan ini telat diunggah, karena saya pun baru hari ini menerima nomor bukti terbit dari majalah Djaka Lodang, sebuah majalah mingguan berbahasa Jawa.

Tulisan berjudul KARTINI SING DIGUGAT, KARTINI SING DIBELANI (Kartini yang Digugat, Kartini yang Dibela) yang dimuat di majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024, Halaman 7 ini dimaksudkan untuk mengenang Raden Ajeng Kartini.

Sampul majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024.


Majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024, Halaman 7.


Salinan dari tulisan di atas.


KARTINI SING DIGUGAT, 

KARTINI SING DIBELANI

 

Lumantar Keputusan Presiden Nomer 108 Taun 1964, Presiden Soekarno netepake Kartini minangka Pahlawan Kemerdekaan Nasional. Dene tanggal kelairane, 21 April, dipengeti minangka Dina Kartini.

Sanajan pemerintah anggone netepake Kartini minangka pahlawan wis dilimbang-limbang kanthi mateng, ewa samana ana sawatara wong kang ora sarujuk. Kaya kang disebutake dening Eka Nada Shofa Al-Khajar ing bukune kang asesirah Pahlawan² yang Digugat, Tafsir Kontroversi Sang Pahlawan (Penerbit Katta, Solo, 2008), pawadan olehe ora sarujuk yen Kartini katetepake minangka pahlawan, marga Kartini olehe berjuwang mung lumantar layang-layang kang katujokake marang kanca-kancane ing Eropa kang banjur didadekake buku dening Mr. J.H. Abendanon.

Kajaba saka iku, ana rasa was-sumelang tumrape wong-wong kang ora sarujuk mau, yen layang-layang kang kacithak dadi buku iku dudu asli tulisane Kartini, nanging wis diowahi dening J.H. Abendanon. Rasa was-sumelang mau dilandhesi yen dicithake layang-layange Kartini dadi buku iku wektune bebarengan karo nalika Pemerintah Walanda nindakake politik etis (politik males kabecikan) ing Hindia Belanda. Kang mangkono marga J.H. Abendanon minangka Menteri Kabudayan, Agama, lan Kerajinan Hindia Belanda klebu wong kang nduweni jejibahan lumakune politik etis. Nganti saprene durung ditemokake layang-layange Kartini sing asli. Kulawargane J.H. Abendanon, miturut Sulastin Sutrisno, uga angel dilacak dening Pemerintah Walanda, saengga layang-layange Kartini sing asli angel ditemokake

Kartini uga dianggep ora ajeg anggone mbelani nasibe kaum Hawa. Sanajan ing layang-layange Kartini katon mbalela marang pakulinan kang gawe kapitunane wong wadon, nanging ing kasunyatan Kartini ora kuwawa nolak diwayuh dening Raden Adipati Jaya Adiningat kang wis kagungan garwa telu.

Kartini uga ora tau perang kaya dene Keumalahayati, Cut Nya’ Din, Cut Meutia, Martha Christina Tiahahu lan sawatara pahlawan-pahlawan wanita liyane.

Mangkono sawetara pawadan wong-wong kang ora sarujuk geneya Kartini ditetapake dadi pahlawan.

Sanajan ana sing ora sarujuk Kartini ditetapake dadi pahlawan, nanging ora sethithik sing sarujuk. Iki bisa dibuktekake kanthi akehe buku-buku kang ngrembug paraga wanita klairan Jepara taun 1879.

Buku-buku mau, ana sing mligi ngrembug layang-layange Kartini, ana sing ngrembug Kartini minangka paraga emansipasi wanita, ana sing ngrembug moncere pikirane Kartini, ana sing ngrembug yen Kartini sakawit ora paham agamane banjur dadi paham bareng ngaji marang Kyai Sholeh Darat, ana sing ngrembug yen sedane Kartini dinuga marga dipateni, lan liya-liyane.

Aku klebu wong sing sarujuk Kartini ditetepake dadi pahlawan. Sanajan Kartini durung bisa uwal saka kahanan wong wadon kudu gelem diwayuh (dipoligami), nanging kiprahe kanggo majuning kaum Hawa ora bisa diselaki. Ora mung saderma nulis layang saka kamar kaya anggepane wong-wong sing ora sarujuk Kartini katetepake dadi pahlawan.

 Ing bukuku kang asesirah Perempuan-Perempuan Pengukir Sejarah (Penerbit Bhuana Ilmu Populer, Jakarta, 2018) aku tau kandha, karo nunggu beasiswa sekolah menyang negara Walanda mudhun, Kartini mujudake pepinginane minterake kaum Hawa. Ing sasi Juni 1903 Kartini ngedegake sekolah kanggo bocah-bocah wadon nom saka golonganing priyayi ing wewengkon kelairane, Jepara. Bapake, Bupati Jepara, maringi papan kanggo mulang-muruk ing emperan pendhapa saburing kadipaten. Sawise palakrama, Kartini isih bisa nerusake pepenginane minterake wong-wong wadon, marga garwane, Raden Adipati Jaya Adiningat, bupati Rembang, menehi palilah marang Kartini.

Ing kala samana, pikirane Kartini klebu luwih maju tinimbang pikirane wong-wong wadon liyane. Marang mbakyune sing aran Sulastri, Kartini sering nyritakake gagasan-gagasane sing nyaruwe budaya Jawa sing kolot, utawa gagasane ngenani emansipasi wanita. Sulastri ora kok nyarujuki gagasane Kartini, nanging malah nganggep yen Kartini wis kena daya pangaribawane budaya kulonan, lan ora ngregani budayane dhewe. Kartini sing duwe pangerep-arep mbakyune bisa dadi kanca sing nduweni pikiran sing padha, jebul malah kosokbaline. 

Kartini uga dadi lantaran anane jarwan Al-Qur’an. Sakawit Kartini rumangsa ora jenjem atine marga ora bisa nresnani Al-Qur’an. Ing jaman cilikane biyen, Kartini tau didukani dening guru ngajine marga nakokake tegese tembung-tembung ing Al-Qur’an sing diwulangake marang dheweke. Guru ngaji babar blas ora tau nerangake tegese wacan ing Al-Qur’an, kamangka Kartini kepengin banget mangerteni isining Al-Qur’an. Kepriye bisa mangerteni isining Al-Qur’an yen tegese tembung-tembung ing Al-Qur’an wae ora ngerti?

 Nuju sawijing dina nalika Kartini wis diwasa, dheweke menyang daleme pamane, Pangeran Arya Hadiningrat, bupati Demak. Ing daleme pamane, nuju ana pengajian wulanan kang dianakake mligi kanggo kulawarga. Kartini melu ngaji. Sing mulang ngaji Kyai Sholeh Darat, ngrembung tafsir Al-Fatihah. Ngerti carane Kyai Sholeh Darat olehe menehi wulangan jumbuh klawan apa sing dikarepake sasuwene iki, mula sabubare ngaji, Kartini banjur nemoni Kyai Sholeh Darat. Kartini kandha yen selawase urip nembe pisan iki mangerteni tegese Surat Al-Fatihah sing isine kuwawa gawe getering atine. Kartini nyritakake yen dheweke gumun dene para ulama ora ngeparengake Al-Qur’an dijarwakake ing basa Jawa, kamangka Al-Qur’an iku pandoming urip tumrap manungsa. Wiwit iku Kyai Sholeh Darat kegugah atine, kepengin njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa. Iki bener-bener dibuktekake dening Kyai Sholeh Darat. Nalika Kartini palakrama, Kyai Sholeh Darat menehi bebana Kitab Faidh Ar-Rahman marang Kartini sing isine ngrembug tegese Surat Al-Fatihah, lan Kartini ngaturake gunging panuwun marang Kyai Sholeh Darat. Ing tembe buri, Kyai Sholeh Darat kondhang minangka pacalang (pelopor) njarwakake Al-Qur’an ing basa Jawa.


Mulyono Atmosiswartoputra

 

Tidak ada komentar :