Belajar mendokumentasikan tulisan, agar tak hilang sia-sia seperti yang lalu-lalu.
Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 22, Tanggal 1 Juni 2024.
Majalah Panjebar Semangat, Nomor 22, Tanggal 1 Juni 2024, Halaman 14.
Salinan dari tulisan di atas.
PASEMON KI AGENG SELA NYEKEL BLEDHEG
Ature: Mulyono
Atmosiswartoputra
Crita Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg kondhang banget ing tanah Jawa.
Ing jaman biyen, yen ana wong pinuju ana sawah utawa papan sing jembar
tinarbuka, yen krungu swara bledheg adate ngucap, “Kandri, aku anak putune Ki
Ageng Sela”.
Tujuwan ngucapake ukara kuwi amrih ora kesamber bledheg kasebut. Kang
mangkono mau isih dialami dening wong Jawa nganti udakara taun 1970-an, nalika
aku isih bocah. Banjur sapa sajatine Ki Ageng Sela?
Ana ing Serat Andupara
anggitane Raden Ngabehi Suradipura, Ki Ageng Sela disebutake dadi kapetengane
Sultan Demak. Miturut Bausastra Jawa –
Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo, tembung “kapetengan” ditegesi terlimput,
gelap, kegelapan, nama pamong desa. Tembung “kapetengan” sing ditegesi nama
pamong desa jumbuh kalawan apa sing tau dingendikakake dening G. Moedjanto
ing bukune kang asesirah Konsep Kekuasaan
Jawa, Penerapannya oleh Raja-Raja Mataram.
Gelar “Ki” kang dienggo dening
wong-wong sadurunge jaman Panembahan Senapati, kaya ta: Ki Ageng Sela, Ki Ageng
Ngenis, apadene Ki Ageng Pemanahan, lan dudu gelar “Raden”, nuduhake yen panjenengane asale saka kawula alit. Dene
wuwuhan tembung “Ageng” utawa “Gedhe” ing saburining “Ki”, nuduhake yen panjenengane kang
dadi panguwasa ing dhukuh utawa desa kono.
Bukti yen Ki Ageng Sela dudu golonganing priyayi luhur, bisa dinulu yen
dheweke tetep menyang sawah utawa tegal senajan kahanan lagi udan. Ki Ageng
Sela iku wong tani utun. Trunajaya nalika lumawan Amangkurat II ing Kedhiri uga
tau nantang mangkene, “… Ratu Mataram iku dak-umpamakake tebu: pucuke maneh yen
legia, senajan bongkote ing biyen ya adhem bae, sebab ratu trahing wong
tetanen; angur macula bae bari angona sapi”.
Nyekel Bledheg
Ngenani Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg, Serat Babad Demak nyritakake yen ing sawijining dina ing wektu Asar,
Ki Ageng Sela lunga menyang pategalan, manggul pacul karo nyengkelang kudhi.
Satekane ing pategalan, udan grimis binarengan swaraning bledheg ngampar-ampar.
Ki Ageng Sela ngeyub ing sangisoring wit kandri.
Ora let suwe, Ki Ageng Sela kumilsat thathit amblerengi lan Ki Ageng disamber
bledheg. Swarane jumegur. Bledheg mau ora kasil gawe patine Ki Ageng Sela, malah
kepara bledheg mau bisa dicekel dening panjenangane. Bledheg katon tanpa daya
marga kena kemayane Ki Ageng.
Bledheg sing kasil dicekel dening Ki Ageng Sela banjur kacaosake marang
Kangjeng Sultan Demak Bintara. Kangjeng Sultan gupuh mriksani. Sawise mriksani
wujude bledheg, Kangjeng Sultan banjur dhawuh marang Ki Ageng Sela supaya
nyengker nganggo wesi lan didekek ana ing Masjid Agung. Kangjeng Sultan ngalem
marang kasektene Ki Ageng Sela, pantes yen ta entuk ganjaran sing gedhe.
Mangerteni ana bledheg bisa kecekel, wong-wong ing Demak Bintara padha
nonton, dheseg-dhesegan rebut ngarep. Kangjeng Sultan enggal ndhawuhake marang
juru gambar supaya nggambar apa warnane bledheg mau. Juru gambar ngestokake
dhawuh.
Kacarita bojone bledheg sing kecekel mau teka kanthi memba-memba wong
wadon tuwa utawa nini-nini karo nyangking beruk isi banyu kebak. Nini-nini mau miyak
wong-wong sing lagi padha nonton, kaleksanan nganti tekan ing pakunjaran wesi. Kunjara
wesi enggal disiram banyu beruk, sanalika bledheg nywara jumegur. Kunjara wesi
lebur tanpa kukupan. Wong-wong sing padha nonton polahe kaya gabah diinteri.
Sing cedhak marga kaget krungu swara jumegur, sanalika tiba klenger.
Dene nini-nini mau karo bledheg ilang saka pandulu. Kamangka, juru
gambar anggone nggambar nembe tekan sadhuwuring tenggak, kaselak bledhege
ilang.
Mriksani kahanan kang mangkono, Kangjeng Sultan Demak banget ngungune.
Wusanane, panjenengane dhawuh marang juru gambar, gambaring bledheg kapurih
ngetrapake ana lawang ineb-inebing Masjid Agung. Saiki gambar bledheg mau
katrapake ana lawang pasareyane Kangjeng Sultan kang kaping II lan III.
Iku mau crita bab Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg. Nanging apa bener
yen Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg?
Pasemon
Miturut Raden Ngabehi Suradipura ing bukune kang asesirah Serat Andupara, crita mau yektine mung
arupa pasemon. Sang pujangga anggone gawe pasemon mangkono iku, ora liya mung kanggo
ngalem Ki Ageng Sela bae. Sebab Ki Ageng Sela
iku wong sing adat kalakuwane alus, andhap-asor, dhemen tulung marang
wong kang nandhang papa, lan wicaksana. Apa maneh Ki Ageng Sela mau kang nurunake
para ratu ing tanah Jawa nganti tekan jaman saiki. Mula anggone gawe
pangalembana nganti ora kena ginayuh.
Kepriye arep bisa nyekel bledheg, la wong arep mlebu dadi jajar (araning
pangkat ing kraton) bae ditampik. Critane, Kangjeng Sultan Bintara mbutuhake
prajurit wira utama utawa tamtama. Sing sapa arep mlebu dadi prajurit wira
utama, kudu katodhi kasektene dhisik. Tumrap sapa bae sing bisa nempiling
endhas bantheng nganti mati sanalika, bakal lulus mlebu dadi tamtama.
Sajatine Ki Ageng Sela bisa nabok endhas bantheng nganti mati sanalika. Nanging
anggone nempiling endhas bantheng nganggo mengo pasuryane. Kanjeng Sultan ndangu,
“Sela, geneya sira ndadak nganggo mengo?”
Ature Ki Ageng Sela, “Supados mboten kacipratan ing rah andaka, Sinuwun”.
Saka wangsula mau Kangjeng Sultan menggalih yen Ki Ageng Sela iku tipis
atine, mulane anggone ngleboni tamtama ditampik. Ki Ageng Sela rumangsa wirang
marga pepenginane dadi tamtama ora kasembadan. Ki Ageng Sela gegancangan mulih
menyang Sela. Satekane dalem, Ki Ageng Sela banjur nglumpukake warga desa. Kabeh
cacahe ana wong rong atus, jangkep karo gamane. Wong-wong mau sumedya ngamuk marang
Sultan Demak. Ki Ageng Sela nunggang jaran manggul tumbak.
Kocapa, Kangjeng Sultan Demak wis midhanget kabar yen Ki Ageng Sela
bakal teka nggawa balane wong Sela
kabeh, arep mbarang amuk. Mula Kanjeng Sultan banjur dhawuh marang Patih
Wanasalam supaya tekane Ki Ageng ora pareng kapethuk para wadyabala. Kanjeng
Sultan sing kersa nyarirani piyambak methuk Ki Ageng.
Kangjeng Sultan wis sadhiya ana Sitinggil, diadhep para punggawa sawetara.
Ora let suwe Ki Ageng Sela teka, diayab para kadang wargane wong rong atus jangkep
sagegamane. Ki Ageng Sela nunggang jaran karo nyekel tumbak ligan lan nyengkelit
keris telu. Kerise ana sing diwangking, dicothe, lan curigan.
Bareng tekan sakiduling wringin kurung alun-alun Demak Bintara, Kangjeng
Sultan priksa yen katekan Ki Ageng Sela. Mula Kangjeng Sultan enggal ngasta
gandhewa, kapantheng kenthenge jemparing, katujokake dhadaning jaran kang
ditunggangi Ki Ageng Sela. Jemparing enggal kalepasake, ngenani dadhaning
jaran, ambruk sanalika. Ki Ageng Sela tiba kebanting. Sawise ngadeg, Ki Ageng
Sela banjur mriksani jarane, katon nandhang tatu. Dhadhaning jaran kena jemparing,
lan mati ngenggon.
Ki Ageng Sela ngandika jroning penggalih, “Saupama panah iku mencok
awakku, temtu kaya jaran iki nasibku”.
Ki Ageng Sela giris, banjur prentah marang balane supaya enggal-enggal
mundur. Wong-wong Sela padha lumayu rebut ngarep. Bareng mriksani Ki Ageng Sela
mlayu nggendring, Sultan Demak gumujeng suka. “Hla, apa pethek ingsun. Pancen
tipis atine Ki Ageng Sela. Ora bakal bisa dadi ratu. Embuh ing tembe buri”. Kangjeng
Sultan banjur kondur ngedhaton. Para punggawa uga padha mundur dhewe-dhewe.
Iku mau crita bab Ki Ageng Sela ya Kyai Abdurahman bisa nyekel bledheg. Crita
mau dudu crita sawantahe, nanging mung pasemon. Dudu bisa nyekel bledheg tenan,
nanging crita mau mung kanggo ngalem Ki Ageng. Dikepriyea bae, senajan Ki Ageng
Sela mung panguwasa dhukuh utawa desa, nanging ing tembe mburi anak turune dadi
ratu ing tanah Jawa.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar