Selasa, 07 Mei 2024

BEBAYANE KELUKE UDUD

Saya menulis artikel ini sebetulnya dimaksudkan untuk memperingati HARI TANPA TEMBAKAU SEDUNIA yang diperingati setiap tanggal 31 Mei. Alhamdulillah, meskipun belum waktunya, tulisan ini bisa dimuat di media massa berbahasa Jawa.

Artikel berjudul "BEBAYANE KELUKE UDUD" (Bahaya Asap Rokok) ini dimuat di Majalah Panjebar Semangat, Nomor 18, Tanggal 4 Mei 2024, Halaman 37. Majalah ini terbit setiap hari Sabtu.

Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 18, Tanggal 4 Mei 2024.

Majalah Panjebar Semangat, Nomor 18, Tanggal 4 Mei 2024, Halaman 37.


Salinan dari artikel di atas.

Tanggal 31 Mei dipengeti minangka Dina Tanpa Mbako Sadunya. Ing dina iku, wong-wong sadunya kang adate ngudud utawa ngrokok, diprayogakake ora ngudud sajroning sedina sewengi. Pengetan Dina Tanpa Mbako Sadunya katetepake dening World Health Organization (WHO) utawa Pakumpulan Kasarasan Sadunya taun 1987. Olehe dianakake Pengetan Dina Tanpa Mbako Sadunya, awit saben taun ana pawongan 6 yuta sing mati amarga lelarane kang jalarane ngudud abahan mbako.

Ing udud utawa rokok, ana bahan kimia sing asipat adiktif lan karsinogenik. Zat adiktif yaiku obat utawa bahan-bahan aktif kang yen digunakake bisa ndadekake wong sing migunakake barang mau kepengin tansah nganggo terus. Dene karsinogenik yaiku zat kang bisa nuwuhake sel kanker sajroning awak, utamane yen kakehen kena keluke udud.

Ana pirang-pirang pawadan geneya wong-wong padha seneng ngudud utawa ngrokok. Ana sing kandha, ngudud bisa dadi srana kekancan. Yen pas kumpul-kumpul, wong sing duwe udud utawa rokok kala-kala nawani udud marang kancane, embuh kuwi mung samudana embuh pancen tulus tenan. Pamrihe, ben katon raket lan gayeng anggone jejagongan. Uga ana sing nganggep yen ngudud bisa ngilangake stress amarga dianggep bisa ngleremake pikir. Ana maneh sing kandha, jare ora bisa kerja utawa kerjane ora ana greget yen ora sinambi ngudud.

Kamangka sajatine tanpa ngudud ya tetep bisa raket-supeket karo kanca-kancane. Amrih pikiran ayem ora stress isih ana cara liyane. Lan tanpa ngudud, kerja ya tetap bisa greget. Gumantung sing nglakoni.

Ngudud pancen nyenengake tumrap wong kang seneng ngudud. Nanging sajatine udud mono mbebayani tumrap kasarasan. Keluke udud mau ora mung mbebayani tumrap sing ngudud, nanging uga tumrap uwong kang melu ngisep keluke udud. Arane perokok pasif.

Miturut WHO kaya kang diwartakake dening Suara.com tanggal 4 Juni 2019, luwih saka 60.000 bayi kang umure kurang saka limang taun (balita), mati marga kena keluke udud. Bayi-bayi mau mati marga infeksi saluran bawah pernapasan awit dadi perokok pasif.

Kang diandharake dening WHO dudu kabar ngayawara. Fitria Indah Lestari wis tau ngalami yen anake mati marga ngirup keluke udude para tamu. Kaya kang dicritakake dening Fitria Indah Lestari ana ing facebook-e, tanggal 27 Juni 2017 dheweke nglairake bayi lanang kanthi kahanan seger kuwarasan. Bobote bayi ana 3,3 kg., dene dawane 47 cm. Tanggal 17 Juli 2017 kulawargane nganakake upacara cukur rambut mesisan akikah. Wengi kuwi, bayi lanange kang diwenehi jeneng Hafizh, digawa metu nemoni para tamu ana ing bale (ruang tamu), amarga para tamu padha kepengin weruh Hafizh.

Iwut iku kuwi, Fitria ora nyana yen ing kono ana tamu kang lagi ngudud. Wiwitane Hafizh ora apa-apa. Ananging rong dina candhake, Hafizh watuk-watuk nganti ambegane seseg. Dikira mung watuk biasa, Fitria tuku obat watuk, banjur diombe dening dheweke amarga Hafizh isih bayi (isih netek ibune).

Nganti tanggal 27 Juli 2017, watuke Hafizh ora mari-mari. Fitria lan sisihane banjur nggawa Hafizh priksa menyang bidan. Ora wani aweh tamba jalaran Hafizh isih bayi, bidan aweh pamrayoga priksa menyang rumah sakit. Cekaking crita, Hafizh divonis lara pneumonia utawa radang paru-paru abot. Ora nganti suwe ana ing rumah sakit, Hafizh katimbalan bali ana ngarsaning Gusti Allah tanggal 30 Juli 2017.

Merdeka.com tanggal 26 Agustus 2014 uga ngabarake yen 42% bocah umur 0-14 taun ngirup keluke udud. Kamangka, dadi perokok pasif bebaya kang disandhang ora kalah abot tinimbang perokok aktif utawa sing ngudud. Akeh penelitian kang nuduhake bebayane dadi perokok pasif. Dakkira ora perlu disebut siji-siji neng kene, marga tinggal dunyane Hafizh kaya kang kasebut ing dhuwur wis bisa kanggo tuladha bebayane keluke udud tumap wong liya.

Keluke udud nyata-nyata gawe lelara. Saka sawetara buku kang ana gegayutane karo udud, yaiku: 5 Langkah Jitu Cara Berhenti Merokok anggitane Charles F. Wetherall, Ternyata Rokok Haram karangane Ghufron Maba, lan Jadi Benci Merokok dengan Terapi Asmaul Husna tulisane Ibnu Abdullah Aliman, ngandhakake yen keluke udud bisa gawe lelara watuk-watuk, ambegane sesak, kanker paru-paru, emphysema utawa paru-parune abuh, kanker cangkem lan gurung, jantunge dadi luwih cepet anggone dheg-dhegan, lara jantung lan-liya-liyane, malah kepara bisa gawe pepati.

Yen wis ngerti bebayane keluke udud, embuh tumrap sing ngudud apadene tumrap wong liya, prayogane wong-wong kang seneng ngudud bisa nglereni. Dene yen ora bisa nglereni, becike disuda olehe ngudud. Upamane, sing sekawit sedina sewengi entek 10 ler udud, yen bisa dikurangi dadi entek limang ler.

Uwong kang seneng ngudud uga kudu bisa ngajeni marang liyan. Yaiku aja ngudud ing sacedhake pawongan sing ora tau ngudud. Jalaran keluke udud uga mbebayani banget. Apa mane yen sing ana sandhinge isih bocah, aja nganti gawe pepati tumrao bocah mau amarga katut ngirup keluke udud.

(Mulyono Atmosiswartoputra)

 

 

Tidak ada komentar :