Selasa, 05 November 2024

PASEMON SAKA CRITA SENAPATI KAWISIK ING LINTANG



Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 44, Tanggal 2 November 2024


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 44, Tanggal 2 November 2024, Halaman 34


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 44, Tanggal 2 November 2024, Halaman 35


Salinan dari tulisan di atas.


PASEMON SAKA CRITA SENAPATI KAWISIK ING LINTANG

 

Tumrap sing seneng maca babad, crita Senapati kawisik ing lintang iku bisa ditemokake ing Babad Tanah Jawi, Babad Pajang, apadene Babad Mataram. Nanging maca babad kudu ngati-ati, utamane yen kanggo gegaran nulis sejarah. Kang mangkono jalaran ora kabeh crita ing babad iku nyata kaya kang tinulis. Ora sethithik crita ing babad iku mung pasemon, salah sijine yaiku crita Senapati kawisik ing lintang kang critane kaya ing ngisor iki.

Nuju sawijining wengi, Ki Juru Martani ora bisa sare sanajan wayahe wis tengah wengi. Ki Juru Martani banjur lunga menyang daleme Senapati. Nalika samono Senapati durung nganggo gelar Panembahan, jalaran durung dadi ratu. Gelar Panembahan dienggo sawise dadi ratu.

Tekan daleme Senapati, sing digoleki ora ana. Sing jaga ditakoni ya ora ngerti menyang ngendi lungane Senapati. Ki Juru Martani banjur nggoleki Senapati, ketemu ana ing Lipura, pinuju turu ing watu gilang.

"He, thole! La wong wis cedhak gawene kok malah enak-enak turu", panggugahe Ki Juru Matani marang Senapati sing duwe gegayuhan kepengin dadi ratu. 

Durung nganti tangi, ujug-ujug ana lintang tiba saka langit. Lintange mencorong, gedhene saklapa. Tibane ing ndhuwuring ulu ati.

Senapati tangi. Lintang mencorong mau ditakoni. 

"Sapa kowe? Salawase urip nembe iki aku weruh wewujudan kaya kowe".

“Aku lintang, arep aweh weruh marang kowe, yen sedyamu bakal kelakon. Kowe arep dadi ratu ing tanah Jawa nganti tekan anak putumu”.

Sawise kandha mangkono, lintang banjur ilang. Senapati rumangsa seneng, marga sedyane kepengin dadi ratu bakal kaleksanan.  

“Thole, kowe aja nggugu omongane lintang, jalaran lintang ora duwe ilat. Iya yen omongane bener, la yen salah, kowe ora bisa nagih janji”, ngendikane Ki Juru Martani ngelingake marang Senapati.

“Sarehing kowe bakal nindakake pakaryan abot, mula aja koanggep gampang lumawan Sultan Pajang. Prayogane rembugan karo sing duwe ilat, awit yen cidra kowe bisa nagih. Manut panemuku kowe mlakua mengidul, katemu karo Kanjeng Ratu Kidul. Njaluka pitulungan marang Kanjeng Ratu Kidul, amrih gelem mbiyantu anggone arep perang mungsuh Sultan Pajang. Dene aku mengalor, menyang Gunung Mrapi, njaluk pitulungan mbantoni perang mungsuh Sultan Pajang. Kabeh mau yen cidra kena ditagih”, pituture Ki Juru Martani.

“Inggih uwa, sandika! Sapunika ugi kula pangkat dhateng samodra kidul medal Lepen Opak”, wangsulane Senapati.

“Iya, thole! Aku uga mangkat saiki menyang Gunung Mrapi”.

Senapati lan Ki Juru Martani padha budhal. Sing siji mengidul, sijine mengalor.

 

Pasemon

 

Crita lintang bisa ngomong karo manungsa cetha dudu crita nyata. Sajake pujangga olehe gawe crita mangkono kanggo ngegungake Senapati kang ing tembe bakal dari ratu lan nurunake ratu ing tanah Jawa. Mung wong linuwih sing bisa entuk wisik saka lintang sing papane ana ing langit.

Ana ing bukune kang asesirah Sultan Agung, Sang Pujangga dan Budayawan dalam Puncak Kekuasaan Mataram, Fatimah Purwoko ngandikakake yen Sultan Agung ngrumangsani banget kalamun babad bisa dimanpangatake kanggo piranti politik. Bab iki bisa dimangerteni saka dhawuh dalem marang pujangga amrih nulis babad nalika taun 1626, lan ditulis maneh ing taun 1633, yaiku sawise Sultan Agung gagal nyerang Batavia ing taun 1628 lan 1629. Ora nggumunake yen para pujangga kang tinanggenah nulis babad, miturut H.J. de Graaf lan Th.G.Th. Pigeaud ing bukune kang asesirah Kerajaan-Kerajaan Islam Pertama di Jawa, condhong ngegung-ngegungake panguwasaning ratu ing Pajang lan ratu-ratu ing Mataram. Klebu ngegung-ngegungake wong kang bakal dadi ratu kaya dene Senapati. Wondene Pajang melu diegung-egungake, manut panemuku, marga Adiwijaya minangka Sultan Pajang, tau mundhut Danang Sutawijaya alias Senapati minangka putra angkat. Mula jeneng lumrah yen Sultan Pajang melu diegungake ing crita babad.

Dene crita njaluk pitulungan marang Kanjeng Ratu Kidul lan Sunan Gunung Mrapi, miturut Raden Ngabehi Suradipura ing bukune kang asesirah Serat Andupara kang kaecap nganggo aksara Jawa ing pangecapane Tuwan Albreh Enko (Albrecht Enko), Weltefredhen (Weltevreden) taun 1917, iku mung pasemon. Mungguh tegese, mangkene.

Senapati dikon mlaku ngidul njaluk tulung marang Kanjeng Ratu Kidul, iku dudu njaluk tulung marang Kanjeng Ratu Kidul beneran, nanging karepe dikon nelukake wong-wong bang kidul saurute pasisir.

Dene Ki Juru Martani nggone mlaku ngalor, iku ora kok njaluk tulung marang Sunan Gunung Mrapi, nanging karepe arep nelukake wong-wong kang manggon ana ing saubenge Gunung Mrapi, saurute tanah Kedhu.

Yen wong-wong ing bang kidul lan saubenge Gunung Mrapi wis padha teluk, bisa dijaluki tulung melu perang lumawan Pajang.

Banjur sapa sajatine Kanjeng Ratu Kidul lan Sunan Gunung Mrapi sing dienggo dadi perlambang tumrape wong-wong bang kidul saurute pasisir lan wong-wong kang manggon ana ing saubenge Gunung Mrapi?

Miturut Babad Tanah Jawi anggitane W.L. Olthof, Kanjeng Ratu Kidul yaiku ratu wanodya sing ngratoni segara kidul, kang ayune tanpa tandhing, sajagad ora ana sing ngemperi. Dheweke sing nguwasani sakabehing bangsa alus ing tanah Jawa. Dene Sunan Gunung Mrapi, miturut Muhammad Sholikhin ing bukune kang asesirah Kanjeng Ratu Kidul dalam Perspektif Islam Jawa, yaiku ratuning roh alus sing kratone ana ing pucuking Gunung Mrapi, sisih lore Kota Yogyakarta. Sunan Gunung Mrapi sering disebut kanthi asma Eyang Sapujagad. Kanjeng Ratu Kidul lan Sunan Gunung Mrapi dianggep minangka sing njaga Mataram, utawa luwih jembare sing njaga tanah Jawa. Kajaba Kanjeng Ratu Kidul lan Sunan Gunung Mrapi, isih ana maneh sing dianggep njaga tanah Jawa, mligine Mataram, yaiku Sunan Lawu lan Semar.

Apa sing diaturake dening Ki Tirtohamidjaja ing bukune kang asesirah Mitos Ratu Kidul dalam Perspektif Budaya sajak narik kawigaten. Miturut Ki Tirtohamidjaja, kanggo ngadhepi slenthingan-slenthingan sing asale saka Pajang, Ki Juru Martani gawe kabar arupa crita sing nengsemake lan ngalembana kaluwihane Senapati, yaiku crita ngenani patemone Senapati karo Kanjeng Ratu Kidul, ratuning segara kidul.

Crita kang dumadi nalika Pajang isih madeg kraton lan ngereh Mataram iku mangkene.

Nuju sawijining dina Senapati tapa ing gisiking segara. Tumindake Senapati gawe gegere isen-isening Kraton Segara Kidul. Wit-witan padha rubuh, ombak sagunung dhuwure nganti nggegirisi swarane, banyu segara umob kaya wedang. Akeh iwak sing padha mati.

Kanjeng Ratu Kidul kaget ndulu kahananing segara kidul. Sasuwene urip nembe iki Kanjeng Ratu Kidul nyawang kahanan kang nggegiri. Dheweke kongkonan patihe, Rara Kidul, supaya nggoleki apa sing dadi sebab-musababe. Pranyata ora ana apa-apa. Sing katon mung wong kang lagi tapa ing gisiking segara. Rara Kidul saprajurite nekani Senapati, njaluk supaya nglereni anggone tapa amarga gawe gegering isen-isene segara kidul, nanging ora kuwawa ngadhepi kasektene Senapati.

Patih Rara Kidul atur uninga marang ratu gustine, Kanjeng Ratu Kidul, yen ing gisiking segara ana wong tapa sing ndadekake gegering isen-isene segara kidul. Kasektene ora ana sing bisa ngalahake. Prajurit Kraton Segara Kidul ora ana sing kuwawa ngadhepi Senapati, wong sing tapa mau.

Kanjeng Ratu Kidul cancut taliwanda. Dheweke sing arep ngadhepi Senapati. Pranyata bener ature patihe. Senapati pancen sekti mandraguna. Wusanane, Kanjeng Ratu Kidul ngakoni kalah. Dheweke njaluk marang Senapati amrih kawula segara kidul diapurani lan uwal saka sakehing memala. Minangka sembulihe, Kanjeng Ratu Kidul prasetya bakal mbiyantu nguwali sakehing ruwet-rentenge Senapati. Malah Kanjeng Ratu Kidul banjur dadi bojone Senapati.

Iku mau crita sing direkayasa dening Ki Juru Martani. Crita mau dibiwarakake, saengga suwening suwe, crita mau banjur sumebar lan dipercaya dening wong akeh.

 

Mulyono Atmosiswartoputra












Tidak ada komentar :