Salinan dari tulisan di atas.
Krungu tembung bidadari utawa widadari yen ing basa Jawa, sing katon ing wewayangan yaiku wanodya kang sulistya ing warna. Kang mangkono jalaran widadari adate digambarake minangka wong wadon kang ayu rupane. Dewi Gagarmayang ing crita pewayangan upamane, digambarake minangka wong wadon kang senajan awake cilik, nanging ayune uleng-ulengan saengga bisa nuwuhake rasa brai tumrap wong lanang. Samono uga Wilutama, Warsiki, lan Surendra (Irim-Irim), uga digambarake minangka wong wadon sing nyata ayu. Malah Supraba dianggep minangka ratuning widadari.
Meh gagat esuk aku wis kudu budhal saka ngomah, jalaran jam 6 wis kudu tekan kantor sing dumunung ing dalan Merdeka Barat, Jakarta. Kantor kang biyen penggonanku nyambut gawe. Saka kantor, bareng-bareng numpak bis tumuju Pelabuhan Marina ing wewengkon Ancol, Jakarta Utara. Saka Pelabuhan Marina, kanthi numpak kapal plesir, mbacutake laku menyang Pulo Bidadari.
Pulo Bidadari klebu salah siji saka pirang-pirang pulo ing Kabupaten Kepulauan Seribu, Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta. Senajan kabupatene nganggo aran Kepulauan Seribu, nanging pulo kang ana ing kabupaten kasebut ora nganti sewu. Ana ing buku kang asesirah DKI Jakarta, Seribu Nusa Ibu Kota di Laut Jawa disebutake yen cacahing pulo ing Kabupaten Kepulauan Seribu ana 110 pulo, nanging sing dienggoni mung 11 pulo. Dene pulo-pulo liyane ora ana sing ngenggoni. Pulo-pulo sing ora dienggoni mau ana sing kanggo cagar alam, mercusuar, arkeologi, pariwisata, lan isih ana pulo sing durung dienggo apa-apa.
Ing Indonesia, tembung seribu utawa sewu pancen lumrah dienggo ngarani apa-apa kang cacahe akeh, senajan ora nganti sewu. Contone: Lawang Sewu (Semarang), Candhi Sewu (Klathen), Patung Seribu (Tanjungpinang), Masjid Tiang Seribu (Jambi), lan liya-liyane.
Miturut cathetan kang ana ing plang sing tumancep ing Pulo Bidadari, pulo sing ana ing wewengkon Kelurahan Untung Jawa, Kecamatan Seribu Selatan, Kabupaten Kepulauan Seribu iku jembare 69.800 m².
Pulo Bidadari biyen arane Pulo Sakit. Sejarahe pulo mau diarani Pulo Sakit, mangkene.
Kaya kang kapethik dening Simon Boyke Sinaga (editor) ing bukune kang asesirah DKI Jakarta, Seribu Nusa Ibu Kota di Laut Jawa, Wilhelm Ten Rine ngandhakake yen ing taun 1667, sepuluh taun sadurunge teka ing Batavia, para prajurit, budhak, lan kulawarga koloni (tanah jajahan) Portugis ing Srilangka, Malaysia, lan Malabar padha ketaman lepra. Wong-wong sing kena lelara lepra mau banjur dikirim menyang leprosarium (rumah sakit kanggo ngupakara wong sing nandhang lara lepra) ing Angke (saiki Muara Angke Jakarta).
Nalika sing nandhang lelara lepra saya suwe saya akeh, kanggo njagani amrih ora nulari marang wong liya, mula ing taun 1679 Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) ngedegake rumah sakit mligi kanggo ngupakara wong sing kena lara lepra utawa kusta ing pulo sacedhake Pulo Onrust. Sawise rumah sakit mau dadi, wong-wong sing kena lepra banjur dipindhah saka Muara Angke Jakarta menyang rumah sakit sing anyar. Cacahe 165 wong. Dene wong sing manggon ing Batavia nalika samono wis nganti 21.000. Iya awit saka iku, pulo mau banjur katelah Pulo Sakit, tegese pulo kanggo ngupakara wong sakit (lara).
Kajaba didegake rumah sakit, taun 1816 ing Pulo Sakit uga dibangun beteng. Jenenge Beteng Martello. Beteng iki didegake kanggo ngulat-ulati lan pananggulang saka serangan mungsuh, jalaran Pulo Onrust sing ana ing cedhake Pulo Sakit dadi papan kanggo nyimpen rempah-rempah, papan kanggo gawe kapal, lan papan kanggo ndandani kapal sing rusak.
Beteng sing digawe saka bata abang mau wujud lan bebakaling (bahan) beteng luwih bakuh yen katandhingake karo Beteng Martello sing ana ing Pulo Kelor. Ukurane uga luwih jembar. Ing njerone ana senthong-senthong kanggo nyimpen pluru.
Taun 1800, Inggris ngrabasa pulo iki, klebu ngusak bangunan-bangunan sing ana. Telung taun candhake (1803), Landa kasil ngrebut Pulo Sakit saka Inggris, lan mbangun maneh bangunan sing rusak. Telung taun candhake maneh (1806), Inggris bali ngrabasa Pulo Sakit. Taun 1827, Landa bali mbangun pulo iki. Sing dadi kuline wong Tionghoa lan pesakitan (tahanan).
Apa marga Pulo Sakit bola-bali diserang lan bangunane dirusak dening Inggris saengga rumah sakit sing biyen tau dibangun dening Landa saiki wis ora ana? Aku ora ngerti! Sing cetha, nalika aku nyambangi pulo iki, aku ora weruh wujude rumah sakit, senajan mung bekas pondhasine. Nalika bab iki daktakokake marang guide plesir, dheweke uga kandha yen ing kene ora ana bekas rumah sakit.
Wiwit Landa ninggalake Indonesia amarga kalah karo Jepang, Pulo Sakit dadi ora kopen. Nganti tekan taun 1970, Pulo Sakit ora tau dienggoni wong. Aja maneh dienggoni, ditekani wae ora. Mula kanggo narik kawigaten, Pulo Sakit banjur diganti jenenge dadi Pulo Bidadari amrih katon apik kaya arane pulo-pulo liyane sing memper-memper, kaya ta: Pulo Putri, Pulo Nirwana, lan liya-liyane.
Ana sing narik kawigaten ing Pulo Bidadari. Kajaba akeh wit-witan sing bisa gawe adheme papan sakiwa tengene, uga dadi papan sing nyenengake tumrap manuk. Akeh manuk tinemu ing kene, klebu alap-alap (elang) bondhol. Daksawang, manuk sajak ayem urip ing kene, jalaran ora ana sing munasika. Manuk uga gampang golek pangan jalaran saperangan pulo iki isih katon kaya alas. Pulo iki pancen ora ana sing ngenggoni, kejaba petugas sing kajibah ngladeni tamu sing plesiran mrana lan ngopeni pulo.
Ing Pulo Bidadari uga tinemu tanduran maneka warna, kaya ta: jambu, sukun, sawo manila, lan liya-liyane. Kepara ana tanduran sing wis langka, yaiku wit kayu item (kayu hitam) utawa kayu eboni.
Tumrap sing kepengin nginep ana ing Pulo Bidadari, ing kene uga ana papan panginepan (cottage) sing cacahe cukup akeh. Papane mencar-mencar kanthi aran kang beda-beda, kaya ta: Kemajoran, Tjondet, Petjenongan, Menteng, Senen, Gandaria, Senajan, Batavia House, lan Tjikinie.
Mulyono Atmosiswartoputra
Tidak ada komentar :
Posting Komentar