Tanah Yamamah kondhang subure. Ora nggumunake yen panggaotane wong-wong ing kono tetanen. Asil bumine, kaya ta: gandum lan kurma, nganti didol ing jaban rangkah (sajabaning wewengkon Yamamah). Kajaba kondhang tanahe sing subur, Yamamah uga kondhang alame kang endah.
Akeh-akehe wong-wong kang manggon ing wewengkon Yamamah iku Bani Hanifah, tegese anak keturunane Hanifah. Wewengkon Yamamah ana sisih wetane Hijaz. Laladane jembar banget, nganti tekan tapel watese Oman. Biyen, saindenging Nejd uga klebu wewengkon Yamamah. Malah ora mung kuwi, Riyadh, ibukota Arab Saudi saiki, biyen uga mujudake salah sawijining wewengkon Yamamah kang ingaranan Hujr.
Ing Yamamah ana wong kang ngaku dadi nabi, arane Musailamah Al-Kadzdzab. Miturut ahli sejarah Arab, Dr. Jawwad ‘Ali kaya kang dikandhakake dening Misran lan Armansyah ing bukune kang asesirah Para Penentang Muhammad SAW., jeneng asline Musailamah sajatine Maslamah. Dening kaum muslim, jeneng mau banjur diowahi dadi Musailamah, minangka panacad marang dheweke kang kapribadene kondhang minangka tukang apus-apus. Wondene embel-embel Al-Kadzdzab, tegese tukang apus-apus.
Sipat seneng apus-apuse Musailamah Al-Kadzdzab banget kondhange, nganti dienggo paribasan dening wong-wong Arab. Yen ana wong kang konangan tumindak apus-apus, wong-wong Arab bakal kandha, “Huwa akdzab min Musailamah” kang mengku teges: dheweke olehe apus-apus ngluwihi Musailamah.
Musailamah Al-Kadzdzab isih keturunane Hanifah, mula dheweke diarani Musailamah Al-Hanafi. Dene ing saben dinane, Musailamah Al-Kadzdzab adate diceluk nganggo jeneng Abu Tsumamah, Abu Tsumalah, utawa Abu Harun. Jeneng jangkepe yaiku Musailamah bin Tsumamah bin Kabir bin Habib bin Al-Harits bin ‘Abd Al Harits bin Hifan bin Dzuhl bin Diwal bin Hanifah
Ngenani blegere Musailamah Al-Kadzdzab, saweneh ahli sejarah ana sing kandha yen dheweke pawakane pendhek, kulite kuning langsat, lan irunge pesek. Dene sipate, kajaba sombong, uga kapiadreng duwe kalungguhan.
Musailamah Al-Kadzdzab ngaku dadi nabi wiwit jaman jahiliyah, adoh sadurunge Muhammad diutus dadi Rasul. Dheweke ora ijen anggone ngaku dadi nabi ing awal tekane agama Islam. Ana sawetara wong kang uga ngaku dadi nabi ing Jazirah Arab, kaya ta: Al-Aswad bin Ka’ab Al-Ansi ing Yaman, Thulaihah bin Khuwailid Al-Asadi ing Nejd, lan Sajjah binti Aus. Ing antarane nabi-nabi palsu mau, sing paling misuwur ya mung Musailamah Al-Kadzdzab, marga pendhereke cukup akeh.
Kanggo nyebarake ajarane, Musailamah Al-Kadzdzab lila lelungan adoh menyang pirang-pirang kutha ing Jazirah Arab, klebu Mekah lan Yatsrib (Madinah), dikantheni pendhereke kang aran Hujair. Saben Musailamah Al-Kadzdzab ngucapake tembung-tembung kang diakoni minangka wahyu, Hujair bakal bengok-bengok yen sing dikandhakake dening Musailamah Al-Kadzdzab iku nyata, amrih wong-wong padha kepencut dadi pendhereke. Ewasemana, ajarane ora digape dening wong-wong.
Nalika ana ing Mekah, Musailamah Al-Kadzdzab ngepek bojo wong wadon Quraisy aran Kaysah binti Al-Harits bin Kuraiz. Mula ora aneh yen dheweke sering menyang Mekah lan ajarane dimangerteni dening wong-wong Mekah. Musailamah Al-Kadzdzab olehe omah-omah karo Kaysah binti Al-Harits bin Kuraiz ora langgeng. Randhane banjur dirabi dening ‘Abdullah bin ‘Amir lan melu hijrah menyang Yatsrib (Madinah).
Musailamah Al-Kadzdzab tau nepungake tembung al-rahman marang wong-wong jahiliyah sadurunge Muhammad kautus dadi Rasul. Awit saka iku Musailamah Al-Kadzdzab diwenehi gelar Rahman Al-Yamamah dening wong-wong jahiliyah. Ora nggumunake nalika Rasulullah maos ayat-ayat Al-Qur’an kang diwiwiti basmalah, yaiku “bismillāhirrahmānirrahīm”, wong-wong kafir Quraisy padha ngomong karo ngledhek, “Al-Rahman sing koksebut iku al-rahman saka Yamamah”.
Omongane wong-wong kafir Quraisy mau, sakala diwangsuli dening Allah kaya kang kasebut ing Al-Qur’an Surat Al-Isrā’ ayat 110.
Kandhakna (Muhammad), “Nguwuha Allah utawa nguwuha Al-Rahman. Kanthi asma endi wae sing koksebut, Panjenengane kagungan Al-Asmā’ Al-Husnā (asma-asma kang becik)”.
Kanggo nggampangake nggone apus-apus, Musailamah Al-Kadzdzab banjur sinau sulap lan sihir ing sadhengah papan. Dheweke ngumbara saka papan siji menyang papan liyane saperlu sinau sulap, kaya ta ing Pasar Aballah, Laqqah, Al-Anbar, lan Hayrah. Geneya sinaune ana ing pasar? Awit jaman samana tukang-tukang sulap lumrahe anggone golek dhuwit ing pasar kanthi adol kaprigelane main sulap.
Sawise prigel, kapinterane main sulap banjur dienggo ngapusi wong-wong supaya dadi pendhereke, mligine wong-wong Arab Badui sing isih padha lugu. Sawijining dina Musailamah Al-Kadzdzab nuduhake botol beling sing isi endhog marang wong-wong. Musailamah Al-Kadzdzab kandha yen bab mau mujudake bukti lamun dheweke iku nabi. Wong-wong Arab Badui padha eram dene ana endhog bisa mlebu sajroning botol sing bolongane cilik lan endhoge ora pecah. Wong-wong mau ora ngerti yen Musailamah Al-Kadzdzab wis ngrendhem endhog mau nganggo cukak luwih dhisik saengga kulite endhog dadi lembek. Nalika cangkanging endhog lembek, wektu kuwi endhog dilebokake botol. Sawise pirang-pirang dina, cangkang endhog mau bali dadi atos kaya maune. Marga bodhone wong-wong Arab Badui, mula padha gelem melu dadi pendhereke.
Musailamah Al-Kadzdzab olehe apus-apus marang wong-wong ora mung pisan pindho, nanging bola-bali kanthi cara kang beda-beda. Malah ora mung kuwi, Musailamah Al-Kadzdzab uga ngaku duwe mukjizat minangka bukti yen dheweke iku nabi. Karepe, kepengin nandhingi Rasulullah. Dene mukjizate Musailamah Al-Kadzdzab, manut pangakune dheweke, yaiku bisa ngusadani wong lara. Marga saka iku, akeh wong kang padha njaluk tulung marang dheweke amrih ngusadani lelarane. Nanging apa kang dumadi? Dudu ilang lelarane, nanging malah kosokbaline. Apa sing dikandhakake Musailamah Al-Kadzdzab ora ana nyatanya. Mukjizat sing diumukake mung apus-apus.
Rikala krungu kabar yen Rasulullah tau paring berkah ing sawijining sumur nganggo idune, Musailamah Al-Kadzdzab tiru-tiru. Nalika wong-wong kampung padha asung palapuran marang Musailamah Al-Kadzdzab yen sumure kotor, dheweke enggal ngidoni sumur kasebut. Sawise diidoni, sumur ora malih dadi resik, nanging malah dadi asin lan pait.
Ing liya wektu, Musailamah Al-Kadzdzab tau nyiram wit kurma nganggo banyu bekas sibin awake. Bareng kasiram, wit kurma mau malah garing, terus mati.
Tau uga, nuju sawijining wektu ana wong wadon kang mara karo nggawa bayi, saperlu njaluk berkah marang Musailamah Al-Kadzdzab. Bayi kausap sirahe. Sawise kausap, bayi mau ora kok mari, nanging kulit sirahe malah rusak lan buthak nganti tekaning diwasa.
Isih ana maneh tumindake Musailamah Al-Kadzdzab sing malah gawe kapitunane wong akeh. Sanajan jarene nduweni mukjizat, nanging mukjizat sing diumukake mung apus-apus, dudu mukjizat tenanan.
Nalika Islam tambah kuwat sawise nelukake Mekah ing taun kaping 9 sawise hijrah, wong-wong Arab padha ndlidir teka ing Madinah saperlu arep ngrasuk agama Islam. Ing antarane sing padha teka, ana rombongan utusan Bani Hanifah saka Yamamah. Musailamah Al-Kadzdzab melu ing rombongan kasebut. Melune Masailamah Al-Kadzdzab dudu kepengin ngrasuk agama Islam kaya liyane, nanging marga duwe ancas kang beda. Marang rombongane, Musailamah Al-Kadzdzab kandha, “Yen Muhammad gelem bagi-bagi kalungguhan nabi marang aku, aku gelem dadi pendhereke”.
Satekane Madinah, Bani Hanifah padha ngaso ana ing omahe Zainab binti Al-Harits, randhane Musailamah Al-Kadzdzab. Sawise ngaso, banjur ngadhep ana ngarsane Rasulullah. Nalika iku Rasulullah lagi bareng karo sahabat Tsabit bin Qais bin Syammas. Tekane Bani Hanifah dibagekake dening Rasulullah kaya dene utusan-utusan liyane. Wong-wong mau banjur matur marang Rasulullah yen tekane ing Madinah kepengin ngrasuk agama Islam.
Sawise Bani Hanifah rampung sedyane, Musailamah Al-Kadzdzab uga melu ngadhep ana ngarsane Rasulullah. Nalika ngadhep, awake ditutupi brukut.
“He, Muhammad. Kepriye yen awake dheweke bagi-bagi kalungguhan nabi. Yen kowe mati sesuk emben, lilanana aku kang nggenteni”, ature Musailamah Al-Kadzdzab.
Midhanget ature Musailamah Al-Kadzdzab, Rasulullah kang lagi ngasta papahing kurma, banjur ngandika, “Aja maneh kowe njaluk kalungguhan nabi iku dibagi, sanajan mung njaluk papahing kurma iki dibagi, ora bakal dakbagi. Elinga, apa sing wis ditetepake dening Allah marang kowe ora bisa diowahi yen kowe mangro tingal saka Islam. Kowe bakal dijabel nyawane dening Allah. Satemene aku weruh kowe kaya kang tau dakweruhi sajroning impenku”.
Ana sajroning impene, Rasulullah uninga yen ing ugel-ugel astane ana gelang emas cacah loro. Gelang mau agawe bingunging penggalihe. Lumantar impene, Allah paring dhawuh marang Rasulullah amrih ndamu gelang-gelang mau. Gelang kadamu, kabur ing angkasa. Sing siji mabur menyang Yaman, dene sing sijine mabur menyang Yamamah. Ing papan-papan kasebut bakal ana tukang apus-apus kang ngaku nabi, yaiku Al-Aswad Al-’Ansi ing Shan’a lan Musailamah ing Yamamah.
Sawise ngendikan karo Musailamah, Rasulullah jengkar ninggalake dheweke, marga wis ora kersa ngladheni maneh. Marang para utusan Bani Hanifah, Rasulullah ngandika, “Yen kepengin apa-apa, kandhaa marang sahabatku iki, Tsabit bin Qais”.
Sadurunge para utusan Bani Hanifah mulih menyang Yamamah, Rasulullah paring bebungah lan nyukupi kabutuhane kanggo sangu ing dalan. Nalika iku, Musailamah Al-Kadzdzab ora melu pamitan, marga ana ing panginepan, nunggoni barang-barange Bani Hanifah. Salah sawijining utusan matur, “Nuwun sewu, Rasulullah! Sejatosipun taksih wonten kanca kula ingkang wonten panginepan, margi piyambakipun ngayahi jejibahan nengga barang-barang”.
“Yen ngono, dheweke dudu wong sing paling elek ing antarane kowe kabeh”, wangsulane Rasulullah. Panjenengane banjur dhawuh supaya Musailamah uga diwenehi bebungah lan kabutuhan kanggo sangu neng dalan sajroning mulih menyang Yamamah.
Sawise rampung, utusan Bani Hanifah mau bajur mulih menyang Yamamah.
Musailamah Ngaku Dadi Nabi
Sabaline saka Madinah ing pungkasaning taun 10 Hijriyah, Musailamah Al-Kadzdzab wara-wara yen dheweke iku nabi lan entuk wahyu kaya dene Rasulullah. Dheweke ngarang crita yen Rasulullah wis bagi-bagi kalungguhan nabi.
“Kowe kabeh krungu ta, nalika ana ing Madinah, Muhammad kandha yen aku dudu wong sing elek. Iku tegese, dheweke ngakoni yen aku iku nabi kaya dheweke”, Musailamah Al-Kadzdzab ngomong marang Bani Hanifah.
Kanggo ngyakinake wong-wong mau, Musailamah Al-Kadzdzab banjur kongkalikong karo Nahar bin ‘Unfuwah Al-Hanafi, juru tuduh dalan kang melu rombongane Bani Hanifah nalika ngadhep ana ngarsane Rasulullah. Kamangka, Nahar bin ‘Unfuwah Al-Hanafi dipercaya dening Rasulullah amrih nyebarake agama Islam ing Yamamah, nanging malah nyengkuyung tumindake Musailamah Al-Kadzdzab.
Ora mung kuwi, Musailamah Al-Kadzdzab uga ngarang ayat-ayat palsu. Dheweke kandha yen ayat-ayat mau wahyu saka Gusti Allah kang kaparingake marang dheweke. Salah sawijining conto ayat palsu mau, kaya ta:
“He, kodhok, anak saka kodhok cacah loro, sucekena awakmu, aja kokkotori banyu (kuwi), lan aja nganti kowe ora nginum banyu (kuwi), endhasmu ing sadhuwuring banyu, dene buntutmu ana ing sajroning lemah”.
Sanajan kabeh mau mung apus-apuse Musailamah Al-Kadzdzab, nanging wong-wong Yamamah akeh kang padha kepencut dadi pendhereke.
Sawise ngaku dadi nabi, Musailamah Al-Kadzdzab kirim layang marang Rasulullah lumantar utusane, Ibnu Al-Nawwahah lan Ibnu ‘Atsal. Dene surasane layang mangkene.
“Saka Musailamah, utusaning Allah.
Marang Muhammad, utusaning Allah.
Ammā ba’du.
Sajatine aku wis entuk jejibahan kang padha karo kowe. Awit saka iku, kita bagi separo bumi iki minangka dadi wewengkonku, dene sing separo maneh minangka wewengkon Quraisy (Muhammad). Nanging bangsa Quraisy minangka bangsa kang keliwat wates”.
Sawise priksa unining layang saka Musailamah Al-Kadzdzab, Rasulullah banjur ndangu marang utusan mau.
“Kepriye miturut panemumu sakloron ngenani isining layang sing ditulis Musailamah iki?”.
“Isining serat punika sampun leres”, wangsulane para utusan mau.
“Yen ta Allah ora menging aku mateni utusan, gulumu sakloron mesthi bakal dakkethok”.
Rasulullah banjur paring wangsulan marang Musailamah Al-Kadzdzab lumantar layang.
“Kanthi nyebut asmaning Allah kang Mahaasih lan Mahawelas.
Saka Muhammad, utusaning Allah.
Marang Musailamah, tukang apus-apus.
Muga-muga keslametan kaparingna marang wong-wong kang ndherek hidayahing Allah.
Ammā ba’du.
Sajatine saindenging bumi iki kagunganing Allah kang diwarisake marang sapa bae kang dikersakak-E ing antarane kawula-kawula-Ne. Lan kaluwihan diparingake marang wong-wong sing takwa”.
Ora mung paring wangsulan layange Musailamah Al-Kadzdzab, Rasulullah uga ngutus sahabat, yaiku: ‘Amr bin Umayyah Al-Dhamri, Al-Sa’ib bin Al-Awwam, lan Habib bin Zaid supaya ngelingake nabi palsu mau. Emane, para utusan mau ora kasil ngelingake Musailamah Al-Kadzdzab, malah kepara ana sing diprajaya kanthi wengis, yaiku Habib bin Zaid.
Kocapa, nalika Rasulullah seda ing taun kaping 11 sawise hijrah menyang Madinah, Musailamah Al-Kadzdzab duwe pangira manawa dheweke kang bakal nglengser kalungguhan nabi. Dheweke banjur meden-medeni wong-wong, nganti wong-wong mau padha manut marang Musailamah Al-Kadzdzab. Nanging pangangen-angene Musailamah Al-Kadzdzab babar pisan ora dadi kasunyatan, awit kajaba Allah wis netepake yen Muhammad minangka nabi kang pungkasan, uga marga Abu Bakar kang kapilih minangka khalifah sawise Rasulullah seda, nyidhem polahe Musailamah Al-Kadzdzab kang ngaku nabi.
Sekawit Abu Bakar ngirim Ikrimah bin Abu Jahal minangka manggalayuda kang dibiyantu Syurahbil bin Hasanah, tumuju menyang Yamamah. Emane, wadyabala muslim kang dipandhegani dening Ikrimah bin Abu Jahal ora kuwawa ngadhepi wadyabala Yamamah. Awit saka iku Ikrimah bin Abu Jahal banjur kirim layang marang Khalifah Abu Bakar. Karo nunggu tekane wadyabala tambahan, Ikrimah bin Abu Jahal ngawat-awati Musailamah Al-Kadzdzab apa isih tetep ana ing Yamamah apa ora. Dene Khalifah Abu Bakar sawise mangerteni wadyabala muslim ora kuwawa ngadhepi wadyabala Yamamah, banjur ngirim wadyabala maneh kanthi manggalayuda Khalid bin Walid.
Ing Yamamah, nalika Musailamah Al-Kadzdzab krungu kabar yen wadyabala muslim teka maneh kanthi manggalayuda Khalid bin Walid, dheweke enggal-enggal nyepakake wadyabalane ing Aqriba, sapinggiring wewengkon Yamamah. Nalika wadyabala Yamamah karo wadyabala muslim ketemu, wadyabalane Musailamah Al-Kadzdzab sing mung cacah 40-60 wong iku kasil dilkalahake dening wadyabalane Khalid bin Walid.
Esuke, wadyabala muslim ketemu maneh karo wadyabala Yamamah. Musailamah Al-Kadzdzab sing kasil ngompor-ngompori Bani Hanifah amrih gelem maju perang, bisa nekakake wadyabala ing palagan cacah 100.000 wong. Dina iku, dumadi perang gedhe antarane wadyabala muslim lumawan wadyabala Yamamah.
Swaraning pedhang adu klawan pedhang, panjeriting wadyabala kang ketaton marga ketaman tumbak apadene pedhang, ngebeki papan palagan. Ora sethithik wadyabala kang nemahi pati ing palagan.
Wadyabala Yamamah suwe-suwe ora kuwagang ngadhepi wadyabala muslim. Musailamah Al-Kadzdzab lan wadyabalane keseser, mlebu menyang kebon kang ditembok dhuwur ing sisih jaba, banjur dikunci. Udakara 6.000 wong kang mlebu sajroning kebon kanggo nylametake nyawa saka pangudaging wadyabala muslim. Mesthi wae kebone dadi rusak marga kaidek-idek wadyabala Yamamah kang ora sethithik cacahe.
Marga temboke dhuwur lan kakunci saka jero, pasukan muslim ora bisa mlebu sajroning kebon. Nanging ora let suwe, ana salah sawijining wadyabala muslim kang duwe iguh nekad. Al-Barra’ bin Malik kang duwe iguh mau, njaluk supaya awake dilebokake ing klambi wesi, banjur diangkat nganggo tumbak nganti tekan dhuwur tembok. Sawise kuwi, diuncalake menyang jero tembok. Dheweke kang bakal mbukak kunci tembok saka jero.
Sakawit kanca-kancane padha ora sarujuk marang iguh-pratikele Al-Barra’ bin Malik marga mbebayani tumrap dheweke. Nanging iguh-pratikel mau wusanane disarujuki. Al-Barra’ bin Malik sida diuncalake mlebu sajroning tembok. Mesthi wae dheweke dikroyok dening wong-wong Yamamah kang ana ing sajroning tembok. Ewasamana, Al-Barra’ bin Malik ora gigrig, malah kepara bisa mateni musuh cacah 15 wong. Bareng kunci tembok bisa kebukak, wadyabala muslim sakala padha lumebu sajroning kebon, campuh maneh karo wadyabala Yamamah.
Musailamah Al-Kadzdzab kang nalika iku ngadeg ing pojoking pager karo ngligan pedhang, katumbak dening Wahsyi bin Harb. Tumbak ngenani dhadhane Musailamah Al-Kadzdzab, manjlem tumekaning geger. Abu Dujanah emoh keri. Pedhang sing ana tangane dibabitake marang Musailamah Al-Kadzdzab, tiba padha sanalika. Si nabi palsu wusanane nemahi pati.
Ing perang gedhe mau, wadyabala muslim bisa mrajaya wadyabala Yamamah cacah 20.000 wong, dene wadyabala muslim kang seda syahid cacah 1.200 wong, 400 ing antarane yaiku Muhajirin lan Anshar sing apal Al-Qur’an.
GEGARAN PANGRIPTANING ANDHARAN IKI
A.R. Shohibul Ulum. 2019. Seni Perang dalam Islam, dari Perang Badar hingga Perang Era Khulafaur Rasyidin. Yogyakarta: Mueeza.
Misran lan Armansyah. 2018. Para Penentang Muhammad SAW. Bandung: Safina.
Said Yusuf Abu Azis. 2005. Azab Allah bagi Orang-orang Zalim. Bandung: Pustaka Setia.
Syaikh Shafiyyurahman Al-Mubarakfuri. 2018. Sirah Nabawiyah. Cetakan Ke-17. Jakarta: Pustaka Al-Kautsar.
Ust. Labib MZ. 2003. 10 Orang yang Divonis Masuk Neraka. Surabaya: Bintang Usaha Jaya.