Senin, 16 September 2024

DHADHUNGAWUK MATI KABALANG SADAK

 Tentang cerita perlambang.


Cover Majalah Penjebar Semangat, Nomor 37, Tanggal 14 September 2024


Majalah Penjebar Semangat, Nomor 37, Tanggal 14 September 2024, Halaman 26



Majalah Penjebar Semangat, Nomor 37, Tanggal 14 September 2024, Halaman 27




Salinan dari tulisan di atas.


DHADHUNGAWUK MATI KABALANG SADAK


Ing tanah Kedhu, ana wong aran Dhadhungawuk. Asale saka Desa Pingit. Dheweke urip kalane ning Kraton Demak diasta dening Kangjeng Sultan Demak kang kaping telu.

Nuju sawijining dina, Dhadhungawuk krungu kabar yen Kangjeng Sultan Demak ngersakake yasa abdi dalem jajar prajurit wira utama. Awit saka iku, Dhadhungawuk lunga menyang Kraton Demak saperlu arep melu mlebu dadi abdi dalem mau.

Setekane Kraton Demak, tiba kebeneran dina kuwi lelurahing prajurit wira utama nuju pakempalan ana pasowanan pagelaran. Sawise dilarapake ana ngarsane lelurahing prajurit wira utama kang asma Jaka Tingkir, Dhadhungawuk matur yen dheweke asale saka Desa Pingit tanah Kedhu. Dene sowane ing Kraton Demak, marga kepengin mlebu dadi abdi dalem jajar prajurit wira utama.

Dhadhungawuk diwenehi ngerti dening Jaka Tingkir yen mlebu dadi prajurit wira utama iku abot, jalaran nganggo didadar luwih dhisik. Dhadhungawuk nyaguhi.

“Kawula nyumanggakaken, Raden. Senajan awrat, badhe kula lampahi kanthi bingahing manah. Kawuningana, kula punika bilih boten kasudukan dhuwung utawi dipuntumbak dening tiyang sanes salebetipun sedinten kemawon, badan kula lesu lemes, raosing balung kados dipunlolosi”, ature Dhadhungawuk ngumukake kasektene.

Krungu omongane Dhadhungawuk, Jaka Tingkir banget ing panase, nanging disamarake. Karo nyambi nginang, tangan tengen nyekel sadak (suruh salembar diiseni enjet banjur dilinting ditaleni benang). Sawise nggeget sadak, Jaka Tingkir ngendika.

“He, Paman Dhadhungawuk! Kowe bakal dakdadar. Yen pancen kowe kuwagang nadhahi sadak kang dakcekel iki, bakal ditampa dadi prajurit wira utama”.

 “Inggih, sendika Raden! Napa malih namung sadak, senajan dipunsuduk dhuwung utawi tumbak, kula bingah nadhahi, awit kula sampun ketagihan dipunsuduki ing tiyang”, wangsulane Dhadhungawuk.

Jaka Tingkir menyat saka palenggahane, banjur nyedhaki Dhadhungawuk.

 “Paman, iki sadak tadhahana”.

“Sendika, Raden!”

Sadak enggal katamakake ing dhadhaning Dhadhungawuk dening Jaka Tingkir. Dhadha pecah padha sanalika. Getih sumamburat. Dhadhungawuk mati tanpa sambat.

Jaka Tingkir banjur ngejepi (aweh tandha karo mripat) marang para prajurit wira utama supaya nyuduki wangkening Dhadhungawuk. Para prajurit wira utama engal-enggal ngunus keris, banjur nyuduki jlab-jleb jlab-jleb kaya wong nyuduki waluh bae. Wangkening Dhadhungawuk kang tatu arang kranjang iku banjur kabuwang ing kali Demak.

Patine Dhadhungawuk kondhang sanagara Demak. Dhadhungawuk mati dening Jaka Tingkir kalane arep mlebu prajurit wira utama.

Kangjeng Sultan Demak bareng midhanget kabar yen Jaka Tingkir mateni wong kang tanpa dosa, duka yayah sinipi. Kangjeng Sultan banjur nimbali Patih Wanasalam, kadhawuhan nundhung Jaka Tingkir saka Demak.

Cekaking crita, Jaka Tingkir rumangsa keduwung, ngeduwungi polahe kang ndadekake Kangjeng Sultan duka lan nundhung dheweke. Jaka Tingkir banget ing wirange, nganti kepengin golek dalaning pati. Jaka Tingkir lunga saparan-paran, ora karuwan kang dijujug. Lakune ngidul ngetan, ngambah alas gledhegan.

Lakune Jaka Tingkir tekan ing alas jati tengah tanah Gunung Kendheng. Ing kono Jaka Tingkir ketemu karo Ki Ageng Butuh. Sawise dingerteni yen Jaka Tingkir iku putrane Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging, iya kanca sinarawedine Ki Ageng Butuh, mula Jaka Tingkir banjur diajak mulih menyang Butuh.  

Crita Pasemon

Crita ing dhuwur sajak katon nyata. Kamangka, miturut Raden Ngabehi Suradipura ing bukune kang asesirah Serat Andupara, crita mau mung pasemon. Tegese, dudu crita sing sanyatane. Ana ing buku kang kaecap nganggo aksara Jawa ing pangecapane (percetakan milik) Tuwan Albreh Enko (Albrecht Enko) ing Weltevreden taun 1917 iki disebutake yen Jaka Tingkir ora mateni wong temenan, nanging mung pralambang.  

Tembung “Dhadhungawuk” kang ing crita kasebut dadi araning wong kang dipateni dening Jaka Tingkir, dening Raden Ngabehi Suradipura ditegesi mangkene. Dhadhung tegese “pepalang”, dene awuk tegese “tanpa”. Dadi, Dhadhungawuk tegese “tanpa pepalang”.

Dhadhungawuk asale saka Desa Pingit tanah Kedhu. Iki uga pralambang. Pingit tegese “sengker” utawa “kang ora diolehi”, dene Kedhu tegese “temen”.

Dadi, kang dikarepake Dhadhungawuk saka Desa Pingit tanah Kedhu, tegese “barang pingitan temen kang tanpa pepalang”.

Gamblange mangkene.

Jaka Tingkir iku sawijining abdi kang banget dikasihi dening Kangjeng Sultan Demak, nganti diwenangake ngambah sajrone keputren awan lan wengi. Kamangka, ing keputren ana putri pingitan, yaiku putrine Kangjeng Sultan kang aran Kangjeng Ratu Bayun. Amarga Jaka Tingkir bisa mlebu keputren awan lan wengi, saengga bisa tansah tetemonan karo Ratu Bayun. Suwening suwe wong loro mau kaleksanan nindakake tumindak nistha, yaiku zina, nganti kadenangan wong akeh.

Bareng Kangjeng Sultan midhanget kabar mau, sanalika sirna katresnane. Jaka Tingkir banjur kathundhung saka Kraton Demak. Dadi, olehe katundhung iku ora marga mateni wong arep mlebu dadi prajurit wira utama, nanging marga zina karo putrine Kangjeng Sultan. Ing kene sang pujangga ora nyaritakake sawantahe. Sang pujangga kudu ngreksa wewadining ratu (Kanjeng Sultan Demak) lan ngreksa kang ing tembe buri bakal jumeneng nata (yaiku Jaka Tingkir). Mula mung digawe pralambang bae.

                                                                                                                     (Mulyono Atmosiswartoputra)







Tidak ada komentar :