Kamis, 25 April 2024

PASEMON ING SUWALIKE JAKA TINGKIR MUNGSUH BAYA



Dulu, sedikitnya 20 tahun yang lalu, saya suka menulis di media massa berbahasa Jawa. Terakhir saya menulis sekitar tahun 2003. Sayangnya, saya tak rajin mendokumentasikan tulisan-tulisan saya. Maklum, dulu belum ada internet. Setelah ada pun, saya belum familier dengan internet. 

Kini, setelah saya mencoba belajar menulis lagi di media massa berbahasa Jawa, agar tulisan tidak hilang sia-sia, saya simpan di sini. Di samping untuk dokumen saya, juga barangkali ada yang ingin membacanya. 

Tulisan yang berjudul PASEMON ING SUWALIKE JAKA TINGKIR MUNGSUH BAYA ini dimuat di Majalah Panjebar Semangat, Nomor 7, Sabtu, 17 Februari 2024, halaman 10 dan 11.

Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 7, Sabtu, 17 Februari 2024

Majalah Panjebar Semangat, Nomor 7, Sabtu, 17 Februari 2024, halaman 10.

Majalah Panjebar Semangat, Nomor 7, Sabtu, 17 Februari 2024, halaman 11.




Salinan dari majalah di atas.


PASEMON ING SUWALIKE JAKA TINGKIR MUNGSUH BAYA

 

Ing Babad Tanah Jawi dicritakake, sawise Jaka Tingkir kang dadi lurahing tamtama ditundhung lunga dening Sultan Trenggana ing Demak marga mrajaya wong tanpa dosa aran Dhadhungawuk, Mas Karebet banjur ngumbara saparan-paran. Tekan Gunung Kendheng, Jaka Tingkir banjur mlebu ing alas, ngaso ing sangisoring wit jati.

Nalika samana, Ki Ageng Butuh tumuju liwat ing papan kasebut. Bareng weruh ana nonoman pinuju ngaso ing sangisoring wit jati, Ki Ageng Butuh mandheg lan pitakon marang dheweke, sapa jenenge lan saka ngendi asale. Saka pangrasane Ki Ageng Butuh, nonoman kang sentosa dhadha baune mau satleraman pasuryane saemper karo swargi Ki Ageng Pengging, kanca sinarawedine Ki Ageng Butuh kang wis dianggep kaya sedulur.

Bareng entuk wangsulan yen nonoman mau asale saka Tingkir lan pancen putrane Ki Ageng Pengging kang ing wektu saiki ditundhung dening Sultan Demak, mula Jaka Tingkir banjur diajak mulih menyang Butuh.

Sawise sawetara wektu ndherek Ki Ageng Butuh, Jaka Tingkir dikongkon bali menyang Demak, sapa ngerti Kanjeng Sultan wis luluh atine, lan kersa nampa pasuwitane maneh. Nanging bareng tekan tapel watese kutharaja Demak, Jaka Tingkir entuk pawarta saka sawijining prajurit kang kepethuk ing dalan, yen Kanjeng Sultan ora tau ndangu utawa martakake, apa maneh dhawuh, supaya nimbali dheweke. Rumangsa isin, Jaka Tingkir banjur cengkelak bali, lunga saparan-paran maneh kaya biyen.

Anggone ngumbara tekan Pengging. Bengine, Jaka Tingkir nenepi, turu ana ing pasareyane bapake. Ing tengah wengi, Jaka Tingkir nglilir, banjur krungu ana swara kang wose ngongkon dheweke lunga ngener ngidul ngetan, tumuju Desa Getasaji. Yen wis tekan Getasaji, kapurih ngenger marang Ki Buyut Banyubiru. Jaka Tingkir nurut marang pakone swara tanpa rupa kang dipercaya wisik saka swargi bapake.

Desa Getasaji ana kaline gedhe. Ing wayah sore, kali mau yen sinawang saka kadohan, banyune katon biru maya-maya. Mula laladan kuwi uga karan Desa Banyubiru, dene patinggine katelah Ki Buyut Banyubiru.

Tekan Getasaji, Jaka Tingkir banjur nyuwita marang Ki Buyut Banyubiru. Pasuwitane ditampa. Ing kono jebul wis ana nonoman kang meguru luwih dhisik, jenenge Mas Manca. Dening Ki Buyut Banyubiru, Jaka Tingkir banjur dipasedulurake karo Mas Manca.

Bareng wis ana telung sasi meguru, Jaka Tingkir banjur dikongkon dening Ki Buyut Banyubiru supaya sowan lan ngabekti marang Kanjeng Sultan Demak. Adate, ing mangsa rendheng Kanjeng Sultan Trenggana makuwon ana ing pesanggrahan Gunung Prawata. Miturut Ki Bunyut Banyubiru, ya ing kono margane Jaka Tingkir bisa suwita maneh ana ing Kasultanan Demak, Jaka Tingkir nyendikani dhawuh.

Anggone budhal, Jaka Tingkir digawani sarat awujud lemah sagegem. Welinge Ki Buyut Banyubiru, yen ing dalan ketemu karo kebo danu, lemah mau amrih dilebokna cangkeme kebo mau. Yen wis mabuk, kebo kasebut mesthi mlayu nggendring menyang alun-alun pesanggrahan Prawata banjur mbarang amuk. Jaka Tingkir kapurih ngetutna playune kebo mau, awit kuwi dalane bakal ditimbali maneh dening Kanjeng Sultan Demak. Amrih budhale ora ijen, Ki Banyubiru ngantheni rewang, yaiku Mas Manca, Ki Wuragil, lan Ki Wila. Jaka Tingkir sumanggem.

Dina iku uga Jaka Tingkir lan murid-muride Ki Buyut Banyubiru padha wiwit gawe gethek, awit lakune arep liwat bengawan. Bareng wis rampung, getheke dicancang sapinggiring Kali Dengkeng.

Esuk umun-umun Jaka Tingkir sarowang padha budhal numpak gethek. Lakune anteng manut ilining banyu, prasasat tanpa diwelahi. Sangsaya awan, panase saya sumelet. Anjog Kedhungsrengenge, dumadakan ana angin sumiyut saka ngarep, buri, kiwa, lan tengen. Getheke kaya-kaya kandheg dening angin.

Ora let suwe, ing langit katon mendhung ngampak-ampak, kasusul udan deres. Bereng wis terang, banyune bengawan saya gedhe, ombake nyempyok-nyempyok gethek nganti kaya diontang-antingake.

Tanpa ngerti sangkane, ujug-ujug katon ana baya akeh banget cacahe, padha ngepung gethek. Cangkeme baya padha pating clangap kaya arep nyaplok-nyaploka. Jaka Tingkir sarewange padha cancut ngadhepi baya. Baya kang prasasat tanpa wilangan cacahe iku ana sing nyandher lan ana sing mbabitake pethite. Kanthi trengginas, Jaka Tingkir lumawan baya. Baya-baya mau kalah lumawan Jaka Tingkir, Ki Wuragil, Mas Manca, lan Ki Wila.  

Minangka tandha nungkul marang Jaka Tingkir, ratuning baya ing Kedhungsrengenge kang aran Baureksa, janji bakal nyangga gethek amrih Jaka Tingkir lan kancane telu iku ora susah melahi. Ratuning baya banjur prentah marang baya-baya liyane cacah 40, supaya nyangga getheke Jaka Tingkir mbacutake laku menyang Demak.

Crita baya nyangga getheke Jaka Tingkir mau sinawung ing tembang Megatruh, unine mangkene:

 

Sigra milir kang gethek sinangga bajul

kawan dasa kang njageni

ing ngarsa miwah ing pungkur

tanapi ing kanan kering

kang gethek lampahnya alon.

 

Mangkono mau critane Jaka Tingkir campuh karo baya.

 

Mung Pasemon?

 

Miturut Raden Ngabehi Suradipura crita Jaka Tingkir campuh prang mungsuh grombolan baya iku sajatine mung pasemon, awit pujangga ora oleh ngumbar crita kanisthaning laku bakal calon narendra, nanging uga ora oleh ngumpetake crita. Mulane crita nisthane Jaka Tingkir kang ing tembe buri dadi Sultan Pajang jejuluk Hadiwijaya, dening sang pujangga banjur digawe pasemon utawa pralambang.

Banjur kepriye crita sing satemene? Ing bukune kang asesirah Serat Andupara kang kacithak nganggo aksara Jawa ing taun 1917, Raden Ngabehi Suradipura ngendikakake mungguh nyatane crita mau, wose mangkene. 

Jaka Tingkir iku klebu wong lanang kang thukmis, karem madon utawa seneng dolanan wong wadon. Yen weruh wong wadon ayu, Jaka Tingkir gampang kepencut. Nalika tumuju Prawata liwat kali, Jaka Tingkir sakancane leren ing Kedhungsrengenge. Gethek kalerenake ana ing babagan.  

Ora let suwe ana wong wadon ayu medhun ing babagan, perlu arep mususi karo ngumbah janganan. Wong wadon mau bojone patinggi ing Desa Kedhungsrengenge. Jaka Tingkir kepencut. Wong wadon mau dicekel, arep diprawasa. Wong wadon iku jerit-jerit njaluk tulung.

Panjerite keprungu wong-wong ing Desa Kedhungsrengenge, mula banjur nabuh kenthong titir. Saben wong lanang ing Desa Kedhungsrengenge padha metu saka ngomah. Gaman saduwe-duweke padha digawa, banjur mara ing babagan.

Meruhi wong-wong Kedhungsrengenge padha metu saka ngomah nggawa gegaman. Jaka Tingkir tanggap yen bakal diamuk.

"Ayo wong Kedhungsrengenge dikembari, nanging aja karo gaman lan aja nganti mati. Cukup diajar bae", pangajake Jaka Tingkir marang Mas Manca, Ki Wuragil, dan Ki Wila.

Jaka Tingkir sakancane munggah ing dharat, dikepung wong patang puluh. Iku isih katambahan wong-wong sing lagi bae teka. Sakehing gegaman ditamakake marang Jaka Tingkir sakancane, nanging ora ana sing tumama. Dene wong-wong desa kang nrajang mung tinabok utawa kajejak dening Jaka Tingkir sakancane, padha klenger. Sing liyane padha giris, banjur mlayu.

Baureksa sakala ndheprok karo matur marang Jaka Tingkir.

"Gusti, kawula sakanca sampun teluk. Boten pisan-pisan badhe wantun kaliyan panjenengan. Kawula nyuwun pangapunten, awit tiyang dhusun boten sumerep ing gusti. Dene tiyang estri, kawula sumanggakaken ing panjenengan, badhe dipundadosaken juru dang, juru panutu, utawa juru pangangsu sumangga kersa".

Jaka Tingkir paring pangapura marang Baureksa. Dene wong wadon mau, Jaka Tingkir ora gelem nampani marga lakune isih adoh. Mung siji sing dipundhut dening Jaka Tingkir, yaiku njaluk sawatara wong kang pinter nyatangi gethek kanggo mbantu nglakokake gethek. Baureksa nyaguhi. Jaka Tingkir banjur nerusake laku, nitih gethek kasatangan wong Kedhungsrengenge. Dadi, dudu sinangga bajul.


Tidak ada komentar :