Rabu, 09 Agustus 2023

JANTURAN NEGARI TIRTAKENCANA


 

Swuh rep data pitana. Anenggih negari pundi ta kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang siji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan tegese. Senajan kathah titahing Gusti Kang Murbeng Dumadi ingkang sinangga ing pratiwi, kasongan ing akasa, kaapit ing samudra, kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan kadi negari Tirtakencana. Winastan Tirtakencana, amargi ujaring kandha, duk ing nguni ing laladan kasebut dangu datan wonten toya ngantos para kawula samya nglokro hangadhepi kahanan. Pramila nalika jawah dhumawah ing bantala, para kawula samya berag amargi manggih tirta pindha manggih kencana.

Negari Tirtakencana pantes lamun ta dipuncaritakaken, awit ngupayaa negari satus datan pikantuk kalih, sewu tan jangkep sedasa. Dhasar negari panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi kerta tur raharja.

Panjang dawa pocapane, amargi negari Tirtakencana andarbeni basa kang beda kalawan Negari Surakarta Hadiningrat punapa dene Negari Ngayogyakarta Hadiningrat. Sanadyan ta sami-sami basa Jawi, nanging basa Jawi ingkang limrah dipun-engge dening para kawula ing Negari Tirtakencana dipunwastani basa ngapak dening kawula Surakarta Hadiningrat dalah kawula Ngayogyakarta Hadiningrat. Wondene basa Jawi ingkang dipun-engge dening para kawula Surakarta Hadiningrat dalah kawula Ngayogyakarta Hadiningrat dipunwastani bandhek dening para kawula Tirtakencana. Basa ngapak tuhu basa ingkang kathah migunakaken swanten a kados pangucaping tiyang-tiyang Jawi Kina, utawi kados pangucaping tiyang-tiyang ing Tanah Pasundhan. Datan namung punika prabedanipun basa ngapak kaliyan basa bandhek. Kathah tembung ing basa ngapak ingkang boten wonten ing basa bandhek, kados ta: nyong utawi inyong ingkang mengku teges aku, rika ingkang ateges kowe, lan sapanunggalanipun. Senadyan ta basa ngapak dening tiyang-tiyang ing sajawining Negari Tirtakencana inganggep gemradag ora kepenak, nanging para kawula Tirtakencana samya mongkog anggadhahi basa ingkang makaten. Saking mongkogipun, ngantos para kawula ing Negari Tirtkencana darbe sesanti “Ora ngapak, ora kepenak”.

Kejawi punika, Nagari Tirtakencana ugi anggadhahi kabudayan ingkang saperangan datan pinanggih ing negari sanes.

Punjung luhur kawibawane, dene Negari Tirtakencana ambawahi sekawan kadipaten, inggih punika Kadipaten Toyamas, Kadipaten Tlacap, Kadipaten Braling, saha Kadipaten Banjarnegari. Nadyan para adipati wau samya anggadahi wewengkon saha kawula dasih piyambak-piyambak, nanging sedaya adipati wau rumaos rena ing penggalih minangka kawula Negari Tirtakencana.

 Pasir samudra wukir gunung, dene Negari Tirtakencana ngungkuraken samudra, ngajengaken redi. Ing sisih kiduling Negari Tirtakencana nyata lamun wonten samudra ageng kang pinracaya minangka keratoning Nyai Rara Kidul. Samudra ageng ingkang limrah sinebat Segara Kidul papanipun wonten sakiduling Kadipaten Tlacap. Wondene ing sisih ler wonten redi ingkang tansah ngedalaken kukus nanging boten nate ngedalaken wedhus gembel kados ingkang asring kawedalaken dening Redi Mrapi. Tansah ngedalaken kukus, margi redi ingkang winastan Redi Slamet punika klebet salah satunggaling gunung geni.

Gemah, kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhote. Ripah, jalma manca kathah ingkang sami bebara, saengga papan jembar katingal rupak saking harjaning negari. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Kerta, dene para kawula ing padhusunan padha tentrem atine, mungkul pangulahing tetanen, mardi undhaking wulu-wetu. Dene raharja tegese tebih ing parangmuka.

Sinigeg caritane, margi datan cekap sedinten manawi kedah nyariosaken sadaya babagan ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan Negari Tirtakencana.

Tidak ada komentar :